Revisi  2: 31 Mei 2015
 
PAIT LEGINE BALE WISMA
SAJRONE NOVEL REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG
ANGGITANE NARKO “SODRUN” BUDIMAN
(TINTINGAN STRUKTURALISME GENETIK)

Ah. Syahrul Rahmat (12020114047--2012 B)
Prodi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, UNESA


A.    Purwaka
Manungsa sajrone bebrayan nduweni rong kalungguhan, yaiku minangka makhluk individhu lan makhluk sosial. Minangka makhluk individu nduweni kabutuhan sing maneka warna. Kabutuhan individhu sing kaya mangkono iku kudu diselarasake karo kabutuhan sosial supaya ora nuwuhake konflik sosial. Upamane kaya panguripan ing kulawarga.
Wong urip mbangun bale wisma utawa kulawarga ora selawase kepenak. Kabutuhan individhu (pribadhi) asring tabrakan karo kabutuhan individhu liya sajrone kulawarga. Saengga bisa nuwuhake konflik utawa disorganisasi keluarga. Miturut Soekanto (1989:354-355), disorganisasi keluarga minangka pecahe kulawarga minangka sawijine unit kang nyawiji amarga anggota kulawarga iku ora bisa ngleksanani kuwajiban miturut kalungguhane. Sacara sosiologis, wujud disorganisasi iku yaiku amarga pedhote status nenikahan amarga cerai, pisah ranjang, lan sapanunggale; anane kakurangan sajrone kulawarga, yaiku anane miskomunikasi atara anggota kulawarga (empty shell family); krisis kulawarga, amarga sing minangka kepala somah ninggalake bale somah amarga mati, diukum, lan anane pepang; lan krisis kulawarga amarga faktor intern, upamane kaya jiwa indhividu sing kaganggu.
Disorganisasi iku nggambarake kahanan kulawarga sing ora selawase kepenak. Kadangkala sajrone urip ing kulawarga ngalami kahanan sing ora kepenak kayata tukar-padu, kabutuhan sing ora kacukupi, lan sapiturute. Minangka anggota kulawarga kudu bisa njaga sikep amrih kahanan sing dianggep pait iku ora saya dadi gedhe lan nyebabake bubare bale somah. Upamane sikep ngalah sajrone bebrayan Jawa. Wong Jawa nduweni unen-unen “wani nglah luhur wekasane”. Suratno lan Astiyanto (2009:282) ngandharake menawa wong sing nduweni watek ngalah, kalebu wong sing bisa njaga karukunan lan keharmonisan  urip sosial. Saliyane ngalah, isih akeh watek pinuji sing bisa digunakake kanggo ngowahi kahanan paite urip sajrone kakulawargan amrih dadi manis kaya kang dadi pangarep-arep sadurunge nalika nenikahan. Yaiku mujudake bale wisma sing sakinah, mawaddah, lan warohmah. Pait legine bale wisma iku upamane kaya kang diwedhar sajrone novel Rembulan Ndhuwur Blumbang anggitane Narko “Sodrun” Budiman.
Novel nduweni kaluwihan kang mligi tinimbang reripan fiksi liyane. Novel luwih rowa tinimbang jinise reriptan fiksi liyane kayata cerkak lan guritan sing sarwa cekak lan winates. Padha karo reriptan fiksi liyane kayata cerkak, novel nduweni unsur-unsur pamangun kang diperang dadi loro yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun karya sastra iku dhewe kang awujud lelakon, cerita, plot, pamaragan, tema, latar, basa utawa lelewaning basa lan sapanunggalane. Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur sanjabane karya sastra iku dhewe awujud biografi pangripta, psikologi, ekonomi, politik, lan sosial kang kekarone nduweni pangaribawa tumrap saawijining karya sastra (Nurgiyantoro, 2007:23-24).
Isen-isene novel --padha karo karya sastra umume-- ngemot ngenani manungsa lan kamanungsan, uga urip lan panguripan. Upamane novel Rembulan Ndhuwur Blumbang (sabanjure dicekak RNB) anggitane Narko “Sodrun” Budiman kang isine nggambarake legi paite panguripan sajrone kulawarga. Novel RNB iki nyritakake panguripane kulawarga wiwit dadi penganten miwiti bale wisma nganti lumakune panguripan sajrone bale wisma iku. Novel iki nggambarake wong lanang minangka kepala somah sing tumindak ala. Kasar karo anak bojo, selingkuh, ngombe, lan dadi bandar narkoba. Paraga wadon minangka sisihane nyoba eklas, ngalah, lan ngabekti marang sisihane senajan tansah kelara-lara.
Gegambaran sosial awujud panguripan sajrone bale wisma sing diwedhar pangripta sajrone novel RNB iki narik kawigatene panulis kanggo ngonceki isine. Kedadeyan sosial sing kaya mangkono ing jaman modhern iki asring dumadi lan dadi masalah sosial sing umum mligine kang mangaribawani legi paite urip sajrone kulawarga. Mula panulis kepengin ngonceki lan njlentrehake luwih jero saka aspek tematis lan pandhangan bebrayan agung kang kinandhut sajrone novel RNB kasebut.
Kanggo mangerteni gegambarane pait legine bale wisma sajrone novel iki, ana saperangan bab kang kudu digatekake. Endraswara (2011:50) ngandharake yen mangerteni wujude karya sastra kuwi bisa kanthi cara ninthingi teks sastra iku dhewe. Unsur pamangune reriptan sastra ana rong perangan yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik . Gegayutane antara unsur intrinsik lan ekstrinsik sajrone panliten sastra iki nggunakake tintingan strukturalisme genetik. Strukturalisme sawijining paham ngenani unsur-unsur pamangune reriptan sastra, sajrone unsur kasebut nduweni sesambungan antara unsur siji karo unsur liyane sacara wutuh (Ratna, 2003:91). Karya sastra bisa dingerteni cikal bakale lan kedadeyane kuwi saka landhesan struktur sosial tartamtu. Bab iki uga disengkuyung dening Goldman sajrone Endraswara (2011:56) menawa karya sastra kuwi luwih ditengenake asal-usule. Gegayutan tumrap asal-usul reriptan sastra mujudake tintingan strukturalisme genetik.
Analisis unsur intrinsik  sajrone panliten iki munjerake marang tema yaiku gambaran ngenani legi paite bale wisma sajrone novel RNB. Dene unsur ekstrinsik   bakal digayutake karo pamawase bebrayan agung kang kaperang maneh dadi rong pamawas yaiku kapisan pamawase pangripta ngenani legi paite bale wisma nalika ngripta novel RNB,  kapindho pamawase bebrayan ngenani legi paite bale wisma sajrone kasunyatan sosial, banjur kang pungkasan yaiku pamawasing jagad ngenani legi paite bale wisma sajrone novel RNB.
Landhesane teori nggunakake tintingan strukturalisme genetik saka andharane Goldmann (sajrone Faruk, 2013:12-16) yen strukturalisme genetik sawijining tintingan kang ngrembug bab unsur intrinsik  kang banjur digayutake karo kanyatan sajrone bebrayan kang nduweni konsep-konsep tartamtu kayata kasunyataning manungsa,  subjek  kelompok,  strukturasi, lan pamawasing jagad. Goldmann (sajrone Faruk, 2013:17)  uga ngandharake menawa konsep struktur kuwi asipat tematik. Struktur kang asipat tematik, yaiku panliten kang dipunjerake ing perangan temane.Sabanjure anane gegayutan antarane sastra lan kanyatan sosial, mula panliten iki kanthi nengenake babagan pamawase pangripta lan bebrayan. Aspek tematis lan pamawase bebrayan agung iki bakal dicakake kanggo ninthingi novel RNB anggitane narko “Sodrun” Budinam. Pangajabe kanthi panaliten iki bisa ngreteni kasunyatan sosial mligine ngenani legi paite bale wisma.

1.    Landhesan Teori
a.      Sosiologi Sastra
Sosiologi yaiku ilmu sing nyinaoni ngenani manungsa sajrone masyarakat lan proses sosial ing masyarakat iku. Dene sosiologi sastra yaiku cabang ilmu sastra sing nyinaoni masyarakat kang ana utawa digambarake sajrone reriptan sastra. Endraswara (2011:77) ngandharake menawa sosiologi sastra minangka panaliten kang asipat reflektif. Reriptan sastra lair saka panguripan sosial masyarakat. Dene Luxembung (1989:23) ngandharake menawa sastra isa dipandhang minangka sawijine gejala sosial. Sastra sing ditulis ing mangsa tartamtu langsung gayut karo pranatan lan adat istiadat sing ana ing jaman iku.
Sesambungane sastra lan masyarakat bisa ditliti kanthi cara nliti peranagn sanjabane teks sastra, upamane kalungguhane pangripta lan pamaca ing masyarakar. Kapindhone yaiku nliti sesambungane teks sastra lan susunan masyarakat. Panliti njingglengi kahanan masyarakat sing diwedhar dening pangripta lan pandhangane pangripta iku dhewe (Luxembung, 1989:23-24). Wellek lan Warren (2014:98-99) ngandharake menawa konsep sosiologi sastra sesambungan karo telung perkara, yaiku sosiologi pangripta, sosiologi reriptan sastra, lan sosiologi pamaca.
Sosiologi pangripta mujudake kahanan sosial, ekonomi, idheologi, lan integrasi sosial pangripta. Sosiologi reriptan sastra njlentrehake isi teks sastra, ancase reriptan sastra, lan perkara sosial sing maujud sajrone reriptan sastra. Dene sosiologi pamaca ngrembug kawigatene marang lelandhesan sosiale pamaca, pangraribawane sastra marang pamaca, pangrembakan sosial pamaca.

b.      Aspek Tematis
Reriptan sastra kang ngandhut unsur sosiologi isa dijlentrehake lumantar analisis struktur, mligine ngenani tema. Merga tema sesambungan antarane makna lan tujuwan panulisan prosa fiksi dening pengarang, mula pamaca kudu ngerteni perangan signifikan  kang mangun sawijine crita, ndudut makna sing kinandhut, lan bisa ngayutake karo tujuwan pangriptane reriptan sastra (Aminuddin, 2011:91).
Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema. Miturut Stanton lan Kenny tema (theme) yaiku makna kang kinandhut dening sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2010:67). Tema ing sakabehing bab asipat mengikat ana lan orane lelakon-konflik-kahanan tartamtu, kalebu sakabehing unsur intrinsik liyane, amarga bab kasebut kudu nyengkuyung cetha apa orane tema kang bakal diandharake. Tema didadekake dhasar pangrembakaning sawutuhing cerita, mula ing kene tema asipat ngrasuk marang sawijining cerita. Mula, kanggo nemtokake tema sawijining karya fiksi, tema kudu didudut saka sakabehing cerita kanthi sawutuhe, dudu adhedhasar saperangan bab tartamtu saka cerita.
Nurgiyantoro (2010:71) uga ngandharake menawa pangripta milih lan ngangkat maneka wernane masalah urip lan panguripan dadi tema utawa sub tema sajrone reriptan fiksi adhedhasar pangalaman, ndeleng, lan interaksi-ne karo lingkungan bebrayane.
Kang kudu ditindakake nalika nggoleki tema yaiku kang kapisan digoleki gagasan utama ing saben-saben pada sajrone karya sastra. Gagasan utama kasebut kang diarani sub tema. Sabanjure, saka sub tema kasebut ditemtokake sawijining sub tema kang paling gedhe pangaribawane tumrap cerita. Sub tema kasebut kang bisa diarani tema utama utawa tema mayor kang ndayani sawijining cerita.

c.       Strukturalisme Genetik
Sosiologi sastra cundhuk karo aliran sastra strukturalisme genetik. Endraswara (2011:56) ngandharake menawa strukturalisme genetik wiwitane dirembakakake ing Prancis dening Lucien Goldmann. Anggone nganalisis novel, Goldmann mesthi negesake landhesan sejarah. Reriptan sastra minangka representasi kasunyatan sejarah sing njalari tuwuhe reriptan sastra.
Strukturalisme genetik sing diwawas dening Goldmann nduweni rong perkara sing dadi dhasare. Sepisan yaiku sesambungane makna saben perangane reriptan sastra sing padha. Kapindone yaiku sesambungan iku mujudake perangan sing nyawiji lan ngiket. Miturut Goldmann (sajrone Ratna, 2003:60) kanthi variabel pandhangan ndonya lan kelas sosial, dheweke yakin menawa sastra nduweni titik tolak sing kuwat kanggo njelasake kahanan bebrayan masyarakat tartamtu. Mulane pangripta ora mungkin nduweni pandhangan  dhewe, nanging pandhangan ndonya suatu kolektif. Pandangan iku uga dudu realitas,  nanging refleksi sing diwedhar sacara imajinatif.
Struktur reriptan sastra nduweni gegayutan sing raket karo struktur sosial. Struktur reriptan sastra yaiku sekabehane teks basa reriptan sastra (wujud) sing nduweni teges lan dinamis. Diarani dinamis amagra reriptan sastra iku awujud saka proses sejarah sing terus mlaku lan ditindhakake masyarakat ing ngendi wae reriptan sastra iku ana. Istilah genetik tegese reriptan sastra iku nduweni asal-usul (gen) sajrone proses sejarahe.
Minangka sawijine teori, strukturalisme genetik minangka gambaran kasunyatan. Yaiku gambaran ngenani tata panguripan sing nduweni sistim lan padu sing didhasarake karo landhesan ontologis kang awujud kodrat anane kasunyatan iku lan landhesan epistimologis kang awujud gagasan sing sistematik ngenani cara ngreteni kasunyatan iku. Kabeh  mau diperang dadi nem konsep dhasar sing mangun teori iki yaiku fakta kamanungsan, subyek kolektif, strukturasi, pandhangan donya, pangerten, lan panjelasan (Faruk, 2013:59).
Strukturalisme genetik mujudake teori sing didhukung karo konsep-konsep kang kedadeyan ing donyane manungsa. Konsep iku yaiku fakta kamanungsan, subyek kolektif, konsep struktur reriptan sastra, lan pandhangan ngenani donya.
1)   Fakta Kamanungsan
Prekara sing ditindakake dening manungsa ora bisa uwal saka bebrayan sosiale. Bebrayan sosial mau akah pangaribawane marang imajinasi-ne pangripta kanggo ngripta reriptan sastra. Kadadeyan iku isa awujud tumindak sosial utawa politik tartamtu. Uga bisa awujud filsafat, seni rupa, seni patung, lan sapanunggale (Faruk, 2013:57).
Goldmann nganggep menawqa kabeh kedadeyan ing donyane manungsa iku salah sawijine  struktur sing nduweni teges (sajrone Faruk, 2013:58). Teges iku tuwuh amarga respon saka subyek kolektif utawa indhividhu. Kedadeyane mujudake asil upaya keseimbangan sing luwih apik sajrone gegayutane karo donya kiwa-tengene.

2)   Subyek Kolektif
Subyek kasunyatan sing ditindakake manungsa bisa diperang dadi loro yaiku subyek individual lan subyek kolektif. Bedane padha karo bedane jinise kadadeyan ing donyane manungsa. Subyek indhividhual mujudake subyek kasunyatan indhividhu (libidal), nanging subyek kolektif mujudake kadadeyan sosial (historis)(Faruk, 2013:62).
Revolusi sosial, politik, ekonomi, lan karya-karya budaya sing gedhe, mujudake kadadeyan sosial (historis). Indhividhu karo naluri-ne ora bisa mujudake kedadeyan iku. Sing bisa mujudake mung subyek trans-individual. Subyek trans indhividhual yaiku subyek sing nangani indhividhu sajrone bagiyan. Ora awujud kalumpuke indhividhu sing ngadeg dhewe-dhewe, nanging dadi siji awujud kolektifitas (Faruk, 2014:63).

3)   Pandhangan Donya
Miturut Goldmann pandhangan donya iku awujud istilah sing cocog kanggo bayiyan total saka gagasan lan pangrasa kang kaiket bebarengan karo anggota kelompok sosial tartamtu sing ora sarujuk karo kalompok sosial liyae. Saka kasadharan kolektif,  pandhangan donya iku ngrembaka saka wujude kadadeyan sosial lan ekonomi tartamtu sing diadhepi dening subyek kolektif (Faruk, 2013:67).
Pandhangan donya yaiku ekspresi teoretis saka sawijine kelas sosial sajrone sejarah tartamtu sing diwedhar para pangripta, filusuf, lan seniman ing karyane.

4)   Konsep Struktur Reriptan sastra
Reriptan sastra sing gedhe mujudake produk strukturasi subyek kolektif kaya sing wis diandharake ing ndhuwur. Reriptan sastra nduweni struktur sing kohern lan padu. Sajrone strukturalisme genetik, konsep struktur reriptan sastra beda karo  konsep struktur sing wis dikenal (Faruk, 2013:71).
Goldmann (sajrone Faruk, 2013:71). nduweni pamawas ngenani reriptan sastra sing umum. Sepisan, reriptan sastra mujudake ekspresi pamawas ngenani donya kanthi imajiner. Kapindho  yaiku sajrone upaya iku pangripta ngripta subyek, obyek, lan relasi imajiner.
Saka andharan iku bisa didudut menawa Goldmann nduweni konsep struktur sing asipat tematik. Sing dadi kawigatene yaiku relasi  antarane subyek karo subyek lan subyek karo obyek sing ana ing sakiwa tengene.
Teew (1988:152) ngandharake menawa kanggone Goldmann ora ana panentang antarane sosiologi sastra karo aliran strukturalis. Mungguhe Goldmann pasinaon reriptan sastra kudu diwiwiti saka analisis struktur. Kabeh reriptan sastra sing penting nduweni structure significative sing asipat otonom lan imanen. Sing kudune digoleki dening panaliti kanthi analisis sing tumemen. Miturut Goldmann uga struktur makna iku makili pandhangan donya (vision du monde) panulis, ora minangka indhividhu, ning uga minangka wakil golongan masyarakat. Adhedhasar pandhangan donya iku panaliti bisa mbandhingake dhata lan analisis kahanan sosial masyarakate. Saka prekara iki reriptan sastra bisa dingerteni mula bukane saka lelandhesan struktur sosiale. Mula varian strukturalis Goldmann diarani strukturalisme genetik, sing ngrembug reriptan sastra saka homologi, dicundhukake karo struktur sosial.

d.      Bale Wisma
Bale wisma dasanamane yaiku bale somah, tegese yaiku panggon uripe kulawarga utawa diarani rumah tangga. Kulawarga miturut Bailon lan Maglaya (1978) yaiku loro utawa luwih indhividu sing urip sajrone bale wisma amarga anane hubungan darah, kawin, utawa adopsi.  Kabeh nindakake interaki siji marang sijine, nduweni kalungguhan, lan ngripta uga ngugemi sawijine budaya (kapethik saka laman http://www.kajianpustaka.com/2012/11/definisi-fungsi-dan-bentuk-keluarga.html, kadeleng 29 Maret 2015).
Sajrone bale wisma, saben anggota kulawarga nduweni kalungguhan dhewe-dhewe. Bapak minangka kepala kulawarga nduweni kuwajiban mimpin lan menehi nafkah kanggo kulawargane. Ibu nduweni kuwajiban nurus omah lan anak. Dene anak nduweni kuwajiban ngabeki marang won tuwa lan sinau ing pawiyatan. Menawa kabeh anggotane bisa nindakake kuwajibane dhewe-dhewe lan sarana komuniasi-ne ora kagangu, panguripan ing bale wisma bakale ayem tentrem. Semono uga suwalike.
Wong urip mbangun bale wisma utawa kulawarga ora selawase kepenak. Kabutuhan individhu (pribadhi) asring tabrakan karo kabutuhan individhu liya sajrone kulawarga. Saengga bisa nuwuhake konflik utawa disorganisasi keluarga. Miturut Soekanto (1989:354-355), disorganisasi keluarga minangka pecahe kulawarga minangka sawijine unit kang nyawiji amarga anggota kulawarga iku ora bisa ngleksanani kuwajiban miturut kalungguhane. Sacara sosiologis, wujud disorganisasi iku yaiku amarga pedhote status nenikahan amarga cerai, pisah ranjang, lan sapanunggale; anane kakurangan sajrone kulawarga, yaiku anane miskomunikasi atara anggota kulawarga (empty shell family); krisis kulawarga, amarga sing minangka kepala somah ninggalake bale somah amarga mati, diukum, lan anane pepang; lan krisis kulawarga amarga faktor intern, upamane kaya jiwa indhividu sing kaganggu.

B.     Andharan
Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang anggitane Narko “Sodrun” Budiman iki nyritakake panguripane kulawarga paraga Anisah lan Purnomo ing sabendinane wiwit nenikahan nganti purnomo dicekel pulisi amarga kasus narkoba. Anisah minangka paraga utama kang sejatine wis duwe pepujan ati, Jadmiko. Nanging panjaluke ibune ora bisa dibantah dheweke. Dheweke kudu gelem dijodhokake karo priya pilihan wong tuwane. Senajan dheweke ora tresna, nanging dheweke ora bisa nolak. Purnomo, priya kang dadi pilihan wong tuwane Anisah. Ya Purnomo priya sugih tur bagus rupane.
Purnomo nalika kena PHK sikepe owah. Ora nggatekake bojo lan anake. Dheweke asring mule dalu lan kerep uring-uringan. Suwene suwe Anisah ngreti apa sing ditindakake Purnomo. Nalika Purnomo neng rumah sakit, Anisah ngreti wong wadon selingkuhane Purnomo. Nanging dheweke ngempet nesu kanggo njaga utuhe kulawargane. Wekasane Purnomo dicekel pulisi amarga sasuwene iki jebul dheweke dadi bandhar sabu.
Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang anggitane Narko “Sodrun” Budiman iki isen-isene awujud crita sing lumrah nanging dicritakake kanthi cara ora lumrah. Mangkono ngendikane Suparto Brata naalika paring panyaruwe marang novel iki. Anggone pangripta ngrakit alure katon menthes lan apik banget. Anane surprise, suspen, lan foreshadowing bisa ndadekake pamaca penasarani lan gregetan anggone maca novel iki.
Saliyane nduweni unsur intrinsik mligine alure sing narik kawigaten, novel RNB iki uga dominan ing perangan panggambarane fakta sosial utawa kasunyatane. Kedadeyan-kedadeyan sosial mligine sajrone panguripane kulawarga. Anane kekerasan dalam rumah tangga, kasetyan, kadurjanan, lan sapiturute. Kabeh mau minangka kasunyatan ing bebrayan kang diwedhar sajrone reriptan fiksi kang asipat rekan. Sajrone ilmu sastra, reriptan sing kaya mangkono iku nuduhake struktur genetise. Tegese reriptan sastra iku ora bisa uwal saka kasunyatan sosial kang njalari reriptan sastra iku iku ditulis.
Strukturalisme genetik sing diwawas dening Goldmann nduweni rong perkara sing dadi dhasare. Sepisan yaiku sesambungane makna saben perangane reriptan sastra sing padha. Kapindone yaiku sesambungan iku mujudake perangan sing nyawiji lan ngiket. Miturut Goldmann (sajrone Ratna, 2003:60) kanthi variabel pandhangan ndonya lan kelas sosial, dheweke yakin menawa sastra nduweni titik tolak sing kuwat kanggo njelasake kahanan bebrayan masyarakat tartamtu. Mulane pangripta ora mungkin nduweni pandhangan  dhewe, nanging pandhangan ndonya suatu kolektif. Pandangan iku uga dudu realitas,  nanging refleksi sing diwedhar sacara imajinatif.
Pangripta medhar pamawase bebrayan agung ngenani pait legine bale wisma lan minangka indhividune uga melu medhar pamawase lumantar paraga rekane kanggo nggambarake gegabungane pamaws mau. Sacara struktur genetise bisa dionceki kaya mangkene.
1.      Aspek Tematis sajrone Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang
Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang anggitane Narko “Sodrun” Budiman iki nduweni tema sosial mligine ngenani panguripane kulawagra. Kabeh critane minangka panggambaran uripe kulawargane paraga Purnomo lan Anisah. Dene anane kedadeyan minangka panggambarane kasunyatan dironce dening pangripta awujud sub-sub tema kang nyengkuyung tema utamane. Sub-sub tema iku nggambarake lagi paite urip sajrone mangun bale wisma.

2.      Gegambaran Legi Paite Bale Wisma sajrone Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang
Reriptan fiksi nggambarake donyane manungsa lan kamanungsan, uga urip lan panguripan. Kalebu vovel Rembulan Ndhuwur Blumbang anggitane Narko “Sodrun” Budiman iki. Isine minangga refleksi utawa panggambaran kasunyatan ing bebrayan kang awujud legi paite mangun bale wisma. Sajrone novel RNB iki gegambaran ngenani legi paite bale wisma bakal kaonceki lan kaandharake kaya mangkene.
a.      Setya Tuhu, Bekti Marang Bojo
Setya tuhu lan bekti marang bojo sajrone novel iki digambarake pangripta lumantar paraga Anisah. Paraga iki senajan uripe kasia-sia lan kerep dilarani dening sisihane, nanging dheweke nyoba sabar lan tetep setya bekti marang bojo supaya kulawargane tetep utuh. Urip sabendinane paraga digambarake pangripta kaya cuplikan ing ngisor iki.
Anisah minangka ibu rumah tangga sabendina ngopeni Faza lan nata ubarampene Purnomo (Budiman, 2013:21).
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake kalungguhane Anisah minangka ibu rumah tangga sing saben dinane ngopeni putrane lan nyukupi apa kang dadi kebutuhane bojone. Jaman saiki ing kulawarga sing modhern, umume bojo melu nyambut gawe dadi wanita karir, urusan anak lan rumah tanggane dipasrahake maang pembantune. Ora kanggo Anisah, paraga ing novel iki. Saliyane dheweke dipenging dening sisihane nyambuit gawe, dheweke uga emoh nyewa pembantu. Kabeh ditandhangi dhewe.
Gegambaran liya ngenani nurute paraga Anisah marang bojone kaya ing perangan iki.
“Ora usah! Dikumbah ngomah ae, Nis.” Wangsulane Pur nalika Anisah taren bojone.
Anisah manut apa jare Pur. Mobil dikumbah neng omah ateges Anisah dhewe sing kudu ngumbah (Budiman, 2013:80).
… jejere ibu rumah tangga, Anisah iya mung monat-manut wae. Ngugemi suwarga nunut, neraka katut! Apese wong mung ngathung kayane wong lanang, paribasane, Anis ora bisa suwala (Budiman, 2013:23).
Rong cuplikan ing ndhuwur minangka panggambaran pamaragane Anisah sing digambarake kanthi langsung lan ora langsung dening pangriptane. Panggambaran ngenani setya tuhu lan bektine wong wadon marang sisihane minangka tumindak sing tetep kudu diugemi minangka anggota utawa subyek sajrone kakulawagan. Pamawase bebrayan agung ngenani kalungguhane wong wadon sing sarwa nunut –sing jare swarga nunut neraka katut—iku kagambarake kanthi trawela.

b.      Tresna Anak
Bab ngenani tresnane wong tuwa marang anak uga digambarake pangripta lumantar paraga Anisah minangkaibune Faza. Denen paraga Purnomo minangka bojo sawuse ngalami kondhisi ekonomi sing mudhun, dheweke asring uring-uringan. Kerep mulih bengi lan ora nggatekake anake. Anake asring nakokake bapake sing ora tau mulih lan nganti kepengin mangan lan jagong bareng ning ora keturutan. Suwalike, Anisah minangka jejere ibu tresna banget karo putrane. Dheweke nyepaki sembarang kebutuhane putrane. Anggone nggulawenthah putrane kanthi cara sing alus lan ora kerep ndukani.
Gegambaran tresnane paraga Anisah minangka jejere ibu kang digambarake pangripta sajrone novel iki kaya ing cuplikan iki.
…Kandhane karo ngekep anak lanange kuwi kebak rasa tresna asih lan ora lali eseme. “Faza mau dolanan karo sapa wae?” pitakone sinambi gelus-elus rambute anake kuwi (Budiman, 2013:44).
Cuplikan iki nggambarake tresnane Anisah sing nalika iku lagi lara, ning dislimurake nalika putrane ngonangi larane amrih putrane ora sedhih. Cara sing dilakoni wong tuwa kaya mangkene iki ing bebrayan asring ditemoni. Wong tuwa lila kurban rasa, bandha, lan nyawa kanggo putra-putrine. Ara lapane disingidake supaya ora dadi pikirane putrane. Kedadeyan sing kaya mangkene iki minangka wujud tresnane wong tuwa marang anak. Senajan ing tembe jarang sing oleh walesan apik saka anak. Ora sithik anak sing nyia-nyia wong tuwane.
Gegambaran tresnane Anisah liyane yaiku nalika Anisah didukani sisihane. Dheweke ngalah ora kapancing nesu lan ngalih nyedhaki putrane. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
Anisah ngelus rambute Faza sing rada brintik kuwi kebak katresnan. Ora let suwe bathuke disun. Rasa trenyuh tuwuh saka sanubari jejere ibu sing wis nglairake. Driji-drijine banjur ngemeng-ngemeng, mijeti sikile anake sing krasa anget saking kesele playon mau awan (Budiman, 2013:68).
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake Anisah sing didukani sisihane mabjur nggoleki Faza kanggo nglipur dhiri. Kita asring nemokake gegambaran kaya mangkono ing urip bebrayan. Anane anak minangka sarana kanggo nunggalake rasane wong tuwa lorone. Wong tuwa sing asring tukar padu umume isih nggatekake kalungguhan lan nasibe anak. Anak uga kanggo sarana nglipur dhiri nalika kahanan kulawarega kurang kepenak.

c.       Ngalah
Sikep sing trep nalika bale wisma krasa pait, krasa panas yaiku ngalah. Upamane kaya paraga Anisah sing sabendinane kerep dilarani sisihane sajrone novel iki. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
Sarehne dipancing Pur tetep ora sumaur, Anisah ngomong maneh kanthi sareh, “Sampeyan sing bener, Mas. Aku sing luput. Aku nyuwun pangapura, suk-suk neh Faza luwih takkerengane.”
Purnomo meneng wae. Adhem. Kaya biyasane! Rumangsa ora direwes, Anisah menyat saka kursine. Jumangkah metu menyang latar. Nyawang Faza karo puspus. (Budiman, 2013:26).
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake paraga Anisah sing ngalahi nalika anggone rembugan karo sisihane krasa saya panas. Dheweke ngrumangsani slah lan uput, senajan nyatane ora salah, banjur dheweke ngalih saka papan kono mumpung durung tambah panas lan nglarani ati.
Ngalah lan rebutan salah sajrone urip ing kulawarga bisa ndadekake kulawarga tetep utuh lan manunggal. Suwalike menawa saben anggota kulawarga padha egoise, anggone mbangun bale wisma bakal rubuh. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
“Kuwi lek karepmu! Lha apa turahe blanja re enek ta, Nis, kok jik njujeg ae?”
Masaalah, Anisah sepisan  maneh kudu ngempet protes atine. Yen wis ngono kuwi dhadhane Anisah krasa kebak, seseg, pulung atine krasa muneg-muneg. Tinimbang kedawa-dawa, Anisah aluwung meneng sawetara. (Budiman, 2013:42).
Cuplikan ing ndhuwur uga nggambarake sikep nngalahe paraga Anisah nalika lagi tukaran karo bojone. Tinimbang kedawa-dawa dheweke ngalah wae. Wong Jawa nduweni unen-unen “wani nglah luhur wekasane”. Suratno lan Astiyanto (2009:282) ngandharake menawa wong sing nduweni watek ngalah, kalebu wong sing bisa njaga karukunan lan keharmonisan  urip sosial. Saliyane ngalah, isih akeh watek pinuji sing bisa digunakake kanggo ngowahi kahanan paite urip sajrone kakulawargan amrih dadi manis kaya kang dadi pangarep-arep sadurunge nalika nenikahan. Yaiku mujudake bale wisma sing sakinah, mawaddah, lan warohmah.

d.      Urip Mandhiri
Urip mandhisi sajrone mangun bale wisma digambarake pangripta lumantar paraga Anisah. Anisah sadurunge nikah karo Purnomo nyambut gawe ing Bank BCA, naging sawise nikah, dheweke dikongkon metu saka penggaweyane. Kanggo nyukupi kabutuhan kulawargane kabeh saka asil mergawene Purnomo sing luwih saka cukup iku. Nanging sawise Purnomo di-PHK, kahanan ekonomi kulawargane saya mudhun. Mula Anisah nyoba nyukupi kabutuhane dhewe lan njajane putrane sarana dodolan. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
Senajan ora ketang mung nggawa barang samben konveksian, kambi, sarung bantal, daster, krudhung, jilbab lan sprei, penggaweyan rutin kuwi wis ana asile. Ora isin-isin. Anisah kepengin mandhiri…. Kena kanggo tambel butuh (Budiman, 2013:93).
Andharane pangripta ing ndhuwur nggambarake Anisah sing dodol konveksian, kambi, sarung bantal, daster, krudhung, jilbab lan sprei minangka samben sinambi ngeterake putrane sekolah. Saka asil dodolane iku dheweke bisa nyukupi kabutuhane. Awit dheweke mung diblanjani sithik dening sisihane lan panjaluan uga kabutuhan kulawarga sing akeh.
Kasunyatan sosial sing ana ing bebrayan saiki akeh ditemokake wong wadon sing nyambut gawe. Saliyane kanggo nyukupi kabutuhane dhewe, dheweke uga bisa mbantu ekonomi kulawarga. Malah akeh ing jaman modhern iki women career. Senajan kaya mangkono, kalungguhan minangka jejere bojo lan ibu kudu tetep ditindakake kuwajibane. Kaya paraga Anisah kang digambarake pangripta sajrone novel iki.

e.       Nesu
Sajrone urip ing bale wisma ora sateruse enak. Kadang kala ana pait getire. Pait getire iku mujudake disorganisasi keluarga kaya pamawase Sukanto (1989) ing ndhuwur. Pait getire bale wisma sing ora bisa diempet bakal muntab  upamane dadi kanepson. Kaya cuplikan sajrnone novel ing ngisor iki.
“Elinga Mas! Najan rupaku elek, atiku ora elek kaya panjenengan!” Anisah wis ora kuwat ngempet seseg ampeg ing njero dhadhane.
“Cangkemmu sokur angger ae, Nis!”
“Wong lanang ora kenek diajeni ya panjenengan kuwi, Mas. Aja dupeh omah iki gaweyanmu. Kayu bata saka wong tuwamu. Elinga, lemah iki duweke wong tuwaku, Mas”. (Budiman, 2013:106)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake kanepsone Anisah sing wis ora kuwat dibendhung maneh. Wektu iku dirasa pas dening Anisah kanggo medhar uneg-unege sasuwene iki. Dene kanepsone paraga Purnomo minangka pakulinane sabendinane wiwit dheweke di-PHK.  Sajrone urip sosial ing bebrayan mligine ing kulawarga, gegambaran kulawarga sing kaya mangkene iki disebabake amarga kurange komunikasi lan amarga kondhisi kulawagra sing ora kepenak. Kayata kacingkrangan, tukar padu, salah pangerten, lan sapiturute.

f.       Ngamukan, Egois
Wedhare kanepson ing ndhuwur ndadekake sawijine paraga nduweni sikep Ngamukan lan egois. Kaya paraga Purnomo sajrone novel iki. Cuplikane kaya mangkene.
...Purnomo wis nuduhake watak asline. Kepenginane kaya biyen, tansah oleha kawigaten khusus saka bojone kaya dhek abene. Anisah kudu luwih peduli marang dheweke tinimbang anake... (Budiman, 2013:22).

Urip bebrayan kanggone wong loro, Anis lan Pur pancen ora gampang kaya sing didelok ing kasunyatan. Nalika dilakoni dhewe pranyata krasa abot sanggane. Sawise Purnomo di-PHK, dheweke wiwit nuduhake watak asline. Watak ala kang diduweni bojone Anis kuwi. Egois lan ora mikir kahanan liyane. Pur mung kepengin peduline Anis mung kanggo dheweke. Senajan wis nduwe anak, nanging Pur ora mikirake bab kuwi. Sing dibutuhne ya mung Anis kang bisa nglayani apa kang dadi kekarepane. Anis ya mung bisa manut marang prentahe bojone. Arep dikapaknea wong Pur kuwi minangka kepala rumah tanggane.

g.      Nyiksa Bojo
Saka wateg wantune paraga Purnomo sig owah sawise di-PHK njalari dheweke gampang nesu. Sing dadi panggon muntabe kanepsone yaiku paraga Anisah, bojone. Apa sing ditindakake Anisah mungguhe Pur ora ana benere. Anisah kerep dilarani. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
...Saben ana ngomah Pur arang nyuwara, sepisan pindho ngomong kanggo Anisah ukarane nylekit. Manasi ati. Nglarani ati wadone...
Pur priya bagus tur gagah pideksa pranyata atine ora sumbut karo baguse. Nyatane Pur ora bisa ngajeni wadone. Sapa sing ngira Pur mung becik pasuryane. Nanging asring manasi kupinge bojone. Embuh masiya Anisah salah apa bener, neng ngarepe Pur ya tetep salah (Budiman, 2013:41).
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake konflik batin utawa konflik psikologis kang dialami dening paraga Anisah sabendinane. Anggone mangun bale wisma tansah kelara-lara lan kasia-sia dening sisihane dhewe. Saliyane disiksa batine, Anisah uga sisiksa badan fisike.
Upamane nalika dheweke diarani nyolong dhuwite Purnomo. Anisah sing lagi neng omahe wong tuwane ing wayah surub iku diglandhang mulih lan siseneni neng omah. Anisah sing mbela dhiri lan nyenggol bab café lan purel malah dianyaya dening Purnomo. Rambute dijambak lan digeret. Upama bapake Anisa ora nututi mulih lan misah kekarone, kedadeyane bakal saya ndadra. Gegambarane kedadeyan iku kaya cuplikan ing ngisor iki.
………
“Cukup! Ngomongne café takremet lambemu!”
“Remeten lek wani! Ayo, nyoh remeten! Nyatane iya, arep apa?” Nyecret ae suwarane Anisah.
Pur njambak rambute Anisah. Digeret supaya ngadeg. Anisah kelaran…. Faza nangis njempling-njempling weruh ibuke kelaran dipulasara bapake (Budiman, 2013:107)
Kedadeyan sing kaya mangkono iku ing bebrayan wis asring ditemokake. Ora sithik wong lanang sing nyiksa bojo lan anake. Ana uga sing nganti mateni kanthi cara sing ngegirisi. Kedadeyan sajrone crita iku uga dumadi ing ngarepe anake. Perkara sing kaya mangkene iki bisa ngrusak kapribadhene bocah. Ndadekake bocah ora krasan neng omah. Dadi bocah sing broken home lan njalari tumindak nyimpang saka tatanan kaya kenakalan remaja ing jaman saiki.

h.      Ora Ngurmati Maratuwa
Mangun bale wisma saliyane kudu rukun karo anak bojo uga kudu rukun karo maratuwa amrih kepenak sesrawungane. Wong tuwa lan maratuwa sing bakal disambati menawa ana apa-apane sajrone bale wisma iku. Menawa ora rukun bakal satru lan bakal singkur mungkur bebasane. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
“Mas,…” Anisah mandheg lan noleh “anggep panjenengan neng kulawargaku jian blas ora ngajeni.” Senggol  Anisah anggoni semanta. “Panjenengan ngreti sing takkarepake?”
Pur gedheg alon… (Budiman, 2013:52).
……….
Asrini, simboke Anis menyat saka lungguhe. Marani Pur sing isih dolanan HP neng ngarep lawang butulan. Ora ngrewes blas karo simbok maratuwane sing wis ana cedhake (Budiman, 2013:58).
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake paraga Pur sing ora ngajeni maratuwane. Dheweke angel srawungkaro maratuwane, apa maneh maratuwa kakung. Syairozi (2010) ngandharake –nalika paring pamedhar sabda adicara penggih manten ing Glagah-Lamongan—menawa anak rukun karo maratuwane, mbale sing cilik bakal krasa jembar. Suwalike, menawa ora bisa ngewongake utawawa nganti padu, mbale sing jembar bakal krasa seseg. Ukara iku inangka pepindhah supaya rukun karo maratuwa supaya bale wisma sing dibangun bakal ayem tentrem. Ora kaya sing dilakoni paraga Purnomo ing novel RNB iku.

i.        Medok, Selingkuh, Ngapusi Bojo, Narkoba
Fenomena sosial kang njalari rusake bale wisma sing kagambarake sajrone novel RNG iki yaiku medok, slingkuh, ngapusi bojo, lan narkoba. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
Mripate Pur wis rayam-rayam. Tangan tengene isih ngrangkul pundhake Metty. Sing dirangkul sajak ngalem. Bas lan Soni kala-kala meri karo Pur. Rupane ora bagus ning akeh purel sing tuman krasan karo dheweke…. Mbura-mburu. Kanggo mbagusi rupane, nyah-nyoh yen ngeculake lembaran seketan apa atusan ewu kanggo purel (Budiman, 2013:72).
………………..
 “...Aja kok kira sasuwene iki aku meneng merga wis urip seneng awor panjenengan. Bagusmu, bandhamu wis kok ngge poya-poya neng cafe! Ati lan pikiranmu wis dikempit keleke purel...”
Pur jenggirat kaget. Ora ngira yen bojone bakal ngucap kaya mangkono... (Budiman, 2013:106).
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake paraga Purnomo sing seneng medok lan minum ing café. Dhuwite digawe poya-poya neng café kana karo para pelayan café utawa purel, wanita playahan ing café kana. Anisah sasuwene iki pancen mung meneng lan manut apa kang dikandhakake karo bojone. Dheweke ora ngreti tumindake sasuwene iki. Ning sewe-suwe dheweke ngreti saka kancane Pur ing café nalika ngeterna dompete Pur sing ceblok ing café kana.
Gegambaran sosial sing diibaratake kaya tumindake paraga Pur ing ndhuwur asring kita temoni. Akeh banget mligine ing kutha, wong sing sugih bandha dolan menyang panggon hiburan malam. Neng kana ngombe nganti mabuk lan ana sing mbayari wanita playahan kanggo nuruti nafsu bejate. Tumindak sing kaya mangkono iku nulayani janji sucine nenikahan, mblenjani janji sehidup semati sajrone mangun bale wisma.
Gegambaran ngenani selingkuh sajrone novel iki  kaya mangkene cuplikane.
...Sanajan adoh saka Blitar padununge Septiani, nanging dalan Kertanegara kuwi wis diapali Septiani lan Pur. Wiwit saka pacaran biyen nganti dadi selingkuhan saiki... (Budiman, 2013:101).
Septiani, minangka paraga sing dadi selingkuhane pur lan ngandhut anake Pur. Paraga sing sasuwene iki nyebabake pecahe tresnane Purnomo lan mangan wektu uga donyane Purnomo.  Pur lan Septiani mbayangake lelakone ndhisik nalika isih pacaran nganti saiki malah wis dadi selingkuhan. Dalan Kertanegara minangka seksi lumakune tresna kekarone. Dalan kuwi kang ajeg diliwati. Jarak adoh ora dadi ngapa amrih bisa ketemu pepujane ati. Tanpa mikir kepiye rasane bojone ing omah.
Cuplikan sabanjure nggambarake paraga Anisah nalika ngreti Septiani sing yambangi Pur ing rumah sakit. Anisah krasa seseg dhadhane nalika nyawang Pur lagi gegojegan karo Septiani karo nyekeli wetenge sing katon gedhe iku. Kaya mangene gegambarane kahanane Anisah.
...Astagfirullah...” Ansiah nyebut. Dhadhane sakala krasa kegada alugara. “Septiani?” pitakon atine nalika saka walike korden pembatas kamar pasien meruhi wadon sing tau diweruhi ing lesehan Dewi Ratih kae, saiki lungguh ing dipan cedhak bojone (Budiman, 2013:160).
Bab kang luwih gawe kagete Anisah yaiku dheweke nemoni ana wong wadon kang lungguh ing cedhake Pur nalika ing rumah sakit. Wong wadon kuwi ya Septiani. Wong wadon kang ditemoni nalika dhisik dheweke mangan karo Faza lan Miko. Septiani ora liya yaiku tilas pacare Miko sing jare mung ngentekne bandhane priya. Ora liya Septiani kuwi ya nduweni hubungan khusus karo Pur, bojone.
Cuplikan sabanjure yaiku nalika Purnomo digawa menyang kantor pulisi amarga disangka dadi bandhar sabu ing Blitar. Bisnis seluler sing dikandhakake marang Anisah ing Blitar kana jebule bisnis narkoba. Kaya mangkene cuplikane.
“Pak Pur badhe kabeta dhateng kantor polisi saperlu disuwuni katrangan, magepokan kaliyan peredaran sabu-sabu ing Blitar. Mangga serat menika katandhatangani, Bu.” (Budiman, 2013:165).
……..
Purnomo ndhingkluk kaya wedhus dituntun menyang kebonan. Anisah ndheprok neng emper rumah sakit. Panyawange ngetutake lakune Pur……
Faza nangis weruh bapake mlaku diapit pulisi. Ditumpakake mobil pulisi terus ninggalake rumah sakit (Budiman, 2013:167).
Durung wae metu saka rumah sakit, nambah maneh masalah kang ditampa Pur. Durung waras saka larane, lara atine Anisah wis ditambahi maneh. Ora ngira yen bojone sing jare nunggu konter neng Blitar, pranyata dheweke dadi bandar sabu-sabu. Ya pantes yen dhuwit ing tabungane akeh banget. Pantes yen Pur nglarang Anisah melu ing Blitar.
Pranyata Pur kuwi bandar sabu-sabu. Mula dheweke pantes yen asring mabok-mabokan ing cafe. Anisah kaget, kluwargane liyane ya tambah kaget. Anisah nangis, geneya kok lelakone uripe dadi kaya ngene. Kabeh mau gawe kagete pamaca. Ora ngira yen panganggit nduweni crita kang kaya mangkono.

3.      Pamawase Bebrayan Agung
Pamawase bebrayan agung ngenani kadadeyan kasunyatan sosial ing bale wisma sajrone novel RNB iki kaperang dadi telu. Yaiku pamawase pangripta ngenani legi paite bale wisma lan pamawase bebrayan ngenani pait legine bale wisma ing kasunyatan.
a.      Pamawase Pangripta Ngenani Legi Paite Bale Wisma Nalika Ngripta Novel RNB
Pamawase Narko “Sodrun” Budiman minangka pangriptane novel RNB iki ngenani legi paite bale wisma kagambarake sajrone reriptane yaiku novel RNB iki dhewe. Upamane ngeni panguripan. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
Rodhane panguripan kaya mubeng sesere rodha cikar. Anane mung uja lan uji. Yen isih diuja dening Gusti Allah, prasasat obah mung sajangkah nemu upah. Ucap saklimah nggawa berkah. Dhuwit teka ndlidir nggoleki kancane sing nylepit. Suwalike yen isih kena ujian, iya kudu sabar lan nrima. Kuncine tawakkal lan terus ndedonga supaya bisa ngadhepi lan lulus saka ujian mau (Budiman, 2013:22).
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake pamawase pangripta ngenani panguripan. Urip iku pindha rodha sing muter. Isen-isene urip mung nikmat lan pacoban. Menawa lagi oleh nikmat kudu tansah disukuri lan digawe sarana nandur kabecikan. Menawa oleh pacoban kudu tansah sabar lan ngati-ati aja nganti keblasuk ing jagading kadurjanan.
Ngenani pandhangane pangripta ngenani legi paite bale wisma kaya kang digambarake sajrone cuplikan iki.
….Proyek poperty pancen sengkud-sengkude. Akeh perumahan lan perkampungan modhern kag bisa gawe ndedele pengasilane Purnomo. Manajer pemasaran kuwi oleh akeh bonus saka bose yen perusahaane tambah akeh pelanggane.
…….
Bareng saiki Purnomo kena pehaka wiwit krasa anane owah-owahan sajrone ngadhepi lakon panguripan. Sejatine Anisah ora gelem dijak regejegan. Apa maneh tukaran. Kejaba isin dirungu tangga, Anisah ora kepengin konflik suami-istri iki dirasakake Faza. Anake sing balita kuwi aja nganti meruhi kahanan sing dirasakne wong tuwane. Awit bakal nganggu fisiologise (Budiman, 2013:22)
Pangripta nggambarake kahanan kulawarga sing sarwa kecukupan uripe. Katon ayem tentrem. Nanging sawise wong lanang kang jejere minangka kepala kulawarga di-PHK, kahanan ekonomi kulawarga saya mungkret. Saengga njalari kondhisi psikis sing gampang kaganggu. Perkara cilik wae bisa dadi rame, kaya kang digambarake pangripta lumantar paraga Purnomo lan Anisah.
Status ekonomi sosial (SES) bakal nemtokake tingkat kesejahteraan lan keharmonisan uripe kulawarga.  Kahanan sing kaya mangkono ing bebrayan umume bisa njalari pait getire bale wisma. Saengga bisa nuwuhake tumindak sing nyimpang saka tatanan.  Kayata kasus kekerasan dalam rumah tangga, selingkuh, golek pangupajiwa kanthi cara ora halal, mendem, medok, lan sapiturute.

b.      Pamawase Bebrayan Ngenani Legi Paite Bale Wisma sajrone Kasunyatan Sosial
Reriptan sastra pancen ora bisa uwal karo bebrayan lan pangriptane. Pamawase bebrayan ngenani legi paite bale wisma sajrone mangun bale wisma akeh banget. Saben anggota kulawarga nduweni kalungguhan dhewe-dhewe. Bapak minangka kepala kulawarga nduweni kuwajiban mimpin lan menehi nafkah kanggo kulawargane. Ibu nduweni kuwajiban ngurus omah lan anak. Dene anak nduweni kuwajiban ngabekti marang wong tuwa lan sinau ing pawiyatan. Menawa kabeh anggotane bisa nindakake kuwajibane dhewe-dhewe lan sarana komuniasi-ne ora kagangu, panguripan ing bale wisma bakale ayem tentrem. Semono uga suwalike.

C.    Panutup
Novel RNB anggitane Narko “Sodrun “ Budiman iki nyritakake ngenani legi paite bale wisma. Novel minangka jinise reriptan sastra ora bisa uwal karo kahanan sosial ing bebrayan lan pangriptane. Semono uga novel RNB iki. Mula novel iki katintingi nggunakake teori strukturalisme genetik miturut pamawase Goldman. Goldmann (sajrone Ratna, 2003:60) kanthi variabel pandhangan ndonya lan kelas sosial, dheweke yakin menawa sastra nduweni titik tolak sing kuwat kanggo njelasake kahanan bebrayan masyarakat tartamtu. Mulane pangripta ora mungkin nduweni pandhangan  dhewe, nanging pandhangan ndonya suatu kolektif. Pandangan iku uga dudu realitas,  nanging refleksi sing diwedhar sacara imajinatif. Semono uga novel iki kang ngangkat tema sosial mligine panguripan mbangun bale wisma kang diwedhar sajrone reriptan fiktif sing ora bisa uwal saka kasunyatan sosial kang ana ing bebrayan.



Kapustakan

Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.

Budiman, Narko “Sodrun”. 2013. Rembulan Ndhuwur Blumbang. Yogyakarta: Azzagrafika

Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps.

Faruk. 2013. Pengantar Sosiologi Sastra: dari Strukturalisme Genetik sampai Post-Modernisme. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.

Ratna, Nyoman Kutha. 2003. Paradigma Sosiologi Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Soekanto, Soerjono. 1989. Sosiologi: Suatu Pengantar. Jakarta: CV Rajawali.

Suratno, Pardi, lan Astiyanto, Heniy. 2009. Gusti Ora Sare: 90 Mutiara Nilai Kearifan budaya Jawa. Yogyakarta: Adiwacana.

Teeuw, A. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya.

Wellek, Renne lan Austin Warren. 2014. Teori Kesusastraan. Kajarwakake dening Melani Budianta. Jakarta: PT. Gramedia.


0 Responses

Posting Komentar