Makna
Entar/Kias/Konotatif
Kelompok
3
Rizky
Nuryanti (12020114031)
Ah
Syahrul R. (12020114047)
Desi
Arina N. (12020114048)
2012
B
A.
PURWAKA
Makna konotatif wis asring dirembug
para panulis sadurunge, ananging sing dirembug namung winates ing perangan
cara negesi. Mangka saka iku, ing kene panulis bakal ngandharake luwih gamblang
ngenani peprincene makna entar lan adhedhasar wujud, teges, lan tata ukarane.
Panulis milih topik iki amarga teges
konotatif isine luwih rowa lan asring dianggo sajrone cecaturan saben dina
sarta dianggo ing basa tulis, kayata basa ing drama lan geguritan.
Panulis
ngrembug makna entar iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Kanthi tintingan kapustakan,
panulis bakal ndheskripsikake lan njlentrehake
makna entar utawa konotatif sing ana sajrone ragam basa lisan lan tulis.
Sabanjure panulis njlentrehake miturut wujude lan tegese. Pangajabe, kanthi
cara mangkono kita bisa ngerteni makna entar mligine sing ana ing basa Jawa.
Panulis ngrembug babagan entar iki nduweni paedah mligine panulis umume para
pamaca bisa mangerteni ngenani tegesa entar.
B. ANDHARAN
1. Panertene
Makna Entar
Entar,
kias, lan konotatif, katelune nduweni teges sing padha yaiku makna sing ora
sabenere. Sajrone kamus Baoesastra Djawa anggitane Poerwadarminta (1939:114),
entar nduweni rong teges. 1) bablas tumrap sesurupan, 2) dudu teges sing baku,
silihan, tumrap tetembungan. Makna entar yaiku teges kang ora mung sawantahe,
ora mung salugune (Indonesia: arti kiasan,
Walanda: figuurlijke betekenis).
Kosok baline yaiku makna wantah, makna sing manut teges sing baku, sing salugu,
sing sawantahe (Padmosoekotja, 1955:35).
Mulabakune
tembung ”entar” saka tembung basa Kawi “ili”. Tegese pindah saka papan siji
menyang papan liyane tumrape samubarang kang mbanyu. Mula entar tumrape bidhang
linguistik nduweni teges makna sing ora sabenere, makna pepindhan, sing ora
salumrahe. Tuladhane kaya tembung kethul atine. Iki ora ateges atine kethul,
ora landhep, nanging tegese durung pinter, bodho.
Ullmann
(Sajrone Sumarsono, 2009:206) nduweni aran liya kanggo makna kias, yaiku basa
figuratif. Sawijine tembung bisa
diwenehi loro utawa luwih pangerten kang asipat figuratif tanpa ngilangi teges
asline. Teges sing dhisik lan sing anyar tetep gandheng sesandhingan sasuwene
ora ndadekake kaco tegese. Makna kias tuwuh saka makna utama iku.
Miturut
filosof Urban, kasunyatan menawa tandha (sign)
bisa amakna liya saka makna sing kawitan, kahanan ekspresif-e minangka tandha kanggo makna kapindho isih dadi
perangane makna kawitan, kasunyatane yaiku perkara sing nyebabake basa iku
minangka instrumen kanggo negesi (Sajrone Sumarsono, 2009:206).
Makna
konotatif (conotative meaning) tuwuh amarga
pangrasa kita tumrape leksim sing kita aturake utawa kita rungu. Miturut
Kridalaksana (sajrone Pateda, 1989:62), aspek makna sawijine utawa sakumpulane
tembung sing dhasare rasa utawa pamikiran sing tuwuh saka pamicara (utawa
panulis) lan pangrungu (utawa pamaca). Makna konotatif minangka makna leksikal
+ X. Upamane leksem /garap/ sajrone ukara /para
tani lagi nggarap sawahe/ minangka ukara sing lumrah. Ananging tembung ‘nggarap’ ing ukara liyane /wong lanang iku digepuki sawise nggarap
anake tanggane/ nduweni makna konotatif. ‘nggarap’ ing ukara sing ngarep tegese ngramut/ngolah, dene sing
buri tegese nuroni/mrawani.
Saka
jlentrehan ing ndhuwur, makna konotatif nduweni sesambungan karo rasa kita kaya
rasa seneng, mangkel, wedi, lan sapanunggale. Mulane Wijana lan Rohmadi (2011:15)
ngarani makna emotif (nile rasa) sing ana sajrone wujud basa minangka makna konotasi.
Makna
konotasi sawijining tembung uga bisa beda-beda gumantung nile lan aturan-aturan
sing aga ing bebrayan. Umpamane tembung ‘babi’,
ing dhaerah sing pendhudhuke mayoritas Islam nduweni konotasi sing ala amarga
babi miturut agama Islam minangka kewan sing karam lan najis. Beda karo ing
dhaerah Bali utawa Irian Jaya, tembung ‘babi’ ora nduweni konotasi sing ala
(Chaer, 1990:69). Chaer uga ngandharake menawa makna konotatif bisa owah
miturut mangsane. Kaya tembung ‘ceramah’,
biyen nduweni konotasi sing ala amarga tegese ‘cerewet’, ananging saiki tegese apik.
2. Klasifikasi
a.
Titikane Makna
Entar
Titikane
makna entar kaperang dadi telu. Yaiku adhedhasar wujude, adhedhasar tegese, lan
adhedhasar sintaksise.
1)
Adhedhasar
wujude bisa awujud tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara. Akeh-akehe
awujud (utawa karonce) tembung camboran.
2)
Adhedhasar tegese bisa dideleng teges wujude mau
mentar utawa nuduhake makna sing salugune apa ora.
3)
Adhedhasar sintaksise. Yaiku tata rakit lan
panggonanee sajrone ukara.
b. Jinise Makna kang Kalebu Makna Entar
Jinise makna bisa dikumpukale adhedhasar jinis lan
pandhangan. Adhehdasar titi makna (semantik) bisa diperang antarane makna
gramatikal lan makna leksikal. Adhedhasar ana orane refern sajrone tembung
utawa leksem bisa diperang antarane makna referensial lan makna nonreferensial,
adhedhasar rasa sing ana sajrone tembung utawa leksem bisa diperang antarane
makna denotatif/wantah lan konotatif/entar, adhedhasar trep-trepane makna bisa
diperang antarane makna tembung lan makna istilah utawa makna umum lan makna
mligi. Adhedhasar perangan lan pandhangan liya bisa dijinisake makna asosiatif,
kolokatif, reflektif, idiomatik, lan liyane (Chaer, 2009:59-60).
Jinising makna sajrone bidhang semantik basa Jawa
yaiku:
1) Afektif
2) Asosiatif
3) Ciyut
4) Dheskriptif
5) Ektensi
6) Emotif
7) Entar/Kias/Konotatif
8) Gereflekter
9) Gramatikal
10) Idheasional
11) Idhiomatikal
12) Intensi
13) Jembar
14) Kognitif
15) Kolokatif
16) Konseptual
17) Kahanantual
18) Konstruksi
19) Leksikal
20) Piktorial
21) Proposisional
22) Presuposisional
23) Pusat
24) Referensial
25) Stilistika
26) Tematis
27) Wantah/Lugas/Denotatif
Adhedhasar rasa sing ana sajrone tembung utawa leksem,
ing kene bakal diandharake ngenani jinise makna sing kelbu jinising makna makna
entar/kias/konotatif. Sing dadi dhasar utawa titikan kanggo nggolongake jinise
makna yaiku saka wujude (tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara), tegese, lan
sintaksise. Sing kalebu golongane makna entar saka jinise makna ing basa Jawa
iku yaiku:
1) Afektif
2) Asosiatif
3) Emotif
4) Entar/Kias/Konotatif
5) Gereflekter
6) Gramatikal
7) Stilistika
c. Jinise Lelewane Basa Jawa kang Kelbu Makna Entar
Basa Jawa nduweni jinis lelewane basa sing akeh wujude.
Padmosoekotjo (1955) nggolongake jinise lelewane basa kang kacakup ing
kasusastran Jawa dadi 14 jinis. Yaiku:
1) Tembung saroja
2)
Yogyaswara
3)
Tembung garba (sandhi)
4)
Rura basa
5)
Tembung entar
6)
Paribasan
7)
Bebasan
8)
Saloka
9)
Cangkriman
10) Dasanama
11) Pepindhan
12) Candra
13) Gugon tuhon
14) Purwakanthi
Saka
jinis lelewane basa ing ndhuwur, sing kalebu makna entar adhedhasar wujude
(tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara), tegese, lan sintaksise yaiku:
1)
Tembung garba
2)
Tembung entar
3)
Paribasan
4)
Bebasan
5)
Saloka
6)
Cangkriman
7)
Candra
8)
Gugon tuhon
3.
Jlentrehan
Jinise makna sing kalebu makna entar
sajrone basa Jawa adhedhasar wujude (tembung, gatra, ukara gatra, lan ukara),
tegese, lan sintaksise yaiku:
1)
Makna
Afektif
Makna
afektif yaiku makna sing sesambungan karo rasane pamicara sacara pribadhi
tumrape wong sing dijak cecaturan utawa tumrape perkara utawa samubarang sing
dadi topik cecaturan. Makna afektif luwih kerasa menawa diaturake tinimbang
ditulisake (Chaer, 2009:73). Titikane makna afektif yaiku sikepe pamicara
sajrone pacelaton. Tuladhane kaya dhata ngisor iki sing karepe padha ning anggone
medhar beda:
(1) “Tutupen lambemu!” dukane marang
aku.
(2) “Coba menenga diluk!” ngendikane
marang bocah iku.
2)
Makna
Asosiatif
Makna
asosiatif padha karo tandha utawa pepindhan sing digunaake dening bebrayan basa
kanggo madhakake samubarang utawa perkara liya. Makna asosiatif iki nduweni
sesambungan karo pranatan moral lan pandhangan urip sing ana ing bebrayan
(Chaer, 2009:72-73). Titikane makna asosiatif iki yaiku asosiasi utawa proses pamikiran. Tuladhane:
(3) melathi
minangka pepindhane kasucian
(4) ijo pepindhane kasuburan
3)
Makna
Emotif
Teges
emotif miturut Shipley, (sajrone Pateda, 2010:101) yaiku teges sing tuwuh
amarga tanggepane pamicara utawa sikape pamicara ngenani apa sing dipikirake
utawa dirasakake. Teges iki beda karo teges kognitif. Mula makna emotif kalebu
makna gramatikal. Teges Emotif luwih nengenake sesambungan antarane konsep karo
kasunyatan. Samubarang sing liya, ora sawutuhe padha karo apa sing ana ing
kanyatan. Titikane teges emotif yaiku 1) nduweni sipat konotatif, 2) kalebu
makna gramatikal, lan 3) karonce saka rong tembung utawa luwih kang ngasilake makna anyar. Tuladha:
(5) Ibu mundhut kembang
mawar.
(6) Tina kembang
desa Jatirejo.
Tembung
kembang ing ukara-ukara kasebut duwe teges sing beda siji lan sijine. Tembung
kembang ing ukara (5),
duwe teges kognitif yaiku tanduran sing ana ing ngarep omah utawa kantor sing
duwe pungsa kanggo nuwuhake rasa kaendahan tumrap sapa wae sing nyawang.
Nanging, kembang ing ukara (6)
tegese beda, kembang ing ukara iku duwe teges wong wadon sing ayu dhewe.
Tembung kembang ing kana diarani teges emotif, yaiku teges sing ana amarga
pungsine tembung sajrone ukara utawa teges sing ora salugune, sing bisa
nhuwuhake rasa positif tumrap tembung
kang digunakake sajrone ukara kasebut.
Teges
emotif kalebu makna gramatikal amarga karonce saka rong tembung utawa luwih
miturut kahanan lan kalungguhane. Uga kalebu makna entar amarga nuwuhake makna
anyar utawa ora salugune.
4)
Makna
Entar/Kias/Konotatif
Ullmann
(sajrone Sumarsono, 2009:206) nduweni aran liya kanggo makna kias, yaiku basa
figuratif. Sawijine tembung bisa
diwenehi loro utawa luwih pangerten kang asipat figuratif tanpa ngilangi teges
asline. Teges sing dhisik lan sing anyar tetep gandheng sesandhingan sasuwene
ora ndadekake kaco tegese. Makna kias tuwuh saka makna utama iku.
Djajasudarma
ngandharake, teges konotatif yaiku makna sing tuwuh saka makna kognitif, banjur
makna kognitif kasebut ditambahi makna liyane. Titikane teges entar yaiku: 1) nduweni
sipat konotatif, 2) kalebu makna gramatikal, lan 3) ngasilake makna anyar.
Tuladha:
(7) Asu koen iku!
(8) Asuku manak telu.
Teges
entar kalebu makna gramatikal amarga karonce saka rong tembung utawa luwih
miturut kahanan lan fungsine. Uga kalebu entar amarga nuwuhake makna anyar
utawa ora salugune.
5)
Makna
Gramatik
Yaiku
makna kang tuwuh minangka kalungguhane sajroning ukara. Titikane makna gramatik
yaiku: 1) nduweni sipat konotatif, 2) kalebu makna gramatikal, lan 3) karonce
saka rong tembung utawa luwih kang
ngasilake makna anyar. Tuladhane:
(9) tembung
“mata” kang nduweni makna leksikal indra sing ana ing sirah kang gunane kanggo
ndeleng. Nanging yen tembung mata wis
digunakake sajroning ukara, umpama. ‘’He, neng endi matamu?’’ tembung mata ora
nuduhake indra nanging nuduhake cara panggaweyan kang nduweni asil rusuh utawa
ala. Durung maneh yen ta tembung mata digandhengake karo tembung liyane sing
ngasilake urutane tembung, kayata: mata dhuwiten, mata keranjang, dadar mata
sapi (ceplok), sing kabeh ngandhut makna liya lan beda karo tembung mata.
Makna
gramatik kalebu makna gramatikal amarga karonce saka rong tembung utawa luwih
miturut kahanan lan fungsine. Uga kalebu entar amarga nuwuhake makna anyar
utawa ora salugune.
6)
Makna
Stilistik
Yaiku
makna kang tuwuh amarga panganggone basa. Panganggone basa ana werna-werna
kayata dialek, basa resmi, basa ing
pasar, lan basa
ing karya sastra. Mula makna stilistik ana gandheng cenenge karo daya, utamane pamaca. Dayane gandheng karo emosi lan rasa.
Stilistik umume diarani lelewane basa (gaya
basa), yaiku carane pangripta nyampekake
pesen utawa informasi mring pamaca. Titikane stilistik yaiku: 1) kalebu gramatikal, 2) nduweni sipat konotatif, lan
3) kasusun saka rong tembung
utawa luwih. Tuladhane:
(10) ‘’Aku mesakake kowe, umumrmu isih
cilik nanging wis nandang pacoban sing kaya mangkene. Polahmu kaya dene gambah den interi.’’
Tuladha
iku pangripta nyampekake pesen
utawa informasi mring pamaca kang nuwuhake rasa welas asih amarga meruhi bocah
cilik kang nandang susah. Makna
stilistik kalebu gramatikal amarga karonce saka tembung tembung miturut kahanan
ukarane. Kaya tuladha ing dhuwur tembung
gabah nuduhake tembung sipat kang tegese mloya-mlayu kabingungan. Dene gabah
ing ukara “Pak tani
panen gabah”. Tembung
gabah minangka makna leksikal kang tegese asil tetanen. Uga kalebu makna entar
amarga nuwuhake makna anyar sing ora salugune. Kayata gabah den interi kang
tegese mlayu rana rene bingung.
Jinise
lelewane basa Jawa kang dijlentrehake dening Padmosoekotjo (1955) sajrone
bukune sing kalebu makna entar adhedhasar wujude (tembung, gatra, ukara gatra,
lan ukara), tegese, lan sintaksise yaiku:
1)
Tembung
Garba
Garba,
ateges: 1) Weteng (guwa garba, ateges: weteng ing perangan dununge bayi), 2) Sesambungan,
rerangken, gegandengan. Cundhuke karo tembung sandhi.
Nggarba
tembung, ateges: nggandeng tembung loro utawa luwih, prelu kanggo nyuda
cacading wandane. Tembung garba, tegese yaiku tembung rerangken, tembung
sesambungan, tembung kang kedadeyan saka gandhenge tembung loro utawa luwih.
Tembung garba utawa sandi iku lumrahe tinemu ana ing kasustran kang sinawung
ing tembang. Tuladhane:
(11) Narpendah, saka tembung narpa (ratu) + endah (ayu). Narpendah ateges ratu putri kang ayu.
(12) Murdantaji, saka tembung murda (sirah)+kita
(kowe)+aji (ratu). Murdantaji
ateges Sirahmu, Sang Prabu.
(13) Wadwaji, saka tembung wadu+aji. Tegese abdining ratu utawa garwane
ratu.
Tembung
garba kalebu teges entar amarga karonce saka rong tembung utawa luwih kang nduweni
teges anyar, dadi kanggo negesine ora siji baka siji tembung nanging kudu
ditegesi kanthi cara tembung-tembung kasebut digadheg dadi siji, supaya bisa
ditegesi.
2)
Tembung
Entar
Entar, ateges: 1) Silihan, 2) Lunga,mangkat,
bablas. Upama ing ukara: kepareng kawula mentar. Saka tembung lingga: entar +
seselan (-um). Tembung entar, tegese tembung silihan. Tembung kang ora kena
ditegesi mung sawantahe bae, ora mung salugune. Tuladha:
(14) Kuping wajan. Tegese cekelan wajan.
(15) Kethul pikire. Tegese bodho banget.
Tembung
entar kalebu teges entar amarga karonce saka rong tembung utawa luwih kang nduweni
teges anyar, mula kanggo negesine ora siji baka siji tembung nanging
digandheng.
3)
Paribasan
Paribasan,
bebasan, lan saloka minangka perangane lelewane basa Jawa kang kalebu jinise
teges entar, amarga katelune padha ora kena mung ditegesi ing sawantahe bae,
kabeh mawa surasa kang ora mung salugune bae. (Padmosoekotjo, 1955:39)
Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone. Miturut kamus Bausastra Jawi, Paribasan
saiku tetembungan utawa ukara kang saemper karo saloka nanging tegese wantah
dudu pepindhan. Tuladhane kaya mangkene:
(16)
Yatna yuwana, lena kena
Iku
siji-sijine ora ngemu surasa pepindhan. Mung nggandheng tembung-tembung liya
sing padha tegese wae. Yatna tegese weweka, yitna, ngati-ati, dene tembung
Yuwana tegese basuki, rahayu, slamet. Lene tegese pepeka, ora ngati-ati, dene
kena tegese ketaman (ing bebaya).
4)
Bebasan
Miturut
kamus Bausastra Jawi, bebasan yaiku tetembungan kang ngemu teges pepindhan.
Bebasan minangka unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan. Kang
dipepindhakake yaiku kaanane utawa sipate wong (utawa barang). Wonge (barange)
uga katut ing sajrone pepindhan iku. Nanging luwih digatekake kaanane.
Tuladhane yaiku:
(17)
Kerot ora nduwe untu
Kerot
pepindhane: sedya, niyat, kekarepan,panjangka. Dene ora nduwe untu pepindhane:
ora nduwe wragad, ora nduwe dhuwit.
5)
Saloka
Miturut
kamus Bausastra Jawi, saloka yaiku tetembungan kaya dene paribasan ananging
ngemu surasa pepadhan (pepindhan). Saloka minangka unen-unen kang ajeg
panganggone, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipepindhakake wonge. Mesthi
wae watak utawa kaanane ya katut, nanging sing luwih diwigatekake wonge. Tuladhane yaiku:
(18)
Kebo bule mati setra
Tembung
kebo ing unen-unen iku isi pepindhane wong. Bule pepindhane pinter. Mati
pepindhane nemu cilaka utawa sengsara uripe. Setra pepindane papan kang ora
nyenengake, jalaran wong-wong padha ora mbutuhake kapinterane wong mau. Tegese
tembung setra yaiku papan pambuwangan bangke (kuburan). (Padmosoekotjo,
1955:40)
6)
Cangkriman
Cangkriman
yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Bisa dimangerteni
yen tetembungan kuwi dibedhek.
Wujude
cangkriman: 1) Ana kang awujud tembung wancahan, 2) Ana kang awujud pepindhan
utawa irib-iriban, lan 3) Ngemu surasa blenderan. Tuladhane:
(19) Lesbadhonge. Tegese uwi dawa wite, tales amba
godhonge.
(20) Mboke wuda, anake tapihan. Tegese pring lan bung.
(21) Wong wudunen iku sugih ‘’pari’’. Tegese pari yaiku paringisan. Amarga
ngrasakake lara yen wudune kademek mula kerap paringisan.
Cangkriman
kalebu teges entar amarga karonce saka rong tembung utawa luwih kang nduweni
teges anyar, dadi kanggo negesine ora bisa mung siji baka siji tembung nanging
digandheng.
7)
Candra
Candra
yaiku salah siji lelewaning basa kang tegese nggambar utawa amarna kaendahan
utawa kaanan kanthi sarana pepindhan. Tuladhane:
(22)
Drijine mucuk eri, tegese
yaiku driji tangan kang wujude lincip kaya eri.
(23)
Swarane ngombak banyu, tegese
yaiku swara kang endah ora dhatar-dhatar wae nanging ana senine.
Candra
kalebu teges entar amarga rinoncene saka
rong tembung utawa luwih lan nuwuhake teges anyar dudu salugune.
8)
Gugon
Tuhon
Gugon
Tuhon nduweni rong teges. 1) tembung watak kang maknane : wewatakan kang
gampang nggugu lan mituhu marang gunem
lan dedongengan kang pancene ora kudu digugu. 2) tembung aran kang
maknane: gunem utawa dedongengan kang
dening wong-wong kang gugon tuhonan dianggep nduweni daya , menawa ora digugu
lan ora ditindakake mula bakal nandang kasusahan utawa ora kepenak uripe.
Tuladhane:
(24) Bocah kang kalebu golongan
sukerta kudu diruwat kanthi lakon amurwakala.
(25) Aja mangan ing tengah lawang
(26) Wong Jawa ora oleh nduwe gawe ing
wulan sura.
Gugon
Tuhon kalebu teges entar amarga ukara kang diocapake utawa kang ana kuwi nduweni
teges liya dudu teges lugune. Kayata Aja
mangan ing tengah lawang. Ukara iki ora nduweni teges utawa maksud ora oleh
mangan ing tengah lawang amarga dosa ora ilok nanging maksude yaiku yen wong
mangan sing sabenere yaiku ing njero omah ora neng tengah lawang kang dalan
mlebu metune wong liya, bisa-bisa nyumpeti dalan.
C. PANUTUP
Entar,
kias, lan konotatif, katelune nduweni teges sing padha yaiku makna sing ora
sabenere. Entar minangka aran (istilah)
ing basa Jawa, dene kias/konotatif minangka aran (istilah) ing basa Indonesia. Tembung entar yaiku tembung silihan.
Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae. Negesi tembung entar kudu nnduweni
pikiran kang rowa, ora mung gumantung tembunge, nanging sing dikarepake tembung
entar mau. Tata rakite tembung entar/kias/konotatif bisa karonce saka rong
tembung utawa luwih. Tembung sing ngarep minangka tembung silihan/tembung
kias/konotatif, lan tembung (utawa gatra) sing mburi minangka sing dijelasake
kahanane. Sajrone negesi tembung entar kudu ngerti tata rakite yaiku ngenani
tembung entar sing dumadi saka paling sithik rong tembung. Tembung entar bisa
diperang dadi telu, yaiku tembung entar miturut tata rakite tembung, tembung
entar miturut kahanan ukara, lan miturut jinis maknane, yaiku tembung entar
positif lan tembung entar negative.
Kapustakan
Antunsuhono,
1952. Reringkesaning Paramasastra Djawi.
Yogyakarta: Soedjadi.
Chaer,
Abdul., 1990. Pengantar Semantik Bahasa
Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.
Djajasudarma,
T. Fatimah., 2009. Semantik 2: Pemahaman
Ilmu Makna. Bandung: Refika Aditama Pateda, Mansoer., 1989. Semantik Leksikal. Flores: Arnoldus.
Dwidjahaspara,
Mas Sumardji., 2001. Kasusastran Jawi.
Malang: LPPBJ Jawa Timur.
Karsana,
Adi., . Kumpulaning Kawruh Basa Jawi Pepak.
Surabaya: Cahaya Pelangi.
Padmosoekotjo,
S.,1955. Ngengrengan Kasusastran Djawa I.
Yogyakarta: Hien Hoo Sing.
Parera,
J.D., 2004. Teori Semantik. Jakarta:
Erlangga.
Poerwadarminta,
W.J.S., 1939. Baoesastra Djawi. Batavia: N.V. Groningen
Ullmann,
Stephen., 2009. Pengantar Semantik.
Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Wijana, I
Dewa Putu., 2011. Semantik: Teori dan
Analisis. Surakarta: Yuma Pressindo.