STRUKTURALISME GENETIK
Ah. Syahrul Rahmat (12020114047)
A.
Sosiologi Sastra
Reriptan
sastra ora bisa uwal saka urip bebrayan. Ilmu kang ngrembung gegayutane sastra
lan bebrayan masyarakat yaiku sosiologi sastra. Wellek lan Warren (2014:100-101)
ngandharake menawa konsep sosiologi
sastra minangka sesambungan antarane panripta, reriptan sastra, lan pamaca.
Sosiologi
pangripta mujudake kahanan sosial, ekonomi, ideheologi, lan integrasi sosial pangripta. Sosiologi reriptan
sastra njlentrehake isi teks sastra, ancase reriptan sastra, lan perkara sosial
sing maujud sajrone reriptan sastra. Dene sosiologi pamaca ngrembug kawigatene
marang lelandhesan sosiale pamaca, pangraribawane sastra marang pamaca,
pangrembakan sosial pamaca.
B.
Strukturalisme Genetik
Sosiologi
sastra cundhuk karo aliran sastra strukturalisme genetik. Endraswara (2011:56)
ngandharake menawa strukturalisme genetik wiwitane dirembakakake ing Prancis
dening Lucien Goldmann. Anggone nganalisis novel, Goldmann mesthi negesake
landhesan sejarah. Reriptan sastra minangka representasi
kasunyatan sejarah sing njalari tuwuhe reriptan sastra.
Strukturalisme
genetik sing diwawas dening Goldmann nduweni rong perkara sing dadi dhasare.
Sepisan yaiku sesambungane makna saben perangane reriptan sastra sing padha. Kapindone
yaiku sesambungan iku mujudake perangan sing nyawiji lan ngiket. Miturut
Goldmann (sajrone Ratna, 2003:60) kanthi variabel
pandhangan ndonya lan kelas sosial,
dheweke yakin menawa sastra nduweni titik
tolak sing kuwat kanggo njelasake kahanan bebrayan masyarakat tartamtu. Mulane
pangripta ora mungkin nduweni pandhangan
dhewe, nanging pandhangan ndonya suatu
kolektif. Pandangan iku uga dudu realitas,
nanging refleksi sing diwedhar sacara imajinatif.
Struktur
reriptan sastra nduweni gegayutan sing raket karo struktur sosial. Struktur reriptan
sastra yaiku sekabehane teks basa reriptan sastra (wujud) sing nduweni teges
lan dinamis. Diarani dinamis amagra reriptan sastra iku
awujud saka proses sejarah sing terus
mlaku lan ditindhakake masyarakat ing ngendi wae reriptan sastra iku ana.
Istilah genetik tegese reriptan
sastra iku nduweni asal-usul (gen) sajrone proses sejarahe.
Minangka
sawijine teori, strukturalisme genetik minangka gambaran kasunyatan. Yaiku
gambaran ngenani tata panguripan sing nduweni sistim lan padu sing didhasarake karo landhesan ontologis kang awujud kodrat anane
kasunyatan iku lan landhesan epistimologis
kang awujud gagasan sing sistematik
ngenani cara ngreteni kasunyatan iku. Kabeh
mau diperang dadi nem konsep dhasar sing mangun teori iki yaiku fakta kamanungsan, subyek kolektif, strukturasi, pandhangan donya, pangerten, lan
panjelasan (Faruk, 2013:59).
Strukturalisme
genetik mujudake teori sing didhukung karo konsep-konsep
kang kedadeyan ing donyane manungsa. Konsep
iku yaiku fakta kamanungsan,
subyek kolektif, konsep struktur reriptan
sastra, lan pandhangan ngenani donya.
1.
Fakta Kamanungsan
Prekara sing
ditindakake dening manungsa ora bisa uwal saka bebrayan sosiale. Bebrayan
sosial mau akah pangaribawane marang imajinasi-ne
pangripta kanggo ngripta reriptan sastra. Kadadeyan iku isa awujud tumindak
sosial utawa politik tartamtu. Uga bisa awujud filsafat, seni rupa, seni
patung, lan sapanunggale (Faruk, 2013:57).
Goldmann nganggep
menawqa kabeh kedadeyan ing donyane manungsa iku salah sawijine struktur sing nduweni teges (sajrone
Faruk, 2013:58). Teges iku tuwuh amarga respon saka subyek kolektif utawa indhividhu.
Kedadeyane mujudake asil upaya keseimbangan sing luwih apik sajrone gegayutane
karo donya kiwa-tengene.
2.
Subyek Kolektif
Subyek
kasunyatan sing ditindakake manungsa bisa diperang dadi loro yaiku subyek individual lan subyek kolektif. Bedane padha karo
bedane jinise kadadeyan ing donyane manungsa. Subyek indhividhual mujudake
subyek kasunyatan indhividhu (libidal),
nanging subyek kolektif mujudake
kadadeyan sosial (historis)(Faruk,
2013:62).
Revolusi sosial,
politik, ekonomi, lan karya-karya budaya sing gedhe, mujudake kadadeyan sosial
(historis). Indhividhu karo naluri-ne ora bisa mujudake kedadeyan
iku. Sing bisa mujudake mung subyek trans-individual.
Subyek trans indhividhual yaiku subyek sing nangani indhividhu sajrone bagiyan.
Ora awujud kalumpuke indhividhu sing ngadeg dhewe-dhewe, nanging dadi siji
awujud kolektifitas (Faruk, 2014:63).
3.
Pandhangan
Ngenani Donya
Miturut Goldmann
pandhangan donya iku awujud istilah sing cocog kanggo bayiyan total saka gagasan lan pangrasa kang kaiket bebarengan karo anggota
kelompok sosial tartamtu sing ora sarujuk karo kalompok sosial liyae. Saka
kasadharan kolektif, pandhangan donya iku ngrembaka saka wujude
kadadeyan sosial lan ekonomi tartamtu sing diadhepi dening subyek kolektif (Faruk,
2013:67).
Pandhangan donya yaiku ekspresi teoretis saka sawijine kelas
sosial sajrone sejarah tartamtu sing diwedhar para pangripta, filusuf, lan seniman
ing karyane.
4.
Konsep Struktur
Reriptan sastra
Reriptan sastra sing
gedhe mujudake produk strukturasi
subyek kolektif kaya sing wis
diandharake ing ndhuwur. Reriptan sastra nduweni struktur sing kohern lan padu.
Sajrone strukturalisme genetik, konsep struktur reriptan sastra beda karo konsep struktur sing wis dikenal (Faruk,
2013:71).
Goldmann (sajrone
Faruk, 2013:71). nduweni pamawas ngenani reriptan sastra sing umum. Sepisan,
reriptan sastra mujudake ekspresi
pamawas ngenani donya kanthi imajiner.
Kapindho yaiku sajrone upaya iku
pangripta ngripta subyek, obyek, lan relasi
imajiner.
Saka andharan iku bisa
didudut menawa Goldmann nduweni konsep struktur sing asipat tematik. Sing dadi kawigatene yaiku relasi antarane subyek karo subyek lan subyek karo
obyek sing ana ing sakiwa tengene.
Teew
(1988:152) ngandharake menawa kanggone Goldmann ora ana panentang antarane
sosiologi sastra karo aliran strukturalis. Mungguhe Goldmann pasinaon reriptan
sastra kudu diwiwiti saka analisis struktur. Kabeh reriptan sastra sing penting
nduweni structure significative sing
asipat otonom lan imanen. Sing
kudune digoleki dening panaliti kanthi analisis sing tumemen. Miturut Goldmann
uga struktur makna iku makili pandhangan donya (vision du monde) panulis, ora minangka indhividhu, ning uga
minangka wakil golongan masyarakat. Adhedhasar pandhangan donya iku panaliti
bisa mbandhingake dhata lan analisis kahanan sosial masyarakate. Saka prekara
iki reriptan sastra bisa dingerteni mula bukane saka lelandhesan struktur
sosiale. Mula varian strukturalis
Goldmann diarani strukturalisme genetik, sing ngrembug reriptan sastra saka homologi, dicundhukake karo struktur
sosial.
Kapustakan
Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps
Faruk.
2013. Pengantar Sosiologi Sastra: dari
Strukturalisme Genetik sampai Post-Modernisme. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Ratna, Nyoman Kutha. 2003. Paradigma Sosiologi Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Teeuw, A. 1988. Sastra
dan Ilmu Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya.
Wellek,
Renne lan Austin Warren. 2014. Teori
Kesusastraan. Kaindonesiakake dening Melani Budianta. Jakarta: PT.
Gramedia.
Posting Komentar