TANGGAP SASMITANE PARAGA WANITA
SAJRONE CERKAK KAWIYAK WADINE
ANGGITANE IMAM H.
(Dening: Ah.
Syahrul Rahmat/12020114047-2012 B)
Wong
Jawa kang nengenake babakan rasa, bisa nuwuhake daya nalar lan pangrasa sing landhep. Kerana nalar lan pangrasa sing landhep iku, bisa ndadeake wong sing peka utawa tanggap ing sasmita. Saengga
wong sing bisa tanggap ing sasmita ora bakal kena bebaya lan bisa ngerti endi
tumindak sing bener lan pener.
Wong
sing duwe sipat peka cirine ora
gampangan. Kaya ta ora gampang percaya sadurung bisa mbuktekake dhewe. Jalaran
ing jaman saiki akeh wong sing kurang bisa pinercaya ngemban kuwajibane. Mula,
kerana duweni sikep peka lan tanggap
sasmita ora bakal kaapusi wong liya.
Kaya kang tanggap sasmitane paraga wanita sajrone cerkak Kawiyak Wadine anggitane Imam H. kang
kapacak ing kalawarti Jaya Baya edhisi
36, I Mei 2014.
Cerita cekak Kawiyak
Wadine anggitane Imam H. iki nyritakake tanggap sasmitane Bu Marlan, paraga
wanita minangka eyange Putri, bayi sing disewakna Mbak Tumi marang wong kanggo
dijak ngemis ing dalan. Sawijining dina Bu Marlan rada nggumun marang kahanane
Putri sing awake belang ireng lan badane saya kuru. Kamangka Mbak Umi, ibune
Putri ora tau telat nukokake susu lan bubur kanggo putrine. Kerana Bu Marlan
curiga marang Mbak Tumi, banjur dheweke ngutus wayahe, Hary, kanggo nylidhiki
tumindake Mbak Tumi. Tenan, Mbak Tumi jebul cida marang kuwajibane. Nalika Mbak
Umi lan garwane budhal kerja, ana wong setengah tuwa njupuk Putri saperlu dijak
ngemis. Mbak Tumi nyewakna Putri marang pawongan mau. Kerana tumindake, Mbak Tumi
lan pawongan mau dicekel polisi lan diwenehi ukum pidana.
Miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2007:165), paraga yaiku wong kang ana sajroning karya fiksi kang dening pamaca
digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika
guneman utawa tumindak.
Paraga ing cerkak Kawiyak Wadine iki yaiku Bu Marlan, minangka eyange Putri kang
duweni watek tanggap ing sasmita. Putri, minangka bayi wayahe Bu Marlan. Mbak
Tumi minangka baby siter-e Putri.
Mbak Umi lan Mas Hendra minangka wong tuwane Putri. Hary, minangka wayahe Bu
Marlan sing aneng Sidoarjo. Pak Kandar lan Bu Kandar minangka tangga jejer omahe
Mbak Umi aneng kupang.
“Nanging awake kok saya kuru, gek raine kok kaya
gosong kepanasen. Gek lehmu momong mbokjak menyang ngendi wae ta?” (JB, edhisi
35, April 2014, hlm.28)
….ora suwe panjenengane miring kaya ana tamu
klesak-klesik karo Mbak Tumi ana teras njaba.Bu Marlan nginjen, pirsa ana wong
wadon setengahtuwa klambine koplin masem lagi ngobrol karo Mbak Tumi. Neng
pundake semampir jarit gendhongan kanggo nggendhong bayi….(JB, edhisi 35, April
2014, hlm.28)
“…kowe dolana menyang Surabaya, nyang omahe
bulikmu…. Nangingdak wanti-wanti aja njujug omah. Njujuga daleme Bu Kandar sing
manggone persis wetan omahe bulikmu. Supaya ora kadenangan wong omah, kowe
liwata mburi. (JB, edhisi 35, April 2014, hlm.29)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake Bu Marlan sing
tanggap sasmita nalika weruh kahanane putrid wayahe sing kondhisine kaya wong
kurang gizi. Saliyane iku, Bu marlan uga duweni sikep peka nalika weruh Tumi lagi ngobrol karo kancane sing klambine
kusem karo nggawa jarit gendhongan. Bu Marlan uga pinter anggone nyiasati lan
nylidhiki kahanan sing satemene kanthi ngutus Hary, putra wayahe ing Sidoarjo
supaya nyang omahe bulike liwat mburi. Watege Bu Marlan kagambarake dening
pangripta lumantar gegunemane paraga marang wong liya lan panggambarane panulis
dhewe.
…bayarane Mbak Tumi uga ora tau telat,malah asring
diparingi uang tip kanggo njajan…(JB, edhisi 35, April 2014, hlm.28)
…ana wong wadon setengah tuwa nganggo koplin masem
teka methuki Mbak Tumi. Hary weruh dhewe, yen Mbak Tumi masrahake putrid
mnenyang mong wadon mau… (JB, edhisi 35, April 2014, hlm.29)
Manut pangakuane Mbak Tumi, saben dina Putri iku
disewakne marang wong wadon setengah tuwa iku, kanthi dhuwit sewan skeet ewu
rupiah. (JB, edhisi 35, April 2014, hlm.29)
Andharan ing ndhuwur nggambarake paraga Mbak Tumi
sing cidra marang kuwajiban sing wus diamanatake marang dheweke. Mbak Tumi sing
senajan dipercaya lan uga sering dienakna kanthi gaji sing ora tau telat lan
asring ditambah, jebul isih nyewakna Putri marang pengemis kanthi pasewan skeet
ewu rupiah. Pangripta anggone nggambarake paraga Mbak Tumi iki kanthi
panggambaran saka paraga liya lan saka panulis dhewe.
“Inggih eyang, kula bidhal samenika. Nyuwun
pangestunipun mugi-mugi khasil.” Mangkono ature Hary, banjur salim cium tangan
saperlu budhal mundhi dhawuhe eyange. (JB, edhisi 35, April 2014, hlm.29)
“…Bu, kula nyuwun tolung. Kula dipun utus eyang
putri, ndingkik rencangipun Bu Lik.
Kepengin ngertos kados pundi Mbak Tumi anggenipun momong Putri.” (JB, edhisi
35, April 2014, hlm.29)
Panulis nggambarake paraga Hary kaya andharan ing
ndhuwur minangka paraga kang ngabekti marang eyange. Hary uga kormat marang
wong liya. Buktine dheweke nyium astane eyange, uga njaluk palilah sadurung
ndingkik Tumi marangBu Kandar. Anggone panulis nggambarake kanthi cara dialog
langsung paragane.
Kaya ngapa nesune Mbak Umi lan Mas Hendra marang
Tumi bareng ngerti critane kedadean iku. Jare Mbak Umi, “Kebangeten temen! Gek
kurang apa lehku mbayari Tumi, kok cik mentalane isih gelem curang mental
ngakali!” (JB, edhisi 35, April 2014, hlm.29)
Cuplikan ing ndhuwur minangka kuciwane Mbak Umi lan
Mas Hendra marang Tumi. Iku waujud tressnane wong tuwa marang putrane, lan uga bakal nglakoni apa wae kanggo putrane.
Ning jebul kapercayan sing diwenehne marang Tumi oleh pinwales cidra.
Bu Kandar lan Pak Kandar uga diaturi pirsaperkarane,
mula sabisa-bisa Pak Kandaruga pengin mbantu ngadhepi tindak-tanduke Mbak Tumi.
Dene Hary disingitne ana jero kamare Mas Tony, supaya bisa nginjen kanthi cetha
saka walike cendhela. (JB, edhisi 35, April 2014, hlm.29)
Bu Kandar lan Pak Kandar kagambarake minangka paraga
kang seneng marang kabecikan. Buktine dheweke gelem mbiyantu Hary sing kepengin
nyelidhiki tumindake Tumi sing nyurigakna. Anggone nggambarake panulis kanthi
panggambarane dhewe lan dialoge karo paraga liya.
Miturut Nurgiantoro (2007:165), senajan paraga sajroning cerita mujudake paraga
fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara kang wajar kaya manungsa kang nduweni
pamikir lan pangrasa. Paraga uga manggoni panggonan kang mathuk minangka media
kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin
ditujokake marang pamaca dening panulis.
Wekasane, nasibe kulawargane Mbak Umi ing cekak
Kawiyak Wadine anggitane Imam H. iki bisa kaslametake kerana Bu Marlan peka lan tanggap ing sasmita anggone
nghadhepi Tumi sing nyidrani kapercayane Mbak Umi. Saka kene bisa didudut
menawa kita peka marangkahanan ing
lingkungan bebrayan lan gelem tangap sasmita, bokmenawa bisa uwal lan adoh saka
perkara kang mbebayani lan uripe bisa luwih raharja lan mulya.
Daptar rujukan:
Nurgiyantoro,
Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University
Press.
Cerita
Cerkak Majalah Jaya Baya edhisi 36, I
Mei 2014.
Posting Komentar