Senen, 06 Januari 2014, dina sepisanan ujian semesteran ing kampus. Dina iku dina sing apes kanggone Syahrul, mahasiswa jurusan basa Jawa Unesa. Amarga dalune dheweke ngarap tugas nganti wengi, isuke anggone tangi turu kawanen. Jam enem kurang seprapat dheweke lagi tangi. Kamangka ujiane diwiwiti jam pitu.
Syahrul omahe ana ing Waru-Sidoarjo, lan kampuse ana ing Lidah Wetan-Surabaya. Yen esuk dalan ngampuse mesthi macet, apa maneh dina senen. Paling ora yen normal dheweke butuh wektu 45 menit ing dalan. Jam 06.15 dheweke budhal menyang kampus. Jebul flash diske kari, isih mancep ana ing CPU komputere. Gelem ora gelem dheweke kudu bali mulih maneh. Amarga tugas akir mata kuliyah sing kudu dikumpulna dina kuwi ana ing kunu. Untung wae durung adoh anggone budhal.
Jam 06.25 dheweke budhal maneh menyang kampus. Anggone sepedhahan kaya-kaya wong sing diuber asu. Sig paling ngayelake, ing pertelon Jemursari dheweke ngenteni jomplangan sepur suwe banget. Lan uga ing Wiyung dalane macet banget. Jam 07.15 dheweke lagi teka kampus. Karo mlayu dheweke mbukak hadwal ruwang sing sempet difoto wingi.
“Ruwang 201 B,” gremenge Syahrul karo mlayu.
“Nuwun sewu, Pak. Ngapunten kula telat.” Ature marang dhosen pengawas ujian.
“Tase dideleh kene, njupuk nomer meja ing ngarep sasoale.” Wangsulane dhosen pengawas.
“Inggih, nuwun Pak.” Ature Syahrul karo rada mlayu tanpa tolah-toleh.
“Hlo, Mas Ah, sampeyan ujian neng kene ta?” Pitakone Edi, kancane.
“Hlo… kok kelas A?” Syahrul kaget nalika noleh manguri.
“Kelas B ing ruwang sebelah, Mas. Slah kamar sampeyan.” Kandhane Edi.
“Walah… menenga wae ya, Ed. Aja rame-rame.” Ature Syahrul nyang Edi karo mlayu metu. Kerana kewirangan, dheweke mlayu metu tanpa pamit dhosene. Isin campur kudu nguyu dhewe. Kerana keplayu-playu campur ndhredheg nganti dheweke ora bisa mbedakake ruwang 201 A lan 201 B.

Dening: Maz Ah
0 Responses

Posting Komentar