aku sing sambat: ngunggahi tawang ngundhuh lintang
sirahku sikil, mlayu nguber dhuwure gayuh
'keyboard'-ku pathing kemlothak metu tirta wadining pikir
tirta sing saiki dadi samodra
sing bakal mbalung janur: marang larane rasa, ati, budi, lan pakartiku
ya sing ngluwihi kewan iki: "kal an'am bal hum (ay nafsii) adhol"
mung anyenyuwun "ihfirlana (ay ighfirlii, jasadii warruuchii) Ya Rob"
kathi estuning galih, mugya Panjenengan boten waleh
lan (taksih) kersa: "ihdinasshiroothol mustaqiim...."
#muchasabah dhiri

Maz Ah
Pintu Tol Tb. Sumur II, 08062014
Posting Komentar