Pak, kae lo bocah-bocah dha sekolah
katon bungah eseme krompol-krompol karo kancane
luru ngelmu ing papan pamulangan kang susah
dayane usuk, reng, gentheng, lan temboke sampeyan gawa
Pak, pirsanana ta dalan kae
rumangsaku doser, slender, lan molen lagi bae mule
jebul saiki dalane kaya ampyang ilang aspale
napa ingkang dados dhaharan sarapan wau aspal niku?
Pak, coba ta dipirsani kahanane ngalam iki
kae lo, wong-wong ketiga dha ora isa cewok
yen mangsa rendheng ora isa ndhodhok
hla napa alase dados lalapan dhaharan siang wau?
Pak, coba dieling-eling janji prasetya panjenengan
nalika rebutan kursi kae lo
nyatane sampeyan saiki amblenjani janji
malah korupsi
yen kaya ngene Pak,
aku emoh sampeyan aku putra
kareben biyung ndolek sisihan anyar
tinimbang sampeyan polah aku kepradah
urung maneh sesuk nalika sowan Gusti
bakal dilandrat ora mari-mari
walesan neraka wus mesthi
aku wedi pak
wis aku ora melu-melu pokoke
aja akon-akon aku putramu
Dening: Maz Ah
Posting Komentar