Makna Entar/Kias/Konotatif
Kelompok 3
Rizky Nuryanti            (12020114031)
Ah Syahrul R.            (12020114047)
Desi Arina N.               (12020114048)
2012 B

A.     PURWAKA
            Makna konotatif wis asring dirembug para panulis sadurunge,  ananging  sing dirembug namung winates ing perangan cara negesi. Mangka saka iku, ing kene panulis bakal ngandharake luwih gamblang ngenani peprincene makna entar lan adhedhasar wujud, teges, lan tata ukarane.
            Panulis milih topik iki amarga teges konotatif isine luwih rowa lan asring dianggo sajrone cecaturan saben dina sarta dianggo ing basa tulis, kayata basa ing drama lan geguritan.
Panulis ngrembug makna entar iki nggunakake metodhe dheskriptif  kualitatif. Kanthi tintingan kapustakan, panulis bakal ndheskripsikake lan njlentrehake  makna entar utawa konotatif sing ana sajrone ragam basa lisan lan tulis. Sabanjure panulis njlentrehake miturut wujude lan tegese. Pangajabe, kanthi cara mangkono kita bisa ngerteni makna entar mligine sing ana ing basa Jawa. Panulis ngrembug babagan entar iki nduweni paedah mligine panulis umume para pamaca bisa mangerteni ngenani tegesa entar.

B.     ANDHARAN
1.      Panertene Makna Entar
Entar, kias, lan konotatif, katelune nduweni teges sing padha yaiku makna sing ora sabenere. Sajrone kamus Baoesastra Djawa anggitane Poerwadarminta (1939:114), entar nduweni rong teges. 1) bablas tumrap sesurupan, 2) dudu teges sing baku, silihan, tumrap tetembungan. Makna entar yaiku teges kang ora mung sawantahe, ora mung salugune (Indonesia: arti kiasan, Walanda: figuurlijke betekenis). Kosok baline yaiku makna wantah, makna sing manut teges sing baku, sing salugu, sing sawantahe (Padmosoekotja, 1955:35).
Mulabakune tembung ”entar” saka tembung basa Kawi “ili”. Tegese pindah saka papan siji menyang papan liyane tumrape samubarang kang mbanyu. Mula entar tumrape bidhang linguistik nduweni teges makna sing ora sabenere, makna pepindhan, sing ora salumrahe. Tuladhane kaya tembung kethul atine. Iki ora ateges atine kethul, ora landhep, nanging tegese durung pinter, bodho.
Ullmann (Sajrone Sumarsono, 2009:206) nduweni aran liya kanggo makna kias, yaiku basa figuratif. Sawijine tembung  bisa diwenehi loro utawa luwih pangerten kang asipat figuratif tanpa ngilangi teges asline. Teges sing dhisik lan sing anyar tetep gandheng sesandhingan sasuwene ora ndadekake kaco tegese. Makna kias tuwuh saka makna utama iku.
Miturut filosof Urban, kasunyatan menawa tandha (sign) bisa amakna liya saka makna sing kawitan, kahanan ekspresif-e minangka tandha kanggo makna kapindho isih dadi perangane makna kawitan, kasunyatane yaiku perkara sing nyebabake basa iku minangka instrumen kanggo negesi (Sajrone Sumarsono, 2009:206).
Makna konotatif (conotative meaning) tuwuh amarga pangrasa kita tumrape leksim sing kita aturake utawa kita rungu. Miturut Kridalaksana (sajrone Pateda, 1989:62), aspek makna sawijine utawa sakumpulane tembung sing dhasare rasa utawa pamikiran sing tuwuh saka pamicara (utawa panulis) lan pangrungu (utawa pamaca). Makna konotatif minangka makna leksikal + X. Upamane leksem /garap/ sajrone ukara /para tani lagi nggarap sawahe/ minangka ukara sing lumrah. Ananging tembung ‘nggarap’ ing ukara liyane /wong lanang iku digepuki sawise nggarap anake tanggane/ nduweni makna konotatif. ‘nggarap’ ing ukara sing ngarep tegese ngramut/ngolah, dene sing buri tegese nuroni/mrawani.
Saka jlentrehan ing ndhuwur, makna konotatif nduweni sesambungan karo rasa kita kaya rasa seneng, mangkel, wedi, lan sapanunggale. Mulane Wijana lan Rohmadi (2011:15) ngarani makna emotif (nile rasa) sing ana sajrone wujud basa minangka makna konotasi.
Makna konotasi sawijining tembung uga bisa beda-beda gumantung nile lan aturan-aturan sing aga ing bebrayan. Umpamane tembung ‘babi’, ing dhaerah sing pendhudhuke mayoritas Islam nduweni konotasi sing ala amarga babi miturut agama Islam minangka kewan sing karam lan najis. Beda karo ing dhaerah Bali utawa Irian Jaya, tembung ‘babi’ ora nduweni konotasi sing ala (Chaer, 1990:69). Chaer uga ngandharake menawa makna konotatif bisa owah miturut mangsane. Kaya tembung ‘ceramah’, biyen nduweni konotasi sing ala amarga tegese ‘cerewet’, ananging saiki tegese apik.

2.      Klasifikasi
a.      Titikane Makna Entar
Titikane makna entar kaperang dadi telu. Yaiku adhedhasar wujude, adhedhasar tegese, lan adhedhasar sintaksise.
1)    Adhedhasar wujude bisa awujud tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara. Akeh-akehe awujud (utawa karonce) tembung camboran.
2)    Adhedhasar tegese bisa dideleng teges wujude mau mentar utawa nuduhake makna sing salugune apa ora.
3)    Adhedhasar sintaksise. Yaiku tata rakit lan panggonanee sajrone ukara.

b.     Jinise Makna kang Kalebu Makna Entar
Jinise makna bisa dikumpukale adhedhasar jinis lan pandhangan. Adhehdasar titi makna (semantik) bisa diperang antarane makna gramatikal lan makna leksikal. Adhedhasar ana orane refern sajrone tembung utawa leksem bisa diperang antarane makna referensial lan makna nonreferensial, adhedhasar rasa sing ana sajrone tembung utawa leksem bisa diperang antarane makna denotatif/wantah lan konotatif/entar, adhedhasar trep-trepane makna bisa diperang antarane makna tembung lan makna istilah utawa makna umum lan makna mligi. Adhedhasar perangan lan pandhangan liya bisa dijinisake makna asosiatif, kolokatif, reflektif, idiomatik, lan liyane (Chaer, 2009:59-60).
Jinising makna sajrone bidhang semantik basa Jawa yaiku:

1)    Afektif     
2)    Asosiatif
3)    Ciyut
4)    Dheskriptif
5)    Ektensi
6)    Emotif
7)    Entar/Kias/Konotatif
8)    Gereflekter
9)    Gramatikal
10) Idheasional
11) Idhiomatikal
12) Intensi
13) Jembar
14) Kognitif
15) Kolokatif
16) Konseptual
17) Kahanantual
18) Konstruksi
19) Leksikal
20) Piktorial
21) Proposisional
22) Presuposisional
23) Pusat
24) Referensial
25) Stilistika
26) Tematis
27) Wantah/Lugas/Denotatif

Adhedhasar rasa sing ana sajrone tembung utawa leksem, ing kene bakal diandharake ngenani jinise makna sing kelbu jinising makna makna entar/kias/konotatif. Sing dadi dhasar utawa titikan kanggo nggolongake jinise makna yaiku saka wujude (tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara), tegese, lan sintaksise. Sing kalebu golongane makna entar saka jinise makna ing basa Jawa iku yaiku:

1)    Afektif     
2)    Asosiatif
3)    Emotif
4)    Entar/Kias/Konotatif
5)    Gereflekter
6)    Gramatikal
7)    Stilistika


c.      Jinise Lelewane Basa Jawa kang Kelbu Makna Entar
Basa Jawa nduweni jinis lelewane basa sing akeh wujude. Padmosoekotjo (1955) nggolongake jinise lelewane basa kang kacakup ing kasusastran Jawa dadi 14 jinis. Yaiku:

1)    Tembung saroja
2)    Yogyaswara
3)    Tembung garba (sandhi)
4)    Rura basa
5)    Tembung entar
6)    Paribasan
7)    Bebasan
8)    Saloka
9)    Cangkriman
10) Dasanama
11) Pepindhan
12) Candra
13) Gugon tuhon
14) Purwakanthi

Saka jinis lelewane basa ing ndhuwur, sing kalebu makna entar adhedhasar wujude (tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara), tegese, lan sintaksise yaiku:

1)    Tembung garba
2)    Tembung entar
3)    Paribasan
4)    Bebasan
5)    Saloka
6)    Cangkriman
7)    Candra
8)    Gugon tuhon


3.  Jlentrehan
            Jinise makna sing kalebu makna entar sajrone basa Jawa adhedhasar wujude (tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara), tegese, lan sintaksise yaiku:
1)     Makna Afektif
Makna afektif yaiku makna sing sesambungan karo rasane pamicara sacara pribadhi tumrape wong sing dijak cecaturan utawa tumrape perkara utawa samubarang sing dadi topik cecaturan. Makna afektif luwih kerasa menawa diaturake tinimbang ditulisake (Chaer, 2009:73). Titikane makna afektif yaiku sikepe pamicara sajrone pacelaton. Tuladhane kaya dhata ngisor iki sing karepe padha ning anggone medhar beda:
(1) “Tutupen lambemu!” dukane marang aku.
(2) “Coba menenga diluk!” ngendikane marang bocah iku.

2)     Makna Asosiatif
Makna asosiatif padha karo tandha utawa pepindhan sing digunaake dening bebrayan basa kanggo madhakake samubarang utawa perkara liya. Makna asosiatif iki nduweni sesambungan karo pranatan moral lan pandhangan urip sing ana ing bebrayan (Chaer, 2009:72-73). Titikane makna asosiatif iki yaiku asosiasi utawa proses pamikiran. Tuladhane:
(3) melathi minangka pepindhane kasucian
(4) ijo pepindhane kasuburan

3)     Makna Emotif
Teges emotif miturut Shipley, (sajrone Pateda, 2010:101) yaiku teges sing tuwuh amarga tanggepane pamicara utawa sikape pamicara ngenani apa sing dipikirake utawa dirasakake. Teges iki beda karo teges kognitif. Mula makna emotif kalebu makna gramatikal. Teges Emotif luwih nengenake sesambungan antarane konsep karo kasunyatan. Samubarang sing liya, ora sawutuhe padha karo apa sing ana ing kanyatan. Titikane teges emotif yaiku 1) nduweni sipat konotatif, 2) kalebu makna gramatikal, lan 3) karonce saka rong tembung utawa luwih kang  ngasilake makna anyar. Tuladha:
(5) Ibu mundhut kembang mawar.
(6) Tina kembang desa Jatirejo.
Tembung kembang ing ukara-ukara kasebut duwe teges sing beda siji lan sijine. Tembung kembang ing ukara (5), duwe teges kognitif yaiku tanduran sing ana ing ngarep omah utawa kantor sing duwe pungsa kanggo nuwuhake rasa kaendahan tumrap sapa wae sing nyawang. Nanging, kembang ing ukara (6) tegese beda, kembang ing ukara iku duwe teges wong wadon sing ayu dhewe. Tembung kembang ing kana diarani teges emotif, yaiku teges sing ana amarga pungsine tembung sajrone ukara utawa teges sing ora salugune, sing bisa nhuwuhake rasa positif tumrap tembung kang digunakake sajrone ukara kasebut.
Teges emotif kalebu makna gramatikal amarga karonce saka rong tembung utawa luwih miturut kahanan lan kalungguhane. Uga kalebu makna entar amarga nuwuhake makna anyar utawa ora salugune.

4)     Makna Entar/Kias/Konotatif
Ullmann (sajrone Sumarsono, 2009:206) nduweni aran liya kanggo makna kias, yaiku basa figuratif. Sawijine tembung  bisa diwenehi loro utawa luwih pangerten kang asipat figuratif tanpa ngilangi teges asline. Teges sing dhisik lan sing anyar tetep gandheng sesandhingan sasuwene ora ndadekake kaco tegese. Makna kias tuwuh saka makna utama iku.
Djajasudarma ngandharake, teges konotatif yaiku makna sing tuwuh saka makna kognitif, banjur makna kognitif kasebut ditambahi makna liyane. Titikane teges entar yaiku: 1) nduweni sipat konotatif, 2) kalebu makna gramatikal, lan 3) ngasilake makna anyar. Tuladha:
(7) Asu koen iku!
(8) Asuku manak telu.
Teges entar kalebu makna gramatikal amarga karonce saka rong tembung utawa luwih miturut kahanan lan fungsine. Uga kalebu entar amarga nuwuhake makna anyar utawa ora salugune.

5)     Makna Gramatik
Yaiku makna kang tuwuh minangka kalungguhane sajroning ukara. Titikane makna gramatik yaiku: 1) nduweni sipat konotatif, 2) kalebu makna gramatikal, lan 3) karonce saka rong tembung utawa luwih kang  ngasilake makna anyar. Tuladhane: 
(9) tembung “mata” kang nduweni makna leksikal indra sing ana ing sirah kang gunane kanggo ndeleng. Nanging yen tembung mata wis digunakake sajroning ukara, umpama. ‘’He, neng endi matamu?’’ tembung mata ora nuduhake indra nanging nuduhake cara panggaweyan kang nduweni asil rusuh utawa ala. Durung maneh yen ta tembung mata digandhengake karo tembung liyane sing ngasilake urutane tembung, kayata: mata dhuwiten, mata keranjang, dadar mata sapi (ceplok), sing kabeh ngandhut makna liya lan beda karo tembung mata.
Makna gramatik kalebu makna gramatikal amarga karonce saka rong tembung utawa luwih miturut kahanan lan fungsine. Uga kalebu entar amarga nuwuhake makna anyar utawa ora salugune.

6)     Makna Stilistik
Yaiku makna kang tuwuh amarga panganggone basa. Panganggone basa ana werna-werna kayata dialek, basa resmi, basa ing pasar, lan basa ing karya sastra. Mula makna stilistik ana gandheng cenenge karo daya, utamane pamaca. Dayane gandheng karo emosi lan rasa. Stilistik umume diarani lelewane basa (gaya basa), yaiku carane pangripta nyampekake pesen utawa informasi mring pamaca. Titikane stilistik yaiku: 1) kalebu gramatikal, 2) nduweni sipat konotatif, lan 3) kasusun saka rong tembung utawa luwih. Tuladhane:
(10) ‘’Aku mesakake kowe, umumrmu isih cilik nanging wis nandang pacoban sing kaya mangkene. Polahmu kaya dene gambah den interi.’’
Tuladha iku pangripta nyampekake pesen utawa informasi mring pamaca kang nuwuhake rasa welas asih amarga meruhi bocah cilik kang nandang susah. Makna stilistik kalebu gramatikal amarga karonce saka tembung tembung miturut kahanan ukarane.  Kaya tuladha ing dhuwur tembung gabah nuduhake tembung sipat kang tegese mloya-mlayu kabingungan. Dene gabah ing ukara Pak tani panen gabah. Tembung gabah minangka makna leksikal kang tegese asil tetanen. Uga kalebu makna entar amarga nuwuhake makna anyar sing ora salugune. Kayata gabah den interi kang tegese mlayu rana rene bingung.

Jinise lelewane basa Jawa kang dijlentrehake dening Padmosoekotjo (1955) sajrone bukune sing kalebu makna entar adhedhasar wujude (tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara), tegese, lan sintaksise yaiku:
1)     Tembung Garba
Garba, ateges: 1) Weteng (guwa garba, ateges: weteng ing perangan dununge bayi), 2) Sesambungan, rerangken, gegandengan. Cundhuke karo tembung sandhi.
Nggarba tembung, ateges: nggandeng tembung loro utawa luwih, prelu kanggo nyuda cacading wandane. Tembung garba, tegese yaiku tembung rerangken, tembung sesambungan, tembung kang kedadeyan saka gandhenge tembung loro utawa luwih. Tembung garba utawa sandi iku lumrahe tinemu ana ing kasustran kang sinawung ing tembang. Tuladhane:
(11) Narpendah, saka tembung narpa (ratu) + endah (ayu). Narpendah ateges ratu putri kang ayu.
(12) Murdantaji, saka tembung murda (sirah)+kita (kowe)+aji (ratu). Murdantaji ateges Sirahmu, Sang Prabu.
(13) Wadwaji, saka tembung wadu+aji. Tegese abdining ratu utawa garwane ratu.
Tembung garba kalebu teges entar amarga karonce saka rong tembung utawa luwih kang nduweni teges anyar, dadi kanggo negesine ora siji baka siji tembung nanging kudu ditegesi kanthi cara tembung-tembung kasebut digadheg dadi siji, supaya bisa ditegesi.

2)     Tembung Entar
Entar, ateges: 1) Silihan, 2) Lunga,mangkat, bablas. Upama ing ukara: kepareng kawula mentar. Saka tembung lingga: entar + seselan (-um). Tembung entar, tegese tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae, ora mung salugune. Tuladha:
(14) Kuping wajan. Tegese cekelan wajan.
(15) Kethul pikire. Tegese bodho banget.
Tembung entar kalebu teges entar amarga karonce saka rong tembung utawa luwih kang nduweni teges anyar, mula kanggo negesine ora siji baka siji tembung nanging digandheng.
           
3)     Paribasan
Paribasan, bebasan, lan saloka minangka perangane lelewane basa Jawa kang kalebu jinise teges entar, amarga katelune padha ora kena mung ditegesi ing sawantahe bae, kabeh mawa surasa kang ora mung salugune bae. (Padmosoekotjo, 1955:39)
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone. Miturut kamus Bausastra Jawi, Paribasan saiku tetembungan utawa ukara kang saemper karo saloka nanging tegese wantah dudu pepindhan. Tuladhane kaya mangkene:
(16) Yatna yuwana, lena kena
Iku siji-sijine ora ngemu surasa pepindhan. Mung nggandheng tembung-tembung liya sing padha tegese wae. Yatna tegese weweka, yitna, ngati-ati, dene tembung Yuwana tegese basuki, rahayu, slamet. Lene tegese pepeka, ora ngati-ati, dene kena tegese ketaman (ing bebaya).

4)     Bebasan
Miturut kamus Bausastra Jawi, bebasan yaiku tetembungan kang ngemu teges pepindhan. Bebasan minangka unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan. Kang dipepindhakake yaiku kaanane utawa sipate wong (utawa barang). Wonge (barange) uga katut ing sajrone pepindhan iku. Nanging luwih digatekake kaanane. Tuladhane yaiku:
(17) Kerot ora nduwe untu
Kerot pepindhane: sedya, niyat, kekarepan,panjangka. Dene ora nduwe untu pepindhane: ora nduwe wragad, ora nduwe dhuwit.

5)     Saloka
Miturut kamus Bausastra Jawi, saloka yaiku tetembungan kaya dene paribasan ananging ngemu surasa pepadhan (pepindhan). Saloka minangka unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipepindhakake wonge. Mesthi wae watak utawa kaanane ya katut, nanging sing luwih diwigatekake wonge.  Tuladhane yaiku:
(18) Kebo bule mati setra
Tembung kebo ing unen-unen iku isi pepindhane wong. Bule pepindhane pinter. Mati pepindhane nemu cilaka utawa sengsara uripe. Setra pepindane papan kang ora nyenengake, jalaran wong-wong padha ora mbutuhake kapinterane wong mau. Tegese tembung setra yaiku papan pambuwangan bangke (kuburan). (Padmosoekotjo, 1955:40)

6)     Cangkriman
Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Bisa dimangerteni yen tetembungan kuwi dibedhek.
Wujude cangkriman: 1) Ana kang awujud tembung wancahan, 2) Ana kang awujud pepindhan utawa irib-iriban, lan 3) Ngemu surasa blenderan. Tuladhane:
(19) Lesbadhonge. Tegese uwi dawa wite, tales amba godhonge.
(20) Mboke wuda, anake tapihan. Tegese pring lan bung.
(21) Wong wudunen iku sugih ‘’pari’’. Tegese pari yaiku paringisan. Amarga ngrasakake lara yen wudune kademek mula kerap paringisan.
Cangkriman kalebu teges entar amarga karonce saka rong tembung utawa luwih kang nduweni teges anyar, dadi kanggo negesine ora bisa mung siji baka siji tembung nanging digandheng.

7)     Candra
Candra yaiku salah siji lelewaning basa kang tegese nggambar utawa amarna kaendahan utawa kaanan kanthi sarana pepindhan. Tuladhane:
(22) Drijine mucuk eri, tegese yaiku driji tangan kang wujude lincip kaya eri.
(23) Swarane ngombak banyu, tegese yaiku swara kang endah ora dhatar-dhatar wae nanging ana senine.
Candra kalebu  teges entar amarga rinoncene saka rong tembung utawa luwih lan nuwuhake teges anyar dudu salugune.

8)     Gugon Tuhon
Gugon Tuhon nduweni rong teges. 1) tembung watak kang maknane : wewatakan kang gampang  nggugu lan mituhu marang gunem lan dedongengan kang pancene ora kudu digugu. 2) tembung aran kang maknane:  gunem utawa dedongengan kang dening wong-wong kang gugon tuhonan dianggep nduweni daya , menawa ora digugu lan ora ditindakake mula bakal nandang kasusahan utawa ora kepenak uripe. Tuladhane:
(24) Bocah kang kalebu golongan sukerta kudu diruwat kanthi lakon amurwakala.
(25) Aja mangan ing tengah lawang
(26) Wong Jawa ora oleh nduwe gawe ing wulan sura.
Gugon Tuhon kalebu teges entar amarga ukara kang diocapake utawa kang ana kuwi nduweni teges liya dudu teges lugune. Kayata  Aja mangan ing tengah lawang. Ukara iki ora nduweni teges utawa maksud ora oleh mangan ing tengah lawang amarga dosa ora ilok nanging maksude yaiku yen wong mangan sing sabenere yaiku ing njero omah ora neng tengah lawang kang dalan mlebu metune wong liya, bisa-bisa nyumpeti dalan.

C.     PANUTUP
Entar, kias, lan konotatif, katelune nduweni teges sing padha yaiku makna sing ora sabenere. Entar minangka aran (istilah) ing basa Jawa, dene kias/konotatif minangka aran (istilah) ing basa Indonesia. Tembung entar yaiku tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae. Negesi tembung entar kudu nnduweni pikiran kang rowa, ora mung gumantung tembunge, nanging sing dikarepake tembung entar mau. Tata rakite tembung entar/kias/konotatif bisa karonce saka rong tembung utawa luwih. Tembung sing ngarep minangka tembung silihan/tembung kias/konotatif, lan tembung (utawa gatra) sing mburi minangka sing dijelasake kahanane. Sajrone negesi tembung entar kudu ngerti tata rakite yaiku ngenani tembung entar sing dumadi saka paling sithik rong tembung. Tembung entar bisa diperang dadi telu, yaiku tembung entar miturut tata rakite tembung, tembung entar miturut kahanan ukara, lan miturut jinis maknane, yaiku tembung entar positif lan tembung entar negative.


Kapustakan

Antunsuhono, 1952. Reringkesaning Paramasastra Djawi. Yogyakarta: Soedjadi.

Chaer, Abdul., 1990. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.

Djajasudarma, T. Fatimah., 2009. Semantik 2: Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: Refika Aditama Pateda, Mansoer., 1989. Semantik Leksikal. Flores: Arnoldus.

Dwidjahaspara, Mas Sumardji., 2001. Kasusastran Jawi. Malang: LPPBJ Jawa Timur.

Karsana, Adi.,         . Kumpulaning Kawruh Basa Jawi Pepak. Surabaya: Cahaya Pelangi.

Padmosoekotjo, S.,1955. Ngengrengan Kasusastran Djawa I. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.

Parera, J.D., 2004. Teori Semantik. Jakarta: Erlangga.

Poerwadarminta, W.J.S., 1939. Baoesastra Djawi. Batavia: N.V. Groningen

Ullmann, Stephen., 2009. Pengantar Semantik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Wijana, I Dewa Putu., 2011. Semantik: Teori dan Analisis. Surakarta: Yuma Pressindo.