CRITA TANTRI: KEWAN MINANGKA PATULADHAN KAUTAMAN
(TINTINGAN STRUKTURAL-ANALISIS UNSUR)


Kirana Arta Ade M.          (12020114030)
Nahdiyah                           (12020114038)
Ah. Syahrul Rahmat          (12020114047)
2012 B
Prodi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, UNESA

A.    Purwaka
Tantri minangka salah sawijine karya sastra Jawa Pertengahan kang awujud prosa. Karya sastra iku digawe disertasi dening C. Hooykaas, sawijine sarjana Walanda ing Leiden dipertahanke tanggal 12 Juli 1929 kanthi judhul, Tantri de Middel Javaansche Pancatantra Bewerking (Tantri, Pengolahan sacara Bebas saka Pancatantra menyang Basa Jawa Pertengahan). Pancatantra minangka sumber crita kewan ing donya (Suwarni, 2013:111).
Pancatantra minangka salah sawijine karya sastra Sansekerta kang misuwur banget ing India. Wiwit sadurunge Masehi. Crita kasebut sumebar menyang Asia lan Eropa nganti sadonya. Ing Indonesia, crita kasebut sumebar menyang kabeh pelosok nuswantara, kanthi crita sing maneka werna, siji dhaerah lan dhaerah liyane nduweni paraga lan pamaragan sing beda.
Sastra Jawa minangka sastra nuswantara sing paling dominan oleh pangaribawa saka India, klebu Pancatantra sajerone. Salah siji sing paling misuwur yaiku Tantri. Karya kasebut oleh kawigaten khusus saka Brandes lan Van der Took. Kalorone ngupaya ngumpulake naskah-naskah sing ana ing Jawa, Madura, lan Bali. Naskah sing kasil dikumpulake ana 37 iji siji terjemahan interlinier nganggo basa Bali lan siji terjemahan bebas saka Tantri Demung. Saking akehe naskah, mula Van der Took ngidhentifikasekake karo fabel. Ing Jawa paraga utamane kancil. Yen dirunut kanthi detail, crita kasebut bisa dibalekake marang Tantri. Nanging dongeg kancil sing ana ing Jawa iku asli utawa jiplakan durung bisa dipesthekake. Adhedhasar pengamatan crita utawa dongeng kancil ora ana ing India (Suwarni, 2013:113).
Crita Tantri kaya dene crita fiksi liyane ngandhut unsur instrinsik kang ngliputi paraga, pamaragan, alur, latar, lan unsur ekstrinsik crita kang awujud pesen moral utawa amanat. Saliyane iku pamaca bisa nemokake bab-bab sing ora lumrah, kayata tokoh ajaib lan kewan kang bisa ngomong kaya dene manungsa. Babagan kasebut kang mbedakake Tantri minangka karya prosa Jawa Pertengahan karo reriptan sastra liyane. Mula Tantri nduweni daya tarik sing bisa nengsemake pamaca mligine bocah-bocah.
Dongeng karipta ora amung kanggo menehi panglipur, nanging sejatine kang luwih dominan sajrone dongeng kasebut kinandhut nilai-nilai becik kang migunani. Nilai-nilai kautaman kasebut bisa ditampa lan laras kanggo patuladhan tumrap bocah. Mula saka iku, prelu ditindakake panliten kang becik awit saka anane bab-bab sing narik kawigaten sajroning wacan bocah utawa sastra kanggo bocah, mligine dongeng. Babagan iku uga adhedhasar anane sastra kanggo bocah kang uga diwulangake sajrone pawiyatan ing sekolah.
Saka andharan ing ndhuwur, panliti rumangsa katarik nintingi crita Tantri amarga wujude wacan lan crita bisa didadekake dongeng lan crita tumrape bocah. Dongeng-dongeng iku bakal dionceki karakteristike banjur digayutake karo sarana panggulawenthah tumrape bocah. Tintingan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku tintingan struktural kang wose nintingi cerita mau saka unsur-unsur pamangun critane. Crita tanti sing dipilih ana lima. Crita iki ana ing buku Sarwacastra jilid I anggitane Hadiwidjana (1953) lan dadi sumber dhata panliten ing makalah iki. Critaneirah-irahane yaiku Wre Mwang Manar, Tan Wruh ing Nitiyogya, Gagak Mwng Sarpa Pejah Dening Yuyu, Anemu Duhkha, lan Manuk Baka Mati Denikang Yuyu. Crita iki umume paragane awujud kewan kang bisa dadi patuladhan kautaman.
Metodhe sing digunakake sajrone panliten iki yaiku metode deskriptif kualitatif. Sumber data arupa dongeng saka crita Tantri. Dipilih amarga crita iki kayadene karaktrinsik bocah kang idhentik karo bab fabel. Saliyane iku uga kanggo nyelarasake karo kabutuhane bocah kang butuh patuladhan kang awujud panggulawenthah mligine kang gegayutan karo pembentukan karakter. Data panliten iki awujud tembung, frasa utawa ukara saka patang dongeng iku. Instrumen panliten yaiku panliti dhewe. Tata cara pangumpulane dhata yaiku kanthi metodhe kapustakan. Tata cara ngolah dhata yaiku nggunakake metodhe analisis isi kanthi tintingan struktural.
Endraswara (2011:52) ngandharake menawa panaliten struktural mandheng reriptan sastra minangkawujud kang madeg dhewe, nyisihake unsur sanjabane reriptan sastra. Miturut Abrams, metode strukural yaiku upaya nganalisis sawijining karya sastra kanthi cara kang objektif lan uwal saka bab-bab sanjabane teks sawijining karya sastra. Sajroning analisis struktural, teks diwawas minangka sawutuhing makna kang madeg dhewe kanthi cara otonom kanthi koherensi intern (Nurgiyantoro, 2010:36).
Tata cara analisis data sing ditindakake sajrone panliten iki yaiku maca kanthi temenan kanggo mangerteni isi lan makna dhata kasebut. Sabanjure nliti maneh dhata kang wis dimangerteni, kegiyatan nliti dhata sing diselarasake kalawan teori struktural yaiku cundhuk lan orane tema, paraga, alur, lan amanat sing kabeh mau dikarepake minangka karakteristik saka dongeng, banjur milih lan milah sarta nglompokake dhata miturut perangane. Pangajabe, kanthi panaliten iki bisa diweruhi titikane dongeng lan katemokake nilai moral kang kinandhut sajrone dongeng minangka sarana panggulawenthah tumrape bocah.
Kanthi dhasar sing wis diandharake mau, undhering panliten iki yaiku:
(1)     Kepriye karakteristike serat tantri?
(2)     Kepriye wujud intrinsike crita sajrone serat tantri?
(3)     Nilai apa wae kang kinandhut sajrone serat tantri?

B.       Landhesan Teori
Perangan iki njlentrehake lelandhesan teori kang digunakake kanggo ngonceki lan nganalisis serat tantri minangka patuladhan mligine tumrap bocah.
1.        Tantri ing Sastra Jawa Pertengahan
Kasusastran Jawa minangka kasusastran sing kalebu tuwa ing Indonesia (Hutomo, 1975:7). Ngrembug sastra mligine sastra Jawa, ora bisa uwal saka anane periodisasi kasusastran Jawa kang diperang dadi papat yaiku kasusastran Jawa Kuna, kasusastran Jawa Madya (tengah), kasusatran Jawa Anyar, lan kasusastran Jawa Modern.
Tantri minangka salah sawijine karya sastra Jawa Pertengahan kang awujud prosa. Karya sastra iku digawe disertasi dening C. Hooykaas, sawijine sarjana Walanda ing Leiden dipertahanke tanggal 12 Juli 1929 kanthi judhul, Tantri de Middel Javaansche Pancatantra Bewerking (Tantri, Pengolahan sacara Bebas saka Pancatantra menyang Basa Jawa Pertengahan). Pancatantra minangka sumber crita kewan ing donya (Suwarni, 2013:111).
Serat Tantri sumber utawa babone saka India, baane Sansekerta. Nanging mlebune menyang Jawa wiwit jaman kuna (Poerbatcaraka, 1957:59-60). Miturut Zoetmulder (1994:545), crita Tantri minangka crita imajinatif sing diripta dening brahmana kanggo nggulawenthah putrane ratu sing bodho. Saka crita didaktis iku diajab bisa paring patuladhan kangg putra ratu mau. Dene versi liya yaiku crita Tantri Kamandaka, nyritakake ratu sing saben wengi kepengin nduwe bojo anyar. Nganti ana bojone patih sing masrahake awake kanggo ratu mau. Amarga prigele wong wadon kang jenenge Tantri mau anggone crita, ratu mau kepengin terus dibaturi Tantri saben wengi. Saengga dheweke sadhar. Crita iki minangka crita dongeng 1001 wengi asli Jawa.

2.        Tintingan Struktural
Lumantar panliten struktural, panliti ora gumantung marang aspek liya sanjabane karya sastra (Endraswara, 2011:51). Tintingan Struktural ana minangka upaya kanggo njangkepi sawijining panliten sastra kang asipat ekspresivisme (pametune watak lan pangrasane pangripta) lan historis. Panliten sruktural diwawas luwih objektif (nengenake marang aspek intrinsik sawijining karya satra) amarga amung adhedhasar karya sastra iku dhewe, kanthi ora anane cawe-cawe saka unsur liya, sawijining karya sastra bakal disawang minangka sawijining asil cipta estetis.
Miturut Abrams, metode strukural yaiku upaya nganalisis sawijining karya sastra kanthi cara kang objektif lan uwal saka bab-bab sanjabane teks sawijining karya sastra. Sajroning analisis struktural, teks diwawas minangka sawutuhing makna kang madeg dhewe kanthi cara otonom kanthi koherensi intern (Nurgiyantoro, 2010:36).  Kahanan iki disebabake anane sesambungan kang salaras antarane bentuk lan isi (dikotomik). Analisis struktur sajrone dongeng kang dikumpulake panulis kapunjer ing babagan tema, paraga lan pamaragan, latar, lan nilai morale.

3.        Unsur Intrinsik
Unsur pamangun sawijining karya sastra diperang dadi loro, yaiku unsur intrinsik (intrinsic) lan unsur ekstrinsik (extrinsic). Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun sawijining karya sastra iku dhewe (Nurgiyantoro, 2010:23). Unsur kang mesthi bakal ditemokake nalika sawijining pawongan maca karya sastra. Wujude unsur intrinsik yaiku tema, paraga, plot utawa alur, kelir, lan sudut pandang. Ing ngisor iki bakal diandharake unsur-unsur intrinsik kang mangun karya sastra.
a.         Tema
Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema. Miturut Stanton lan Kenny tema (theme) yaiku makna kang kinandhut dening sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2010:67). Tema ing sakabehing bab asipat mengikat ana lan orane lelakon-konflik-kahanan tartamtu, kalebu sakabehing unsur intrinsik liyane, amarga bab kasebut kudu nyengkuyung cetha apa orane tema kang bakal diandharake. Tema didadekake dhasar pangrembakaning sawutuhing cerita, mula ing kene tema asipat ngrasuk marang sawijining cerita. Mula, kanggo nemtokake tema sawijining karya fiksi, tema kudu didudut saka sakabehing cerita kanthi sawutuhe, dudu adhedhasar saperangan bab tartamtu saka cerita. Tema minangka sesambungan antarane makna lan tujuwan panulisan prosa fiksi dening pengarang, mula pamaca kudu ngerteni perangan signifikan  kang mangun sawijine crita, ndudut makna sing kinandhut, lan bisa ngayutake karo tujuwan pangriptane reriptan sastra (Aminuddin, 2011:91).

b.         Paraga
Paraga yaiku wong kang ana  sajroning karya fiksi kang dening pamaca digambarake nduweni nilai moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika guneman utawa tumindak (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2010:165). Senajan paraga sajroning cerita mujudake paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara kang wajar kaya manungsa kang nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga manggoni panggonan kang mathuk minangka media kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening panulis. Sajrone karya fiksi, saliyane paraga uga kerep anggone ditemokake tembung pamaragan yaiku gegambaran kang cetha ngenani sawijining wong kang didhapuk sajroning cerita. Mula saka iku, tembung pamaragan tegese luwih rowa tinimbang paraga. Pamaragan ngandharake sapa paraga crita, kepriye wateke, lan kepriye gegambarane paraga kasebut sajrone cerita saengga bisa menehi gegambaran kang cetha tumrap pamaca. Pamaragan ing kene digunakake minangka sarana kanggo nggambarake sawijining paraga.

c.          Plot
Plot mujudake unsur fiksi kang wigati. Kenny ngandharake plot minangka lelakon-lelakon kang diwujudake sajrone cerita kang ora asipat apa anane, amarga pangripta nyusun lelakon-lelakon iku adhedhasar sebab-akibat (Nurgiyantoro, 2010:113).
Adhedhasar urutan wektu, Nurgiyantoro (2010:153) merang plot utawa alur dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur balik (regresif). Sajrone alur lurus prakara-prakara kang dumadi digambarake kanthi runtut utawa kronologis, dene alur balik prakara kang dumadi digambarake kanthi ora runtut.
Anane plot ditemtokake dening telung unsur, yaiku lelakon, konflik lan klimaks. Semana uga ngenani kualitas lan drajading kawigaten sawijining karya fiksi. Cacahing cerita sajrone karya fiksi akeh banget, nanging durung mesthi yen ngandhut konflik. Cacahing konflik uga akeh, nanging amung konflik utama kang bisa diarani klimaks. Unsur-unsur kasebut bakal diandharake ing ngisor iki.

d.         Kelir
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan, wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha ngaribawani siji marang liyane.

4.        Amanat/Nilai Moral
Reriptan sastra saliyane ngandhut nilai estetis, uga ngandhut nilai etik lan saintik. Mula sajrone reriptan sastra ditemokake sawijine nilai moral kag diwedhar pangripta sajrone reriptan fiksi iku. Nilai moral sajrone reriptan fiksi umume minangka pandhangane pangripta ngeneni nilai-nilai kabecikan sajrone urip lan panguripane manungsa.
Nurgiyantoro (2010:321) ngandharake menawa reriptan sastra, fiksi, umume ngandhut nilai moral sing sesambungan karo budi luhur lan nilai uga norma kamanungsan. Sifat luhur iku asipat universal. Tegese diyakini lan dipercaya dening manungsa sajagad. Miturut pamawase Nurgiyantoro uga (2010:323-324), nilai moral sesambungan karo panguripane manungsa sing diperang dadi telu. Yaiku manungsa karo dhiri pribadhine, manungsa karo sapadha, lan manungsa karo pengerane. Jinise sesambungane manugsa iku isih bisa diperang maneh adhedhasar tumindak lan sikepe.

5.      Nilai Patuladhan Kautaman tumrape Bocah
Panggulawenthah tumrap bocah bisa diwedhar lumantar patuladhan kang umume gegayutan karo bab pendhidhikan moral. Pendhidhikan moral dibutuhake dibutuhake amarga ing jaman saiki kahanan moral utawa akhlak generasi mudha wis wiwit rusak. Pendhidhikan karakter yaiku sawijine upaya kanggo dhidhik bocah-bocah supaya bisa njupuk keputusan kanthi wicaksana lan ngetrapake sajrone panguripan sabendina, saengga dheweke bisa menehi pangaribawa kang becik marang lingkungane (Ratna Megawangi, sajrone Dharma Kesuma, dkk, 2012:5).
Ana telung telung idhe pikiran penting sajrone pendhidhikan karakter yaiku:
1.      Proses transformasi nilai-nilai
2.      Dirembakake sajrone kepribadhen
3.      Nyawiji sajrone tindak-tanduk

C.      Andharan
Perangan iki bakal ngandharake ngenani karakteristike serat tantri, wujud intrinsike crita sajrone serat tantri lan nilai kang kinandhut sajrone serat tantri minangka patuladhan (tumrap bocah).
1.        Karakteristike Serat Tantri
Tantri minangka salah sawijine karya sastra Jawa Pertengahan kang awujud prosa. Karya sastra iku digawe disertasi dening C. Hooykaas, sawijine sarjana Walanda ing Leiden dipertahanke tanggal 12 Juli 1929 kanthi judhul, Tantri de Middel Javaansche Pancatantra Bewerking (Tantri, Pengolahan sacara Bebas saka Pancatantra menyang Basa Jawa Pertengahan). Pancatantra minangka sumber crita kewan ing donya (Suwarni, 2013:111).
Pancatantra minangka salah sawijine karya sastra Sansekerta kang misuwur banget ing India. Wiwit sadurunge Masehi. Crita kasebut sumebar menyang Asia lan Eropa nganti sadonya. Ing Indonesia, crita kasebut sumebar menyang kabeh pelosok nuswantara, kanthi crita sing maneka werna, siji dhaerah lan dhaerah liyane nduweni paraga lan pamaragan sing beda.
Sastra Jawa minangka sastra nuswantara sing paling dominan oleh pangaribawa saka India, klebu Pancatantra sajerone. Salah siji sing paling misuwur yaiku Tantri. Karya kasebut oleh kawigaten khusus saka Brandes lan Van der Took. Kalorone ngupaya ngumpulake naskah-naskah sing ana ing Jawa, Madura, lan Bali. Naskah sing kasil dikumpulake ana 37 iji siji terjemahan interlinier nganggo basa Bali lan siji terjemahan bebas saka Tantri Demung. Saking akehe naskah, mula Van der Took ngidhentifikasekake karo fabel. Ing Jawa paraga utamane kancil. Yen dirunut kanthi detail, crita kasebut bisa dibalekake marang Tantri. Nanging dongeg kancil sing ana ing Jawa iku asli utawa jiplakan durung bisa dipesthekake. Adhedhasar pengamatan crita utawa dongeng kancil ora ana ing India (Suwarni, 2013:113).
Karakteristik utawa titikane serat tantri minangka patuladhan (tumrap bocah) kaya ing ngisor iki.
a.         Minangka salah siji karya sastra Sansekerta sing misuwur banget ing India. Saking misuwure iku, mula Tantri klebu sastra Jawa Pertengahan sing paling dominan oleh pangaribawa saka India. Wiwit sadurunge Masehi wis sumebar ing donya kanthi maneka werna crita lan nduweni paraga sasrta pamaragan sing beda.
b.        Narik kawigatene para orientalis barat kanggo nliti. Kabukti saka akehe panliten tumrap Pancatantra sing ditindakake dening para sarjana kayata, Benfey, Brandes, Van der Took, Joynboll, lan C. Hooykaas. Saben panliti nduweni objek sing beda-beda kanggo ditliti. Benfey nlti limang kitab fabel, dongeng lan crita-crita saka basa Sansekerta. Brandes nggawe artikel ngenani Pncatantra dibandhingake karo crita sing ana ing Jawa. Van der Took nliti Tantri adhedhasar marang 4 naskah. Joynboll nggawe artikel ngenani Tantri sing diemot sajrone Ensiklopedi van Netherland aust Indie jilid 4. C. Hooykaas nggawe disertasi ngenani Tantri.
c.         Diidhentifikasekake karo fabel. Bab kasebut dumadi amarga Tantri iku sumbere saka Pancatantra sing isine ngrembug crita kewan. Dadi sacara ora langsung, tantri iku laras karo fabel.
d.        Sarana pendhidhikan moral utawa menehi panglipur kang asipat ndhidhik lan mbentuk karakter. Adhedhasar isine kang ngemu nilai didaktis lan etis, mula Tantri bisa didadekake sarana kanggo mulang muruk bocah sing kudu dibentuk karaktere wiwit cilik.
e.         Saka 37 naskah sing wis kasil diklumpukake Brandes lan Van der Took, digolongake dadi 12 klompok, yaiku prakarana, tantri demung, tantri Bali (tantri Bug-bug), tantri Bali,  tantri nggunakake basa Bali, tantri Bali (Gunakaya), Cantri, Bayan Budiman, Rato sasoce, Kakawin tantri Kamandaka.
Dene Crita kang ditliti sajrone panaliten iki yaiku crita Tantri kang ajudhul Wre Mwang Manar, Tan Wruh ing Nitiyogya, Gagak Mwng Sarpa Pejah Dening Yuyu, Anemu Duhkha, lan Manuk Baka Mati Denikang Yuyu. Sinopsis critane kaya mangkene.
a.    Wre Mwang Manar
Ana manuk nggawe omah, ditunggoni kera, si manuk alok marang kera supaya ora males lan bangun omah kaya dheweke, ning si kera jelaskake yen adat saka nenek moyange ora mangkono. Lan si kera nuturi supaya ora angel nelingake utawa ngilokake, kudu di deleng posisi lan kahanane.

b.    Tan Weruh Ing Nitiyoga
Ana raja lan putri lagi mlaku-mlaku meyang hutan, si raja kerasa ngantuk, lan masrahake keselametane marang kera. Raja perintah yen ana apa wae kang ngaggu dheweke kudu dipateni. Si kera digawani pedang. Barang raja lan putri wis turu ana laler mencok ning gulune raja lan putri, si kera eling marang perintahe langsung mateni laler kuwi mau nganggo pedang. Nanging apese si raja lan putri gulune melu pedhot merga laler kuwi mau. Saka cerita iku kita kudu bisa waspada, lan yen ngewenehi perentah kudu sing cetha, supaya ora nyilakani awake dhewe.

c.    Gagak Mwang Sarpa, Pejah Dening Yuyu
Sawijining dina ana brahmana kang mlaku-mlaku ing pegunungan, ning dalan brahmana kuwi mau nulungi yuyu. Sawise nulungi yuyu brahmana nerusake lakune, kerasa kesel brahmana kuwi mau mandek lan turu ing ngisor wit. Dumadakan ana gagak lan ula kang duwe rekadaya arep mangan brahmana kuwi mau. Rekadaya kuwi mau dirungokake dening yuyu, kelingan nek dheweke mari ditulung brahmana, yuyu arep males budi. Gagak lan Ula di apusi, jare arep dibantu. Nanging yuyu kuwi mau malah mateni Gagak lan Ula. Saka cerita kasebut ana tuladha utawa pitutur ngenani balas budi.

d.   Anemu Duhkha
Ana tuma lan lamuk kang lagi omong-omongan, lamuk ngomong marang tumo yen awake ora isa lemu merga yen arep nyesep darahe manungso mesthi dikeplaki. Tumo ngewenehi nasehat supaya kaya dheweke kang singidan ing rambut-rambut, yen ana waktu isa nyesep darah sapuas-puase. Nanging lamuk ora isa nahan napsune, barang ana kesemptan lamuk langsung nyesep darahe raja, barang raja mau kerasa yen dicokot lamuk, raja mau goleki nanging lamuk wis singidan, raja terus goleki ketemu temo dipateni, isih durung mari ketemu lamuk pisan, akhire lamuk lan tumo padha matine.

e.    Manuk Baka Mati Denikang Yuyu
Ing tlaga Malini ana manuk baka kang tamak, manuk baka ngereka daya lan ngapusi para iwak ing tlaga malini. Manuk baka epok-epok lagi susah atine, merga bakal ana nelyan kang jarring iwak ing tlaga Malini kebut. Para iwak tambah kagum lan percaya marang manuk baka kasebut. Si manuk baka ngapusi supaya pra iwak pindah ing tlaga Andawahana merga jarene ning kana ora ana sing bakal ganggu. Manuk baka mindahake para iwak kanthi cara nggegem ing sikile lan ing paruhie, nanging ora diterake menyang talga Andawahana para iwak mau malah dipangan dening manuk baka. Pra iwak mati kabeh kari ana yuyu ing tlaga Malini, si Yuyu jaluk dipindahake uga menyang tlaga Andawahana, nanging kanthi cara ngglantung ing gulune manuk baka, teka tlaga Andawahana yuyu malah nyapit gulune manuk baka nganti pedhot. Saka cerita kasebut isa dimangerteni supaya ora tumindak ala, merga saben tumindak ana piwalese.

Saka andharan ngenani struktur pamangune patang dongeng ing ndhuwur, bisa didudut ngenani titikane crita Tantri iku kaya mangkene:
a.       Tema sederhana, mulane tema mau langsung gampang dingertani.
b.      Alure umume mung saalur. Alur kasebut umume yaiku alur maju. Sesambungan karo perkara mesthi ngandhut kedadeyan-kedadeyan kang diurutake wektune.
c.       Paragane umume cacahe ora akeh, paling ora loro. Wujude paraga kerep nggunakake kewan utawa samubarang (jeneng liya).
d.      Kelir/setting biyasane nggunakake lingkungan alam lan kahanan sakiwa tengene.
e.       Sudhut pandhange umume nggunakake sudhut pandhang wong katelu. Pangripta minangka paraga sajabane crita kang nyritakake kahanane paraga utama sajrone sastra kasebut.

2.        Wujud Intrinsike Crita Sajrone Serat Tantri
Tantri isine ngenani pitutur utawa tuladha kang sinirat sajrone cerita, cerita Tantri diperanake kewan, naning ana saperangan perane ana kang manungsa.  Bisa disebut yen cerita Tantri iki kaya Fabel. Merga kang merane cerita yaiku kewan. Cerita Tantri iki di dadekake perangan-perangan kang nyeritakake kedadeyan-kedadeyan kang beda-beda. Nanging kabeh cerita iku mau kebak pitutur utawa tuladha.
Cerita Tantri kalebu cerita kang cekak, ana perangane cerita Tantri kang dawane mung telung paragrap. Cerita tantri iki uga mirip kaya dongeng, merga ing pungkasan dicetakake karep saka cerita kasebut. Cerita Tantri iki cocog kanggo media sastra anak, katitik saka andharan ing nduwur.
Saliyane iku cerita Tantri iki sederhana, ceritane cetha, alure rata-rata alur maju. Setting panggonan kang digunakake kerep gunakake setting ing hujan, merga kang diceritakake utawa paragene yaiku kewan. Cerita Tantri kalebu cerita lawas, basa kang digunakake basa .
a.      Tema
Tema kang ana ing crita tantri umume mung ana siji, mulane tema mau langsung gampang dingertani. Tuladhane kaya ing crita “Wre mwang manar” nduweni tema aweh pitutur. Kabukti saka cuplikan ing ngisor iki.
… majar ikang manar: ,,Kita sang wre, matangan, masuku, kathamapi tan magaway umahanta, yekadhama ngaranya, ya ta jugul kunang kita.” (Hadiwidjana, 1953:42)
            Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen manuk manyar iku aweh pitutur marang kethek supaya gelem nyambutgawe. Manuk manyar nuturi kethek amarga nalika dheweke nggawe susuhan, dheweke nyawang polahe kethek sing mung lungguhan wae ing ndhuwur pang. Bab kasebut nuwuhake kawigatene manuk manyar kanggo ngerteni kena apa si kethek ora gelem nyambutgawe mbangun omah kamangka kethek iku nduwe tangan lan sikil.
            Sabanjure tema aweh pitutur uga ana ing crita “TAN WRUH ING NITIYOGYA”. Cuplikane kaya ing ngisor iki.
… Yateka winekasnira tunggwaguling: ,,nDan kong wre, tunggwaku maguling. Yan ana ngalang-alangana paguling mami, tuwi yan dusta mngrabasa, kakawancanta sakalwiranya ngalang-alangana ryaku maguling. Away kita ngundur i jurang. Mah kandaga pinaka sahayanta.” Mangkana ling sang rajaputra. Enak panidranira kalih. (Hadiwidjana, 1953:44)
            Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen sang raja putra aweh pitutur marang kethek supaya njaga anggone dheweke turu. Kethek sing setya tuhu marang sang raja banjur nyanggupi kekarepane sang raja, nanging amarga pitutur mau ngandhut piweling sing ora cetha, mulane ndadekake bebaya tumrap sang raja. Ing kene dicritakake yen kethek iku salah panampa lan ora bisa ngetrapake pitutur mau kanthi becik, saengga pungkasane sang raja mati dening kethek iku dhewe. Bab kasebut laras karo crita “ANEMU DUHKHA” kang cuplikane kaya ing ngisor iki.
            … Mangkana ling nikang katitinggi, sumahur ikang tuma, lingya: ,,Aum sang katitinggi, kita pwa mangaran Candila. Ri wruhanta, mami tuma, si Asada ngaran mami. Kunang sasabha ning hulun ri tilam sang natha; kang minangsa mami rah ning pupu sang natha. Kunang pamangsa mami manganti kaladesa. (Hadiwidjana, 1953:52)
            Cuplikan ing ndhuwur uga ngandharake tema aweh pitutur nanging ora digatekake. Dicritakake yen tinggi lan tuma iku minangka kewan kang gawene nyesepi getihe manungsa. Ing cuplikan kasebut, tuma aweh pitutur marang tinggi yen kepengin nyesep getihe sang raja iku kudu ngerti wayah, dadi ora angger wae. Kabeh mau kudu nyawang kahanane lan ora perlu grusa grusu. Perangan pupune sang raja sing disesep getihe nalika turu. Yen kahanane ora nyengkuyung mula kudu ngenteni lan lila ora mangan nganti telung dina. Kewan tinggi iku awake kuru amarga ora nate wareg nalika nyesep getihe manungsa. Nalika diolehi dening tuma nyesep getihe sang raja, dheweke pranyata ora nggatekake pituture si tuma. Katon anggone grusa grusu, pungkasane kalorone dipateni dening sang raja.

b.      Alur
Alur sajrone sastra anak biyasane mung saalur. Alur kasebut umume yaiku alur maju. Sesambungan karo perkara mesthi kisen kedadeyan-kedadeyan kang diurutake wektune. Crita tantri cacah lima, yaiku “Wre mwang manar, TAN WRUH ING NITIYOGYA, GAGAK MWANG SARPA PEJAH DENING YUYU, ANEMU DUHKHA, MANUK BAKA MATI DENIKANG YUYU” kasebut, kabeh nduweni alur maju. Buktine kabeh crita urutane runtut saka wiwitan nganti pungkasan, ora ana alur mudhur utawa flashback-e. Dadi ing kene, crita diwiwiti kanthi ngenalake paraga, wiwitane perkara, puncake konflik, lan dipungkasi kanthi penyelesaian. Rata-rata saka crita tantri iku diwiwiti kanthi nyritakake paragane, banjur konflik kang awujud perkara nganti pungkasane dicritakake yen saben paraga kang ora becik tumindake iku mau wasanane mati kabeh. Senajan nduweni pepadhan sajrone alure, nanging saben crita nduweni maksud kang beda-beda sajrone isine, saengga bisa aweh piwulang khusus tumrap para pamacane.

c.    Paraga lan pamaragan
Paraga sajrone sastra anak umume cacahe ora akeh, paling ora ana loro. Dene pamaragane digambarake kanthi cetha saka tindak tanduke para paraga sajrone crita kasebut. Paraga sajrone crita tantri bisa diperang dadi loro, yaiku:
1)      Kewan karo kewan
Paraga kewan karo kewan dituduhake ing crita “Wre mwang manar” kang paraga utamane yaiku manuk manyar lan kethek. Ing kene manuk manyar nduweni sipat peduli. Katiti saka tumindake sing nuturi kethek supaya gelem nggawe omah lan ora mung lungguhan nganggur wae. Dene kethek nduweni sipat dumeh, ora peduli lan ora nggatekake pitutur.
Sabanjure uga dituduhake ing crita “MANUK BAKA MATI DENINKANG YUYU”. Sajrone crita kasebut ana telung paraga, yaiku manuk baka/bangau, iwak, lan yuyu. Manuk baka nduweni watak licik lan seneng apus-apus. Katiti saka tumindake sing ngapusi iwak-iwak ing tlaga Malini kanthi tujuwan saperlu didadekake santapane. Dheweke ngaku yen lagi oleh piwulang saka sang Pandita, mulane ora bakal mangan iwak-iwak ing tlaga iku maneh. Tibane iku mau mung apus-apus supaya iwak-iwak ing tlaga iku ora padha nduweni prasangka ala marang dheweke lan pungkasane didadekake santapane. Banjur iwak nduweni watak gampang percaya. Katiti saka tumindake sing gampang percaya marang manuk baka sing gawene ndadekake iwak-iwak ing tlaga Malini iku minangka santapane. Wiwitane iwak-iwak iku ora percaya marang owah-owahan tumindake manuk baka, nanging suwi-suwi malih percaya amarga kena apus-apuse manuk baka. Dene yuyu nduweni watak cerdik. Katiti saka tumindake sing kasil mateni manuk baka kanthi cara nyapit gulune nganti pedhot. Yuyu ngerti yen manuk baka iku mung apus-apus, mulane dheweke mbales tumindake manuk baka iku kanthi cara kang ora kinira, saengga ndadekake manuk baka ngrasakake asil saka tumindak alane iku.

2)      Manungsa karo kewan
Senajan sajrone crita tantri iku ana paraga manungsane, nanging ing kene kewan tetep dadi paraga utamane. Crita sing nggunakake paraga kewan lan manungsa yaiku “TAN WRUH ING NITIYOGYA, GAGAK MWANG SARPA PEJAH DENING YUYU, ANEMU DUHKHA”.
Crita “TAN WRUH ING NITIYOGYA” nyritakake paraga rajaputra lan kethek. Rajaputra nduweni watak sembrana. Katiti saka tumindake sing aweh pitutur marang kethek kanthi ora cetha, saengga dheweke dhewe sing kudu nanggung kabeh akibate. Dene kethek nduweni watak cerdik kaya uwong lan lulut. Katiti saka tumindake sing manut marang pituture sang raja, nanging apa kang ditindakake kethek iku mau mbebayani tumrap sang radja nganti pungkasane raja iku mau mati gara-gara si kethek ingon-ingone iku.
Crita “GAGAK MWANG SARPA PEJAH DENING YUYU” nyritakake kewan yuyu sing nduweni watak cerdik lan becik budine. Katiti saka tumindake sing kepengin mbales budine sang brahmana sing wis nulungi dheweke kanthi cara ngakali kanthi tujuwan mateni gagak lan ula sing arep ndadekake brahmana kasebut minangka mangsane. Sang brahmana nduweni watak seneng tetulung lan welas asih marang kewan. Katiti saka tumindake sang brahmana sing nulungi yuyu sing meh mati nalika ana ing pucuk gunung. Dene gagak lan ula nduweni watak kejem lan keji. Kabukti saka tumindake sing arep mangan sang brahmana. Merga niyate kalorone iku ora becik, mula pungkasane gagak lan ula padha oleh piwalese dhewe-dhewe.
Crita “ANEMU DUHKHA” nyritakake kewan tinggi lan tuma sing nyesep getihe sang rajaputra nalika turu. Tuma nduweni watak peduli. Katiti saka tumindake sing gelem tetulung lan aweh pitutur marang kewan tinggi sing kepengin nyesep getihe rajaputra nganti wareg. Tinggi nduweni watak grusa grusu lan ora sabaran. Katiti saka tumindake sing gage-gage kepengin nyesep getihe rajaputra tanpa nggatekake kahanan. Sing dikarepake pokoke ndang wareg lan marem, saengga ora nganti mikirake resiko saka tumindake kasebut. Dene rajaputra nduweni watak teges, katiti saka tumindake nalika turu banjur dicakot dening tinggi, mula dheweke kanthi ulet enggal nggoleki tinggi lan tuma sing nyakot dheweke mau ing clekitan anyaman kasure. Sawise temu, pungkasane kewan mau dipateni kabeh lan muspra kabeh usahane kewan loro mau.

d.      Kelir/setting
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2010:216). Kelir/setting sajrone crita Tantri kang ditliti mligine kelir panggonan umume nggunakake lingkungan alam lan kahanan sakiwa tengene. Sajrone crita Tantri iki ana kang dumadi ing alas, ana uga kang kedadeyan ing kreton. Kaya cuplikan iki.
Ana sira rajaputra macangkramamengameng ring taman Sidempati…. (Hadiwidjana, 1953:44)
Mahas ta sira ring giri madewacraya; mamanggih ta sira yuyu ri cikharaning pawarta, si Astapada ngarannya….
Katon denikang gagak, mataru sang brahmana rikan patani….(Hadiwidjana, 1953:46)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake kelir papan panggonan sajrone crita Tantri kang ditliti panulis. Kaya kang wis kaandharake sadurunge, papan panggonan dumadine crita iki ing alas lan ing kraton, amarga paragane kewan. Kaya dhata ing ndhuwur, panggonan dumadine critane ing Taman Sidempati, ing kraton, ig taman, lan ing Patani—papan pinggir kali--.
Swasana kang kagambarake umume mung seneng lan susah kang sesambungan karo pamungkase critane. Kaya kang kagambarake ing cuplikan iki.
Kaserepan sira lumiyat ing langen ing taman, aheb dening kang sarwa kusuma sugandha…. (Hadiwidjana, 1953:44)
Swasana kang kagambarake ing ndhuwur yaiku seneng. Nggambarake ratu kang seneng nyawang kaendahan ing taman kaprajan iku. Dene swasana liyane kagambarake ing cuplikan iki.
Majar ikang manar: Kita sang wre, matangan, masuku, kayhampi tan magaway umahanta, yekadharma ngaranya, ya ta jugul kunang kita.”
Mangkana lingnikang manuk manar, sumahur ikang wanara: Kawitanta sang manar, wadwa sang Rama kinonira pwa sumiddhakena karyaning len: tan undangi pwa ya?”…. (Hadiwidjana, 1953:42)
Swasana kang kagambarake ing cuplikan iku yaiku tegang. Amarga paraga manuk manyar lagi tukaran karo kethek ngenani kalungguhane. Kekarone padha adu pamawas ngenani kaprigelane dhewe-dhewe.

e.       Sudhut Pandhang
Sudhut pandhange umume nggunakake sudhut pandhang wong katelu. Pangripta minangka paraga sajabane crita kang nyritakake kahanane paraga utama sajrone sastra kasebut. Sajrone crita Tantri iki sudhut pandhang pangripta kagambarake kaya mangkene.
Ana sira rajaputra macangkramamengameng ring taman Sidempati…. (Hadiwidjana, 1953:44)
Ana sira sang Brahmana, dateng sakeng Pratala…. (Hadiwidjana, 1953:46)
Ana wre matatangga lawan manuk manar…. (Hadiwidjana, 1953:42)
Ana tamu si Asad ngaranya munggwing tilam sang prabhu….
Ana katitinggi, si Candila ngaranya… (Hadiwidjana, 1953:52)
Dhata –dhata ing cuplikan iku nggambarake anggone pangripta medhar crita. Saka dhata saben crita iku bisa dingerteni menawa sudhut pandhang sing digawe yaiku wong katelu. Pangripta nyritakake paraga dudu pribadhine.

3.        Nilai Kang Kinandhut Sajrone Serat Tantri
Nilai sing kinandhut sajrone serat tantri minangka unsur ekstrinsike reriptan fiksi. Sajrone crita ing serat tantri nduweni nilai moral kang awujud nilai didaktis. Nilai iki tuwuh laras karo tujuwan diriptane crita Tantri iki.
Nilai didaktis sajrone crita tantri “Wre mwang manar” diandharake kaya cuplikan ing ngisor iki.
Tan ineluk ikang kayu, yan tan yoga eluken. Tan linakwaken ikang ratha, yan tanpacakra. Tan pati-pati macisya sang pandita, yan ike tan yogya makacisyanira. Tan pati tuturi yan tanpasambaddha kahyun lawan ikang pinituturan, tewas manghel kita marah-marahi. (Hadiwidjana, 1953:42)
Cuplikan ing ndhuwur nyritakake manuk manyar kang menehi pitutur marang kethek, nanging pitutur mau ora trep karo kahanan, mula ora digatekake dening kethek, saengga kudune yen menehi pitutur iku ora oleh sakarepe dhewe.
Ing crita “Tan Wruh Ing Nitiyogya” ngandharake nilai didaktise kaya cuplikan ing ngisor iki.
Kancit pwa ya ana laler lalu lakistri, tumrap ing gulunira kalih sang manidra. Ikang stri tumrap ing tenggek sang rajaputra, lanangnya tumrap ing tenggek sang raja putri. Umulat pwa ya sang wre, matutur I pawekas sang rajaputra nguni; sahasa pinrangya tang laler lalu, apasah tenggeknira kalih, sang rajaputra mwang sang rajaputri. Pejah sira dening pawekasanira, yeka dosaning tan wruh ing paryaya mwang ring nitiyogya. (Hadiwidjana, 1953:44)
Cuplikan ing ndhuwur nyritakake prentahe raja marang kethek supaya njaga dheweke, nanging merga ora cetha prentahe, raja kepati merga ana laler kang menclok ing gulune, banjur laler mau di pateni karo kera nganggo pedhang, gulune raja pedhot. Raja mati merga prentahe dhewe.
Nilai didaktis sajrone crita tantri “Gagak Mwang Sarpa, Pejah Dening Yuyu” diandharake kaya cuplikan ing ngisor iki.
Katon denikang gagak, mature sang brahmana rikan patani. Moga malih metu ikang sarpa, lingnya: ,,Nohan tan ku mitra, coconya mangsanta” Mangkana pobhayanya kalih Mangrengo tikang yuyu ikang winawa de sang dwija nguni Mawacana ring ati ikang yuyu: ,,Dusta kacamala dahat ingkang gagak mwang sarpa, pada kapwa durjananya” (Hadiwidjana, 1953:46)
Cuplikan ing ndhuwur nyritakake kepriye tumindake yuyu sawise ditulung dwija, ngerti dwija bakal di mangsa dening gagak lan ula, yuyu males budine dwija kanthi cara ngakali gagak lan ula, pungkasane gagak lan ula dipateni dening yuyu kanthi cara nyapit gulune kewan kalorone iku sadurunge mangsa sang dwija.
Nilai didaktis sajrone crita tantri “Anemu Duhkha” diandharake kaya cuplikan ing ngisor iki.
Kalinganya: Ikang mwang pamaracrayan, tan wruha becikan ing amaracraya, wyakti anemu duhkha satata. (Hadiwijana, 1953:53)
Cuplikan ing ndhuwur ngandharake nilai didaktis yaiku sapa sing menehi pitulungan nanging ora ngerteni apik becike sing njaluk tulung iku, tamtu wae bakal antuk kasusahan. Dadi ing kene nalika arep menehi pitulungan iku kudu migatekake kahanane wong sing ditulungi.
Dene nilai didaktis sajrone crita tantri “Manuk Baka Mati Denikang Yuyu” kaya cuplikan ing ngisor iki.
                   Iki kalinganya: ,,Ikang mwang magawe papa, tan marar yanmamanggih duhkha, puputan pati.”(Hadiwidjana, 1953:58)
Cuplikan ing ndhuwur ngandharake yen sapa wae kang tumindak durjana, bakal oleh kasusahan, lan pungkasane bakal nemu pati.

D.    Panutup
Saka andharan ing ndhuwur, nilai-nilai sing kinandhut sajrone serat tantri yaiku kautaman utawa moral lan panggulawenthah utawa didaktis. Nilai-nilai kasebut menehi piwulang becik kanggo pamaca utamane bocah, kanthi nuduhake tumindak ala utawa becik lan salah utawa bener sajroning carita. Panggulawenthah tumrap bocah umume gegayutan karo bab pendhidhikan moral. Pendhidhikan moral dibutuhake dibutuhake amarga ing jaman saiki kahanan moral utawa akhlak generasi mudha wis wiwit rusak. Pendhidhikan karakter yaiku sawijine upaya kanggo ndhidhik bocah-bocah supaya bisa njupuk keputusan kanthi wicaksana lan ngetrapake sajrone panguripan saben dina, saengga dheweke bisa menehi pangaribawa kang becik marang lingkungane.



Kapustakan
Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.

Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps.

Hadiwidjana. 1953. Sarwacastra I. Jogjakarta: U. P. Indonesia N. V.

Kesuma, Dharma, at. al. 2012. Pendidikan Karakter. Bandung: Rosda Karya

Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.

Poerbatjaraka, 1957. Kapustakan Djawi. Jakarta: Djambatan.

Suwarni. 2013. Sastra Jawa Pertengahan. Surabaya: Perwira Media Nusantara.

Zoetmulder, 1994. Kalangwan: Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Jakarta Djambatan.



0 Responses

Posting Komentar