SESAMBUNGANE KRITIK SASTRA TUMRAP BIDHANG STUDI LIYA
Dening: Iqrar Fandy Putra (12020114027) lan
Ah. Syahrul Rahmat (12020114047)
Sadurunge ngrembug sesambungane bidhang kritik
sastra tumrape bidhang liya, ing kene bakal diandharake luwih dhisik ngenani
pangertene kritik sastra, kalungguhane, lan wujude.
Kritik sastra wus ana wiwit taun 500 SM. Tembung
kritik asale saka basa Yunani krites
sing tegese “hakim” minangka tembung arane penggawean. Dene pakaryane krinein sing tegese “ngakimi”, kriterion tegese “paugerane pangakiman”,
lan kritikos tegese “hakim karya
sastra”. Saka andharan iku bisa didudut menawa kritik sastra yaiku sawijine
studi sastra (perangane ilmu sastra) kanthi lakon nganalisis, negesi, nyaru,
lan mbiji sawijine karya sastra minangka karya seni. Kritik sastra minangka
upaya sing ditindakake dening pamaca (teks) utawa pamireng (cecaturan) sajrone
nggoleki lan nentokake nile karya sastra lumantar negesi lan ngerteni kanthi
sistematis, lumantar tulisan.
Kritikus sastra nindakake telung perkara sajrone nyaru
karya sastra. Sepisan yaiku njelasake self
disiplin pribadhine minangka wangsulan tumrape karya sastra tartamtu,
kapindo minangka panggulawenthahe kasehatan lan kajiwaane masyarakat, lan
katelu minangka hakim sing ndayani sadhar lan uripe ati nurani. Dene
kalungguhane kritik sastra yaiku njaga lan nylametake pangalamane manungsa lan
ngronce pangalaman kanggo nuwuhake susunan utawa struktur kang duweni teges.
Kritik sastra sing apik kudu ana unsur tradhisi kabudayan, duweni pathokan rasa
sing bener, nglatih kasadharan, lan arahe nuju teges lan nile panguripan.
Tegese, bisa ngangkat drajad lan martabate manungsa.
Wujud (aspek)
kritik sastra ana telu yaiku:
1.
Kritik histories, kanggo ndoleki lan nentokake
hakekat pawedhare karya sastra saka perangan carita sejarahe (historis).
2.
Kritik kreatif, kanthi dayane pangangen
lumantar wangsulan artistik sing
diasilake dening alusing ati, nemokake apa sing diwedhar pangripta sajrone
karya sastra tartamtu.
3.
Kritik pangakiman,
kanggo nemtokake nile sing ana sajrone karya sastra.
Sesambungane
bidhang kritik sastra tumrape bidhang liya miturut Andre Hardjana yaiku ing
bidhang Psikologi, Sosiologi, lan agama.
A.
Psikologi sajrone Kritik Sastra
Tuwuhe kajian psikologi sajrone kritik sastra sebabe
kerana akehe tetepungan sarjana sastra aliran Freud sing diterbitake menyang
basa Inggris, yaiku The interpretation of
dreams (tafsir impen) lan The
contribution to a theori of sex (telung sesambungan menyang teori seks) sajrone
perangan mangsa sadurunge perang donya.
Psikologi melbu menyang jagading sastra lumantar
dalan: (1) Pambahasan ngenani proses ngripta karya sastra, (2) Pambahasan
psikologi tumrape pangripta (minangka tipe utawa pribadhi), (3) Cecaturan
ngenani pangaribawa lan kaidah psikologi sing ana sajrone karya sastra, lan (4)
pangaribawane karya sastra marang pamaca.
Psikologi tumrape sesambungane karya sastra karo
pengriptane yaiku:
1.
Kanthi ngrembug
karya tartamtu, para kritikus sastra bisa ndudut ngenani psikologi pangriptane.
2.
Kritikus sastra
bisa nyinaoni kanthi tliti biografine pangripta, kaya prastawa-prastawa sing
ddianggep wigati sajrone uripe, cathetan pribadhi, utawa dokumen pribadhine
pangripta.
Kajian
psikologi sajrone kritik sastra kanthi nggathukake biografi lan kahanan pangriptane
bisa nemokake nile, teges, kadhar sastra, lan proses ngripta lan aspek genetik
karya sastra.
B.
Sosiologi sajrone Kritik Sastra
Sesambungane ilmu sosiologi tumrape kritik sastra
sejatine meh padha karo sesambungane psikologi tumrape kritik sastra. Sosiologi
sastra gumantung karo unsur njaba minangka lelandhesan bebrayan dhirine
pangripta lan karya sastrane. Dene psikologi sastra fokuse marang unsur njero
saka pribadhine pangripta lan karya sastrane. Sing wigati sajrone kritik
sosiologi sastra, aggepan (asumsi)
sing dadi paugeran yaiku karya sastra ora tuwuh saka ‘kekosongan sosial’ (social vacum). Nanging dipangaribawani
kahanan sosial masyarakat sing ana. Saengga pamikiran, panindak, lan nile-nile
sing ana ing bebrayan mangaribawani pangripta sajrone ngripta karya sastra. Kahanan
sosial masyarakat sing kaya mangkono nemtokakae apa sing kudu ditulis, kepriye
nulise, lan kanggo sapa karya sastra ditulis sarta apa ancas tujuwane.
Realisme
sosialis sejatine yaiku
sawijine metodhe kesusastraan sing
nggunaake dhoktrin Marxisme yaiku:
1.
Karya sastra
gumantung karo –lan ditentokake– klas sosial. Perkara iki minangka anggepan
dhasar sing kudu ditrima kabenerane.
2.
Karya sastra
minangka gambaran saka –lan ngabdi marang– sawijining klas sosial sing kuwasa
ing bebrayan. Sacara kusus, sastra realisme sosialis nggambarake klas proletar sing merjuangake lan mihak klas
proletar iku.
3.
Gegambarane klas
proletar iku otomatis negesi sejarah
lan bebrayan sing ana.
Pangripta bisa nginaoni kawruh soaial lan nglatih
tanggap sosial saka ilmu sosiologi. Saengga nile karya sastrane luwih endhah
lan isine manteb. Nanging ngutamaake kawruh sosial, kelbu politik lan idheologi,
tanpa duweni daya imajinatif lan trampil anggoine nulis, karya sastra mau
kurang sampurna.
Panliti sastra (kelbu kritikus sastra) kudu ngerti
masalah sosial kaya kang diandharake ilmu sosiologi sajrone ngadhepi karya
sastra. Mlkigine kanggo ngadhepi roman-roman idheologi lan sajarah, kaya
tulisan pangripta aliran realisme sosialis. Saengga bisa nemokake apa sing
sinurat lan apa sing sumirat sajrone karya sastra iku.
C.
Agama sajrone Kritik Sastra
Setiap renungan kritik sastra atas
persoalan agama dan sastra akan menyangkut dua masalah pokok, yakni: (1) hubungan
antara kritikus dengan sastra, dan (2) hubungan antara sastra dengan realitas
pribadi, kebudayaan, atau kerohanian yang diungkapkan dalam karya tersebut. Bagi
pembaca/kritikus keagamaan yang memilki negative
capability sastra keagamaan menunjukkan dimensi serba kemungkinannnya
sastra dan dapat bicara padanya dengan caranya sendiri.
Setiap pembaca atau kritikus, yag menganut
suatu keyakinan agama tertentu dalam menghadapi karya sastra yang
mempermasalahkan persoalan agama dihadapkan pada tiga pilihan.
1.
Cenderung
mengasimilasikan –kadang mengidentikkan– keyakinan pengarang dengan keyakinan
yang dianutnya sendiri.
2.
Cenderung
menolak atau meremehkan pokok keyakinan pengarang karena tidak sesuai dengan
pokok keyakinan yang dianutnya.
3.
Cenderung meremehkan sastra karena dia
bersifat netral terhadap persoalan keagamaan yang menjadi persoalan pada karya
tersebut.
Karya sastra menampilkan dua segi makna
apabila karya itu menampilkan persoalan-persoalan keagamaan sedemikian dalam
dan azasinya hingga tidak hanya dapat berbicara dan bermaksud bagi para pembaca
yang seagama dengan pengarangnya, tetapi sekalian pula dengan pembaca di luar
formal agama baik yang berbeda agama maupun mereka yang tidak mempunyai tautan
pada suatu agama tertentu.
Peneliti sastra dalam meneliti sastra
keagamaan menemukan masalah-masalah berikut: penelitian atas karya itu sendiri
sebagai suatu kesatuan yang utuh, penelitian atas semua karya pengarang yang
sama baik karya-karya yang ditulis sebelum maupun sesudah karya itu, dan
penelitian atas jiwa, cita rasa, nafas dan lingkungan karya tersebut.
Dhaptar Buku Rujukan:
Hardjana.
Andre. 1981. Kritik Sastra: Sebuah
Pengantar. Jakarta: Gramedia.
Posting Komentar