SASTRA KAWEDHAR
(Ringkesan Buku Kasusastran Jawa Pesisiran-S. Bambang Purnomo)
Dening:
Dwi Ratnaningsih
12020114035
Nahdiyah 12020114038
Ah. Syahrul
Rahmat 12020114047
1.1. Sakupenge
Totalitas Sastra
Sastra
yaiku ekspresi kang tuwuh saka pangangen-angen sajrone mujudake panguripan kang
luwih becik. Penuangan ekspresi iki lumantar basa kang endah lan amba. Isi saka
sastra kadang tersurat kadang uga tersirat, karya sastra ora mung dinikmati
nanging uga dipahami lan dihayati, sastra asifat indah lan miguna. Pemahaman
marang sastra isa dumadi yen dilakoni sacara totalitas, pamaca kudu isa awor
sajrone semesta sastra.
Sacara
objektif minangka karya seni, karya sastra minangka karya kang mandiri kang
duweni kabebasan tartamtu. Lan karya sastra minangka hasil saka pamikire
manungsa dikarepake isa miguna tumrap manungsa liyane. Kang sabanjure
dikarepake isa nuwuhake pamuji tartamtu. Lan maneh minangka hasil cipta karya
kang disusun dening manungsa, karya sastra duweni paugeran marang bentuk
ciptaane yaiku arupa tulis lan lisan
Minangka
karya sastra kang tuwuh saka pamikire manungsa lan miguna tumrap manungsa,
sastra kang isine ngenani seluk beluk panguripane manungsa, sastra ora isa uwal
saka aspek dominan kang dadi lelandhesan tuwuhe karya kasebut. Aspek-aspek
dominan kasebut kayata aspek religi, sosial, lan personal, katelu aspek kasebut
raket sesambungane karo hakikat kodrati manungsa.
Sajrone
mahami karya sastra kudu nggatekake kepriye karya kasebut gambarake panguripan
lan sikap pangriptane. Pemahaman karya sastra kudu nyakup pikiran, rasa,
pemgalaman, ide lan kapercayan pangripta, khususe tumrap mahami karya sastra
pesisiran kang raket marang kapitayan.
1.2.
Sastra Jawa lan Manungsa Jawa
Nalika kita
mbahas ngenani sastra jawa, wis mesthi kita uga bakal mbahas ngenani wong jawa
sing nyengkuyung anane kasusastran jawa mau. Wong jawa yaiku wong sing
nglungguhi utawa seneng nglakoni sikap jawane. Masyarakat jawa nduweni panemu
yen sajrone panguripan iki ana aspek-aspek spiritual, mental, lan jasmaniah. Wong
Jawa durung dianggep nduweni watak Jawa yen tindak tanduke, sikap, utawa
tembung-tembunge nalika micara isih kasar.
Tujuwan urip
manungsa Jawa salaras karo kahanan alam amarga wong Jawa nganut sistem nile
sing adhedhasar interaksi estetis antarane manungsa, alam, lan alam donya. De
Jong nandhesake yen wong Jawa kuwi salah sawijine makhluk mistis, sing
nggunakake cara mistis supaya bisa nyatu karo alam. Bab sing kaya mangkono bisa
diweruhi saka salah sawijine kasusastran Jawa yaiku sastra suluk. Sastra suluk
pancen diciptakake minangka wadhah kanggo idhe-idhe kang kaya mangkono lan
dikarepake bisa dadi pathokane manungsa sajrone nggoleki jati diri
kamanungsane.
Sikap mistik sing
diduweni wong Jawa malah nggampangake
anggone nerima pamikiran-pamikiran mistik sajrone sastra suluk sing asipat
sufistik. Pancen anane tradhisi Budaya Hindu-Buddha sajrone masyarakat Jawa
ndadekake mistisisme mancep ana jroning ati lan panguripane wong Jawa. Mulane reriptan
sastra suluk lan reriptan sastra pesisiran sing ditulis nalika wiwitan mlebune
islam akeh katemokake ing pesisir lor
pulo Jawa.
1.3
Sastra Jawa lan Konsep-Konsep Sing Maneka Warna
Sastra jawa sing
umure wis luwih saka sepuluh abad mesthi ngalami owah-owahan ngenani konsep
sastrane. Konsep sajrone sastra kakawin mesthi ora padha karo konsep sajrone sastra
kidung. Konsep tembang macapat uga
mesthi beda karo konsep sastra Jawa sadurunge. Beda-bedane konsep sajrone sastra
Jawa iki ora liya amarga ana owah-owahan cara uripe wong jawa lan menehi
pengaruh marang reriptan sastra sing kasil diripta. Sastra dianggep nduweni
wilayahe dhewe lan beda karo apa-apa sing non-sastra. Sastra minangka asil
kreativitas. Kreativitas iki sing nuwuhake yen sastra kuwi nduweni wilayahe
dhewe.
Sajrone ngripta
Kakawin, sang Kawi, nyoba ngangkat nile-nile arketip tradhisi Jawa sing ing
sawetara bab beda saka nile-nile India. Bab kuwi bisa dideleng ing Smaradahana
anggitane Mpu Dharmaja. Kakawin iki nyritakake matine Dewa Kamajaya amarga nganggu
pertapane Dewa Siwa. Para Dewa njaluk menyang Dewa Siwa supaya Dewa Kamajaya
bisa diuripake maneh, nanging Dewa Siwa nulak. Dewa siwa malah mrentah jiwane
Dewa Kamajaya supaya mancep jroning manah wong lanang lan jiwane Dewi Ratih
mancep jroning manah wong wadon. Crita kuwi sing dadi asal anane rasa tresna
antarane wong lanang lan wong wadon. Wujud-wujud
arkais sajrone sastra Jawa kidung uga minangka ujud kreativitas pangripta Jawa
abad XI-an.
Reriptan sastra
sing apik yaiku reriptan sastra sing kretaif lan nduweni mutu. Reriptan sastra
sing apik mesthi bisa nuwuhake pepenginan pangripta liyane supaya ngripta
reriptan sastra sing padha apike, malah kepara luwih apik. Bab kang kaya
mangkono bisa dideleng saka kasusastran Jawa kuna contonr kaya Bharatayudha,
Ramayana, utawa Arjuna Wiwaha sing bisa nuwuhake pepenginan pangripta liyane
kanggo nerusake tradhisi panulisan sing
sejenis. Kakawin-kakawin iku dadi cikal bakal laire karya-karya wayang ing
wujud lisan utawa tulis. Conto liyane yaiku kakawin Arjuna Wiwaha sing bisa munculake
panulisan Serat Wiwaha Jarwa ing wujud tembang utawa gancaran, banjur bisa
nuwuhake panulisan reriptan sastra sabanjure yaiku Serat Mintaraga sing
pungkasane malah dadi lakon wayang Begawan Ciptaning.
Perkara apik
utawa elek, kreatif orane sastra Jawa gumantung pagriptane. Reriptan-reriptan
sastra Jawa sing nduweni bobot apik yaiku reriptan sastra sing diasilake dening
pangripta Jawa sing nduweni jiwa intelektualitas lan pengabdian sing dhuwur
marang kasusastran Jawa. Contone para Kawi, yaiku wong Jawa sing ngripta utawa
nyalin kakawin, wis mesthi wong-wong sing intelek, artine nduwe kawruh sing dhuwur.
Saliyane iku ana para wali saka kasusastran Jawa pesisiran lan pujangga saka
jaman Surakarta. Para wali mesthi wae wong utawa kumpulan rokhaniawan lan
nduweni kawruh sing nduwur ing babagan agama islam, semono uga para pujangga. Para
pujangga dianggep jabatan sing ora sepele amarga bisa dadi pujangga kuwi kerana
wahyu. Mula kabisan sing diduweni pujangga kuwi ora mung saka fisik wae,
nanging uga saka nonfisik utawa supranatural. Sarat-sarat supaya dadi pujangga
ing antarane yaiku awicarita, mardawa basa, mardawa lagu, sambegana, lan nawung
kridha utawa waskitha.
Para pujangga
Jawa sing bisa diarani nduwe daya intelektual sing dhuwur ing antarane yaiku
Ranggawarsita, Ki Padmasusastra lan Yasawidagda. Ranggawarsita minangka pujangga
pungkasan lan penutup, dene Ki Padmasusastra lan Yasawidagda minangka pujangga
saka jaman Balai Pustaka. Kekarone nduweni kadhar intelektual sing pantes
diregani awit wis mateng ing babagan alam kejawen, kabudayan lan
urip-panguripane wong Jawa. Nanging ing jaman saiki, konsep pujangga jawa wis
adoh saka konsep pujangga jawa jaman Mpu Dharmaja utawa Ranggawarsita. Pujangga
utawa pangripta jaman saiki dianggep kaya manungsa biasa, ora kudu nduweni ilmu
supranatural, nanging sing jenenge pangripta tetep kudu nduweni bobot intelektual.
1.4.
Maca Sastra, Sastra kwedhar
Sastra pancen
salah sawijine asil cipta, rasa, lan karsa manungsa, nanging ora thithik
manungsa sing ora kenal kepara ora ngerti apa iku sastra. Embuh kuwi kerana ora
ngerti, ora sadhar utawa ora perdhuli marang karyane dhewe. Mula supaya ora
ilang sastra kuwi kudu dijlentrehake nganti cetha lan dikenalake menyang
masyarakat.
Sastra kawedhar
nduweni teges yen sastra kuwi kudu dijlentrehake nganti cetha, wujude lan
gunane. Sastra kudu kawedhar amarga ana perkara sing sumimpen sing kudu ngerteni
maknane. Sastra binabar yaiku sastra kudu dilairake maneh neng ngendi ing
klairan sing sepisanan durung bisa dimengerti. Mula sastra kuwi kudu binabar,
kudu dilairake maneh supaya bisa luwih dingerteni apa isi lan maknane amarga
sastra kuwi dudu mung sarana wacan, nanging ing njerone sumimpen nile-nile sing
nduweni makna nganti bisa didadekake tuntunan.
Sajrone piwulangan,
sastra kawedhar sastra binabar minangka wujud pamarekan. Pamarekan iki saliyane
kritis, uga kreatif. Sajrone pamarekan iki, sastra dianggep minangka sawijining
bab sing nyata, uga minangka kaca benggala kang nyengkuyung panguripane
manungsa. Saliyane iku, sajrone pamarekan iki nengenake aspek sing wigati
sajrone sastra yaiku sasta minangka struktur lan sastra minangka sistem
komunikasi. Aspek liyane kang kudu ana sajrone sastra yaiku aspek asintik,
estetik, lan etik. Sastra sing apik yaiku sastra sing bisa menehi kaendahan,
kawruh lan kabecikan marang manungsa.
Pamarkan
sastra kawedhar, sastra binabar, sing nuju sastra tinarbukanganggo pasinaon lan
pamacan kanthi alandhesan eksistensi, vitalitas, lan urgensi sajrone
panguripan. Kanthi metodhe kualitatif lan pamacan hermeneutik reriptan sastra
iku bisa ditegesi. Banjiur bisa diinerpretasikan
sajrone panguripan. Laras karo tujuwan sastra diripta.
Posting Komentar