AH.
SYAHRUL RAHMAT
12020114047—2012
B
IBU
Ibu
aku kangen sliramu
wiwit cilik ora bisa aku
nyawang pasuryan ayumu.
Ibu
pangurbananmu
gedhe kanggo nglairake aku
nganti oncat nyawamu.
Ibu
aku janji marang sliramu
bakal dadi anak sing setya tuhu
kareben bisa mikul ndhuwur asmamu.
Ibu
muga dadi bungah atimu
saka kana nyawang putramu
kasil anggone luru ngelmu.
Ibu
aku nyuwun donga pangestumu
amrih bagya mulya uripku.
DALAN CILIK
Dalan cilik
pinggir kali
kang tansah
takliwati
esuk sore rina wengi
mlaku kudu ati-ati
kareben ora
keplesed mlebu kali.
Kaya dene urip
iki
kudu premati,
gemi, nastiti, lan ngati-ati
tumindak ala
kudu didhohi
supaya ora
didukani gusti
kudu tansah
mamuji
sembahyang rina
wengi
nuju ridhaning gusti
urip bagya mulya
salami-lami.
DADI WONG JAWA
Da-
di wong Jawa
unggah-ungguh
so-
lah bawa
kudu tansah
katindakna
iku kabeh
pangetrepe tata krama
nerak iku ora
kena
kareben uripe
bagya mulya.
SIJI LORO TELU PAPAT
Siji loro telu
papat
dadi bocah kudu
hurmat
ora kena
nglanggar sareat
supaya uripe ora
mlarat
mlarat donya
akerat
kudu asing
mertobat
nyuwun ngapura
mring Kang Maharohmat
papat telu loro
siji
nalika janji ora
kena nulayani
iku bisa gawe
lara ati
ben ora dilaknat
Gusti
urip mulya
salami-lami.
KACUNG THOLE
Kacung
Thole
mrinia
Le… daktakoni
kita
iki kagungane sapa ta Le?
coba
dipikir, kita iki digawe saka apa?
hla
urip kita iki diutus lapo?
njur
mbesuk yen budhal mati anggawa sangu apa?
Piye
Le?
wangsulana
banjur rumangsanana
amrih
tumindakmu ora ala
amrih
bagya mulya ing ndonya lan akerat kana.
Posting Komentar