KABINGUNGANE  BOCAH
SAJRONE CERKAK BAPAK POLAH ANAK KEPRADHAH
ANGGITANE ANJRAH LELONO BROTO
(Dening: Ah. Syahrul Rahmat/12020114047-2012 B)

Taun 2014 iki akeh sing nyebut minangka taun politik. Jalaran ing taun iki ana reformasi pamrentahan wiwit pilihan calon legislatif  lan uga pilihan presiden. Ing taun politik iki akeh banget para calon politisi lan calon presiden nganaake kegiyatan amrih dheweke bisa menang, kaya ta kampanye. Ing kampanye iku, para caleg lan capres ngandharake visi lan misi uga janji-janjine menawa dheweke menang.
Ing sajrone nyiapake kegiyatan kampanye iku, akeh wong sing dha katut melu. Kaya ta kulawargane, masyarakat sekitare, lan para tokoh masyarakat uga pamrentah. Salliyane nggawa pangaribawa sing apik, kagiyatan kampanye uga nggawa pangaribawa sing ala.  Kaya kang dilakoni Ali, paraga sing bapake nyalon kades saengga dheweke melu kepradhah, sajrone cerkak Bapak Polah Anak Kepradhah anggitane Anjrah Lelono Broto kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya edhisi 37, II Mei 2014.
Cerkak Bapak Polah Anak Kepradhah anggitane Anjrah Lelono Broto iki nyritaake kepriye kahanane Ali, paraga utama sing bapake nyalon dadi lurah. Kerana tumindake bapake sing meksa kepengin dadi lurah, saengga batine Ali saya bingung lan dadi pikirane. Meh saben dalu dheweke melu melekan njagongi tamu lan esuke dheweke anggone sekolah keganggu pelajarane. Kamangka iku dheweke wis kelas telu arep ujian. Kerana kesel awake lan akeh pikirane kuwi, njalari dheweke semaput ing sekolah wektu esuk kuwi.
Miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2007:165), paraga yaiku wong kang ana  sajroning karya fiksi kang dening pamaca digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika guneman utawa tumindak.
Sajrone cerkak iki paragane ana papat. Yaiku Ali, Bapake, Ibune, lan kancane, Wargiyo. Ali minangka paraga sing ulet, akas, lan ngabekti marang wong tuwane. Dene Bapake minangk aparaga sing kedonyan kalungguhan. Ibune minangka paraga sing sayang marang putrane. Lan Wargiyo minangka paraga sing seneng ngampangna lan kurang tanggung jawab.
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan, wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha ngaribawani siji marang liyane.
Kelir sajrone cerkak iki karonce dening panulis maneka warna. Ing omah kang suwasanane rame akeh wong dha melekan bengi rina, ing sekolah sing akeh ugas minangka siswa, lan ing rumah sakit minangka panggonan tetambane Ali.
“Pak, njenengan iki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya ta timun mungsuh duen!”meh sewulan kapungkur Ali manek-manekake ngudhari apa kang bruwet ing sirahe menyang bapake.
… Alise tepung, bathuke njengkerut, Ali ora wani nyawang raine bapake… (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.28)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake paraga Ali sing pedhuli marang bapake. Menehi gambaran marang bapake menawa sida majeng lurang ing desa kono. Nanging ature Ali malah ditampik karo bapake. Saka pacaturan ing ndhuwur uga bisa didudut menawa kelir suwasanane tegang. Kerana Ali manek-manekake matur marang bapake, ning malah kawangsulan sing ora kepenak. Alise tepung, bathuke njengkerut nggambarake kahanane Ali sing wedi lan ora bisa ngomong apa-apa saking wedine.
“Kula ndherek mawon, Pak. Namung, kula wiwit keraos yen kentun pelajaran sekolah gara-gara asring melekan,” saute Ali meh ora keprungu. (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.28)
Saka ature Ali ing ndhuwur marang bapake, Ali uga kagambarake minangka paraga sing nurut lan ngabekti marang wong tuwane. Ing kono ana ukara sing nggambarake protes marang bapake. Amarga dheweke anggone melu mbaturi melekan lan nyiapna kabutuhane bapake kanggo majeng lurah nganggu pelajarane ing sekoah.  Nanging menawa kadeleng saka ukarane, protes sing dikandhakna Ali tetep nganggo unggah-ungguh sing apik.
Ali ora nyemauri guyonane Wargiyo. Awake kang lemes isih sendhenan neng kursi tanpa daya. Mung lambene kang mesem. Alon-alon, dheweke uga ndudhah isen-isene tase. Buku dhiktat Biologi kang kandhele sakgada rujak pala methungul saka tas mblawuse.
“Aja maneh Biologi, Yo. Tugas Bahasa Inggris, Matematika, lan Bahasa Indonesia ya durung dakjawil blas. Ora kober!” swarane Ali Alon. (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.29)
Andharan ing ndhuwur nggambarake kelir suwasana, wektu, lan panggonan. Panggonane ing kelas sekolahe Ali wayah esuk. Suwasanane bingung lan pasrah. Ing kene panulis nggambarake kahanane Ali sing akeh bebane utawa tugas-tugase kang durung dirampungake amarga dheweke asring melekan nunggoni bapake.  Aja maneh Biologi… Ature Ali iki nyetkakake kahanane Ali sing bingung lan pasrah marang tugas-tugase.
Swara pating cruwet guyonan lan rasan-rasan kang mili ninggalake Ali sing saya ora keprungu abane. Swara pating cruwet kuwi sak kal dadi pating jlerit nalika manoni Ali rubuh saka bangkune. Awake adhem njejet. Mripate merem dhipet. Kringet ndhlewer sajagung-jagung ndhlewer ing bathuk, pilingan, uga gulune. Ali kang duweni awak ngiyeyet kaya-kaya kari balung karo entutkuwi rubuh semaput. (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.29)
Andharan ing ndhuwur nggambarake suwasane kelas wektu esuk sing rame mara-mara dadi tegang. Kagambarake ing ndhuwur nalika Ali nyandhak tugas-tugase, kanca-kancane padha teka lan cecaturan rama karo kancane. Ali sing sadurune pikirane bingung lan awake kurang istirahat mara-mara semaput. Suwasana kelas tegang sanalika.
“His, cah cilik apene nguyuhi wong gerang! Kowe kuwi ngerti apa? Apa kowe ngerti yen pendhudhuk kampung kene iki wis bosen dipimpin kulawarga iku-iku bae.
“Bapak ki ya mikir masa depan. Mosok lakon mung leren ndhuk bayan. Bapak ya pengin dadi luah. Sap ngerti, limang taun engkas ana partai sing gelem nglirik ndadekake bapak caleg. (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.28)
Omongane bapake Ali ing ndhuwur nggambarake menawa dheweke kepengin banget anggone majeng lurah lan oleh kalungguhan sing luwih. Saengga dheweke tumindak sakarepe dhewe. Pamrayoga saka putrane dhewe ora digagas. Suwasanane tegang.
“Hlaiyah. Pinter pelajaran kuwi gawe apa ta. Sekolah kuwi sing penting rak ya ijazahe. Mosok mengko yen awakmu kerja ditakoni bosmu, mbiyen ringking pira. …
“Kayadene paribasan lawas sing saiki kuwalik, yen bapak polah kuwi anake ya kudu melu kepradhah. Hahahaha…” guyune bapake Ali keprungu kaya gludhug ing mangsa kasanga-kasepuluh. (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.28-29)
Pacaturan ing ndhuwur nggambarake tumindake bapake. Kerana kekasepane sing gedhe, dheweke malah paring ngendhokna semangate Ali sekolah. Dheweke malah ndoktrin putrane menawa sekolah iku singpenting ijazane. Lan uga malik paribasan bapak polah anak kepradhah. Tegese apa kang dadi kepenginane bapake, Ali kudu nuruti. Ora kena ora.
Bapake Ali ngadeg nggejejer samburine. Mripate kaca-kaca. Meh sedina muput Ali durung sadhar saka semapute… ngelingi Ali iku duwe gawan bayi yaiku lemah jantung. Mripate bapak kang ngimpi dadi lurah terus nyaleg kuwi saiki kebak eluh…. Ana rasa getun nalika ngguyoni Ali kanthi malik paribasan lawas, yen bapak polah kuwi anake ya kudu melu kepradhah. (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.29)
Ing ndhuwur nggambarake nalika bapake Ali ngerti menawa Ali semapute ing rumah sakit ora sadhar-sadhar. Dheweke banjur ngetuni tumindake marang putrane. Suwasanane teganglan sedhih. Tegang kerana Ali ora sadhar-sadhar lan sedhih kerana ngetuni tmindake kapungkur marang putrane.
Ibune Ali nangis ngguguk ing sisih dipan kelas telu sawijining rumah sakit … kambi ngelus-elus bathukke Ali kang isih durung sadhar saka semapute, ibune Ali mbisikake ukara-ukara kebak rasa asih ing kupinge Ali. (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.29)
Andharan ing ndhuwur nggambarake kawelasane Ibu marang putrane. Kepriye anggone ibune Ali melas lan nresnani putrane.
“Lambemu, ra usah nyandhak-nyandhak wong tuwa, Li!!” bocah lanang arambut kriting kuwi rada mbesengut. “Eh, kowe wis nggarap tugas Biologi?” Ali gedheg isih lemes. “ Mbujuk. Kuwatir aku nyonto se!” senajan aku durung nggarap, pantang gawe Wargiyo ndhemek-ndhemek njaluk sih kkawelasane liyan. Nanging yen ditawani ya ora nulak. Hehehehe…” (JB, edhisi 37, Mei 2014, hlm.28)
 Pacaturan ing ndhuwur nggambarake Wargiyo, kancane Ali sing sembrono lan nggampangake kuwajiban. Kamangka esuk kuwi wis meh jam melbu pelajaran. Nanging tugas-tugase durung rampung.
Miturut Nurgiantoro (2007:165), senajan paraga sajroning cerita mujudake paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara kang wajar kaya manungsa kang nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga manggoni panggonan kang mathuk minangka media kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening panulis.
Unsur sing ana ing carita fiksi pada sinambetan. Ora bisa dipisah-pisahake. Kaya ing cerkak Bapak Polah Anak Kepradhah anggitane Anjrah Lelono Broto iki. Antarane pamragan, watak, setting lan alure sinambetan.
Wekasane, saka cerkak Bapak Polah Anak Kepradhah anggitane Anjrah Lelono Broto iki bisa didudut menawa unsur instrinsk siji lan liyane dha sinambetan. Kaya dene Ali sing apik tumindake, ngabekti marang wong tuwane, amarga nuruti kekarepane bapake saengga kondhisi fisik sing kurang turu lan pikiran sing maneka warna saengga dheweke nganti opname ing rumah sakit. Kerana sesambetane unsur struktural sing ana ing fiksi iku, saengga cerkak iki bisa katulis kasusun kanthi apik lan lumakune alure bisa narik kawigatene pamaos.

Daptar rujukan:
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.
Cerita Cerkak Majalah Jaya Baya edhisi 37, II Mei 2014.
0 Responses

Posting Komentar