KALUNGGUHANE PARAGA WANITA
SAJRONE NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANG
ANGGITANE SUPARTO BRATA
(Dening: Ah. Syahrul Rahmat/12020114047-2012
B)
A. Purwaka
Adhedhasar pamikire
masarakat mligine bebrayan Jawa, tembung ‘wanita’ asring ditegesi wani ditata lan wani nata.Wani
ditata tegese wanita kudu manut apa kang diprentah dening sisihane. Lan wani
nata tegese wanita kudu bisa paring pambiyantu lan dadi kawigaten pamikire
sisihane, uga wani nata putra-putrine sajrone panguripan sakulawarga.
Miturut Krisna, (2013:9)
ana sambung rapet antarane kalungguhane priya lan wanita minangka simbiosis mutualisme. Salaras karo anane
warangka tumrape curiga, alu tumrape lesung, lingga tumrape yoni, lan gunung
tumrape samodra. Rong unsur dha njangkepi siji marang liyane minangka keselarasan dinamis. Menawa rong unsur
iku ora bisa nyawiji, dudu karaharjan sing ana, nanging bebaya sing gedhe sing
bisa ngrusak tatanane urip.
Menawa adhedhasar teori
ing ndhuwur kang nglungguhake wanita minangka perangan sing ana sambung rapete
ing kaidah simbiosis mutualisme iku,
pranyata pamikire bebrayan Jawa luwih maju. Wanita ora mung minangka ‘kanca ing
wingking’, ‘isi-isine omah’, utawa ‘kanca turu’ wae. Nanging uga duweni
kalungguhan sing ora kalah wigatine tinimbang priya ing bebrayan. Kaya ta minangka
ratu, pangreh praja, pahlawan, tokoh masyarakat, mentri, kepala dinas, kepala
bagian, sekertaris, lan sapanunggalane.
Sajrone karya sastra
sing ngrembug ngenani kalungguhane wanita dirembug mligi ing teori feminisme.
Menawa ngrembug babagan feminisme, ora bisa uwal saka emansipasi wanita mligine ing Indonesia sing digagas dening RA
Kartini. Miturut Ratna (2003:258), saliyane duweni tujuwan kanggo merjuwangake
hak-hake wanita, uga nuduhake tumindak sing sinambetan karo kapribadhene
bangsa. Yaiku: 1) kesadharane sing kuwat nglindhungi sing cilik, 2) sadhar
makarya bebarengan kanggo tujuwan sing padha, 3) sadhar ngilangi pambedane status sosial, 4) sadhar ngurangi
kepentingan pribadhi, lan 5) sadhar majokake bangsa ing sekabehe bidhang. Emansipasi bisa ditindakake lumantar
kesadharan kanggo ngilangi dominasi,
distorsi, otoritas, lan sapanunggalane kang nyampingake wanita.
Andharan ngenani
kalungguhane wanita ing ndhuwur kaya kang kagambarake dening Suparto Brata ing
karya sastrane sajrone
novel Para Pawestri Pejuwang. Suparto Brata nggambarake
kepriye panguripane wanita kang nduweni pangaribawa gedhe minangka paraga ing
sisihe priya. Kepriye perjuwangane wanita minangka wayahe
mantan pejuwang kamardikan sing urip ing jaman saiki nerusake perjuwangane
eyange kanggo raharjane bangsa. Mula, kanthi teori
struktural lan feminisme, panliti rumangsa ketarik kanggo nintingi lan
nganalisis isine novel mligine
ngenani kalungguhane wanita sajrone novel kasebut.
B. Andharan
1. Gambaran
Umum Novel lan Sinopsis Carita
Novel
Para Pawestri Pejuwang anggitane
Suparto Brata iki kaperang dadi 34 bab kang nyritakake kedadean lelakone urip
sawijining kulawarga pejuwang sasuwene patang dina lan telung taun sawise
kedadean kuwi.
Novel
anggitane Suparto Brata iki nyritakake kahanane uripe kulawarga pejuwang yaiku
anak putune tilas tentara Mayjen Purnawirawan Sasrapambudi, Si Kancil Lasykar
Kere sing siki urip ing jaman reformasi ing Jakarta. Putrane Eyang Sasrapambudi, Budi Prabawa
minangka paraga bapak sing dadi pejabat Ditjen Pajak kang kuwasa, Pembayun
Ratri minangka paraga ibu sing digambarake lumpuh. Lan uga wayahe Sasrapambudi,
Adreng Binathara, penentang KKN, Wara Pramesthi minangka tangan tengene boss
gedhe saka Amerika kang nyekel Perusahaan Boneka
Pretty Girl, lan Ngesthiratu minangka bocah SMA, pengisi swara cerita
bersambung radhio Swara Kejawen, lan minangka pemerhati basa lan sastra Jawa.
Kacritakake
ing sawijine dina Adreng, wayahe Eyang Sasra sing lanang lagi dhemo ing gedhung
DPR nuntut bubare pejabat KKN. Kerana oa ana sing nanggepi, kelompok massa mau duweni rencana nginep amrih
usahane digatekake pejabat ana kono. Nalika iku uga Ngesthiratu teka menyang
panggone kangmase dhemo saperlu ‘sinau’ wawancara kerana lagi nganggur preian
sekolah lan ing radhione lagi ora ana gawean. Dina iku uga ing panggonan sing
beda, Wara Pramesthi lagi ketemu karo Jim Faraday saperlu ngrembug perusahaan
Prety Girl. Wara minangka pegawai sing pinercaya dening Jim diutus ngurusi
kabeh kebutuhane perusahaan, utamane ing seminggu sawise iku kerana Jim aep
tindak luar negeri.
Dina
sabanjure nalika sarapan esuk, Pak Budi Prabawa pamit arep tindak Singapur
saperlu finising touch proyek sing
dilakoni dening Ditjen Moneter. Nanging Ibu Pembayun menging menawa Sisihane
tindakan merga ketemu Bathari Satiti, paraga mitra kerja Ditjen Moneter.
Pembayun ngerti sapa kuwi Bathari Satiti. Nanging kerana wis direncanakake
sadurung mulane Budi Prabawa tetep brangkat.
Sabanjure
Wara ngajak Ngesthi menyang Surabaya saperlu nekani launching Poperty Mahkota Raya. Sadurune acara diwiwiti, esuke wong
wadon kuwi survey lokasi bakal calon
pabrik ing kawasan PIER Pasuruan. Nalika acara launching iku diwiwiti, Wara nyawang wong wedok sing disebut MC mirip
kaya Dolly Parton sing jenenge Bathari Satiti. Wara njur kelingan critane ibune
ngenani pribadhene Bathari Satiti. Nanging Wara ora crita marang adhine sapa
wong wadon iku. Nalika Wara nemoni Bathari Satiti, Ngesthiratu ketemu karo
kancane saka TVPS, Graita. Graita banjur ngajak Ngesthi nekani konferensi pers
Poperty Mahkota Raya dalune.
Ing
Jakarta, kulawargane Eyang Sasra kaget nalika Adreng dipenjara Polda Metro Jaya
merga anggone dhemo anarkis. Sanalika iku Eyang Sasra langsung nekani menyang
Polda karo ngendhelake menawa tilas tentara sing antuk penghargaan bintang gerilya.
Andreg ora gelem metu menawa diakon nandhatangani pernyataan lan mbayar ganti
rugi rong yuta. Eyang Sasra uga ngono, nganggep menawa dhendha rong yuta kuwi
mung akal-akalane polisi thok. Kerana Eyang Sasra ora kasil nggawa putune bali
mule, Pambayun banjur teka dhewe menyang Polda, nandhatagani lan nebus putrane
amrih bisa metu saka pakunjaran. Adreng protes marang ibune, kok gelem-geleme
mbayari polisi.
Bengine
ing Surabaya, Ngesthiratu melu Graita nekani konferensi pers Poperty Mahkota
Raya. Ngesthi kaget. Dheweke weruh bapake ngurusi kegiyatan iki bareng karo Bathari
Satiti. Kamangka sadurung bapake pamite tindak menyang Singapur. Pikirane Ngesthi
menyang endi-endi, nanging dheweke nyoba tetep kuwat kan nyimpen ora kandha
sapa-sapa, apa maneh menyang kulawargane ngenani apa sing disawang bengi iku.
Dina-dina
sabanjure, telung taun sawise kedadean iku, Eyang Sasra kaget nalika maca koran. Staf Ditjen moneter Budi Prakasa,
sing tau nylametake dhuwit negara ing perkara Darmagati, putra sing dibanggak-banggakna
dening Eyang Sasra lan wayahe, Andreg, kuwi dilaporake korupsi dhuwit negara
limang milyad. Saking kagete, penyakit jantunge kumat. Eyang Sasra ora ketolung
nyawane nalika digawa menyang RSCM.
Wekasane
carita, nalika Adreng mule saka Amerika karo nggawa ijazah kuliyahe dheweke
kaget nalika dicritani ibune, Pembayun, menawa bapake saiki ana pakunjaran
merga korupsi dhuwite negara. Adreng kaget, sedhih, nesu, lan kuciwa banget.
Bapak sing dibanggak-banggakake, sing dipuja-puja, sing dadi patuladhan semangat
juwange nyuwarakna mbrasta KKN jebule ya melu korupsi pisan. Nganti Adreng ora
gelem mangan,ora adus, lan ora metu saka kamar pirang-pirang dina. Kabeh coba
nglipur nanging ora bisa. Kerana saking mangkele marang tumindake kangmase sing
kaya bocah cilik, Ngesthiratu banjur nesu-nesu lan nylatu mase. Lan pungkasane Adreng
sadhar dhiri.
2. Paraga
lan pamaragan
Paraga yaiku wong sajrone carita kang dening pamaca digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu
sing kagambarake nalika guneman utawa tumindak (Abrams
sajrone Nurgiyantoro, 2007:165). Senajan paraga sajroning cerita mujudake
paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara sing wajar kaya manungsa kang nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga dipanggonake ing perangan kang mathuk minangka medhia kanggo nggambarake amanat, moral, utawa
samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening
panulis. Paraga sajrone novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki ana 14. Nanging
paraga utama lan sing dadi pirembugan ing kene yaiku kulawargane Eyang
Sasrapambudi lan peraga wanita sing gedhe pangaribawane marang lumakune carita
ing novel iki.
a.
Eyang
Sasrapambudi
Kagambarake
minangka tilas tentara sing antuk penghargaan Bintang Gerilya. Mayjen
Purnawirawan Sasrapambudi, Si Kancil Lasykar Kere iki duweni watek teges, keras,
dumeh tias tentara sing antuk panghargaan bintang gerilya, lan duweni semangat
juwang.
…ya
wis ben, kudu didemo ngono kuwi. Yen ora ngono ora bakal pejabat-pejabat KKN
kae padha lengser. Kadidene kulawarga Pejuwang, aku seneng putuku melu demo
ngrubah tatanan negara kang batil iki! (PPP, 2013:51)
Andhaan
ing ndhuwur nggambarake menawa Eyang Sasra duweni watek kang teges lan seneng
marang perjuwangan kerana dheweke tias pejuwang.kaya cuplikan ngisor iki.
“Wis. Aku dak sing
ngurus mrana. Sakri, terna aku nyang Polda, marani putuku. Pulisi ki saiki ya
ngawur wae. Wong berjuwang tenan kanggo ngapikake tatanan negara kok ya
ditahan. Wong Polda kuwi ora ngerti apa, yen Adreng kuwi anak keturunane wong
berjuwang, keluwarga pejuwang. Ora ngerti yen Adreng kuwi putune Mayjen
Sasrapambudi, Si Kancil Lasykar Kere sing biyen mbebasake kutha Sala!.... (PPP,
2013:83)
Cecaturan ing
ndhuwur nyritakake sikepe Eyang Sasra nalika dikandani kancane Adreng menawa
Adreng ditahan neng Polda. Eyang Sasra ora sranta lan katon sikepe sing teges
karo ngendelake sapa dheweke sing Purnawirawan tentara iku. Malah nalika wong
saka Polda ora ngreken kahanane Eyang Sasra, banjur dheweke nantang arep njaluk
tolung kancane mantan Polri. Suparto Brata malah nggambarake kahanane Eyang
Sasra mau ing bab mligi sing judhule Mbah
Sasra Panas Atine. Ya kerana saking mangkele dheweke marang polisi sing ora
ngganggep dheweke.
b.
Budi Prabawa
Budi
Prabawa minangka putrane Eyang Sasra kang kalungguhane minangka Staf Ditjen
Moneter sing dianggep pejuwang dening Andreng lan Eyang Sasra kerana tau
nylametake dhuwit negara ing perkara Dramagati. Suparto Brata nggambarake Budi
Prabawa minangka paraga sing gampang nesu, ngapusi garwane, ning senajon ngono
dheweke tau duwe jasa nylametake dhuwite negara. Gegambaran watak wantune kaya
cuplikan ing ngisor iki:
“La
njenengan nyebut jeneng Bathari Satiti ya lagi nalika dandan iki mau! Njenengan
ki yen dilaruhi mesthi ora nggugu, kok.”
“La kowe ki genah aneh,
kok kudu digugu! Proyek poperty iki
mung kari saklangkah maneh rampung. Kowe iki kok mbregudul!” sentake Budi
Prabawa muring. (PPP, 2013:22)
Cuplikan
cecaturan langsug rong paraga ing ndhuwur nggambarake Budi Prabawa sing nesu
marang garwane nalika garwane ngandhani sapa sejatine Bathari Satiti iku. Budi
sanalika langsung nesu tanpa sebab sing jelas, ora njelasake marang garwane.
“…dhuwit
negara didhaku warisan saka bapake,
manut surat-surate sah mangkono. Untung wae bapak sembada, ngerti tenan
larah-larane lan polah wadine Pak Darmagati, mitrane kuwi.” (PPP, 2013:30)
Dene
cuplikan ing ndhuwur nggambarake jasane Budi Prabawa sing nylametake dhuwite
negara ing perkara Darmagati. Gegambaran iku digambarake kanthi panggambaran
ora langsung yaiku lumantar paraga liya.
c.
Pembayun
Ratri
Pembayun
Ratri minangka garwane Budi Prabawa sing dening penulis digambarake lara
lumpuh. Biyen dadi perawat ing rumah sakit bageyan ngurusi mesin rongten hibah saka Arab Saudi. Ning
kerana saben dina kerep kenek sinar X,
mula mangaribawani syaraf-syarafe saengga dheweke lumpuh. Saben dina uripe neng
kursi rodha. Pembayun minangka paraga ibu sing wateke sabar, wicaksana,
ngurmati pangrasane wong liya, lan lantip pamikire.
“Mas,
Bathari kuwi kancaku sakelas, lo, Mas. Aku ngerti tenan sapa dheweke kuwi! Sing
dipikirke mung bandha thok…. Kuwi wis watake ket biyen, dakkira ora bisa mari
nganti seprene. Mula aja cedhak-cedhak dheweke. Panjenengan mengko bisa
keglendheng mlebu ulegan uripe!” ujare pambayun. (PPP, 2013:21)
“… wong bapakmu nggon
dhinese nggon dhuwit, dhuwit negara, posisine bapakmu saiki eksekutip…” (PPP,
2013:31)
Cuplikan ing ndhuwur
nggambarake Pembayun sing landhep pangrasane marang kahanan kulawarga.
Cecaturan iku nalika sisihane arep pamit budhal menyang Singapur nemoni Bathari
Satiti. Pembayun menging kerana kuwatir menawa sisihane srawung karo Bathari.
Awit tumindake Bathari sing kiurang becik lan kahanane sisihane minangka
pangreh praja sing nguwatiri.
Wiwitana saka mbecikna
awakmu dhewe. Becikna awakmu, pikiranmu, kahananmu. Terus kahanan keluargamu,
sakelilingmu, sakupengmu… nanging yen kowe udreg wae karo awakmu, udreg karo
keluwargamu, udreg tansah nyalahake politikus bangsamu, ya ora bakal kowe gawe
tata raharjane kuthamu, negaramu. Ora bakal!” (PPP, 2013:141)
Menawa
cuplikan ing ndhuwur nggambarake kawicaksanane Pembayun nuturi Adreng nalika
bar metu saka pakunjaran Polda. Adreng ora trima ditokake saka pakunjaran
sarana mbayar polisi. Nanging ibune njelasake lan nuturi putrane menawa
kepengin ngrubah tatanan negara kudu diwiwiti saka ngrubak sikep individune
dhisik.
“Bapak
ora bisa mapag?”
“Ora.
Isih ibut,” wangsulane ibune ayem. (PPP, 2013: 169)
Dene
cuplikan sing pungkasan iki nggambarake kesabarane Pembayun lan anggone dheweke
njaga pangrasane Andreng nalika lagi wae teka saka pasinaone saka Amerika.
Pembayun ora kandha menawa bapake lagi dikunjara merga korupsi. Kanthi sabar
lan wicaksanane Pembayun, dheweke ora ngomong lan mangsuli menawa bapake isih
ibut. Gegambaran watek wantune ora digambarake panulis sacara langsung, nanging
sumurat lumantar cecaturane paraga.
d.
Wara Pramesthi
Wara
Pramesthi dening Suparto Brata digambarake minangka paraga anak mbarepe
Pembayun Ratri lulusan Columbia University singsaiki mergawe dadi tangan
tengene bos bule saka Amerika. Dheweke dipercaya ngurusi perusahaan boneka Pretty Girl ing Indonesia. Watek wantu
singdigambarake panulis tumrape paraga iki yaiku mandhiri, ulet anggone
mergawe, jembar pamikire, lan pedhuli marang wong liya. Kaya cuplikan ing
ngisor iki.
…para
wadon kang bisa nyembadani uripe dhewe. Yen bapake wis dadi staf ing Ditjen
Moneter isih gelem ngepel omahe dhewe, la Wara Pramesthi ya bisa ngopeni mobile
dhewe. Dikumbah, diresiki, digilapake nganggo Kit. Ditambahi oline. Senajan
wong wadon dheweke bisa nggoleki sebabe lan montiri BMW-ne kanthi tangane dhewe
yen mesine rewel. (PPP, 213:17)
Cuplikan ing ndhuwur
nggambarake Wara Pramesthi sing uripe mandhiri. Ora gumantung marang liyan.
Pancen Pembayun ngulawenthah lan ngulinakake putra-putrine supara urip
mandhiri, ora ngrepotake lan gampang gumantung marang wong liya.
“…
sing dakpikirake, aku mengko usul ing pojok ngarep kene dibangun musholla,
cedhak karo satpam. Marga liwat Bangil barang mau, urut dalan dak delok akeh
masjide. Sing dakrekrut minangka tenaga pekerja dakangkah akeh wong saka
sekitar kene, mesthi akeh wong Islame. Dadi perkara karyawan mengko anggone
sholat ora perlu metu saka pekarangan pabrik.”
“Kok
nganti tekan semono, sih, pikirane Mbak Wara?”
“Lo,
tanggung jawab karaharjane karyawan iya dadi tanggunganku, lo. Wong aku sing
dipasrahi ngrekut. Aku wong nomer loro ing proyek investasi anyar iki.” (PPP, 2013:104)
Cuplian
ing ndhuwur nggambarake pamikire Wara sing jembar, ulet anggone mergawe, lan
perdhuli marang nasibe calon pegawaine mbesuk.
e.
Adreng
Binthara
Adreng
Binthara digambarake dening Suparto Brata minangka paraga kang nuruni sifat
eyange, minangka mahasiswa MPD (Mahasiswa Pemerjuang Demokrasi) sing demo
mrotes kahanan negara lan pejabat KKN. Watak wantune niru eyange. Dheweke
kepengin nerusake perjuwangane eyange. Egone dhukur, teges, lan gampang pasrah.
“Emoh,
berita acara kuwi ora bener! Pangreh praja siki ora adil. Ora makmurake rakyat.
Korup. Kudu dibrastha. Wong –wong DPR kae dudu wakile rakyat, nanging asli
rekayasan kanca-kancane dhewek. Dibrastha sarana pranatan hukum ora bisa, ya
kudu didemonstrasi ngana kae. Aku ora kapok! Emoh tandhatangan berita acaramu!”
(PPP, 2013:107)
Andharan
ing ndhuwur ngandharake sikepe Adreng sing teges lan egone gedhe. Dheweke ora
gelem tandhatangan berita acara supaya dibebasna saka pakunjaran lan mbayar
dhendha. Dheweke rumangsa ora kapok mbela nasibe rakyat lumantar dhemo. Lan emo
mbayar dhendha mera ngganggep dhendha iku mung akal-akalane polisi nggolek
dhuwit.
“Apa?
Bapak ki korupsi? Aku biyen paling getol nggugat pejabat korupsi!
Dakdemonstraseni, dakpisuh-pisuhi, dakhujat. Jebul sing dakhujat ya bapakku
dhewe…. Jebul sing korupsi iku bapak sesembahanku! Adhuuh! Gek nyang endi
dakseleh raiku!angur mati wae yen ngene iki. Aku jebule kok anake koruptor!”
Gedrang-gedrung
si Adreng…. Muring-muring. Cuwa. Ngotot, terus nglimpreg tanpa daya. Sidane
melbu kamar, terus tutupan. Ora gelem mangan. Nganti dina sesuke, emoh mangan,
emoh adus. Emoh tangi. Emoh gemreyeh, leyeh-leyeh ana kasur wae. Njondhil
banget atine. Larane njarem tekan pulung. Rasane wegah nutugake urip. (PPP,
2013:171)
Cuplikan
ing ndhuwur nggambarake kuciwane Adreng nalika weruh menawa bapak sing dadi
pathuladhan perjuwangane, bapak sing dadi idola lan pepujane jebul korupsi
dhuwite negara. Adreng kuciwa banget lan rumangsa isin. Kamangka biyen dheweke
asring dhemo lan nentang wong sing korupsi. Jebul saiki kulawargane dhewe sing
korupsi.
f.
Ngesthiratu
Ngesthiratu
minangka wayahe Eyang Sasra sing ragil. Menawa Suparto Brata nggambarake wayahe
Eyang Sasra sing mbarep merjuangake nasibe para pegawai lan rakyat. Wayahe sing
lanang merjuangake nasibe rakyat kanthi demo. Ing wayahe Eyang Sasre sing ragil
iki panulis nggambarake perjuwangan ing bab basa lan sastra Jawa. Ngesthi
minangka pamaca cerbung ing radio Swara Kejawen, pengisi telenovela basa Jawa ing TVPS, lan nerbitake buku novel. Watak
wantune meh padha karo mbakyune, Wara. Ning Ngesthiratu luwih ceriwis lan
jembar pikiran lan wawasane.
Eyang
Sasra nyingkir menyang gadri mburi karo nyangking koran esuk. Ketoke wis wegah
tenan ngrungokake ndremimile putu ragil…. (PPP, 2013:39)
Wara
ngerti, yen adhike gelem ngomong pancen angel dikethok. Bocah ceriwis. Mula yen
ora disigeg ngono, omonge bakal nrocos klaweran kaya tlalene gurita. Apa amaneh
yen ngrembug prekara Radio Swara Kejawen. Adhike pancen aktivis ing kono. (PPP,
2013:48)
Andharan
ing ndhuwur nggambarake Ngesthiratu sing criwis. Cuplikan sing sepisan
nggambarake Eyang Sasra sing nyingkir nalika dibantah dening putu ragile. Lan
sing kapindho yaiku Wara sin nyigeg omongane adhine sing saya akeh nalika
mbahas ngenani kejawen.
“Wis
ngerti. Ora durung dadi kebutuhane
urip, nanging ora bakal dadi
kebutuhan uripe bangsa kita. Mulane bangsa kita rata-rata bodho mbrengkelo
sanajan wis dadi jutawan….” (PPP, 2013:35)
“La
iya, kapan ta ya, insan pers Indonesia kuwi sadhar kaya insan pers Yogoslavia?
Ing Bosnia kana ndhisike ya nganut pers bebas. Nanging bareng perang antar
etnis ora bisa mendha, para wartawane banjur padha prabakti marang bangsa lan
prikamanungsan…” (PPP, 2013:157)
Cuplikan
sing iki nggambarake Ngesthi sing jembar pamawas lan pamikire ngenani
samubarang apa wae. Wawasan sing jembar digandhengake karo watek sing ceriwis
dadine malah saya dawa pamawase.
g.
Satiyem
Satiyem
minangka pembantu sing bageyan masak lan resik-resik omah. Ning kerana basa
Jawane sing alus, dheweke didhapuk dening Ngesthiratu kanggo mbantu ngisi swara
ing telenovela basa Jawane. Watak
wantune yaiku setya marang kulawarga Eyang Sasra lan kuwajibane.
Sing
kerep tunggu omah ibune lan Satiyem, pembantune. Penggaweyane Satiyem sing baku
reresik njero omah, karo ngrampungi mangsakan sing dipangan wong saomah,
senajan tetep manut komandhone Bu Mbayun. (PPP, 2013:15)
Isuk-isuk
Mbak Yem wis uthek nggawekake kopi-susu karo nyepaki roti bakar. Dhek wingi
bengi wis dikontak dening Bu Pembayun. Prentah slenthing ngono bae dheweke wis
tumanggap. (PPP, 2013:78)
Cupliikan
ing ndhuwur nggambarake kuwajiban penggaweyane Satiyem ing omah lan nggambarake
tanggap sasmitane dheweke ngladeni kulawargane Pembayun. Senajan kulawargane
Pembayun akeh sing mandhiri, ora nganggep pembantu kaya babu, nanging Satiyem
wis rumangsa kudu ngabdi satenane kerana iku wis dadi kuwajibane.
h.
Widyaningrum
Widyaningrum
minangka manager radio Swara Kejawen panggone Ngesthiratu mergawe. Dening
Suparto Brata, Widyaningrum digambarake minangka wanita sing aktif ngurusi
jurnalistik Jawa. Dheweke ora mung marem bisa ngurusi Swara Kejawen wae,
nanging uga ngurus acara telenovela
basa Jawa sing bakal disiarake ing TVPS. Watak wantune sing ngugemi budayane
lan gedhe kekarepane kanggo nguri-uri kabudaya Jawa.
“Iya,
Nges. Iki penting banget tumrapku. Merga sing apep dakpasarake barang sing
angel banget didol.”
“Barang
menapa ta, Mbak?”
“Basa
Jawa. Aku rak panggulawenthah bisnis basa Jawa. Akeh sutresnane, akeh sing
nganggo, nanging racake mung padha judheg kepriye kok ora bisa ngedol basa
Jawa.” (PPP, 2013:66)
Saka
cecaturan ing ndhuwur, bisa didudut menawa Widyaningrum minangka wong sing
kreatif lan jembar pamawase. Dheweke mikir kepriye supaya basa lan sastra Jawa
didemeni ing masyarakat lumantar radhio lan progam-progame.
i.
Bathari
Satiti
Bathari
Satiti minangka wong wadon sing nggodha Budi Prabawa ing bisnis poperti.
Saengga nganti Budi Prabawa korupsi dhuwite negara.
“Mas,
Bathari kuwi kancaku sakelas, lo, Mas. Aku ngerti tenan sapa dheweke kuwi! Sing
dipikirke mung bandha thok. (PPP, 2013:21)
Bener
ibune, Bathari Satiti pancen tipe wadon kang lenjwh, nanging disanggari sifat
intelek kang mumpuni. Omongane, eseme, pilihan rembuge tansah mranani ati,
tansah kababar kanthi niyat mencutake wong sing dijak rembugan. Ora lidok yen
wong lanang senajan pejabat agung gampang kebandhang marang dheweke. (PPP,
2013:129)
Cecaturan
lan gegambaran ing ndhuwur nggambarake kepribadhene Bathari Satiti sing uripe
nengenake bandha. Lan uga tingkah polahe anggone nguber banda kanthgi praupan
lan pamawase sing amba. Dheweke ngendhelake praupane sing ayu lan kapinterane
kanggo mangaribawani Budi Prakasa, bapake Wara saengga nganti Bapake ngapusi
ibune, Pembayun, lan ya menawa dheweke uga sing nganti njalari bapake korupsi
dhuwite negara.
3. Kelir
(Setting) lan Lumakune Carita (Alur)
Kanggo nintingi
kalungguhane wanita sajrone novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki kudu nganalisis unsur
struktural perangan kelir lan lumakune critane. Kepriye kahanan sosiale,
panggonan, lan wektune sajrone lumakune careita. Saka kono bisa diweruhi paraga
wanita ngalami apa wae sajrone novel mau.
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang
panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang
dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone
bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan, wektu,
lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon kang
dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo “kapan”
dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju marang
bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu ing
panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake
marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha
ngaribawani siji marang liyane.
Nurgiyantoro (2005
: 113) uga merang alur
miturut susunan prastawane dai telu. Yaiku alur progresif/kronologis,
regresif/flash back, lan campuran. Dene miturut Loban, dkk ing bukune Aminuddin
(2011:85) merang alur dadi limang perangan. Yaiku eksposisi, komplikasi,
klimaks, relevasi, lan denouement.
Kelir
sing paling onjo lan ndadekake carita ing novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki katon urip yaiku
kelir wektu sing karonce sederhana lan runtut,
kelir panggonan sing rena-rena ing wektu sing padha, lan kelir sosial
sing trep karo kahanan obyek perjuwangan.
“Nges,
kok melu-melu tekan kene?” aloke Andreg nyapa Ngesthi.
“Kepengin
weruh obahe negaa!”
“Iki
dudu panmu! Durung wayahe! Karo sapa, kowe?”
“Dhewe.
Iki mau tase Mas teja kleleran neng studio, terus daktembung dakgawa metu
etok-ethok mbebedhang pawarta. Pawarta sing paling aktual ya Gedhong DPR kene.
Dadi aku mrene.” (PPP, 2013:7)
“Manut
ing radio iki, ing Gedhong DPR ana demonstrasi sing macetake dalan. Muga-muga
ora nganti lorop tekan tol.”
Slamet
lan ceper melbu tol ing uningan, BMW abang gage nrayak mangulon, tumuju Bandara
Sukarno-Hatta. (PPP, 2013:12)
Kelir
wektu sing katon sederhana lan runtut lan uga kelir panggonan sing rena-rena
ing wektu sing padha iki kaya sing wis kagambarake sajrone cuplikan ing
ndhuwur. Wiwitane carita lan minangka pitepungane (eksposisi) crita yaiku sawijining dina Adreng demo ing gedhong DPR nuntut
pejabat KKN. Ngesthi uga melu-melu. Ora melu demo, nanging sinau wawancara
lapangan. Dina sing padha uga, Wara, mbakyune ketemu karo Jim Faraday ing
pabrik boneka Pretty Girl ing
Cikarang saperlu ngrembung perusahaane lan bakal calon perusahaane ing Pasuruan
banjur nguntabake lungane Jim menyang Bandara Sukarno-Hatta. Dene kelir
suwasana/sosiale yaiku padha. Merjuangake nasibe rakyat, nasibe bangsa. Adreng
merjuangake lumantar demo, Ngesthi lumantar jurnalistik, lan Wara lumantar
konsep pabrik anyar sing bakal ngrekut ewonan tenaga kerja sing bisa ngurangi
pengangguran.
Dina
sabanjure kaya kutipan ing ngisor iki.
“Lo,
ngasta tas gedhe barang? Tindak luwar kota, ta, Pak?”
“Singapur,
patang bebgi,” tanggepe Budi Prabawa Cekak aos. (PPP, 2013:23)
“Oh
iya, yen kowe gelem melu nekani seminar More
Preciate Than Gold karo aku ya mengko tekaa ing hotel Horizon Ancol, jam 12
awan.”
....
“Iya. Aku mengko melu. Ketemu ing Horizon Ancol, ya! Jam rolas!” (PPP, 2013:48)
“Nanging
wingi Mas Adreng wis pamit nginep. Embuh piye klakone, dakkira Mas Adreng wis
mikirake nginepe kuwi kepiye. Ora merga bentrok karo polisi.” (PPP, 2013:51)
Saka cuplikan ing
ndhuwur, Budi Prabawa pamit tindak menyang Singapur saperlu finishing touch bisnis poperty. Dene
Andreng dhewe durung mule anggone demo. Lan awane Ngesthi diajak Wara nekani
seminar ing hotel Horizon Ancol. Telung awasana sing beda ing wektu sing meh
padha. Perangan iki kelbu perangan komplikasi/konflik.
Dina
sabanjure panggambaran kelir sing digawe dening Suparto Brata saya narik
kawigaten. Kerana posisi klimaks sing
wiwit kenceng ana ing dina iki. Dinane padha, suwasanane padha tegange ning
panggonane beda.
Jam
8.15 esuk Wara lan Ngesthi wis ndharat ing Bandhara Juanda Surabaya. Langsung
numpak taksi Prima, tumuju Hotel Shangri-La ing Lurung Mayjen Sungkono…..
Jadwal soft opening luncheon Poperty
Mahkota Raya jam 12.30, dadi ana cukup wektu ngaso utawa nglencer-nglencer ing
kutha Surabaya.
“Kowe
rak ora kesel? Yen kesel ya lerena ing hotel, yen ora dakjak menyang pasuruan
gelem ora?” tarene Wara. (PPP, 2013:85)
….lan
malah Wara ora arep carita marang ibune, yen dheweke wis ketemu karo Bathari
Satiti, wong wadon liya pepujane bapake kejaba ibune ing keluargane… (PPP,
2013:127)
“Oo!” Ngesthi
manthuk-manthuk…. Pikirane wis mused marang andhere bapake ing kono. Iki genah
pratingkah kang ora beber. Slingkuh. Kandhane nneng Singapur, kok saiki neng
Surabaya! (PPP, 2013:150)
Cuplikan ing ndhuwur
nggambarake Ngesthi lan Wara sing wis budhal menyang Surabaya. Gegambaran sing
digawe dening Suparto Brata sajrone ngrakit alur, konflik, lan kelire carita
sing isa nyawiji. Saengga katon apik banget. Nalika teka kana, sadurunge melu
acara Grand Opening Poperty Mahkota Raya
kekarone menyang Pasuruan survey panggonan bakal calon pabrik bonekae. Nalika
acara Grand opening awan ing
Shangri-La Hotel iku kekarone ketemu Bathari Satiti sing dikandhakake ibune
marang Wara sadurunge. Bengine ganti Ngesthi sing ngerti bapake ketemu karo
Bathari Satiti naika konferensi pers ing Elmi Hotel. Dene gambaran sing padha
ning kelir panggonane beda kaya cuplikan ing ngisor iki.
Durung
nganti sepuluh menit saka budhale Wara lan Ngesthi ninggalake ngomah…. (PPP,
2013:80)
“… La,
iya iku, mesthi wae. Wong Adreng ditahan neng Polda Metro Jaya. Aku mrene iki
arep ngandhani wong tuwane.” (PPP, 2013:81)
“….
Wis. Aku dak sing ngurus mrana. Sakri, terna aku nyang Polda, marani putuku.
Polisi saiki ya ngawur wae. Wong berjuwang tenan kanggo ngapiki tatanan negara
kok ya ditahan..” (PPP, 30113:83)
“Kri.
Kowe aja kesel, ya. Bubar mangan kuwi aku mengko terna niliki Mas Adreng. Aku
uga ngajak Yem, ben sing nyurung kursiku.”
“Inggih,
Bu. Sendika.” (PPP, 2013:120)
Ing Jakarta dhewe
esuk-esuk saungkure Ngesthi lan Wara budlal, kancane Adreng teka ngabari menawa
Adreng ditahan ing kantor polisi. Eyange nyoba marani ning ora kasil nggawa
mulih, malah panas atine. Saengga wektu awane Pembayun dhewe sing teka mrana
nebus putrane.
Dina-dina
sabanjure sing minangka relevasi-ne
crita sing digambarake dening panulis yaiku Eyang Sasra kaget nalika esuk-esuk
maca koran ana berita menawa Budi Prabawa korupsi dhuwite negara limang milyar.
Penyakit jantunge Eyang Sasra kumat lan ora bisa ketolung nyawane nalika ing
dalan nuju rumah sakit.
“Mbayun,
wacanen iki, Yun! Iki mesthi ora bener! Iki ngenani Budi! Genah banget. Jenenge
ditulis jangkep! Dheweke sing diarani mbocorake dhuwit limang milyar ing
perkara bisnis poperty! Oh, iki ora bener!”
….
Pembayun terus marani maratuwane, Sasrapambusi uga terus glayaran marani
mantune, brug, wong tuwa kuwi ambruk ing pangkone Pembayun karo isih ngacungake
korane. (PPP, 2013:153)
Tekan
RSCM kahanane Sasrapambudi wis lemes, anyep. Tanpa ambegan….nalika wis kari
ijen disarekake ing kamar papriksan darurat, Pembayun nyawang wandane
maratuwane kanthi trenyuh. Katon ngegla gilang-gilang yen wong tuwa pejuwang
kuwi keduwung banget ing pungkasan uripe. Putrane nylingkuhake dhuwite negara…
pahlawan sing nampa Bintang Gerilya, wis ora bisa ngumpetake isine atine.
Jantunge dhadhal. (PPP, 2013:154)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake Eyang sastra
sing kaget ngerti putra kinasih sing dibanggak-banggakake dadi penerus pejuwang
kulawarga jebul korupsi dhuwite negara. Saking kaget lan kuciwane, Eyang Sasrapambudi
kumat penyakit jantune nganti tumekeng oncate nyawane.
Minangka
pamungkase crita (denoument) yaiku
telung taun sawise kedadean kuwi, Budi Prabawa dilebokake pakunjaran. Wara Pramesthi
lunga menyang Brazil nerusake karire. Adreng wiwit bali saka pasinaone ing
Amerika lan nalika ngerti bapake korupsi dheweke setres lan kuciwa banget.
“La
Iya, lelakon kok cepet banget, ya, Mbak. Durung nganti patang puluh dina sedane
eyang, saiki Mbak Wara ya oncat saka keluarga kita.…”
“Nges,
Nges. Mobile parkiren rada rana wae ora papa. Flight-ku isih memgko jam loro. Kene isa rada tanek omong-omongan.”
“Jim
ya pindhah nyang Brazil, Mbak? (PPP, 2013:167-168)
“Apa?
Bapak ki korupsi? Aku biyen paling getol nggugat pejabat korupsi!
Dakdemonstraseni, dakpisuh-pisuhi, dakhujat. Jebul sing dakhujat ya bapakku
dhewe…. Jebul sing korupsi iku bapak sesembahanku! Adhuuh! Gek nyang endi
dakseleh raiku!angur mati wae yen ngene iki. Aku jebule kok anake koruptor!”
Gedrang-gedrung
si Adreng…. Muring-muring. Cuwa. Ngotot, terus nglimpreg tanpa daya. Sidane
melbu kamar, terus tutupan. Ora gelem mangan. Nganti dina sesuke, emoh mangan,
emoh adus. Emoh tangi. Emoh gemreyeh, leyeh-leyeh ana kasur wae. Njondhil
banget atine. Larane njarem tekan pulung. Rasane wegah nutugake urip. (PPP,
2013:171)
Minangka pamungkase carita kaya cuplikan ing
ndhuwur, Suparto mungkasi kanthi nggawe paraga Wara budhal menyang Brazil
saperlu nutugake karir-e lan nerusake
perjuwangan prikamanungsane neng kana. Dene Adreng digawe kuciwa nalika bali
mulih saka pamulangane ing Amerika ngerti menawa bapake korupsi.
4. Kalungguhane
paraga wanita
Saka
purwaka lan analisis struktural ngenani paraga lan pamaragan, kelir, lan lakune
carita sing wis kaanalisis ing ndhuwur, kalungguhane wanita sajrone novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto
Brata iki bisa dianalisis miturut lelakon lan kahanan uripe. Paraga wanita
sajrone novel iki sing minangka paraga utama yaiku Ngesthiratu lan Wara
Pamesthi. Dene paraga wanita liyane yaiki Ibu Pembayun, slingkuhane bapake,
Bathari Satiti, pimpinane Ngesthi, Widya, lan pembantune, Satiyem.
Bokmenawa
wanita minangka ‘kanca ing wingking’ ing novel iki isih ana. Ananging Suparto
Brata nggambarake ora mung saderma ‘kanca turu’ thok..
Jim
Faraday luwih dhisik metu saka peturon, lagek dietut Wara Pramesthi.
Loro-lorone banjur padha nyandhak sandhangane dhewe-dhewe. … Wara banjur
nggledhai tase, njupuk pil sangune, terus diombe, diglontor banyu isng gelas. After morning pil, pil kontrasepsi, ora
kena lali, gage diombe sawise making
love. (PPP, 2013:11)
…yakuwi
supaya perusahaan Amerika kuwi mantep anggone nginvestasekake pawitane ing bumi
Indonesia. Wara ucul asmara ora papa. Apa sing bisa disembadani tumrap
kemakmurane rakyat Indonesia, Wara Pramesthi tansah wani nglakoni. Senajan
kuran asmara. Wong dheweke kuwi pancen putu turune keluarga pejuwang. (PPP,
2013:13)
Wara Pamesthi minangka
turunane pejuwag gelem kurban asmara saperlu luwih ngrumaketake sesambungane
karo Jim, sang dhirektur supaya percaya marang dheweke lan gelem nginvestasekake
pawitane ing Indonesia
Suparto
Brata uga nggambarake paraga wanita utama ing novele minangka wong wadon sing
mandiri. Ora nggantungake uripe marang liyan.
…para
wadon kang bisa nyembadani uripe dhewe. Yen bapake wis dadi staf ing Ditjen
Moneter isih gelem ngepel omahe dhewe, la Wara Pramesthi ya bisa ngopeni mobile
dhewe. Dikumbah, diresiki, digilapake nganggo Kit. Ditambahi oline. Senajan
wong wadon dheweke bisa nggoleki sebabe lan montiri BMW-ne kanthi tangane dhewe
yen mesine rewel. (PPP, 213:17)
…mangka
Wara Pramesthi kuwi wadon. Kok tingkahlakune tatag-teteg, lantip, nguwasani lan
sajak kuwasa…. Lan mbakyune srawung miguakake tanpa kudu diawat-awati kaum
priya. Nyang endi-endi katon aman, cak-cek, trengginas, sumringah, ayu
ngresepake pandulu, resik, glamour lan d’elegance. (PPP, 2013:86)
Saka cuplikan iku, Wara
kagambarake minangka paraga sing isa nglakoni penggawean kaya priya lan ora nggantungake
marang liyan. Dheweke isih gelem ngumbah mobile senajan neng omah kono ana
Sakri, pembantune. Dheweke uga bisa ngramut lan nyervis mobile dhewe kaya wong
lanang. Saliyane ayu, Wara uga ora kalah karo priya babagan karier lan
pangaribawane. Wara sing tatag-teteg lan lantip iku dai wong nomer loro ing
perusahaan boneka Prety Girl Indonesia.
Sing dipasrahi ngatur lan ngurusi pabrik, ewonan karyawan, lan strategi
pengoperasiane. Wanita sing kaya mangkono iku sing bisa ngangkat drajate dhewe.
Saliyane
paraga Wara, Paraga wanita utama sing kapindho yaiku Ngesthiratu. Suparto Brata
nggambarake Ngesthiratu minangka paraga sing perjuwangane ing bab basa lan
sastra Jawa. Ngesthi minangka pamaca cerbung ing radio Swara Kejawen, pengisi
sulihan swara telenovela basa Jawa
ing TVPS, lan nerbitake buku novel Jawa.
Apa
amaneh yen ngrembug prekara Radio Swara Kejawen. Adhike pancen aktivis ing
kono. (PPP, 2013:48)
“La
iya, kapan ta ya, insan pers Indonesia kuwi sadhar kaya insan pers Yogoslavia?
Ing Bosnia kana ndhisike ya nganut pers bebas. Nanging bareng perang antar
etnis ora bisa mendha, para wartawane banjur padha prabakti marang bangsa lan
prikamanungsan…” (PPP, 2013:157)
“…
Arep dadi srikandhine bangsa, ya, melu-melu berjuwang ngrubah negara? Niru
eyangmu, niru ramamu, niru kangmasmu? Nanging kuwi kabeh wong lanang, Ngesthi.
Lumrah mbelani negara kanthi brangas kanuragan! Barang kowe ki cah wedok, gek
isih mbeyes, durung pupak untumu….”
“Allah,
Ibuk! Saben-saben ngono! Saben-saben ngono! Dupeh cah wedok ngene ora oleh,
ngene ora oleh….” (PPP, 2013 19-20)
Pancen,
Ngesthiratu ya wis tau mikir, yen satemene wong lanang karo wong wadon kuwi
padha wae drajad lan pangaribawane… (PPP, 2013:86)
Suparto Brata
nggambarake paraga Ngesthi minangka paraga sing ceriwis lan jembar wawasane.
Bab watek iku menawa digayutake dening pengarang karo pribadhen Ngesthi sing
pejuwang basa lan sastra. Ngesthi uga ora sarujuk menawa wong wadon kudune neng
omah, nurut, lan dibedakake karo priya. Dheweke nganggep kalungguhan lan
drajade priya lan wanita iku padha, amung jinise wae sing beda. Gegambaran sing
digawe dening Suparto iki kaya kang dikandhakake Toril Moy, 1987, menawa wanita
iku sacara sosiologis mung seks (female/male) sing ditentoakake
kodrate dening Gusti, secara biologis.
Suwalike, jinising wong (feminime/masculine)
ditentokake sacara kultural, mnangka re-infrastruktur sosial. Mulane feministas minangka pangerten psikologis, konstruksi kultural.
Manungsa ora dilairake minangka wanita, nanging dadi wanita. (Ratna, 2003:283)
Sacara
kodrati, wanita umume luwih landhep pangrasane, alus budine, solah bawane,
gampang owah pangrasane. Suparto Brata uga nggambarake kaanane wanita sing kaya
ngono. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
“Wonge
ayu, ta? Alaaa, ibu kok isih butarepan kaya ngono. Wis, ta, ora sah
dipenggalih, bapak srawungan karo wong ayu-ayu. Ben sakersane, wong bapak isih
mbutuhake sing kaya ngono. Bapak isih sehat, butuh kaya ngono, nanging ibu wis
ora bisa ngladeni. Jare ibu wis nyadhari, saploke gerah nandhang lumpuh ngene
ki. Jare ben wae bapak njajan neng njaba? Ya wis ben, ta, senajan njajane
menyang singapur.”
“Ora,
Ra. Ora. Yen perkara kuwi, aku ora sedhil. Wiwit lumpuh sepuluh taun kepungkur,
aku wis eklas ngeculake bapakmu njajan wong wadon liya. Aku ora nesu…. Bathari
ki sing sisenengi bandha. Wani kurban ayune kanggo nguras bandhane wong lanang.
Sing dakkuwatirake ki rak kuwi…. Wong dhek jaman SMA wae Bethari kuwi wani
ngrangkul-ngrangkul gulune kanca lanang disekseni kanca liya, waton kanca
lanang kuwi gelem tuku arlojine sing jare weton Swiss. Marbagun, kanca lanang
kuwi, sidane ya dhadhal dhompete!” (PPP, 2013:30-31)
Pembayun nyadhari
kahanane sing lumpuh lan rumangsa ora bisa nglakoni kuwajibane minangka bojone
Budi Prabawa. Mulane dheweke lila menawa sisihane ‘njajan’ neng njaba. Nanging
minangka sing gedhe pangrasane, dheweke kuwatir menawa sisihane cedhak karo
kanca SMA-ne biyen, Bathari Satiti, sing ala tumindake. Saka andharan ikubisa
didudut menawa sacara kodrati wanita luwih nengenake rasa pangrasane tinimbang
priya.
Kita
asring krungu menawa sejatine priya utama iku suwalike ana wanita minangka
panyemangate. Lan suwalike menawa wanita uga bisa ndadekake priya ala
tumindake. Kaya cuplikan iki.
“Pancen
saprene iki sing kokenggo kaca benggala sukses mung eyangmu lan bapakmu. Kowe
mongkok karo jiwa pejuwangane. Pejuwangane bangsa, pejuwange keluwarga. Kowe
ora tau noleh aku, marga mung kokanggep wong tuwa wadon kang lumpuh, ora
ndayani. Kowe lali, yen ibumu iki iya urun lan udhu akeh karo majune keluwarga.
Sing marsusi lan ngrasakake wudhuku dhestun mung anak-anaku wadon.” (PPP,
2013:145)
“Mas,
Bathari kuwi kancaku sakelas, lo, Mas. Aku ngerti tenan sapa dheweke kuwi! Sing
dipikirke mung bandha thok…. Kuwi wis watake ket biyen, dakkira ora bisa mari
nganti seprene. Mula aja cedhak-cedhak dheweke. Panjenengan mengko bisa
keglendheng mlebu ulegan uripe!” ujare pambayun. (PPP, 2013:21)
Bathari
ki sing sisenengi bandha. Wani kurban ayune kanggo nguras bandhane wong lanang.
Sing dakkuwatirake ki rak kuwi…. Wong dhek jaman SMA wae Bethari kuwi wani
ngrangkul-ngrangkul gulune kanca lanang disekseni kanca liya, waton kanca
lanang kuwi gelem tuku arlojine sing jare weton Swiss. Marbagun, kanca lanang
kuwi, sidane ya dhadhal dhompete!” (PPP, 2013:30-31)
Cuplikan sing sepisanan
nggambarake kalungguhane wanita, Pembayun, minangka ibu rumah tangga sing gedhe
pangaribawane tumrap kulawarga. Yaiku minangka wong sing ngurusi omah nalika
ditinggal sisihane, nyumbang pamikiran ing kulawara, nan ngurus utawa
nggulawenthah putra-putrine. Dene cuplikan kepindo lan ketelu nggambarake
kapribadhene Bathari Satiti minangka wanita sing ala lakune. Kasunyatane ana
wanita sing ala kaya kang diibaratake dening Suparto kaya Bathari Satiti iku.
Wanita sing ngendelake ayune kanggo golek bandha, kanggo ngapusi liyan, ngrayu
wong lanang, lan sapanunggalane. Kerana salah sijine pengapesane wong lanang
yaiku wanita, mula wanita duweni pangaribawa sing gedhe tumrape priya.
C. Panutup
Pamikiran tradhisional nganggep menawa wanita mung minangka ‘kanca ing wingking’,
‘isi-isine omah’, utawa ‘kanca turu’. Saka kabeh andharan
lan analisis ing ndhuwur, bisa didudut menawa kalungguhane wanita ing jaman
modhern iki ora kalah wigatine
tinimbang priya. Kaya Wara sajrone novel iki minangka wanita karier sing gedhe pangaribawane ngurusi
perusahaan lan rekrutmen ewonan calon karyawane, utawa Ngesthi sing dadi
wartawan, pamaca cerbung ing radhio, sesulih swara acara TV, lan pamarsusi
kasusastran Jawa sing saiki ‘kurang payu’, utawa kaya Pembayun sing teges
senajan dheweke lumpuh.
Saliyane duwe
pangaribawa sing gedhe lan positif ing ndhuwur, wanita Sacara kodrati, wanita
umume luwih landhep pangrasane, alus budine, solah bawane, lan gampang owah
pangrasane. Wanita duweni pangrasa sing gedhe, mula dheweke gampang nangis,
gampang trenyuh, gampang welas, lan sapanunggalane. Kaya paraga Pembayun sing
kuwatir marang sisihane nalika pamit tindak Singapur, utawa Wara lan Ngesti
sing nutupi wadine bapake kanggo kautuhane kulawarga.
Wekasane, novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto
Brata iki bisa manggonake wanita minangka paraga sing ora kalah karo priya. Suparto Brata nggambarake kepriye panguripane wanita
kang nduweni pangaribawa gedhe minangka paraga ing sisihe priya. Kepriye
perjuwangane wanita kanggo karaharjane wong liya. Menawa para wanita gelem
sadhar dhiri sapa dheweke lan ora nganggep dheweke wong sing beda drajad lan
kalungguhane, mangka wanita bisa mulya uripe lan bisa nindakake pakaryan kaya
priya. Kaya dene Wara lan Ngesti sing senajan wanita nanging dheweke bisa dadi
pejuwang kanggo dheweke dhewe, kulawargane, lan bangsane tanpa ninggal
kesadaran kodrati sapa sejatine
dheweke.
Dhaptar
Singkatan:
PPP
: Para Pawestri Pejuwang
Dhaptar
rujukan:
Adji, Krisna Bayu. 2013. Ensiklopedi Istri-Istri Raja Jawa. Yogyakarta: Araska
Aminuddin. 2011. Pengantar
Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo
Brata, Suparto. 2013. Para Pawestri Pejuwang. Yogyakarta: Elmatera
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
Ratna, Nyoman Kutha. 2003. Paradigma Sosiologi Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar
Posting Komentar