yen kaya
mangkene dadine
sepurane…
aku kerep ngluputna sliramu
ngomong yen
sira sing ngudha aku
sepuraneya
Tan
kowe sing
kerep dadi kembang lambe
saka
rusaking tumindakku, tumindaking manungsa
kena ngapa
Gusti kok ngripta sira
gunane apa
yen mung njalari kadurjanan
kamangka
kowe karo aku padha
ya padha
kawula titahing Gusti
astaghfirulloh….
dulurku
kabeh, ayo dha ngoreksi dhiri
rumangsanana
tumindak durjanamu
aja
ngluputna setan,
aja ngarani
setan sing ngongkon
ngerti ora,
setan-setan
saiki dha nyuwun pensiun dini
setan wus
pegel, waleh karo tumindak kita
amarga
tumindak kita wus ngluwihi
ngluwihi
tumindak bejate setan
setan golek
aman
mbuh saiki
sapa sing setan tenan
endi sing
setan, endi sing iblis, endi sing manungsa
apa aku
setane?
apa kowe?
apa dheweke?
eh setan…
sepurane ya
Dening: Maz Ah
Posting Komentar