TANGGUNG
JAWABE PARAGA WANITA
ING
SAJRONE CERKAK RANDHA NUNUT ANGGITANE SURYADI WS
(Dening: Ah. Syahrul Rahmat/12020114047-2012 B)
Wiwit
jaman RA Kartini sing ngagas emansipasi wanita,
peran wanita saya ngrembaka lan saya ketara. Wanita wis ora kasisihake maneh
lan saya dominan ing bebrayan. Kelbu ing jagading kasusastran Jawa modheren,
akeh wanita sing dadi pangripta lan uga akeh sastrawan sing ngripta karya
sastra sing topike wanita. Wiwit saka pamragane, kahanane, labuh labete,
tumindake, lan liya-liyane. Kaya sastrawan Suryadi WS sing ngripta cerkak Randha Nunut sing critane kapacak ing
kalawarti Jaya Baya edhisi 29, Maret
2014.
Ing
sajrone cerkak Randha Nunut anggitane
Suryadi iki nyritakake sikepe Sumiyati, paraga wanita sing dadi panebas pari
sing arep dipanen. Ing sawijine dina, Sumiyati nebas pari ing sawahe Pak Lurah
kanthi rega pitung puluh yuta lan menehi uang muka sepuluh yuta. Dheweke janji
menawa parine wis payu bakal mbayar sisane paling suwe seminggu. Jebul nganti
rong minggu Sumiyarti lagi teka menyang omahe Pak Lurah sing duda iku karo
nangis lan sambat menawa dhuwit kanggo mbayari parine digawa minggat bau
sukune. Dheweke pasrah marang putusane Pak Lurah,lan bakal tanggung jawab
nganti perkarane tuntas. Pak Lurah sing welas ora tekan atine menawa nglapurke
polisi, saengga Sumiyarti didhawuhi dadi babu ngurusi anake lan ngayahi
penggaweyan omah. Nganti katekan setengah sasi, Pak Lurah banjur medhar isi
atine menawa dheweke ketuwuhan rasa tresna marang Sumiyarti kerana becik budine
lan anake cocog karo dheweke. Wekasane, Pak Lurah nglamar kanthi sowan menyang
wong tuwane Sumiyarti.
Paraga ing cerkak Randha Nunut anggitane Suryadi iki ana loro. Yaiku Pak Lurah lan
Sumiyarti. Pangripta nggambarake Pak Lurah minangka paraga sing wicaksana lan
welas asih marang sesama kanthi luwes lan cetha. Saengga gampang dimangerteni
dening pamaca. Pangripta uga ndhuduhake kabisane anggone nggambarake paraga Pak
Lurah minangka paraga kanggo ngimbangi pamragane paraga utama, Sumiyarti. Saengga
alure crita bisa nggawa imajinasine pamaca amrih bisa nikmati alur lan nile
estetis lan etika kanthi sampurna.
Aku
njegreg. Tekan semono anggonengatonake rasa tanggungjawab. Ateges wanita iki
wong becik-becik…. ”Dhik Sumi, yen nganti tekan pakunjaran ki atiku ora tekan.
Pakunjaran kuwi ora seneng nek dienggoni wong ayu kaya kowe kuwi.”
“Dhik
Sumi, aku dakkandha, rungokna lan pikiren.Wiwit sepisan kowe ana kene, atiku ki
rumangsa ora kepenak nyawang kowe dadi babu. Upama, iki mung upama ya, kowe ora
dadi babu nanging dadi ibune anakku kuwi, piye?” (JB, edhisi 29, Maret 2014.
Halaman 29)
Paraga sabanjure lan dadi paraga utama
yaiku tukang tebas pari, Sumiyarti. Pangripta nggambarake Sumiyarti minangka
randha ayu sing becik tumindake lang tanggung jawab. Dheweke minangka tukang
tebas pari anyaran sing diapusi dening bau sukune. Kerana tanggung jawabe sing
gedhe, dheweke ora mlayu saka perkara. Nganti masrahake banda donya lan jiwa
ragane menyang Pak Lurah kanggo nebus utange. Miturut Nurgiyantoro, (2005:176) paraga
minangka replika-e pangripta ing
kasunyatan, sing ditekakna ing sajrone karya sastra sing disangoni nile moral/tata
krama lan diwedhar ing pangucap lan panindak sing dilakoni. Kelawan paraga
Sumiyati iki, pangripta nyoba mbabar lakone paraga wanita sing ngemu nile moral
tumrape panguripan kita.
“Menawi
Mas Lurah boten trima, kula panjenengan lapurke polisi, terus kula diukum ing
pakunjaran, inggih badhe kula lampahi, kula boten badhe mlajeng.”
…”Mas
Lurah. Kula sampun boten gadhah napa-napa. Gadhah kula namung badan sepotong
kanthi nyawa ing nglebetipun. Menawi Mas Lurah setuju, kula badhe ndherek
wonten ngriki dados babu panjenengan, tanpa dibayar kula lampahi kanthi rila.” (JB,
edhisi 29, Maret 2014. Halaman 29)
Saka
gabungane paraga lan pamragan Sumiyarti lan Pak Lurah, Suryadi minangka
pangripta anggone ngrakit, ngolah, lan nggawa crita Randha Nunut iki saliyane ngandhut nile estetis lan luwes ceritane,
uga ngemu teges lan patuladhan tumrape pamaca. Anggone nengenake aspek feminisme lumantar tumindak tanggung
jawabe Sumiyarti kaya-kaya bisa nggawa suwasanane pamaca, saengga pamaca bisa
ngrasakake rasa sing ana ing paraga loro iku.
Pungkasane,
pangrembakane karya sastra sing isine mbabar lelakone wanita ing kasusastran
Jawa pranyata ora kalah karo tema liya sing dibabar. Isine bisa maneka warna
lan duweni ciri khas sing bisa narik kawigatene pamaca. Kaya sing diripta
dening Suryadi kanthi irah-irahan Randha
Nunut iki.
Daptar rujukan:
Nurgiyantoro,
Burhan. 2000. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University
Press.
Cerita
Cerkak Majalah Jaya Baya edhisi 29,
Minggu III Maret 2014
Posting Komentar