NASIBE PARAGA WANITA
SAJRONE CERKAK SAWIJINING DINA ING ECO GREEN
ANGGITANE KURNIA W. PERMATA
(Dening: Ah.
Syahrul Rahmat/12020114047-2012 B)
Jodho,
rejeki, lan pati, kabeh wus ginaris dening Gusti wiwit kita isih ana ing guwa
garbaning biyung kita. Kabeh manungsa ora ana sing mangerteni nasibe dhewe lan
nasibe liyan. Kaya rodha sing muter, nasibe manungsa uga mangkono. Senajan
saiki nasibe lagi mujur, sapa ngerti mbesuk bakal kesrakat uripe ing tembe. Lan
uga suwalike, saiki lagi kesrakat, bokmenawa mbesuk nasibe bias mulya. Kabeh
wis ginaris lan dadi wadine Gusti Pengeran.. Kaya kang dilakoni denig paraga wanita
sajrone cerkak Sawijining Dina ing Eco
Green anggitane Kurnia W. Permata kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya edhisi 35, IV April 2014.
Cerkak
Sawijining Dina ing Eco Green
anggitane Kurnia W. Permata iki nyritakake paraga Yayuk, nalika rekresi ing Eco
Green ketemu kanca kose, Umi, sing biyen uripe ora patia duwe kanca amarga
ambune apeg uleg-ulegan. Wong sing biyen disingkiri lan dianggep ala dening
kanca liyane, pranyata saiki uripe luwih mulya. Titihane Toyota Rush, sisihane
ngganteng, lan ambune wangi.
Paraga
ing cerkak Sawijining Dina ing Eco Green
iki kaperang dadi telu, yaiku Yayuk, minangka paraga utama sing nyritakake
kenangane ing kos-kosan, duweni watek ngurmati lan perdhuli marang liyan. Umi,
paraga kang kacritakake dening Yayuk, minangka paraga kang disingkiri
kanca-kancane kerana ambune kang apeg. Lan kanca-kancane Yayuk liane, Lestari, Ipung,
Yuyun, lan kiya-liyane kang kacritakake minangka kanca sing nyingkiri lan nyana
elek marang Umi.
Alur
utawa lumakune prastawa sing ana ing cerkak umume mung tunggal. Mung
kagambarake kanthi saprastawa nganti wekasane crita. Runtutane prastawa bisa
diwiwiti saka endi wae, ora kudu diwiwiti saka bageyan pitepangan. Kerana alure
tunggal, anane paraga lan setting-e
mung kagambarake sithik, utawa kagambarake ing kabeh bageyan. Konflik lan klimaks-e uga tunggal.
(Nurgiyantoro, 2005:12)
Nurgiyantoro
(2005
: 113) uga merang alur
miturut susunan prastawane dai telu. Yaiku alur progresif/kronologis,
regresif/flash back, lan campuran. Dene miturut Loban, dkk ing bukune Aminuddin
(2011:85) merang alur dadi limang perangan. Yaiku eksposisi, komplikasi,
klimaks, relevasi, lan denouement.
Jenenge Umi.
Sarehne dheweke kakak tingkatku, mula yen aku ngundang dheweke ya Mbak Umi.
Dheweke kuwi kanca sakosan nalika kuliyah biyen. Karo kanca sakosan liyane aku
wis akeh sing lali, nanging karo Mbak Umi, aku panggah kelingan..
Sing tak elingi
sepisanan ngenani ambune… ambune kaya jamu! Jamu air mancur ublegan ngana kae
lho. Pait campur apeg uleng-ulengan. Pokoke yen lungguh ana sandhinge seprapat
jam ngono wae, dijamin mabuk! Muneg-muneg kudu hoek. (JB, edhisi 35, April
2014, hlm.28)
Andharan
ing ndhuwur nggambarake critane Yayuk nalika nyritakake kahanane paraga Umi dhek
urip ing kos biyen sing ambune apeg lan didhohi kanca-kancane. Bageyan iki
miturut andharane Aminudin ing bukune minangka tahap eksposisi utawa bageyan sing isine nepungake para paragane
lan kahanan utawa settinge.
Wiwitane aku
rada gumun nalika anyaran ing kos-kosan 133 D-2. Mbak Umi kok tansah ndhewe.
Ora tau kumpul-kumpul kanca liya ngrubung tivi…
…
“Kok ijen,
Mbak?” aku mincing pitakonan. Dheweke mung mesem. Aku banjur lungguh neng
sandhinge, meneng-menengan. Ora let suwe aku kok mambu aneh… (JB, edhisi 35,
April 2014, hlm.28)
Andharan
ing ndhuwur minangka sesambungan kronologis saka bageyan sadurunge iku kelbu tahap komplikasi utawa konflik.
Nggambarake paraga Yayuk sing krasa aneh marang paraga Umi. Ing kene Yayuk
ngerti Umi sing satemene, kan kena apa dheweke ndhewe ora kumpul kancane.
Ana njero bis,
neng plasa, Mbak Umi tansah bareng aku. Kanca liya yen dijejeri rada nggiwar.
Aku ora mental, kepriyea wae wong kanca sakosan.
…
“Aku ora sida
tuku klambi, Dhik!” wangsulane lirih.
“Hla kena ngapa,
ora ana sing cocog?” pitakonku maneh.
“Dhompetku
ilang…”
“Haa…?!” aku
njomblak.
…
“Hla iya, sapa
kira-kira sing njupuk, lek ora wong sing butuh dhuwit?”
Sing dikarepake
kanca-kanca aku ngerti, sasuwene iki pancen sing ketoke ora pati duwe dhuwit
torah kuwi pancen Mbak Umi. (JB, edhisi 35, April 2014, hlm.29)
Andharan ing ndhuwur minangka tahap klimaks. Yayuk nyritakake kahanane
Umi sing banget susahe lan dadi bahasan kanca-kancane. Ing kene kahanan
suwasanane sedhih tur tegang banget. Mula kelbu tahapan klimaks.
Dina iki aku
niyat seneng-seneng, melu rombongane kanca-kanca dolan menyang Eco Green, Batu.
Sengaja ijen ora ngejak anak, supaya bias nyantai. Mosok saben dina kok momong
wae, sekali-kali laky a menakna awak barang. (JB, edhisi 35, April 2014, hlm.29)
Andharan ing ndhuwur minangka purwakane
critane Yayuk nalika ana ing Eco Green, Batu. Bageyan iki minangka tahap relevasi, amarga minangka urutan
sabanjure tahap klimaks. Konflike wis ora ana. Mung nggambarake crita liya sing
njalari sekabehane crita dhek biyen ana kos-kosan.
… Maneka warna
wong-wong sing dolan menyang Eco Green dina iki. Ana sing mudhun saka mobil
nggilap kinclong-kinclong…
Dumadakan
mripatku tempuk karo panyawange wong wadon sing mudhun saka mobil Toyota Rush
warna putih waton anyar. Wong wadon langsing karo anak loro sing lemu-lemu, lan
wong lanang perlente sing sajake bojone.
“Dhik Yayuk?”
dheweke nyebut jenengku karo marani.
“Mbak Umi, ya?”
banjur gapyuk, rerangkulan. Wis ora ana aroma jambu ublekan, ganti ambu
semriwing parfum wangi sing larang.
Ah, pancen
ngenani jodho, rejeki, lan pati, kuwi tansah dadi wewadi... (JB, edhisi 35,
April 2014, hlm.29)
Andharan ing ndhuwur minangka tahap denoument yaiku tahap penyelesaian-e crita. Ing kene nggambarake
Yayuk nalika ketemu Umi ing Eco Green sing wis owah kahanane. Um iwis owah
nasibe dadi wong sugih, bojone ngganteng, lan pastine ambune wangi, ora apeg
maneh.
Wekasane, alur sawijine crita
nggambarake reruntutane utawa kronologise sawijine crita. Kaya ing cerkak Sawijining Dina ing Eco Green anggitane
Kurnia W. Permata iki. Alur sing digawe runtut lan kelbu jinising alur campuran
miturut susunan prastawane. Wiwit pada kawitan sing nyritakake Yayuk dhek biyen
nalika sakosan karo Umi nganti kedadeyan sing dilakoni kekarone sing minangka
alur progresif/kronologis. Lan
kapungkasan crita Yayuk saiki nalika ketemu Umi ing Eco Green sing nggambarake
alur regresif/flash back. Saengga
bias didudut menawa alur sing digawe ing cerkak iki yaiku alur campuran.
Daptar rujukan:
Aminuddin.
2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.
Nurgiyantoro,
Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University
Press.
Cerita
Cerkak Majalah Jaya Baya edhisi 35, IV
April 2014.
Posting Komentar