|
AJI
SAKA: ANTARA CRITA LAN SENDRATARI
(TINTINGAN
ANALISIS UNSUR LAN ALIH WAHANA)
Eka Febriana 12020114028
Sari Eka Diniati 12020114039
Ah. Syahrul Rahmat 12020114047
Kelas 2012 B
Prodi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas
Bahasa dan Seni, UNESA
A.
Purwaka
Sastra
Jawa nduweni wujud lan jinis kang maneka warna. Salah sijine saiku sastra
tulis. Sastra tulis uga nduweni jinis kang akeh. Upamane ing kasusastran Jawa
modheren ana kang awujud cerkak, cerbung, novel, crita sejarah utawa babad,
guritan, lan sapiturute. Kanggo ngerteni lan nikmati isine, kita kudu maca
karya tulis iku.
Maca
minangka sawijine katrampilan basa, ora kabeh wong gelem nglakoni. Umume akeh
wong sing seneng ngrungokake utawa ndeleng tinimbang macane. Mula saka iki,
karya sastra kang awuud tulis ora bisa dinikmati isine dening sapa wae. Mligi
kanggo sastra Jawa kudu ana sawijine proses kreasi
amrih kasusastran tulis kang adiluhung iku ora saya cures kahanane. Salah
sijine yaiku kanthi cara ngowahi wujud crita iku menyang wujud liya nanging
isen-isene tetep padha. Karya sastra kang dikreasi
iku salah sijine yaiku crita Aji Saka kanthi cara alih wahana.
Panulis nindakake panliten ngenani alih wahana iki amarga panliten ngenani alih wahana
isih jarang
ditindakake.
Panliten ngenani alih wahana bisa
dadi wujud patuladhan
kanggo nguri-uri sastra Jawa. Anane karya sastra kang awujud
crita tulis banjur diowahi dadi lakon kethoprak, film, sendratari, lan sapanunggalane
iku minangka sawijine
upaya supaya sastra Jawa bisa tetep dinikmati
dening masyarakat. Lumantar wahana kang beda, sastra Jawa bisa tetep lestari lan ora ilang kagerus jaman.
Crita Aji
saka kang dipilih dening panulis iki adhedhasar crita kang ana ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939). Crita ing buku iki
dipilih amarga taun terbite kang wis suwe. Dene wujud kreasi-ne yaiku sendratari kang dipentasake dening mahasiswa
jurusan Sendratasik Universitas Negeri Semarang.
Adhedhasar andharan kasebut, panliten alih
wahana bisa dadi sarana ngerteni karya sastra Jawa lan owah-owahane kang
dumadi. Karya
sastra kang awujud
crita Aji Saka iki bisa tetep
dirasakake lumantar wahana kang beda, yaiku
sendratari minangka wahana kang disenengi
dening kawula mudha.
Bab
iku uga sesambungan karo owah-owahan pamikire
masyarakat kang luwih seneng
ndeleng visual lan
ngrungokake tinimbang maca. Utawa bisa ditegesi minat
macane masyarakat tansaya suda.
Alih wahan saka crita Aji Saka kang awujud tulis menyang
sendratari nduweni
topik kang padha nanging
wahana kang
digunakake beda. Mula
panaliten iki nggunakake cara deskriptif kualitatif komparatif. Karya sastra
kang awujud crita tulis lan sendratari kanthi lakon sing padha bakal
diandharake struktur critane lan dibandhingake wujud lan isine. Alih wahana saka crita menyang sendratari uga mesthi ngalami owah-owahan,
mula perlu dibandhingake supaya bisa ngerteni kepriye struktur crita Aji Saka sadurunge dialihwahanakake lan
kepriye struktur critane sawise dialihwahanakake.
Bab-
bab
iku bakal ditintingi lumantar
teori saka para ahli, mligine teori struktural
lan teori alih wahana. Panaliten iki diajab bisa migunani tumrape
panulis lan bebrayan umume, mligine kang magepokan karo panaliten sastra
bandhingan.
B.
Kajian
Teori
Sadurunge
ngandharake ngenani struktur lan alih wahanane crita Aji Saka iki bakal
diandharake lelandhesan teorine luwih dhisik. Teori kang diandharake iki
minangka sarana kanggo ngonceki struktur lan alih wahanane crita. Saka kono
bisa diweruhi pambeda lan pepadhane antaranr rong jinis karya iki.
1.
Konsep
Struktural
Faruk
(2012:173) ngandharake menawa strukturalisme minangka paham kang nganggep kabeh
ing donya iki nduweni struktur pamangun. Andharan iki isa ditrepake sajrone
reriptan sastra. Reriptan sastra uga ngandhut struktur pamangun, yaiku unsur
intrinsike. Endraswara (2011:51-52) ngandharake menawa panaliten struktural
ditindakake kanthi obyektif, yaiku nengenake unsur intrinsik crita. Sesambngan
antarane saben unsur kudune asipar estetis. Kanthi mangkono, perangan wujud lan
isi kudu tetep ditengenake sajrone panaliten sastra.
Abram (sajrone Nurgiyantoro, 1995:36-35) ngandharake yen struktur crita minangka sesambungan antarane unsur pambangune karya sastra siji lan unsur pambangune karyasastra liyane. Crita bisa dumadi yen
ana
unsur-unsur pambangune kayata, tema, alur, paraga,
setting. Unsur-unsur
iku
mau kang nyusun crita kanthi
utuh, tegesesajrone crita
ora bisa sampurna yen salah sawijine unsur iku
ditinggalake. Unsur-unsur
pambangune carita yaiku:
a.
Tema
Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema.
Miturut Stanton lan Kenny tema (theme) yaiku makna kang kinandhut dening
sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2007:67). Tema ing sakabehing bab asipat mengikat
ana lan orane lelakon-konflik-kahanan tartamtu, kalebu sakabehing unsur
intrinsik liyane, amarga bab kasebut kudu nyengkuyung cetha apa orane tema kang
bakal diandharake. Tema didadekake dhasar pangrembakaning sawutuhing cerita,
mula ing kene tema asipat ngrasuk marang sawijining cerita. Mula, kanggo
nemtokake tema sawijining karya fiksi, tema kudu didudut saka sakabehing cerita
kanthi sawutuhe, dudu adhedhasar saperangan bab tartamtu saka cerita.
Kang kudu ditindakake nalika nggoleki tema yaiku
kang kapisan digoleki gagasan utama ing saben-saben pada sajrone karya sastra.
Gagasan utama kasebut kang diarani sub tema. Sabanjure, saka sub tema kasebut
ditemtokake sawijining sub tema kang paling gedhe pangaribawane tumrap cerita.
Sub tema kasebut kang bisa diarani tema utama utawa tema mayor kang ndayani
sawijining cerita.
b.
Paraga
Paraga yaiku wong kang ana sajroning karya fiksi kang dening pamaca
digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika
guneman utawa tumindak (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:165). Senajan paraga
sajroning cerita mujudake paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara kang
wajar kaya manungsa kang nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga manggoni
panggonan kang mathuk minangka media kanggo nggambarake amanat, moral, utawa
samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening panulis.
Sajrone karya fiksi, saliyane paraga uga kerep anggone ditemokake tembung pamaragan yaiku gegambaran kang cetha ngenani sawijining
wong kang didhapuk sajroning cerita. Mula saka iku, tembung
pamaragan tegese luwih rowa tinimbang paraga. Pamaragan ngandharake sapa paraga
crita, kepriye wateke, lan kepriye gegambarane paraga kasebut sajrone cerita saengga bisa menehi gegambaran kang cetha tumrap pamaca. Pamaragan ing kene digunakake minangka sarana kanggo nggambarake
sawijining paraga.
c.
Plot
Plot mujudake unsur
fiksi kang wigati. Kenny ngandharake plot minangka lelakon-lelakon kang
diwujudake sajrone cerita kang ora asipat apa anane, amarga pangripta nyusun
lelakon-lelakon iku adhedhasar sebab-akibat
(Nurgiyantoro, 2007:113).
Laras karo Kenny,
Forster uga ngandharake yen plot iku lelakon-lelakon cerita kang nduweni sesambungan kausalitas
(Nurgiyantoro, 2007:113). Abrams ngandharake yen plot sawijining karya sastra
mujudake struktur lelakon-lelakon, yaiku lelakon iku nduweni piguna kanggo nuju
sawijining efek emosional lan efek artistik tartamtu. Mula, senajan
andharan ngenani plot saka pamawas
siji lan sijine ana bedane, nanging sakabehe iku nduweni punjering pamawas kang
padha, yaiku plot iku nduweni sesambungan karo lelakon-lelakon kang ana
sajroning cerita. Wujuding
lelakon kang amung
adhedhasar urutan wektu durung bisa diarani plot. Supaya dadi plot, lelakon-lelakon iku kudu diolah lan
disisati kanthi cara kreatif. Saengga asile bisa mujudake karya sastra kang
apik lan narik kawigaten.
Adhedhasar urutan wektu, Nurgiyantoro (2007:153) merang
plot utawa alur dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur balik (regresif).
Sajrone alur lurus prakara-prakara kang dumadi digambarake kanthi runtut utawa kronologis,
dene alur balik prakara kang dumadi digambarake kanthi ora runtut.
Anane plot ditemtokake
dening telung unsur, yaiku lelakon, konflik lan klimaks. Semana uga ngenani
kualitas lan drajading kawigaten sawijining karya fiksi. Cacahing cerita
sajrone karya fiksi akeh banget, nanging durung mesthi yen ngandhut konflik.
Cacahing konflik uga akeh, nanging amung
konflik utama kang bisa diarani klimaks.
d.
Kelir/Setting
Latar utawa setting mujudake panggonan, wektu, lan
sosial kedadeyan sajrone crita. Miturut Aminuddin (2011:67) kelir utawa latar
yaiku papan panggonan dumadine sawijine kedadeyan ing karya fiksi, kang arupa
papan panggonan, wektu, utawa prastawa, kang nduweni fungsi fisikal lan fungsi
psikologis. Salaras karo pamawase Aminuddin, Stanton (2012:35) ngandharake yen
latar yaiku lingkungan kang nyengkuyung salah sawijine kedadeyan ing crita,
kang sesambungan karo kedadeyan-kedadeyan kang lagi ditindakake.
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang
tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine
lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro
sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan,
wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon
kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo
“kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju
marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu
ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake
marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha
ngaribawani siji marang liyane.
2.
Sendratari
Sendratari minangka cekakan saka seni drama lan tari. Wujude yaiku drama
kang dipentasake kanthi wujud tarian. Corrie Hartong sajrone
Hidayat (2005:4) ngandharake tari minangka keteraturan bentuk obahe awak kang
ritmis di dalam satu ruwang. Tari minangka ekspresi jiwa manungsa kang
diungkapake lumantar gerak-gerak ritmis kang endah kanthi medhia awake
amnungsa.
Jinise
tari adhedhasar bentuk koreografine kaperang dadi loro, yaiku:
a. Jinis
tari drama, yaiku tari kang ditampilake kanthi nggunakake unsur-unsur drama,
kayata gerak tari, vokal, uga pengadekane.
b. Jinis
tari dramatik, yaiku sawijine bentuk tari kang ngangkat kronologi sawijine crita
(naratif), nanging punjere kawigaten saka penggarapane yaiku ngungkapake
pangrasa batin saka saben-saben paraga tartamtu.
Sajrone sendratari ana kang diarani
koreografi. Koreografi yaiku asil utawa reroncene gerak tari. Sing ngronce
diarani koreografer. Koreografer sajrone seni tari miturut Suwandi (2005:85-89)
diperang dadi sanga, yaiku:
a. Obah
sing katata
b. Pola lantai,
lakune obah
c. Arah
gerak
d. Ritme. Aksen
sing wis katata kanthi ajeg
e. Desain dramatik.
Alur utawa lakune isi tari
f. Dinamka, jiwa emosional gerak
g. Komposisi kelompok
h. Tema.
Sumber dhata.
i.
Perlengkapan.
Piranti panyengkuyung.
Dene wujud visualisasi utawa wujud pamentasane tari ditata saka
perangan-perangan sing beda kang manunggal. Wujude yaiku:
a. Gerak
b. Pola lantai
c. Tata
rias
d. Tata
busana
e. Iringan
f. Properti
g. Tata
panggung
h. Tata
lampu (Sutedjo, 1983:2).
3. Konsep Alih Wahana
Alih Wahana yaiku
malihe salah
sawijine jinis kesenian menyang
jinis
kesenian liyane. Kaya kang
diandharake
sadurunge karya sastra ora mung bisa
diterjemahake,yaiku dialihake saka
basa siji menyang basa liyane, nanging uga bisa dialihwahanakake,
yaiku diubah dadi jinis kesenian liyane. Crita gancaran
bisa diowahi dadi kesenian
tari, drama, utawa film; dene guritan bisa owah dadi lagu lan lukisan. (Damono, 2005:96).
Mbandhing-mbandhingake wujud budaya kang dialihwahanakake iku minangka tumindak kang nduweni
paedah
kanggo mangerteni
hakikat sastra luwih jero.
Penelitian alih
wahana
bisa mangun pamikiran yen karya sastra bisa
diowah-owahi supaya bisa
trep
karo
wahana kang anyar (Damono, 2005:96)
Adhedhasar andharane Damono ngenanialih wahana, bisa didudut yen tintingan alih wahana iku study
kang nliti ngenani karya sastra lisan, tulis kang
awujud gancaran lan puisi kang didadekake, video clip, lagu, tari, lukisan, drama, kethoprak,
sinetron
lan film. Kedadeyan suwalike bisa dumadi kaya karya sastra tulis kang dumadi saka film, tarian kang dumadi saka lukisan
lan sapanunggalane
4. Lelandhesan Teori
Teori kang dianggo ing panliten iki yaiku
teori
Alih wahana kang
diandharake dening
Damono. Konsep
kang dianggo
ing panliten iki yaiku konsep struktural
miturut Nurgiyantoro, Konsep nilai kang digunakake yaiku miturut
Supratno.
C.
Andharan
1.
Struktur
Crita Aji Saka
Cerita
Ajisaka versi buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata
(1939) nyritakaké Aji Saka saking Tanah
Hindhustan anom kang teka menyang Tanah Jawa.Niatipun kepéngin mulang kawruh uga
mencaraké ngèlmu ing Tanah Jawa. Aji Saka mangkat menyang Tanah Jawa karo
abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Nanging ing tengah
perjalananepun Dora lan Sambada didhawuhi tinggal wonten ing Pulo lan njaga
keris pusakané. Didhawuhi boten pareng nyusul yen boten ditimbali lan boten angsal
menehi keris wau marang sinten mawon kejaba Aji Saka piyambak.
Aji
Saka nerusaken perjalananepun kaliyan Duga lan Prayoga. Sak dugine Aji Ska ing
Negara Medang Kamulan kang di perintah kalian Prabu Dewata Cengkar Ingkang
seneng mangan daging manungsa, tiyange arep dipangan Prabu Dewata Cengkar.Aji
Saka purun nanging nyuwun syarat kaliyan Dewata Cengkar.Jebule syarat wau
taktike Aji Saka kangge ngalahake Prabu Dewata Cengkar, banjur dipun ubah dados
baya putih ing segara kidul.
Sawise
ngalahake Prabu Dewata Cengkar, Aji Saka dipun angkat dados Ratu ing Negara
Medang Kamulan. Ajisaka ngutus Duga lan
Prayoga nusul Dora lan Sembada. Ing dalan, wong loro iku kepethuk Dora banjur
ngomongake pesen saka Ajisaka. Dora banjur ngajak Sembada nusul Ajisaka.Sembada
boten purun amargiboten ditimbali Ajisaka piyambak.Dora nyuwun kerise, nanging
Sembada boten maringi, amargiboten Ajisaka piyambak kang mendhet.Akhire Dora
lan Sembada padha perang. Loro-lorone padha kuwate banjur mati kabeh.Kaloroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké
dhawuhé sang ratu.
Aji Saka luput yen piyambake
sakderenge ndawuhi Dora lan Sambada ingkang boten angsal menehaken keris marang
sinten mawon kejaba deweke. Kangge mangeti kasetiaanepun abdi lorone sing
nganti pati, meniko banjur Aji Saka nyiptakaké aksara Hanacaraka.
Unsur
instrinsik sajrone crita Aji Saka:
a.
Tema
Miturut
Hartoko lan Rahmanto (1986: 142) sajrone Nurgiyantoro (2007:68) tema minangka
gagasan dhasar umum kang nopang, dadi dhasar lan dadi punjere sawijing karya
sastra lan sing ngandut ing sajrone teks
minangka struktur semantis nggayutake padanan-padanan utawa pambeda-pambeda.Tema
minor ing Crita Aji Saka kaya ing ngisor iki.
1)
Dadi abdi kuwi sing setya
ana ing cuplikan ngisor iki.
“Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si
Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké. Dora
sanalika mangkat.Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada.Kandha yèn mentas sowan
gustiné.Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging
si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora.Banjur padha padu ramé.
Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané.
Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé
sampyuh.Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.”
Saka
cuplikan kasebut bisa dimangerteni yen
abdine Aji Saka kuwi kaloro setya banget marang Aji Saka. Masiya beda pendapate
nanging kaloro tetep setya. Masiya kuwi kesalahane tuwane sing lali marang
dhawuhe dhewe. Naning abdi kaloro tetep ngugemi dhawuhe tuwane. Kamangka
perkara keris wae bisa dijupuk, naning dhawuhe tuwane yen dudu dheweke dhewe
sing jupuk abdine wegah menehake, saka dhawuhe kuwi Sembada padu karo Dora.
2)
Raja kang lali marang
dhawuhe
“Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn
dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali
dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan
nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé
dibalèkaké.
Raja tuwan
kang paling disegani dening abdine.Dhawuhe mesthi dilakoni. Naning tuwan Aji
Saka sing lali dhawuhe nggawe para abdine dadi padu lan salah paham saenggo
saka dhawuhe sing dilalekne ndadekake para abdine mati.
3)
Raja Serakah
Sing
jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané
dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang
negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.Anuju sawijining dina sang prabu Déwata
Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh
dicaosaké sang nata dadi dhaharané.
Ing kene
kacarita raja Prabu Dewata Cengkar kang senengane dhahar daging manungsa, kuwi
dudu watek manungsa naning wateke buta. Mula Raja iki serakah lan wis ora kena
dingo panutan.
b.
Alur
Alur sajrone crita iki yaiku alur maju. Bisa didelok saka pengalurane yen
crita saka tahap pangenalane paraga utama nganti dheweke kasil lan pungkasan. Urut-urutane
critane kaya mangkene:
1) Aji saka tumuju ing pulo Jawa karo papat abdine
2) Sadurunge mampir ing Pulo Majethi kanggo ngaso, Dora lan Sembada diutus
njaga Kerise lan menehi dhawuh marang Dora lan Sembada
3) Aji Saka budhal karo Duga lan Prayoga menyang Pulo Jawa tumuju Negara
Mendhang Kamolan negarane Dewatacengkar
4) Aji Saka ngalahake Dewata Cengkar banjur dadi Raja ing Mendhang Kamolan
5) Banjur Aji Saka ngutus abdine nyusul Dora lan Sembada
6) Ing Pulo Majethi Dora kepengen nggoleki Aji Saka amarga ora bali niliki lan
ngajak Sembada, nanging Sembada wegah
7) Dora tumuju menyang Mendhang Kamolan
8) Dora diutus nimbali Sembada kanggo menyang Medhang Kamolan naning Sembada
wegah, akhire perang antara kekarone
9) Bareng ora keprungu kabare abdi kelorone Aji Saka tumuju menyang Pulo
Majethi
10) Ing Pulo Majethi kekarone wis mati, banjur Aji Saka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis
kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo
mèngeti abdiné loro iku.
c.
Paraga lan Pamragane
Paraga
mujudake wong sing nglakoni adegan utawa wong sing dicritakake sajrone crita.
miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2010:165) paraga mujudake pawongan kang
ditampilake sajrone karya naratif, utawa drama, kang dening pamaca ditafsirake
nduweni kuwalitas moral lan babagan tartamtu kang diekspresikake sajrone ucapan
lan apa sing ditindakake sajrone tindakan. Miturut Stanton (2012:33) paraga
mujudake indhividhu-indhividhu kang ana sajrone crita.
Pamaragan
mujudake sipat lan watak kang diduweni dening paraga sajrone crita. Miturut
Jones (sajrone Nurgiyantoro, 2010:165) pamaragan yaiku gegambaran kang jelas
babagan pawongan kang ditampilake sajrone crita. Paraga lan pamaragan kang
didudohake ing Sendratari Aji Saka iki ana patang paraga utama yaiku Aji Saka,
Dora, Sembada, lan Dewata Cengkar. Andharan luwih jangkep ana ngisor iki.
1)
Aji Saka
Aji Saka minangka paraga utama sajrone crita Aji Saka.Aji Saka anake Ratu
nangingdheweke kuwi pandhita kang sekti nduweni kawruh kang akeh. Aji saka
nduweni sipat andhap asor, pinter, seneng tetolung, kendel, ngajeni lan
ngurmati, gampang luput. Andhap asor lan pinter, senajan Aji Saka putranepun
ratu nanging boten sombong malah pingin dados pandhita supados mulang kawruh
ngilmu.Seneng tetulung, siswane Aji Saka padha tresna marang Aji Saka amerga
dhèwèké seneng tetulung.Kendel Aji Saka wani menehi syarat lan tantangan marang
Dewata Cengkar.Saged ngajeni lan ngormati wong liyanAji Saka ndamel aksara jawa
(hanacaraka) kagem ngurmati abdi lorone (Dora lan Sembada).Gampang luput.
Gampang luput marang dawuhe piyambak dateng abdi lorone ingkang dipunparingi
amanah njaga keris.
2)
Duga
Duga minangka salah sawiji abdine Aji Saka kang diajak menyang tanah Jawa.
Abdi ingkang manut marang dawuhe Aji Saka, lansetia.Manut marang dawuhe Aji
Saka lan ngancani Aji Saka menyang tanah Jawa.
3)
Prayoga
Prayoga minangka salah sawiji abdine Aji Saka kang
diutus njaga keris ing . Abdi ingkang manut marang dawuhe Aji Saka, lan setia.Manut
marang dawuhe Aji Saka lan ngancani Aji Saka menyang tanah Jawa.
4)
Dora
Dora minangka salah
sawiji abdine Aji Saka kang dipunutus njaga keris ing Pulo Majethi. Abdi
ingkang manut marang dawuhe Aji Saka, lan setia.Manut marang dawuhe Aji Saka
dipun anjaga keris lan didawuh jemput Sambada.dheweke bakal
nindakake apa wae kang diprentahake dening Aji Saka. Sendyan ing pungksane
crita dheweke mati amarga nindakake amanat saka Aji Saka. Ing sendratari Aji
Saka, Dora nduweni sipat patuh lan lila ngurbanake dhiri. Sipat kang diduweni
iki bisa dingerteni saka tindakake kang patuh nindakake amanat saka Aji Saka,
dheweke nindakake amanat saka Aji Saka supaya njupuk keris pusaka kang dijaga
dening Sembada, nanging Sembada ora gelem nyerahake keris kasebut. Nganti
pungkasane dheweke tilar donya bareng karo Sembada kang ngugemi amanate
dhewe-dhewe.
5)
Sambada
Sembada minangka salah
sawiji abdine Aji Saka kang diajak menyang tanah Jawa. Abdi ingkang manut
marang dawuhe Aji Saka, lan setia.: abdi ingkang manut marang dawuh, setia,
saged dipercaya utawi amanah.Amanah marang dawuhe Aji Saka ingkang anjaga keris
lan boten purunpindah sakeng panggen sak derenge dipun dawuhi Aji Saka piyambak.Dheweke
tilar donya ing tangane Dora kang uga ninadakake amanat saka Aji Saka.
6) Dewata Cengkar
Déwata Cengkar kuwi Raja Negara
Medhang Kamolan. Naning dhweke duweni sipat angkara murka, yaiku senengané dhahar dagingé wong. Rakyate dhewe dadi panganane dhewe saengga akeh pawongan kang wedi marang
dheweke.
7)
Nyai Randha
Nyai Randha kuwi pawongan kang manggon ing Negara Mendhang Kamolan kang sae
manahe, amarga gelem nulungi Aji Saka lan menehi panggonan kanggo Aji Saka.
Tiyange purun nampung Aji Saka ing dhaleme lan dipun angkat anak.Lajeng Nyai
Randha dadi siswane Aji Saka.
d.
Latar/Setting
Miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2010:216)
ngandharake yen kelir diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan
lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake.Latar/settingkang
digunakake ing Crita Aji Saka kababar ing ngisor iki.
1)
Papan
panggonan:
a)
Pulo Majethi
Pulo kang disinggahi kawitane Aji Saka lan para abdine sadurunge menyang
Pulo Jawa. Ing Pulo Majethi Aji Saka dhawuh menyang Dora lan Sembada supaya
keloro njaga keris, yen dudu Aji Saka dhewe sing njupuk ora oleh diwenehake.
Abdine nyaguhi. Kaya sing kacuplik ing cuplikan ngisor iki.
“Bareng tekan ing Pulo Majethi padha
lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné
Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada
diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris
pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.”
b)
Pulo Jawa, Negara Mendhang
Kamolan
Pulo Jawa yaiku Pulo kang dadi tujuwane
Aji Saka, Aji Saka lan abdi loro kang tumut nuju menyang Negara Medhang
Kamolan. Ing kana ana perkara kang kudu ditumpas dening Aji Saka.Naning ing
Mendhang KAmolan dheweke kasil suwe siswa akeh.Kaya ing cuplikan ngisor iki.
“Aji
Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa.Njujug ing negara
Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar.
Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi
banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.”
c)
Segara Kidul
Segara kidul yaiku panggonane Dewata
Cengkar kecempung sawise kegeret sorbane Aji Saka. Kaya ing cuplikan ngisor
iki.
“Déwata
Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara.Malih dadi baya putih, ngratoni
saisining segara kidul.”
2)
Suwasana
a)
Nyeremake amarga ana Prabu
Dewata Cengkar seneng mangan daging manungsa. Kabeh rakyate kudu dadi
dhaharane. Rakyate sadi keweden.
“Sing
jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané
dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang
negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.”
b)
Nyenengake amarga Prabu
Dewata Cengkar wis kasil dibrantas dening Aji Saka. Wong-wong padha bungah
amarga wis ora ana maneh sing mangan daginge manungsa.
“Wong-wong
ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka
panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang
Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka.Déné patihé isih lestari kyai
patih Tengger.Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung
Duduga lan tumenggung Prayoga.”
c)
Kaget
Kajaba iku uga ana swasana kang sedhihkayata nalika Aji Saka kang
nggetuni abdine loro yaiku Dora lan Sembada kang mati, amarga ngugemi amanat
saka dheweke. Aji Saka ing wayah iku nangis keranta-ranta ora bisa nylamatake
abdi lorone iku.Dheweke banjur nyiptakake aksara Jawa kanggo nglanggengake abdi
loro kinasihe kasebut.Kaya ing cuplikan ing ngisor iki.
“Sang
Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan
mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga.
Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi.Sanalika banjur mangkat.
“Bareng
Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si
Sambada ketemu wis padha mati kabèh.Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu
kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé.
Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.”
“Duduga
lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang
Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis
kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo
mèngeti abdiné loro iku.”
2.
Struktur
Sendratari Aji Saka
Sendratari
Aji Saka nyritakake ing Mendhang Kamolan, ana sawijine pawongan kanthi jeneng
Aji Saka kang nduweni sipat andhap asor lan seneng tetolung. Aji Saka nduweni
abdi loro kang setya jenenge Dora lan Sembada. Rakyat Mendhang kamolan wedi
amarga raja Dewata Cengkar kang nguwasani Mendhang kamolan seneng mangan daging
manungsa. Aji Saka kang krungu babagan iku nekani Dewata Cengkar kanggo mateni
Dewata Cengkar, saengga kedadeyan perang antara Aji Saka lan Dewata Cengkar.
Dewata Cengkar banjur kalah karo sorban sektine Aji Saka.
Sawise
kedadeyan iku ing panggonan liya Dora kang diamanatake Aji Saka njupuk keris
pusaka dicegat dening Sembada. Amarga setyane Sembada kang sadurunge diamanatake
kanggo njaga keris pusaka lan ora ngolehi sapa wae njupuk keris pusaka kasebut
kajaba Aji Saka. Pungkasane Dora lan Sembada tarung nganti kalorone mati.
Saka
sendratari iku isa dingerteni unsur pamangune critane kaya mangkene:
a.
Tema
Tema
mujudake inti utawa pokok kang ana sajrone crita. Miturut Stanton (2012:39) tema yaiku
makna kang kaandhut sajrone sawijining crita. Salaras karo pinemune Stanton,
Nurgiyantoro (2010:25) uga ngandharake yen tema iku mujudake samubarang kang
dadi punjere crira. Tema sajrone sendratari Aji Saka ana kang mujudake tema
minor lan tema mayor. Sadurunge nemtokake tema mayor luwih dhisik nemtokake
tema minor. Tema minor ing Sendratari Aji Saka kaya ing ngisor iki.
1) Lila ngorbanake dhiri
Lila ngorbanake dhiri minangka
babagan kang angel ditemokake ing kauripan masyarakat, amarga lila ngorbanake
dhiri mujudake bab kang angel dilakoni dening pawongan. Sajrone sendratari Aji
Saka uga ana bab lila ngorbanake dhiri, babagan kasebut bisa dibuktekake ing
adegan pungkasan nalika Aji Saka ngamanatake Dora kanggo njupuk keris pusaka
kang dijaga dening Sembada. Ing kene Dora lan Sembada lila ngorbanake dhirine
dhewe kanggo nindakake amanat kang wis diamanatake. Nganti abdi loro kasebut
tilar donya.
2) Katresnan
Katresnan minangka rasa kang lumrah
diduweni dening saben pawongan. Katresnan ana amarga anane rasa pangraasa
marang samubarang. Rasa tresna didodohake dening pawongan kang ditresnani. Ing
sendratari Aji Saka uga ana babagan katresnan kang dituduhake ing pungkasaning
crita, nalika Aji Saka meruhi abdi lorone tilar donya, amarga nindakake amanat
saka dheweke. Aji Saka kang tresna marang Dora lan Sembada banjur nyiptakake
aksara Jawa kanggo nglanggengake abdi loro kinasih kasebut yaiku Ha, Na, Ca,
Ra, Ka, Da, Ta, Sa, Wa, La, Pa, Dha, Ja, Ya, Nya, Ma, Ga, Ba, Tha, Nga.
Tema minor lila ngorbanake dhiri lan katresnan kang
diandharake ing ndhuwur bisa kanggo ndudut tema mayor kang cocog tumrap
Sendratari Aji Saka iki yaiku kasetyaan. Kasetyaan kang diduweni dening abdi
loro Aji Saka lan Aji Saka dhewe mujudake kasetyaan kang ditindakake nganti
pupute jaman. Kaya ing Sendratari kanthi lakon Aji Saka iki, Aji Saka kang
nduweni abdi loro kang setya kudu nglilakake abdi lorone iku ninggalake dheweke
nganti selawase, amarga nglakoni amanat kang diamanatake dening dheweke. Aji
Saka kang nggetuni matine abdi loro kinasihe banjur nyipatakake aksara Jawa
kanggo nglanggengake Dora lan Sembada.
b.
Paraga
lan Pamaragan
Paraga mujudake wong
sing nglakoni adegan utawa wong sing dicritakake sajrone crita. miturut Abrams
(sajrone Nurgiyantoro, 2010:165) paraga mujudake pawongan kang ditampilake
sajrone karya naratif, utawa drama, kang dening pamaca ditafsirake nduweni
kuwalitas moral lan babagan tartamtu kang diekspresikake sajrone ucapan lan apa
sing ditindakake sajrone tindakan. Miturut Stanton (2012:33) paraga mujudake
indhividhu-indhividhu kang ana sajrone crita.
Pamaragan mujudake
sipat lan watak kang diduweni dening paraga sajrone crita. Miturut Jones
(sajrone Nurgiyantoro, 2010:165) pamaragan yaiku gegambaran kang jelas babagan
pawongan kang ditampilake sajrone crita. Paraga lan pamaragan kang didudohake
ing Sendratari Aji Saka iki ana patang paraga utama yaiku Aji Saka, Dora,
Sembada, lan Dewata Cengkar. Andharan luwih jangkep ana ngisor iki.
1) Aji
Saka
Aji Saka minangka
paraga utama sajrone sendratari Aji Saka iki. Aji Saka minangka pandhita kang
sekti lan nduweni kawruh kang akeh. Aji Saka nduweni sipat-sipat kang becik,
kaya kang diandharake dening narrator ing sinopsis awal, Aji Saka nduweni sipat
andhap asor lan seneng tetolung. Babagan kasebut bisa dibukatekake sajrone
lakon kang ditindakake. Ing Sendratari iki Aji Saka minangka wong kang becik
lan gelem aweh pitulungan marang sapadhane. Aji Saka gelem aweh pitulungan
marang warga desa Mendhang Kamolan kang dikuwasani dening Dewata Cengkar sing
seneng mangan daging manungsa.
2) Dewata
Cengkar
Dewata Cengkar mujudake
pawongan kang nguwasani desa Mendhang Kamulan. Dheweke nduweni kakuwasaan kang
gedhe lan prajurit kang patuh marang perintahe. Dewata Cengkar ing Sendratari
Aji Saka nduweni sipat kang ala yaiku seneng mangan daging manungsa. Dheweke
ndadekake warga desa Mendhang kamolan minangka panganan sabendinane.
3) Dora
Dora minangka abdi
setya saka Aji Saka, dheweke bakal nindakake apa wae kang diprentahake dening
Aji Saka. Sendyan ing pungksane crita dheweke mati amarga nindakake amanat saka
Aji Saka. Ing sendratari Aji Saka, Dora nduweni sipat patuh lan lila ngurbanake
dhiri. Sipat kang diduweni iki bisa dingerteni saka tindakake kang patuh
nindakake amanat saka Aji Saka, dheweke nindakake amanat saka Aji Saka supaya
njupuk keris pusaka kang dijaga dening Sembada, nanging Sembada ora gelem
nyerahake keris kasebut. Nganti pungkasane dheweke tilar donya bareng karo
Sembada kang ngugemi amanate dhewe-dhewe.
4) Sembada
Sembada uga abdi setya
kang diduweni dening Aji Saka, dheweke gelem nindakake apa wae sing
diprentahake dening Aji Saka. Ing sendratari Aji Saka iki, Sembada nduweni
sipat kang padha kaya Dora yaiku patuh lan lila ngurbanake dhiri. Sembada gelem
nindakake amanat saka Aji Saka supaya njaga keris pusaka, dheweke nganti tilar
donya kanggo njaga keris kasebut. Dheweke tilar donya ing tangane Dora kang uga
ninadakake amanat saka Aji Saka.
c.
Alur
Alur mujudake kadadeyan-kadadeyan
kang adhedhasar urutan wektu. Miturut Stanton (sajrone
Nurgiyantoro, 2010:113) alur yaiku crita kang isine urutan kadadeyan, ananging
saben kadadeyan iku mung diubungake kanthi sebab-akibat, kadadeyan kang siji
disebabake utawa nyebabake kedadeyan liyane. Kenny (sajrone Nurgiyantoro,
20010:113) jelasake alur minangka kadadeyan-kadadeyan kang ditampilake sajrone
crita kang ora asipat sedherhana, amarga pangripta nyusun kadadeyan-kadadeyan
iku adhedhasar kaitan sebab lan akibate.
Alur ing sendratari Aji Saka iki
mujudake alur maju, saengga crita kasebut runtut wiwit awal nganti pungkasan.
Wiwit saka pambuka yaiku Aji Saka ngamanatake keris pusaka dening Sembada
banjur dheweke nekani Dewata Cengkar. Banjur konflike yaiku nalika Aji Saka lan
Dewata Cengkar perang lan Aji Saka kasil mateni Dewata Cengkar, sawise iku Aji
Saka ngongkon Dora njupuk keris pusaka kang dijaga dening Sembada. Nanging
kanyatane Sembada ora gelem nyerahake keris kasebut, amarga dheweke wis oleh
amanat supaya njaga keris kasebut saka sapa wae sing kepengin njupuk saliyane
Aji Saka dhewe. Klimakse yaiku nalika Abdi loro, Dora lan Sembada gelut kanggo ngugemi amanate dhewe-dhewe lan
tilar donya. Panutupe yaiku Aji Saka kang getun banjur nyiptakake aksara Jawa
kanggo nglanggengake abdi kalorone iku.
d.
Kelir
Kelir utawa latar utawa
setting mujudake panggonan, wektu,
lan sosial kedadeyan sajrone crita. Miturut Aminuddin (2011:67) kelir utawa latar
yaiku papan panggonan dumadine sawijine kedadeyan ing karya fiksi, kang arupa
papan panggonan, wektu, utawa prastawa, kang nduweni fungsi fisikal lan fungsi
psikologis. Salaras karo pamawase Aminuddin, Stanton (2012:35) ngandharake yen
latar yaiku lingkungan kang nyengkuyung salah sawijine kedadeyan ing crita,
kang sesambungan karo kedadeyan-kedadeyan kang lagi ditindakake. Miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2010:216)
ngandharake yen kelir diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan
lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake.
Kelir utawa latar panggonan
kang digunakake ing crita sendratari Aji Saka iki ditindakake ing padesan,
babagan kasebut bisa diweruhi saka sinopsis ing awal pagelaran kang diandharake
dening narrator. Desa kasebut yaiku desa Mendhang Kamolan. Kelir panggonan kang
luwih rinci bisa dideleng saka background kang digunakake sajrone pagelaran.
Background kasebut digawe trep karo lakon sing arep dimainake. Kayata
background pendhapa, nalika Aji Saka nyerahake keris pusaka marang Sembada lan
ing pungkasan nalika Dora lan Sembada gelut nganti tilar donya.
Kelir utawa latar nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon
kang dumadi sajrone pagelaran iki
kang diarani latar wektu. Ing crita sendratari Aji Saka iki ora pati diweruhi
kapan dumadine sawijine kedadeyan. Biyasane ing crita sendratari kita bisa
weruh wektune kanthi background utawa tata lampu kang digunakake nalika adegan
tartamtu. Nanging ing crita sendratari Aji Saka iki kelir wektu ora pati
dipentingake, amarga wiwit awal nganti pungkasan tata lampune tetep yaiku
peteng.
Kelir utawa latar sosial ing crita sendratari Aji Saka iki arupa kahanan
kang dialami dening paraga ing panggonan tartamtu. Latar sosial ing crita
sendratari Aji Saka iki ana swasana
geger lan ora tentrem kayata nalika warga desa kang diserang dening
pasukane Dewata Cengkar. Senadyan warga desa nyoba nglawan nanging warga
desa tetep kalah lan digepuki dening pasukane Dewata Cengkar. Ing wektu
iki warga desa padha wedi lan padha mlayu pontang-panting.
Kajaba iku uga ana swasana kang sedhih kayata nalika Aji Saka kang
nggetuni abdine loro yaiku Dora lan Sembada kang mati, amarga ngugemi amanat
saka dheweke. Aji Saka ing wayah iku nangis keranta-ranta ora bisa nylamatake
abdi lorone iku. Dheweke banjur nyiptakake aksara Jawa kanggo nglanggengake
abdi loro kinasihe kasebut.
e.
Pola Lantai lan Gerak
Pola
lantai lan gerak mujudake komponen saka koreografi. Pola lantai mujudake
kepriye penari manggonake dheweke ing
nduwur panggung ana sing simetri lan asimetri. Dene dudu mujudake gerak utawa
obahe awak kaya bendinane, nanging gerak kang wis ditata kanthi apik selaras
karo lagu lan temane. Gerak ing kene bisa diperang dadi loro yaiku gerak
maknawi lan gerak murni. Gerak maknawi mujudake gerak kang ngandut makna kang
jelas. Dene gerak murni mujudake gerak kang diciptakake kanthi artistik lan ora
dimaksudake kanggo nggambarake samubarang.
Sendratari
Aji Saka iki nduweni pola lantai kang simetri lan asimetri tegese ing
sendratari iki penari nari manut pola lantai tartmtu, nanging uga ana adegan
tari kang nggunakake pola lantai kang asimetri. Senadyan gawe rong pola lantai,
nanging sadawane sendratari iki ora ditemoni blocking saengga tari kang ditampilake bisa dideleng
kanthi apik dening penonton. Sendratari Aji Saka iki akeh-akeh nggunakake gerak
kang maknawi, tegese saben tari nduweni maksud tartamtu, saengga penonton
kepenak anggone maknani saben adegan tari. Babagan kasebut dimaksudake supaya
apa kang kepengin disampekake dening penari bisa ditampa kanthi apik dening
penonton kanthi ora mbingungake penonton. Sendratari iki uga nampilake tarian
kanthi gerakan kang lucu kang ditampilake dening Dora lan Sembadra, saengga
penonton bisa ngguyu lan wigati marang tontonan iki. gerak kang ditampilake uga
selaras karo peran lan lagu kang ditembangake. Senadyan akeh penari wedok kang
perane dadi lanang. Nanging gerakan kang ditampilake tetep selaras karo perane.
f.
Tata Rias, Tata Kostum, lan Tata Panggung
Tata
rias mujudake salah sawijine unsur kang nduweni sesambungan karo karakteristike
paraga. Tata rias uga nduweni peran kang wigati saben pentas, amarga kanthi
tata rias bisa mbentuk efek wajah kang dipenginake dening koreografer. Tata
rias uga nduweni tujuwan kanggo nguwatake ekspresi lan nambah daya tarik
penampilan. Tata busana utawa kostum mujdake sakabehe sandhangan lan
perlengkapan kang digunakake sajrone pentas. Panggung uga mujudake salah
sawijine unsur kang wigati sajrone pamentasan. Ing panggung kabeh kaya bentuk
panggung, bentuk omah-omahan, lampu lan sapanunggalane dipikirake kanthi tliti
supaya pementasan bisa ditampilake kanthi apik.
Sendratari Aji Saka iki nggunakake tata rias
lan tata busana kang apik lan selaras karo peran lang gerakan kang ditampilake.
Saben paraga nduweni karakteristik dhewe-dhewe, saengga penonton ora bingung
mbedakake penari siji lan liyane. Tata rias kang digunakake selaras karo peran,
dadi senadyan penarine wedok lan kudu meragakake wong lanang, penari kasebut
ora kasusahan. Kajaba gerak kang apik, uga disengkuyung karo tata rias lan tata
busana kang apik lan selaras karo perane dadi ora ngetarani yen penari kasebut
wanita. Tata panggung ing sendratari iki uga lumayan apik lan selaras karo
crita kang ditampilake. Nanging ing kene ora patio detail saengga background-ne
ora pati akeh lan tata lampu kang digawe mung nuduhake nuansa kang peteng,
saengga latar wektune ora diweruhi.
3.
Alih
Wahana Crita Aji Saka menyang Sendratari
Alih wahana crita Aji
Saka saka wujud karya tulis menyang sendratari mujudake sawijine proses kreatifitas kang gedhe. Dideleng saka
struktur antarane kekarone nduweni unsur pamangun sing beda. Karya sastra tulis
lan sendratari Aji Saka iki sacara intrinsike nduweni unsur sing padha. Nanging
sajrone sendratari nduweni unsur pamangun liya yaiku anane visualisasi crita. Wujud visualisasi
iku yaiku gerak, tata rias, tata
busana, tata panggung, tata lampu, lan properti. Mula koreografer sajrone
ngowahi wujud crita tulis menyang sendratari iki mujudake asil olah pikir lan
olah jiwa sing tumemen supaya isi lan visualisasi critane laras karo pamikire
pangripta crita asale.
Alih wahana kang
ditindakake dening koreografer crita Aji Saka iki ndadekake anane pambeda
antarane Aji Saka crita tulis karo sendratari. Saliyane beda wujud visualisasi-ne, uga beda sacara alure.
Nanging bedane iu ora ngowahi wujud critane. Upamane ing sendratari Aji Saka
iku luwih akeh nggambarake kakejemane paraga Ratu Dewatacengkar tinimbang
adegan liyane. Saliyane iku anggone nggambarake matine Dewatacengkar mung
nganti nyemplung samodra wae, ora nganti dadi baya putih. Sacara umum, panggambaran
crita kang dialihwahanakake lumantar sendratari iki diwawas dening panulis
tetep nduweni unsur kasrakalan uga ngandhut nilai moral sing padha karo critane.
Sacara umum, gegambaran alih wahana sajrone reriptan sastra iki yaiku:
NO
|
UNSUR
INTRINSIK
|
CRITA
AJI SAKA
|
SENDRATARI
AJISAKA
|
1
|
Tema
|
Temane kaprawiran
|
Temane uga kaprawiran
|
2
|
Paraga lan pamaragan
|
Paragane yaiku Ajisaka, Dora, Sembada,
Dewatacengkar, Duga, Prayoga, lan Nyi Randha
|
Paragane padha, nanging ana paraga
liya minangka panyengkuyung. Kayata bocah wadon sing lagi umbah-umbah ing
kali, sing dadi kurbane Dewatacengkar, lan paraga liyane minangka wong/warga
desa.
|
3
|
Alur
|
Alur maju, digambarake sacara lengkap.
|
Alure uga padha maju, nanging ana
perangan sing digambarake luwih suwe lan ana alur minangka adegan sing rada
disuda. Kayata adegan Dewatacengkar dipateni dening Ajisaka sing mung
digambarake diluk, dene adegan Dora lan Sembada rebutan pusakane Ajisaka
digambarake luwih suwe.
|
4
|
Kelir/setting
|
Kelir wektu, panggon, lan swasana mung
digambarake apa anane.
|
Kelir wektu, panggon, lan swasanane
digambarake kanthi anane panyengkuyung saka tata panggung, lampu, poperty,
rias, lan busanane. Saengga luwih katon nyata.
|
5
|
Tampilan
|
Awujud wacan tulis. Sacara tampilan
mung awujud tulisan biyasa.
|
Digambarake awujud lakon/adegan-adegan
gerak/pola lantai kang disengkuyung karo tata rias, tata busana, lan tata
panggung kanggo mujudake totalitas lan imitasi alur lan tumindake paraga uga
swasana kang nyata.
|
Tabel
3.1. Bedane lakon kang dialihwahanakake antara crita Ajisaka lan sendratari
Ajisaka
D.
Panutup
Alih wahana crita Aji
Saka saka wujud karya tulis menyang sendratari mujudake sawijine proses kreatifitas kang gedhe. Alih wahana kang
ditindakake dening koreografer crita Aji Saka iki ndadekake anane pambeda
antarane Aji Saka crita tulis karo sendratari. Saliyane beda wujud visualisasi-ne, uga beda sacara alure.
Nanging bedane iu ora ngowahi wujud critane sacara umum. Alih wahana crita Aji
Saka saka wacan menyang sendratari iki bisa ngleluri kabudayan Jawa mligine
kasusastrane kang adiluhung. Jaman saiki akeh wong sing seneng ndeleng utawa
ngrungokake visual tinimbang maca. Mula wujud visualisasi crita iki bisa njalari kabudayan kang awujud
kasusastran iki bisa tetep lestari.
Kapustakan
Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung:
Sinar Baru Algensindo.
Damono,
Sapadi Djoko, 2005. Pegangan Penelitian
Sastra Bandingan. Jakarta: Pusat Bahasa
Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps.
Faruk.
2012. Metode Penelitian Sastra: Sebuah
Penjelajahan Awal. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Hidayat, Sobby. 2005. Wawasan Seni Tari. Malang:
Unit Pengembangan Profesi Tari
Hutomo, Suripan Sadi. 1993. Merambah Matahari: Sastra dalam Perbandingan. Jakarta: Pusat
Bahasa.
Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.
Suwandi. 2005. Bekarya
Untuk SMP 3. Jakarta: Ganesa Exact
Soedarsono. 1976. Pengantar Pengetahuan Tari. Akademi Seni Tari Indonesia
Stanton,
Robert. 2012. Teori Fiksi.
Yogyakarta: Pustaka Pelajar Offset.
Teeuw, A. 1988. Sastra
dan Ilmu Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya.
Wellek,
Renne lan Austin Warren. 2014. Teori
Kesusastraan. Kajarwakake dening Melani Budianta. Jakarta: PT. Gramedia.
Lampiran
Carita Ajisaka
CERITA AJISAKA
Versi Buku Layang Hanacaraka Anggitan Darmabrata (1939)
Kacarita
ing jaman mbiyèn ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké
putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang
kawruh rupa-rupa.Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah
Jawa. Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa,
karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan
ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada
ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik.
Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau
dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang
sapa-sapa.
Aji Saka
banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa.Njujug ing negara
Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar.
Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi
banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.
Kacarita
Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi
siswané.Para siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng
tetulung.Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk
anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji
Saka.
Anuju
sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa
didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.
Sang nyai randha lan patih
dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir
yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata
Cengkar.Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi
priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah
saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.
Sang prabu
Déwata Cengkar iya banjur nglilani.Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé.Iketé
Aji Saka dijèrèng.Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé
déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir
segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing
segara.Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong
ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka
panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang
Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka.Déné patihé isih lestari kyai
patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung
Duduga lan tumenggung Prayoga.
Sang prabu
Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang
prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang
prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada.
Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apa-apa.
Kacarita si
Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha
krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si
Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré
gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.Nanging
si Dora nékad arep sowan dhéwé.Si Sambada ditilapaké.Banjur mangkat ijèn waé.
Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro
mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong
telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada
ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si
Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi
bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi
dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Dora
sanalika mangkat.Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada.Kandha yèn mentas sowan
gustiné.Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging
si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora.Banjur padha padu ramé.
Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané.
Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé
sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.
Sang Prabu
ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan mangka
didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga.
Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi.Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sambada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sambada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.
Duduga lan
Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang
Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis
kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo
mèngeti abdiné loro iku.
ha na ca ra ka da ta sa wa la
pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga
Posting Komentar