STRUKTURALISME GENETIK
Ah. Syahrul Rahmat (12020114047)

A.    Sosiologi Sastra
Reriptan sastra ora bisa uwal saka urip bebrayan. Ilmu kang ngrembung gegayutane sastra lan bebrayan masyarakat yaiku sosiologi sastra. Wellek lan Warren (2014:100-101) ngandharake menawa konsep sosiologi sastra minangka sesambungan antarane panripta, reriptan sastra, lan pamaca.
Sosiologi pangripta mujudake kahanan sosial, ekonomi, ideheologi, lan integrasi sosial pangripta. Sosiologi reriptan sastra njlentrehake isi teks sastra, ancase reriptan sastra, lan perkara sosial sing maujud sajrone reriptan sastra. Dene sosiologi pamaca ngrembug kawigatene marang lelandhesan sosiale pamaca, pangraribawane sastra marang pamaca, pangrembakan sosial pamaca.

B.     Strukturalisme Genetik
Sosiologi sastra cundhuk karo aliran sastra strukturalisme genetik. Endraswara (2011:56) ngandharake menawa strukturalisme genetik wiwitane dirembakakake ing Prancis dening Lucien Goldmann. Anggone nganalisis novel, Goldmann mesthi negesake landhesan sejarah. Reriptan sastra minangka representasi kasunyatan sejarah sing njalari tuwuhe reriptan sastra.
Strukturalisme genetik sing diwawas dening Goldmann nduweni rong perkara sing dadi dhasare. Sepisan yaiku sesambungane makna saben perangane reriptan sastra sing padha. Kapindone yaiku sesambungan iku mujudake perangan sing nyawiji lan ngiket. Miturut Goldmann (sajrone Ratna, 2003:60) kanthi variabel pandhangan ndonya lan kelas sosial, dheweke yakin menawa sastra nduweni titik tolak sing kuwat kanggo njelasake kahanan bebrayan masyarakat tartamtu. Mulane pangripta ora mungkin nduweni pandhangan  dhewe, nanging pandhangan ndonya suatu kolektif. Pandangan iku uga dudu realitas,  nanging refleksi sing diwedhar sacara imajinatif.
Struktur reriptan sastra nduweni gegayutan sing raket karo struktur sosial. Struktur reriptan sastra yaiku sekabehane teks basa reriptan sastra (wujud) sing nduweni teges lan dinamis. Diarani dinamis amagra reriptan sastra iku awujud saka proses sejarah sing terus mlaku lan ditindhakake masyarakat ing ngendi wae reriptan sastra iku ana. Istilah genetik tegese reriptan sastra iku nduweni asal-usul (gen) sajrone proses sejarahe.
Minangka sawijine teori, strukturalisme genetik minangka gambaran kasunyatan. Yaiku gambaran ngenani tata panguripan sing nduweni sistim lan padu sing didhasarake karo landhesan ontologis kang awujud kodrat anane kasunyatan iku lan landhesan epistimologis kang awujud gagasan sing sistematik ngenani cara ngreteni kasunyatan iku. Kabeh  mau diperang dadi nem konsep dhasar sing mangun teori iki yaiku fakta kamanungsan, subyek kolektif, strukturasi, pandhangan donya, pangerten, lan panjelasan (Faruk, 2013:59).
Strukturalisme genetik mujudake teori sing didhukung karo konsep-konsep kang kedadeyan ing donyane manungsa. Konsep iku yaiku fakta kamanungsan, subyek kolektif, konsep struktur reriptan sastra, lan pandhangan ngenani donya.
1.    Fakta Kamanungsan
Prekara sing ditindakake dening manungsa ora bisa uwal saka bebrayan sosiale. Bebrayan sosial mau akah pangaribawane marang imajinasi-ne pangripta kanggo ngripta reriptan sastra. Kadadeyan iku isa awujud tumindak sosial utawa politik tartamtu. Uga bisa awujud filsafat, seni rupa, seni patung, lan sapanunggale (Faruk, 2013:57).
Goldmann nganggep menawqa kabeh kedadeyan ing donyane manungsa iku salah sawijine  struktur sing nduweni teges (sajrone Faruk, 2013:58). Teges iku tuwuh amarga respon saka subyek kolektif utawa indhividhu. Kedadeyane mujudake asil upaya keseimbangan sing luwih apik sajrone gegayutane karo donya kiwa-tengene.

2.    Subyek Kolektif
Subyek kasunyatan sing ditindakake manungsa bisa diperang dadi loro yaiku subyek individual lan subyek kolektif. Bedane padha karo bedane jinise kadadeyan ing donyane manungsa. Subyek indhividhual mujudake subyek kasunyatan indhividhu (libidal), nanging subyek kolektif mujudake kadadeyan sosial (historis)(Faruk, 2013:62).
Revolusi sosial, politik, ekonomi, lan karya-karya budaya sing gedhe, mujudake kadadeyan sosial (historis). Indhividhu karo naluri-ne ora bisa mujudake kedadeyan iku. Sing bisa mujudake mung subyek trans-individual. Subyek trans indhividhual yaiku subyek sing nangani indhividhu sajrone bagiyan. Ora awujud kalumpuke indhividhu sing ngadeg dhewe-dhewe, nanging dadi siji awujud kolektifitas (Faruk, 2014:63).


3.    Pandhangan Ngenani Donya
Miturut Goldmann pandhangan donya iku awujud istilah sing cocog kanggo bayiyan total saka gagasan lan pangrasa kang kaiket bebarengan karo anggota kelompok sosial tartamtu sing ora sarujuk karo kalompok sosial liyae. Saka kasadharan kolektif,  pandhangan donya iku ngrembaka saka wujude kadadeyan sosial lan ekonomi tartamtu sing diadhepi dening subyek kolektif (Faruk, 2013:67).
Pandhangan donya yaiku ekspresi teoretis saka sawijine kelas sosial sajrone sejarah tartamtu sing diwedhar para pangripta, filusuf, lan seniman ing karyane.

4.    Konsep Struktur Reriptan sastra
Reriptan sastra sing gedhe mujudake produk strukturasi subyek kolektif kaya sing wis diandharake ing ndhuwur. Reriptan sastra nduweni struktur sing kohern lan padu. Sajrone strukturalisme genetik, konsep struktur reriptan sastra beda karo  konsep struktur sing wis dikenal (Faruk, 2013:71).
Goldmann (sajrone Faruk, 2013:71). nduweni pamawas ngenani reriptan sastra sing umum. Sepisan, reriptan sastra mujudake ekspresi pamawas ngenani donya kanthi imajiner. Kapindho  yaiku sajrone upaya iku pangripta ngripta subyek, obyek, lan relasi imajiner.
Saka andharan iku bisa didudut menawa Goldmann nduweni konsep struktur sing asipat tematik. Sing dadi kawigatene yaiku relasi  antarane subyek karo subyek lan subyek karo obyek sing ana ing sakiwa tengene.
Teew (1988:152) ngandharake menawa kanggone Goldmann ora ana panentang antarane sosiologi sastra karo aliran strukturalis. Mungguhe Goldmann pasinaon reriptan sastra kudu diwiwiti saka analisis struktur. Kabeh reriptan sastra sing penting nduweni structure significative sing asipat otonom lan imanen. Sing kudune digoleki dening panaliti kanthi analisis sing tumemen. Miturut Goldmann uga struktur makna iku makili pandhangan donya (vision du monde) panulis, ora minangka indhividhu, ning uga minangka wakil golongan masyarakat. Adhedhasar pandhangan donya iku panaliti bisa mbandhingake dhata lan analisis kahanan sosial masyarakate. Saka prekara iki reriptan sastra bisa dingerteni mula bukane saka lelandhesan struktur sosiale. Mula varian strukturalis Goldmann diarani strukturalisme genetik, sing ngrembug reriptan sastra saka homologi, dicundhukake karo struktur sosial.


Kapustakan

 Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps

Faruk. 2013. Pengantar Sosiologi Sastra: dari Strukturalisme Genetik sampai Post-Modernisme. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Ratna, Nyoman Kutha. 2003. Paradigma Sosiologi Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Teeuw, A. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya.

Wellek, Renne lan Austin Warren. 2014. Teori Kesusastraan. Kaindonesiakake dening Melani Budianta. Jakarta: PT. Gramedia.


SASTRA KAWEDHAR
(Ringkesan Buku Kasusastran Jawa Pesisiran-S. Bambang Purnomo)
Dening:
Dwi Ratnaningsih          12020114035
Nahdiyah                       12020114038
Ah. Syahrul Rahmat      12020114047

1.1. Sakupenge Totalitas Sastra
Sastra yaiku ekspresi kang tuwuh saka pangangen-angen sajrone mujudake panguripan kang luwih becik. Penuangan ekspresi iki lumantar basa kang endah lan amba. Isi saka sastra kadang tersurat kadang uga tersirat, karya sastra ora mung dinikmati nanging uga dipahami lan dihayati, sastra asifat indah lan miguna. Pemahaman marang sastra isa dumadi yen dilakoni sacara totalitas, pamaca kudu isa awor sajrone semesta sastra.
Sacara objektif minangka karya seni, karya sastra minangka karya kang mandiri kang duweni kabebasan tartamtu. Lan karya sastra minangka hasil saka pamikire manungsa dikarepake isa miguna tumrap manungsa liyane. Kang sabanjure dikarepake isa nuwuhake pamuji tartamtu. Lan maneh minangka hasil cipta karya kang disusun dening manungsa, karya sastra duweni paugeran marang bentuk ciptaane yaiku arupa tulis lan lisan
Minangka karya sastra kang tuwuh saka pamikire manungsa lan miguna tumrap manungsa, sastra kang isine ngenani seluk beluk panguripane manungsa, sastra ora isa uwal saka aspek dominan kang dadi lelandhesan tuwuhe karya kasebut. Aspek-aspek dominan kasebut kayata aspek religi, sosial, lan personal, katelu aspek kasebut raket sesambungane karo hakikat kodrati manungsa.
Sajrone mahami karya sastra kudu nggatekake kepriye karya kasebut gambarake panguripan lan sikap pangriptane. Pemahaman karya sastra kudu nyakup pikiran, rasa, pemgalaman, ide lan kapercayan pangripta, khususe tumrap mahami karya sastra pesisiran kang raket marang kapitayan.

1.2. Sastra Jawa lan Manungsa Jawa
Nalika kita mbahas ngenani sastra jawa, wis mesthi kita uga bakal mbahas ngenani wong jawa sing nyengkuyung anane kasusastran jawa mau. Wong jawa yaiku wong sing nglungguhi utawa seneng nglakoni sikap jawane. Masyarakat jawa nduweni panemu yen sajrone panguripan iki ana aspek-aspek spiritual, mental, lan jasmaniah. Wong Jawa durung dianggep nduweni watak Jawa yen tindak tanduke, sikap, utawa tembung-tembunge nalika micara isih kasar.
Tujuwan urip manungsa Jawa salaras karo kahanan alam amarga wong Jawa nganut sistem nile sing adhedhasar interaksi estetis antarane manungsa, alam, lan alam donya. De Jong nandhesake yen wong Jawa kuwi salah sawijine makhluk mistis, sing nggunakake cara mistis supaya bisa nyatu karo alam. Bab sing kaya mangkono bisa diweruhi saka salah sawijine kasusastran Jawa yaiku sastra suluk. Sastra suluk pancen diciptakake minangka wadhah kanggo idhe-idhe kang kaya mangkono lan dikarepake bisa dadi pathokane manungsa sajrone nggoleki jati diri kamanungsane.
Sikap mistik sing diduweni wong Jawa  malah nggampangake anggone nerima pamikiran-pamikiran mistik sajrone sastra suluk sing asipat sufistik. Pancen anane tradhisi Budaya Hindu-Buddha sajrone masyarakat Jawa ndadekake mistisisme mancep ana jroning ati lan panguripane wong Jawa. Mulane reriptan sastra suluk lan reriptan sastra pesisiran sing ditulis nalika wiwitan mlebune islam akeh katemokake ing pesisir lor pulo Jawa.

1.3 Sastra Jawa lan Konsep-Konsep Sing Maneka Warna
Sastra jawa sing umure wis luwih saka sepuluh abad mesthi ngalami owah-owahan ngenani konsep sastrane. Konsep sajrone sastra kakawin mesthi ora padha karo konsep sajrone sastra kidung.  Konsep tembang macapat uga mesthi beda karo konsep sastra Jawa sadurunge. Beda-bedane konsep sajrone sastra Jawa iki ora liya amarga ana owah-owahan cara uripe wong jawa lan menehi pengaruh marang reriptan sastra sing kasil diripta. Sastra dianggep nduweni wilayahe dhewe lan beda karo apa-apa sing non-sastra. Sastra minangka asil kreativitas. Kreativitas iki sing nuwuhake yen sastra kuwi nduweni wilayahe dhewe.
Sajrone ngripta Kakawin, sang Kawi, nyoba ngangkat nile-nile arketip tradhisi Jawa sing ing sawetara bab beda saka nile-nile India. Bab kuwi bisa dideleng ing Smaradahana anggitane Mpu Dharmaja. Kakawin iki nyritakake matine Dewa Kamajaya amarga nganggu pertapane Dewa Siwa. Para Dewa njaluk menyang Dewa Siwa supaya Dewa Kamajaya bisa diuripake maneh, nanging Dewa Siwa nulak. Dewa siwa malah mrentah jiwane Dewa Kamajaya supaya mancep jroning manah wong lanang lan jiwane Dewi Ratih mancep jroning manah wong wadon. Crita kuwi sing dadi asal anane rasa tresna antarane wong lanang lan wong wadon.  Wujud-wujud arkais sajrone sastra Jawa kidung uga minangka ujud kreativitas pangripta Jawa abad XI-an.
Reriptan sastra sing apik yaiku reriptan sastra sing kretaif lan nduweni mutu. Reriptan sastra sing apik mesthi bisa nuwuhake pepenginan pangripta liyane supaya ngripta reriptan sastra sing padha apike, malah kepara luwih apik. Bab kang kaya mangkono bisa dideleng saka kasusastran Jawa kuna contonr kaya Bharatayudha, Ramayana, utawa Arjuna Wiwaha sing bisa nuwuhake pepenginan pangripta liyane kanggo nerusake tradhisi  panulisan sing sejenis. Kakawin-kakawin iku dadi cikal bakal laire karya-karya wayang ing wujud lisan utawa tulis. Conto liyane yaiku kakawin Arjuna Wiwaha sing bisa munculake panulisan Serat Wiwaha Jarwa ing wujud tembang utawa gancaran, banjur bisa nuwuhake panulisan reriptan sastra sabanjure yaiku Serat Mintaraga sing pungkasane malah dadi lakon wayang Begawan Ciptaning.
Perkara apik utawa elek, kreatif orane sastra Jawa gumantung pagriptane. Reriptan-reriptan sastra Jawa sing nduweni bobot apik yaiku reriptan sastra sing diasilake dening pangripta Jawa sing nduweni jiwa intelektualitas lan pengabdian sing dhuwur marang kasusastran Jawa. Contone para Kawi, yaiku wong Jawa sing ngripta utawa nyalin kakawin, wis mesthi wong-wong sing intelek, artine nduwe kawruh sing dhuwur. Saliyane iku ana para wali saka kasusastran Jawa pesisiran lan pujangga saka jaman Surakarta. Para wali mesthi wae wong utawa kumpulan rokhaniawan lan nduweni kawruh sing nduwur ing babagan agama islam, semono uga para pujangga. Para pujangga dianggep jabatan sing ora sepele amarga bisa dadi pujangga kuwi kerana wahyu. Mula kabisan sing diduweni pujangga kuwi ora mung saka fisik wae, nanging uga saka nonfisik utawa supranatural. Sarat-sarat supaya dadi pujangga ing antarane yaiku awicarita, mardawa basa, mardawa lagu, sambegana, lan nawung kridha utawa waskitha.
Para pujangga Jawa sing bisa diarani nduwe daya intelektual sing dhuwur ing antarane yaiku Ranggawarsita, Ki Padmasusastra lan Yasawidagda. Ranggawarsita minangka pujangga pungkasan lan penutup, dene Ki Padmasusastra lan Yasawidagda minangka pujangga saka jaman Balai Pustaka. Kekarone nduweni kadhar intelektual sing pantes diregani awit wis mateng ing babagan alam kejawen, kabudayan lan urip-panguripane wong Jawa. Nanging ing jaman saiki, konsep pujangga jawa wis adoh saka konsep pujangga jawa jaman Mpu Dharmaja utawa Ranggawarsita. Pujangga utawa pangripta jaman saiki dianggep kaya manungsa biasa, ora kudu nduweni ilmu supranatural, nanging sing jenenge pangripta tetep kudu nduweni bobot intelektual.

1.4. Maca Sastra, Sastra kwedhar
Sastra pancen salah sawijine asil cipta, rasa, lan karsa manungsa, nanging ora thithik manungsa sing ora kenal kepara ora ngerti apa iku sastra. Embuh kuwi kerana ora ngerti, ora sadhar utawa ora perdhuli marang karyane dhewe. Mula supaya ora ilang sastra kuwi kudu dijlentrehake nganti cetha lan dikenalake menyang masyarakat.
Sastra kawedhar nduweni teges yen sastra kuwi kudu dijlentrehake nganti cetha, wujude lan gunane. Sastra kudu kawedhar amarga ana perkara sing sumimpen sing kudu ngerteni maknane. Sastra binabar yaiku sastra kudu dilairake maneh neng ngendi ing klairan sing sepisanan durung bisa dimengerti. Mula sastra kuwi kudu binabar, kudu dilairake maneh supaya bisa luwih dingerteni apa isi lan maknane amarga sastra kuwi dudu mung sarana wacan, nanging ing njerone sumimpen nile-nile sing nduweni makna nganti bisa didadekake tuntunan.
Sajrone piwulangan, sastra kawedhar sastra binabar minangka wujud pamarekan. Pamarekan iki saliyane kritis, uga kreatif. Sajrone pamarekan iki, sastra dianggep minangka sawijining bab sing nyata, uga minangka kaca benggala kang nyengkuyung panguripane manungsa. Saliyane iku, sajrone pamarekan iki nengenake aspek sing wigati sajrone sastra yaiku sasta minangka struktur lan sastra minangka sistem komunikasi. Aspek liyane kang kudu ana sajrone sastra yaiku aspek asintik, estetik, lan etik. Sastra sing apik yaiku sastra sing bisa menehi kaendahan, kawruh lan kabecikan marang manungsa.

Pamarkan sastra kawedhar, sastra binabar, sing nuju sastra tinarbukanganggo pasinaon lan pamacan kanthi alandhesan eksistensi, vitalitas, lan urgensi sajrone panguripan. Kanthi metodhe kualitatif lan pamacan hermeneutik reriptan sastra iku bisa ditegesi. Banjiur bisa diinerpretasikan sajrone panguripan. Laras karo tujuwan sastra diripta.