Bayang, tembung sing
asring digunakake minangka dialek dhaerah Lamongan kanggo ngarani amben. Crita
iki nyritakake kedadeyan sing dilakoni Iqrar, Ghalant, lan Syahrul nalika
sembahyang aneng ndhuwure amben ing kampus. Kerana neng kamar mandi jurusane
ora ana banyu, kepeksa dheweke kabeh munggah nyang lantai telu tangga jurusane
kanggo sesuci sadurunge sembahyang.
“Qrar, piye yen salat
aneng kene wae. Kadohan mengko yen mudhun terus mlaku menyang mushollah.”
Kandhane Syahrul karo ndudhig panggonan lungGhal loro saka kayu.
“Iya, cocog Ndan.
Piye Ghal?” Iqrar negesna Ghalant.
“Iya, tambah sip nak
kene wae. Sarapane mau ben ora entek digawe munggah mudhun tangga.” Wangsulane Ghalant
karo nguyu.
“Ayo ditata dhisik
bayang iki.” Kandhane Syahrul.
“Ok, imamana ya.”
Wangsulane Ghalant.
“Allohuakbar….”
Syahrul miwiti sembahyange. Jebul nalika ruku’, bayange muni “kriyeett…”,
nalika sujud uga kaya mangkono.
Nganti oleh rong
rakaat sembahyange wong telu iku aman-aman wae. Nanging melbu rakaat katelu
bocah telu kuwi wis ngempet nguyu. Ana sing nguyune diwatuk-watukna amrih ora
ketara. Kerana kabeh wis ngempet nguyu, nalika sujud bayange malah obah
mendhut-mendhut. Watuk-watuke saya kerep. Syahrul minangka imame nalika tangi
saka sujud arep melbu rakaat kapapat, anggone takbir dibanterna.
“Aaaaasem…bayange.”
Bocah telu kuwi
banjur nguyu ngakak-ngakak kerana kedadeyan iku.
“Wis, ra usah
bayang-bayangan. Ayo sembahyang neng mushollah wae.” Pangajake Syahrul sing
mangkel karo bayange.
“Asem pancene
bayange. Hahaha…” Tambahe Iqrar.
“A-sem-bayang-e. Hahaha….”
Ature Ghalant nalika mudhun saka tangga.
“Hahaha….” Cah telu
ngguyu bareng.
Dening: Maz Ah
Posting Komentar