RENUNGKE
kelawan kersaning gusti sira ana
liwat guwa garbaning biyung ira
dirumat kelawan welas asihe wong tuwa

elingana biyung kita dulur
welasan taun kapungkur
sangang sasi kita digawa ngalor ngidul
turu nglumah lan miring tansah gawe pakewuh
elingana bapa sira
mergawe ora weruh bengi rina
njungkir walik anggone kerja
nggo urip kita ing kutha praja
ning saiki tekan kutha
kumpul kanca dha lali wong tuwa
biyung bapa ra diajeni
unggah-ungguh ora dilakoni

angen-angenen wong tuwa kita
apa tetep jejeg anggone ngadeg
apa tetep kuwat anggone mergawe
apa tetep padhang pasuryane

angen-angenen dulur
nalikane kita bali mulih
apa isih bisa ketemu Pake Mboke
isa bae ngarep omah kuning gendherane
isa bae nalikane bali
wong tuwa sowan menyang Gusti
kabeh padha nangisi
ora lila ing pesthine pati

dhuh Bapa Biyung kula
nyuwun agunging pangaksama
kathah sanget kaluputan kula
ning njenengan tansah ngapura
bapa biyung kula nyuwun pangapura
kanthi sangu dedonga panjenengan ira
muga-muga gesang kula boten sia-sia
ing dunya lan akerat kana

Dening: Maz Ah
0 Responses

Posting Komentar