SERAT SULUK LINGLUNG: SUNAN KALI ANTUK PULUNG
(Tintingan Struktural-Filsafat)

Ah. Syahrul Rahmat
12020114047/2012-B
S1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah, FBS Unesa

A.    Purwaka
Sastra yaiku ekspresi kang tuwuh saka pangangen-angen sajrone mujudake panguripan kang luwih becik. Penuangan ekspresi iki lumantar basa kang endah lan amba. Isi saka sastra kadang tersurat kadang uga tersirat, karya sastra ora mung dinikmati nanging uga dipahami lan dihayati, sastra asifat indah lan miguna. Pemahaman marang sastra isa dumadi yen dilakoni sacara totalitas, pamaca kudu isa awor sajrone semesta sastra.
Sacara objektif minangka karya seni, karya sastra minangka karya kang mandiri kang duweni kabebasan tartamtu. Lan karya sastra minangka hasil saka pamikire manungsa dikarepake isa miguna tumrap manungsa liyane. Kang sabanjure dikarepake isa nuwuhake pamuji tartamtu. Lan maneh minangka hasil cipta karya kang disusun dening manungsa, karya sastra duweni paugeran marang bentuk ciptaane yaiku arupa tulis lan lisan
Minangka karya sastra kang tuwuh saka pamikire manungsa lan miguna tumrap manungsa, sastra kang isine ngenani seluk beluk panguripane manungsa, sastra ora isa uwal saka aspek dominan kang dadi lelandhesan tuwuhe karya kasebut. Aspek-aspek dominan kasebut kayata aspek religi, sosial, lan personal, katelu aspek kasebut raket sesambungane karo hakikat kodrati manungsa.
Sajrone mahami karya sastra kudu nggatekake kepriye karya kasebut gambarake panguripan lan sikap pangriptane. Pemahaman karya sastra kudu nyakup pikiran, rasa, pemgalaman, ide lan kapercayan pangripta, khususe tumrap mahami karya sastra pesisiran kang raket marang kapitayan.
Sastra mujudake asiling cipta, rasa, lan karsane manungsa. Teges ngenani sastra nganti dina iki ora bisa dipesthekake endi kang bener lan pener, gumantung saka endi punjering pamikir. Sajrone bukune Luxemburg (1989:5) ana saperangan bab kang njlentrehake ngenani sastra. Sastra mujudake sawijining karya, kreasi, dudu imitasi. Ing kene pangripta nyiptakake jagading kang anyar, mbacutake sawijining proses pangriptaning alam, bisa uga asipat nyampurnakake. Sastra ing kene utamane mujudake sawijining pametune pangrasa kang asipat spontan.
Ngrembug sastra mligine sastra Jawa, ora bisa uwal saka anane periodisasi kasusastran Jawa kang diperang dadi papat yaiku sastran Jawa Kuna, sastran Jawa Madya, satran Jawa Anyar, lan sastran Jawa Modern. Sastra Jawa anyar utawa klasik tuwuh lan ngrembaka wiwit mlebune Islam lan runtuhe Majapahit (Suwarni, 2013:1). Wujud reriptan sastrane akeh-akehe yaiku tembang macapat minangka metrum asli Jawa. Salah sijine reriptan sastra ing jaman iki yaiku sastra suluk. Sastra suluk yaiku sastra kang isine tasawuf utawa mistik, yaiku dalan nuju bebener, nuju pengeran. Salah sijine yaiku Serat Suluk Linglung. Serat suluk iki diripta dening Sunan Kalijaga. Serat iki nyritakake lelakon uripe Sunan Malaya (Sunan Kalijaga) wiwit eguru marang Sunan Bonang nganti arep menyang Mekah lan ketemu Nabi Khidir.
Adhedhasar andharan ing ndhuwur, panliten iki bakal ngandharake salah sijine reriptan Jawa klasik yaiku Serat Suluk Linglung. Kanthi metodhe dheskriptif kualitatif kang ditindakake lumantar tintingan kapustakan, crita Sunan Malaya iku bakal dionceki struktur wewangunan crita lan dijlentrehake isine mligine ngenani nilai-nilai filsafati kang kinandhut sajrone crita serat suluk iku. Sumber dhata naskah njupuk saka internet ing laman alang-alangkumitir.wordpress.com. Sumber dhata njupuk saka kono amarga ing laman iku akeh naskah-naskah kang wis ditransliterasi lan naskah kang wis di-digitalisasi. Pangrembakane teknologi dirasa bisa didadekake sarana kanggo sinau dening panulis. Pangajabe, panliten iki bisa migunani tumrap pasinaon sastra Jawa mligine sastra Jawa klasik ngenani sastra suluk kang isine bisa ditulad lan dilarasake ing panguripan sabendina.
Sadurunge ngrembug lan njlentrehake ngenani nilai kang kinandhut sajrone Suluk Linglung, panulis perlu ngandharake sawenehe lelandhesan teori kang digunakake kanggo ngonceki lan nganalisis crita ing Serat Suluk Linglung mengko.
  1. Sastra Jawa Klasik lan Sastra Suluk
Sastra Jawa kang umure wis luwih saka sepuluh abad mesthi ngalami owah-owahan ngenani konsep sastrane. Konsep sajrone sastra kakawin mesthi ora padha karo konsep sajrone sastra kidung.  Konsep tembang macapat uga mesthi beda karo konsep sastra Jawa sadurunge. Beda-bedane konsep sajrone sastra Jawa iki ora liya amarga ana owah-owahan cara uripe wong Jawa lan menehi pengaruh marang reriptan sastra kang kasil diripta. Sastra dianggep nduweni wilayahe dhewe lan beda karo apa-apa kang non-sastra. Sastra minangka asil kreativitas. Kreativitas iki kang nuwuhake yen sastra kuwi nduweni wilayahe dhewe (Purnama, 2012:4).
Ngrembug sastra mligine sastra Jawa, ora bisa uwal saka anane periodisasi kasusastran Jawa kang diperang dadi papat yaiku sastran Jawa Kuna, sastran Jawa Madya, satran Jawa Anyar, lan sastran Jawa Modern. Sastra Jawa anyar utawa klasik tuwuh lan ngrembaka wiwit mlebune Islam lan runtuhe Majapahit (Suwarni, 2013:1, delengen uga Poerbatjaraka, 1957:87).
Titikane sastra Jawa klasik yaiku nggunake metrum nusantara yaiku awujud tembang lan prosa. Tembange yaiku manut paugeran guru lagu lan guru swara kang awujud tembang macapat, tembangtengahan, utawa tembang gedhe. Saliyane iku yaiku nggunakake basa jawa gagrag anyar lan isine akeh kang kaprabawan Islam. Dene ruang lingkupe miturut Pigeaud (1967) yaiku isine ngenani 1) agama lan kasusilan, 2) sejarah lan mitologi, 3) susastra, lan 4) bunga rampai. Dene miturut Darusuprapta (tt), isine digolongake kalebu 1) purana utawa tutur, 2) niti, 3) sasana, 4) sastra, 5) wiracarita, lan 6) sejarah (sajrone Suwarni, 2015).
Sastra Jawa Klasik kang isine ngenani agama diarani Sastra Jawa Pesisir. Sastra Jawa Pesisir yaiku sawijine ekspresi  sastra kang asale saka bebrayan Jawa kang manggon ing pesisir, mligine pesisir lor tanah Jawa (Purnama, 2011:22). Sastra Jawa Pesisir kaprabawan agama Islam kang disebarake dening para wali kang sinebut wali sanga. Salah sijine titikane sastra pesisir iki yaiku anane sastra suluk minangka prototip-e.
Miturut Hutomo (1975:74), reriptan sastra jaman Islam igu umume mbeberake piwulang agama. Ananging pangriptane ora ninggalake sarat endahe metrum tembang ing jaman iku. Malah ana pamawas menawa metrum tembang macapat kang ana minangka reriptanane para wali. Metrum iku uga ana sesambungane karo isi. Upamane tembang asmarandana minangka pralambang panyembahan menyang Allah, lan sapiturute.

2.      Filsafat lan Sastra
Filsafat lan sastra nduweni sesambungan kang padha. Filsafat isa ditegesi tresna marang kawicaksanan (the love of wisdom). Pamawas liya ngandharake menawa filsafat yaiku sarana nuju kasampurnan, tegese yaiku ngudi kawicaksanaan kanggo nggayuh kasampurnan kang nyata (Ciptoprawiro, 1986:14). Dene sastra dhewe dumadi saka tembung cas (panggulawenthah) lan tra (sarana/piranti). Kaya kang diandharake Teew (2013:20), tebung sastra saka tembung basa Sansekerta, akar sas, tembung kriya kang ateges ngulawenthah, menehi pituduh, ngarahake. Dene Panambang tra nuduhake alat, piranti, sarana. Saka rong andharan iku, sastra minangka sarana kanggo mulangake kawicaksanane urip kang awujud bebener. Sastra anggone medhar bebener utawa kawicaksanan iku nggunaake sarana kang ora lumrah –bisa sinurat utawa sumirat—. Wedharan bebener iku awujud estetik, saintik, lan etik, tegese bebener kang diwedhar ngandhut kaendahan, kawruh lan kabecikan kanggo uripe manungsa.
Endraswara (2012:3) ngandharake menawa filsafat lan sastra nduweni sesambungan kang padha. Kekarone padha-padha ilmu, kekarone uga mulangake utawa ngupayakake kawicaksanane urip. Sinau sastra yaiku nyinaoni kawicaksanane urip sacara estetis. Dene filsafat yaiku ilmu kang gegayutan karo bebener sajrone uripe manungsa. Mula nyinaoni ngenai filsafat lan sastra padha karo nyinaoni urip.
Filsafat kang kinandhut sajrone reriptan sastra diwedhar kanthi cara kang ora lumrah. Mula anggone maca (negesi) reriptan sastra mbutuhake pamikir kang jero kanthi landhepe pikir lan rasa pangrasa. Saengga isen-isen filsafati sajrone reriptan kang dulce et utile --Miturut Horarce, sastra asipat endah lan migunani. Kaya kang diandharake Mangkunegara IV sajrone Wedatama pupuh Pangkur, “… sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ngelmu luhung…”-- iku bisa dingreteni lan dianggo sajrone nggayuh bebener kang nyata.

3.      Tintingan Struktural
Lumantar panliten struktural, panliti ora gumantung marang aspek liya sanjabane karya sastra (Endraswara, 2011:51). Tintingan Struktural ana minangka upaya kanggo njangkepi sawijining panliten sastra kang asipat ekspresivisme (pametune watak lan pangrasane pangripta) lan historis. Panliten sruktural diwawas luwih objektif (nengenake marang aspek intrinsik sawijining karya satra) amarga amung adhedhasar karya sastra iku dhewe, kanthi ora anane cawe-cawe saka unsur liya, sawijining karya sastra bakal disawang minangka sawijining asil cipta estetis.
Miturut Abrams, metode strukural yaiku upaya nganalisis sawijining karya sastra kanthi cara kang objektif lan uwal saka bab-bab sanjabane teks sawijining karya sastra. Sajroning analisis struktural, teks diwawas minangka sawutuhing makna kang madeg dhewe kanthi cara otonom kanthi koherensi intern (Nurgiyantoro, 2010:36).  Kahanan iki disebabake anane sesambungan kang salaras antarane bentuk lan isi (dikotomik). Analisis struktur sajrone dongeng kang dikumpulake panulis kapunjer ing babagan tema, paraga lan pamaragan, latar, lan nilai morale.
Unsur pamangun sawijining karya sastra diperang dadi loro, yaiku unsur intrinsik (intrinsic) lan unsur ekstrinsik (extrinsic). Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun sawijining karya sastra iku dhewe (Nurgiyantoro, 2010:23). Unsur kang mesthi bakal ditemokake nalika sawijining pawongan maca karya sastra. Wujude unsur intrinsik yaiku tema, paraga, plot utawa alur, kelir, lan sudut pandang. Ing ngisor iki bakal diandharake unsur-unsur intrinsik kang mangun karya sastra.
a.       Tema
Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema. Miturut Stanton lan Kenny tema (theme) yaiku makna kang kinandhut dening sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2010:67). Tema ing sakabehing bab asipat mengikat ana lan orane lelakon-konflik-kahanan tartamtu, kalebu sakabehing unsur intrinsik liyane, amarga bab kasebut kudu nyengkuyung cetha apa orane tema kang bakal diandharake. Tema didadekake dhasar pangrembakaning sawutuhing cerita, mula ing kene tema asipat ngrasuk marang sawijining cerita. Mula, kanggo nemtokake tema sawijining karya fiksi, tema kudu didudut saka sakabehing cerita kanthi sawutuhe, dudu adhedhasar saperangan bab tartamtu saka cerita.
Staton (2012:42-43) ngandharake menawa cara kang paling afektif kanggo ngenali tema yaiku lumantar nliti saben konflik kang ana. Kekarone nduweni sesambungan kang raket lan konflik utamane umume ngandhut  perkara kang migunani menawa diruntut. Wujude tema arupa nile sajrone manungsa lan kamanungsan, uga ngenani urip lan panguripan. Tema kasusun saka tema utama lan tema-tema panyengkuyung. Miturut Nurgiyantoro (2010:83) tema bisa kaperang dadi loro, yaiku tema mayor lan tema minor. Tema mayor yaiku makna pokok crita kang dadi gagasan dasar umum reriptan iku. Tema mayor ora bisa digambarake kanthi langsung, bab iki kang njalari rada angel anggone nemtokake tema pokok crita utawa tema mayor. Amarga crita iku gambarake sawijine kedadeyan kang maneka warna, makna sajrone crita bisa ngemu makna tambahan. Tema minor yaiku makna tambahan kang ana ing begeyan-bageyan tartamtu sawijine crita. Akeh ora ne tema minor gumantung saka akeh ora ne makna tambahan kang bisa ditafsirake saka sawijine cerkak.

b.       Paraga
Paraga yaiku wong kang ana  sajroning karya fiksi kang dening pamaca digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika guneman utawa tumindak (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2010:165). Senajan paraga sajroning cerita mujudake paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara kang wajar kaya manungsa kang nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga manggoni panggonan kang mathuk minangka media kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening panulis. Sajrone karya fiksi, saliyane paraga uga kerep anggone ditemokake tembung pamaragan yaiku gegambaran kang cetha ngenani sawijining wong kang didhapuk sajroning cerita. Mula saka iku, tembung pamaragan tegese luwih rowa tinimbang paraga. Pamaragan ngandharake sapa paraga crita, kepriye wateke, lan kepriye gegambarane paraga kasebut sajrone cerita saengga bisa menehi gegambaran kang cetha tumrap pamaca. Pamaragan ing kene digunakake minangka sarana kanggo nggambarake sawijining paraga.

c.        Plot
Plot mujudake unsur fiksi kang wigati. Kenny ngandharake plot minangka lelakon-lelakon kang diwujudake sajrone cerita kang ora asipat apa anane, amarga pangripta nyusun lelakon-lelakon iku adhedhasar sebab-akibat (Nurgiyantoro, 2010:113).
Laras karo Kenny, Forster uga ngandharake yen plot iku lelakon-lelakon cerita kang nduweni sesambungan kausalitas (Nurgiyantoro, 2010:113). Abrams ngandharake yen plot sawijining karya sastra mujudake struktur lelakon-lelakon, yaiku lelakon iku nduweni piguna kanggo nuju sawijining efek emosional lan efek artistik tartamtu. Mula, senajan andharan ngenani plot saka pamawas siji lan sijine ana bedane, nanging sakabehe iku nduweni punjering pamawas kang padha, yaiku plot iku nduweni sesambungan karo lelakon-lelakon kang ana sajroning cerita. Wujuding lelakon kang amung adhedhasar urutan wektu durung bisa diarani plot. Supaya dadi plot, lelakon-lelakon iku kudu diolah lan disisati kanthi cara kreatif. Saengga asile bisa mujudake karya sastra kang apik lan narik kawigaten.
Adhedhasar urutan wektu, Nurgiyantoro (2010:153) merang plot utawa alur dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur balik (regresif). Sajrone alur lurus prakara-prakara kang dumadi digambarake kanthi runtut utawa kronologis, dene alur balik prakara kang dumadi digambarake kanthi ora runtut.
Anane plot ditemtokake dening telung unsur, yaiku lelakon, konflik lan klimaks. Semana uga ngenani kualitas lan drajading kawigaten sawijining karya fiksi. Cacahing cerita sajrone karya fiksi akeh banget, nanging durung mesthi yen ngandhut konflik. Cacahing konflik uga akeh, nanging amung konflik utama kang bisa diarani klimaks. Wellek & Warren (2014:285) uga ngandharake yen konflik yaiku samubarang kang asipat dramatik, luwih nengenake ing bab perang antarane rong kakuwatan kang imbang lan nyiratake anane tumindak lan piwalekang tumindak.

d.       Kelir
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan, wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha ngaribawani siji marang liyane.

e.      Nilai Moral
Reriptan sastra saliyane ngandhut nilai estetis, uga ngandhut nilai etik lan saintik. Mula sajrone reriptan sastra ditemokake sawijine nilai moral kag diwedhar pangripta sajrone reriptan fiksi iku. Nilai moral sajrone reriptan fiksi umume minangka pandhangane pangripta ngeneni nilai-nilai kabecikan sajrone urip lan panguripane manungsa.
Nurgiyantoro (2010:321) ngandharake menawa reriptan sastra, fiksi, umume ngandhut nilai moral kang sesambungan karo budi luhur lan nilai uga norma kamanungsan. Sifat luhur iku asipat universal. Tegese diyakini lan dipercaya dening manungsa sajagad. Miturut pamawase Nurgiyantoro uga (2010:323-324), nilai moral sesambungan karo panguripane manungsa kang diperang dadi telu. Yaiku manungsa karo dhiri pribadhine, manungsa karo sapadha, lan manungsa karo pengerane. Jinise sesambungane manugsa iku isih bisa diperang maneh adhedhasar tumindak lan sikepe.

B.     Andharan
Perangan iki isine andharan saka Serat Suluk Linglung kang dionceki nganggo teori struktural. Andharan luwih jangkepe kaya mangkene.
1.      Gegambarane Serat Suluk Linglung
Serat Suluk Linglung yaiku salah sijine reriptan sastra gubahan kang digubah dening Iman Anom, pujangga saka Surakarta. Dheweke isih turune kanjeng Sunan Kalijaga. Panulise serat iki yaiku dina Senin Kliwon tanggal 1 taun Je 1806 C (1884 M). Suluk Linglung minangka saduran saka kitab Duryat, sawijie kitab seratane Kanjeng Sunan Kalijaga kang isine ngenani lelakone Sunan Kalijaga dhewe. Laras karo pethilan serat ing ngisor iki.
Jumadilawwal puruning nulis, Isnen Kliwon tanggal ping pisan, tahun Je mangsa destone, nenggih sengkalanipun, Ngerasa sirna sarira ji, turunan saking kitab, Duryat kang linusur, sampun kirang pangaksama, ingkang maca kitab niki sampun kenging, kula den apuntena. (I/1)
Kapincut ingkang anulis, denira mirsa carita, duk kina iku wartane, Jeng Suhunan Kalijaga, rikala mrih wekasan, anggeguru kang wus luhur, anepi dhukuh ing Benang. (II/1)
Rong pethilan iku nggambarake wektu panulisan kang tinulis arupa sengkalan Ngrasa sirna sarira ji, saduran saka Kitab Duryat, lan isine ngenani lelakone Kanjeng Sunan Kaljaga nalika meguru menyang Sunan Bonang kanggo nggoleki hakekate urip (sangkan parane dumadi). Nama linglung dhewe kapethik saka tembung kang ana ing pupuh I, yaiku Dhandhanggula kang disebut nganti ping pitu. Kaya pethilan ing ngisor iki.

Ling lang ling lung sinambi angabdi,….                 (pada 3)

Ling lang ling lung anedheng Hyang Widhi,….    (pada 4)

Ling lang ling lung pan kendel pribadi,….             (pada 5)

Ling lang ling lung tan weruh ing isin,….             (pada 6)

ling lang ling lung angon paesan pribadi,….          (pada 6)

Ling lang ling lung tan olih,….                              (pada 7)

Ling lang ling lung pan sang mendha luwih,….    (pada 8)


Serat Suluk Linglung dumadi saka nem pupuh. Jlentrehan jangkepe kaya mankenene.
No.
Pupuh
Gunggunge Pada
Ringkesan Isi
1.
Dhandhanggula
8
Bramara ngisep sari: Sunan Kalijaga nduwe pepenginan luhur yaiku nggolek sejatine ilmune para nabi lan waline Gusti Allah, kaya kumbeng nyesep madu.
2.
Asmarandana
23
Kasmaran branta: Sunan Kalijaga meguru menyang Sunan Bonang lan oleh pirang-pirang wejangan.
3.
Durma
22
Sunan Kalijaga didhawuhi tindak haji menyang Mekah lan ketemu Nabi Khidir ing tengah samudra.
4.
Dhandhanggula
26
Nabi Khidir: Cecaturan antarane Syeh Malaya lan Nabi Khidir kang isine ngenani wejangan hidayatullah lan mati.
5.
Kinanthi
67
Wejangan Nabi Khidir marang Sunan Kalijaga ngenani ilmul yaqin, ma’rifatul yaqin, lan hidayat uga sipat kang pinuji.
6.
Dhandhanggula
49
Sunan Kalijaga diwejang Nabi Khidir
Tabel 1: Dhata ringkes Serat Suluk Linglung

Serat Suluk Lingung iki uga ngandhut sandi asma. Sandi asma miturut Padmosoekotja (tt:128) yaiku nama kang sinandi utawa sinamar, ora katuduhake kanthi cetha nanging sinamar sajrone katrangan, lumrahe kang sinamun ing tembang. Sandi asma ing kene yaiku namane pupuh sabanjure. Kaya pethilan ing ngisor iki.
ingkang sampun dadi keramating Hyang Widhi, Mijil saking asmara. (I/8)
… tigang kepel mapan sampun, mundur kinarya bebalang. (II/23)
… wecana kang tanpa siring, nyata ngandika, manis sang Nabi Khidir. (III/22)
 ambengana angen-angen ingkang pesthi, sampuna nuwas ngantiya. (IV/26)
neng jero garba tur sembah, wuwuse lir madu gendhis. (V/67)
Syeh Melaya pan nora pangling, yen iku penasaran, kang jati pang sampun, ratuning alam sedaya, kang nirmakken mung alam ambiyak iki, ambiyak mrik gundanya. (VI/49)
Nem cuplikan ing ndhuwur nggamabarake sandi asmane metrum tembang sabanjure. Pupuh sepisan dipungkasi tembung mijil saking asmara, cetha lamun tembang sabanjure tembang asmarandana. Pupuh kapindho ana tembung mundur, njelasake menawa pupuh sabanjure tembang durma. Pupuh katelu ana tembung manis, tembung manis ing kene nggambarake wewatakane gula kang manis. Pupuh kapapat ana tembung ngantiya, tembang sabanjure metrume kinanthi. Pupuh kalima ana tembung madu gendhis, nggambarake tembang sabanjure yaiku dhandhanggula. Pupuh pungkasan ana tembung sampun lan nrima, nggambarake menawa serat iku wis entek lan muga isa ditrima isine dening para pamaca.

2.      Serat Suluk Linglung-Sunan Kali Antuk Pulung: Ringkesan Crita
Serat Suluk Linglung nyritakake lelakone Syeh Malaya (Sunan Kalijaga). Syeh Malaya meguru menyang Sunan Bonang lan didhawuhi tapa nunggu wit Gurda suwene setaun, ora oleh ninggalake panggon. Sawise iku didhawuhi maneh tapa ing pinggir kali suwene setaun tanpa turu lan mangan. Sawise iku uga Syeh Malaya tapa kijang suwene uga setaun. Syeh Malaya rumangsa durung oleh apa-apa amarga kakehan tapa.
Syeh Malaya banjur didhawuhi Sunan Bonang nindakake haji menyang Mekah lan njupuk banyu zam-zam uga ngalap berkahe Kanjeng Nabi SAW. Syeh Malaya nuhoni dhawuhe gurune banjur budhal menyang Mekah. Syeh Malaya budhal, nanging ing pinggir segara dheweke bingung anggone nyebrang. Dheweke banjur nyemplung menyang njero segara amarga niyate kang wis kenceng.
Saya nengah lan saya jero ing njero samudra, dheweke ketemu karo wong kang mlaku anteng ing ndhuwur segara. Wong kasebut yaiku Nabi Khidir. Syeh Malaya takon sawenehe bab ngenani sangkan paraning dumadi, sejatine urip, sejatine pengeran, lan sapiturute. Dheweke banjur didhawuhi dening Syeh Malaya mlebu menyang badane Nabi Khidir liwat talingane. Syeh Malaya ragu-ragu, dheweke luwih gedhe badane, ora mungkin mlebu menyang badane Nabi Khidir, apa maneh liwat talingane.
Swise mlebu menyang badane Nabi Khidir liwat talingan kang kiwa, Syeh Malaya matur mrnawa dheweke ndeleng samodra kang amba banget tanpa wates. Sawise ditakoni, dheweke matur maneh menawa ndeleng jagad raya tanpa wates nanging kosong ora ngreti wetan kulon, lor kidul, lan ngisor ndhuwur. Dheweke bingung. Sawise iku dadi padhang jinglang lan ngreti werna ireng, abang, kuning, lan putih. Sawise iku Nabi Khidir mejang menyang Syeh Malaya ngenani hakekate urip, sangkan paran, lan wejangan hidayatullah lan mati. Saliyane iku uga antuk wejangan ngenani ilmul yaqin, ma’rifatul yaqin, lan hidayat uga sipat kang pinuji. Kabeh wejanagn mau naganti jangkep wawasan lan kasadharane Syeh Malaya. Syeh Malaya rumangsa ayem manggon ing padharane Nabi Khidir. Dheweke emoh mbalik metu. Nabi Khidir ngelingake maneh kuwajiban kang udu diayahi sawise jangkep ilmu lair batne. Sawise metu, Syeh Malaya pamit lan mbalik maneh menyang tanah Jawa kanthi rasa kang manteb lan bungah.

3.      Struktur Crita Serat Suluk Linglung
Sacara struktural, unsur pamangune crita (intrinsik) kaperang dadi lima, yaiku tema, paraga, lakune crita, kelir, lan nilai kang kinandhut sajrone reriptan mau. Unsur inrinsik Serat Suluk Linglung andharan luwih jangkepe kaya mangkene.
a.      Tema
Aminuddin (2011:91) ngandharake menawa tema nduweni sesambungan antara makna lan tujuwan reriptan prosa fiksi dening pangriptane. Mula kanggo ngereni tema, pamaca kudu ngerteni insur pamangune carita, ndudut makna kang kinandhut, lan ngayutake karo tujuwan pangriptanane.
Tema sajrone serat iki yaiku semangat nggolek ilmu. Tema mayor iku disengkuyung rong tema minor, yaiku kabeken lan kawicaksanan. Andharane ana ing ngisor iki.
1)      Kabekten
Bekti neng kene minangka panggambarane bektine murid marang guru kang digambarake paraga Syeh Malaya marang Sunan Bonang lan Nabi Khidir. Kaya pethilan ing ngisor iki.
Pan anderu sumungkem angras pada, ngandika sang ayogi, “jebeng wruhanira, yen sira nyuwun wikan, kang sifat hidayatullah, mungga kajiya, mring Mekah marga suci.
Anbambila toya zam-zam mring Mekah, iya banyu kang suci, sarta ngalap barkah, Kanjeng Nabi panutan, Syeh Malaya angabekti, angaras pada, pamit sigra lumaris. (III/3-4)
Pethilan ing ndhuwur nggambarake bektine Syeh Malaya menyang Sunan Bonang gurune. Dheweke didhawuhi apa wae manut. Didhawuhi tapa setaun neng pinggir kali utawa didhawuhi tapa ngidang kang suwene uga setaun dilakoni kabeh. Pethilan ing ndhuwur nggambarake Syeh Malaya kang didhawuhi tindak haji menyang Mekah supaya saya sampurna kabeh gegayuhane. Syeh Malaya sigra budhal nuhoni dhawuhe gurune. Perangan iki nggambarake bektine murid marang guru.

2)      Kawicaksanan
Crita iki nyritakake kawicaksanane sang guru marang muride. Kaya petikan ing ngisor iki.
Den becik gama nireki, agama pan tata krama, krama –kramate Hyang Manon, yen sira panata syarak, sareh iman hidayat, hidayat iku Hyang Agung, agung ing ngrahanira. (II/6)
Sunan Benang ngandika ris, yen sira amrih wekasan, matenana ing ragane, sinauwa pejah sira, mumpung ta meksih gesang, anyepiya mring wanagung, aja nganti kamanungsan. (II/15)
Kanjeng Nabi Khidir ngandika ris, aja lumaku andeduluwa, …. (IV/8)
Telung pethilan ing ndhuwur nggambarake kawicaksanan kang ana sajrone serat iki. Kawicaksanan iki digambarake lumantar paraga Sunan Bonang lan Nabi Khidir. Kekarone minangka gurune Syeh Malaya. Guru neng kene minangka guru kang wicaksana lan nuntun sang murid anggone nggoleki sejatine urip.

b.     Paraga lan pamaragan
Paraga lan pamaragan sajrone Serat Suluk Linglung iki mung ana telu, yaiku Syeh Malaya, Sunan Bonang, lan Nabi Khidir. Dene pamargane kaya mangkene.
1)      Syeh Malaya
Syeh Malaya (Sunan Kalijaga) minangka paraga murid kang kepengin nggoleki sejatine urip lan kepengin antuk ilmune para nabi lan wali. Dheweke banjur meguru menyang Sunan Bonang. Kaya pethilan ing ngisor iki.

Ling lang ling lung pan sang mendha luwih, buda teja tequde sarira, upamakken ing sanise, wonten sujalma luhung, putra Tuban Rahaden Syahid, duk sepuh nama Sunan, Kalijaga sampun, langkung sinihan Hyang Sukma, ingkang sampun dadi keramating Hyang Widhi, Mijil saking asmara. (I/8)

Digambarake cekak ing wiwitane serat, Syeh Malaya sadurunge yaiku wong kang seneng maling lan ngrampok, nanging tujuwane kanggo kabecikan. Dheweke putrane Adipati Tuban, jeneng asline Raden Syahid. Miturut Rahimsyah (tt:100-101), Sunan Kalijaga jeneng asline Raden Said putra Adipati Tuban yaiku Tumenggung Wilwatikta. Minangka pamudha kang tansah prihatin nyawang kahanan sosial, dheweke ora trima menawa kawula ditarik pajek kang ngluwihi saka watese. Dheweke banjur brontak lan ngganti jenenge dadi Berandhal Lokajaya.

Syeh Malaya ing crita iki digambarake minangka wong kang bekti marang gurune. Saliyane iku Syeh Malaya uga minangka wong kang sengkut anggone nggolek ilmu. Dheweke lila nglakoni apa wae kang didhawuhake dening gurune Bekti lan semangat iku andharane kaya kang wis dijlentrehake ing perangan tema ing ndhuwur.
Saliyane sipat-sipat iku, Syeh Malaya uga kalebu wong kang sopan, ngasorake dirine lan rumangsa durung isa apa-apa. Kaya pethilan ingngisor iki.
Atur sembah pukulun nuwun jinatenan,pun patik nuwun asih, ulun inggih datan, wruh puruhiteng badan, sasat satoning wanadri, tan mantramantra, waspadeng badan suci.
Lang lung mudha punggung cinacad ing jagad, keksi-keksi ning bumi, engganing curiga, ulun tanpa warangka, wecana kang tanpa siring, nyata ngandika, manis sang Nabi Khidir. (III/21-22)

Pethikan ing ndhuwur nggambarake menawa Syeh Malaya rumangsa dheweke ora ana bedane kaya kewan ing alas. Dheweke uga rumangsa bodho lan wong kang paling cacad ing jagad, kaya keris tanpa warangka. Ora nduwe aji. Pethilan iku nggambarake andhap asore Syeh Malaka sangarepe gurune Nabi Khidir.


2)       Sunan Bonang
Sunan Bonang yaiku sang guru kang nuntun lakune Syeh Malaya. Pamaragane yaiku wicaksana. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
Sunan Benang ngandika ris, yen sira amrih wekasan, matenana ing ragane, sinauwa pejah sira, mumpung ta meksih gesang, anyepiya mring wanagung, aja nganti kamanungsan. (II/15)
Sunan Bonang ngendikan aris kanthi wicaksana marang muride. Pangandikane iku isine tuntunan marang sang murid. Upamane kaya pethilan iku nuntun ngenani piwulang supaya mateni napsune.
Saliyane iku minangka manungsa kang ora luput saka salah, Sunan Bonang uga digambarake minangka wong kang ora sabar lan nate duka marang muride. Kaya cupikan ing ngisor iki.
Bramantya Sang Maha Yekti, sasumbar sajroning nala, Wali waddat mbuh gawene, mejanani sira kidang, nguni sun nyekel barat, kang luwih lembut tan mrucut, kang agal teka agagal.
Yen luputa pisan iki, luhung aja dadi jalma, tan patut mung dadi sato, kurda muntap Sunan Benang, pan sarwi nyipta sega, tigang kepel mapan sampun, mundur kinarya bebalang. (II/22-23)
Pethilan iku nggambarake Sunan Bonang kang duka marang muride amarga muride diparani menyang alas nanging malah mlayu. Syeh Malaya lagi napa kidang, yen kidang ngreti manungsa banjur mlayu. Semono uga Syeh Malaya nalika ngidang. Sunan Bonang kang arep nyambangi maah ora isa. Dheweke banjur nesu sesumbar lan ngantem si kidang supaya mandheg.

3)      Nabi Khidir
Nabi Khidir uga digambarake kayadene Sunan Bonang. Nabi Khidir minangka paraga kang wicaksana lan sabar anggone mulang muruk marang Syeh Malaya. Kaya pethilan iki. Kanjeng Nabi Khidir ngandika ris, aja lumaku andeduluwa, …. (IV/8)Nabi Khidir minangka sang guru sejati kang mulangake sawenehe ilmu marang Syeh Malaya ing tengahe samodra. Nabi Khidir uga kang ndhawuhi Syeh Malaya mlebu menyang badane, manunggal nyawiji.

c.       Alur
Lakone crita yaiku proses oncating saka kahanan siji menyang kahanan liyane (Luxemburg, 1989:150). Alur serat Suluk Linglung iki yaiku alur maju. Kayadene ing perangan ringkesan crita ing ndhuwur. Alure crita iki ana gandheng cenenge karo kedadeyan, kelir, lan pamaragane paraga. Kayadene pamawas struktural, kabeh unsur pamangune nduweni sesambungan antarane siji lan liyane.
Alur maju iku kagambare saben pupuhe, runtut wiwit purwa, madya, nganti wasanane crita. Sacara ringkes lakune alure kaya mangkene.
1)      Syeh Malaya meguru marang Sunan Bonang.
2)      Syeh Malaya nunggoni wit Gurda suwene setaun.
3)      Syeh Malaya tapa ngidang ing alas, ora oleh weruh manungsa.
4)      Syeh Malaya tapa ing pinggir kali suwene setaun ora turu lan mangan.
5)      Syeh Malaya didhawuhi menyang Mekah, ngombe banyu zam-zam lan ngalap berkahe kanjeng Nabi.
6)      Syeh Malaya budhal menyang Mekah, neng pinggir segara bingung arep nyabrang, banjur njegur segara.
7)      Ing tengah Segara Syeh Malaya ketemu Nabi Khidir lan oleh wejangan ngenani wejangan hidayatullah lan mati.
8)      Syeh Malaya didhawuhi mlebu badane Nabi Khidir liwat talingane lan ngreti jagat gumelar, sawenehe werna lan jarwane, uga antuk wejangan bab ilmul yaqin, ma’rifatul yaqin, lan hidayat uga sipat kang pinuji.
9)      Syeh Malaya metu saka badane Nabi Khidir lan saya manteb iman lan ilmune.
10)  Syeh Malaya bali menyang tanah Jawa kanthi ati kang manteb lan bungah.

d.     Kelir
Kelir kaperang dadi telu, yaiku papan, wektu, lan swasana. Papan kang kagambarake sajrone serat iki yaiku aneng alas, ing pinggir kali, ing dalan, ing pinggir segara, ing segara, lan ing wetenge Nabi Khidir. Kaya pethilan ing ngisor iki.
… anepi dhukuh ing Benang.
Wonten satengah wanadri, gennya ingkang gurda-gurda, pan sawarsa ing lamine, anulya kinen ngaluwat, pinendhem mandyeng wana,…
Anulya kinen angalih, pitekur ing kali jaga, (II/1, 3, lan 4)
Nrajang wana munggah gunung mudhun jurang, iring-iring pan mlipir, jurang sengkan nrajang, wauta lampahira, prapteng pinggir pasisir, puter driya, pakewuh marga neki.
Ning pangkalan samodra langkung adohnya, angelangut kaeksi, dyan jetung kewala, aneng pinggir samodra, wonten ingkang winarni, sang Pajuningrat, praptane sang Kaswasih. (III/6-7)
Pethilan ing ndhuwur nggambarake panggon utawa kelir papan kang ana sesambungane karo lelakune para paragane. Kelir panggon iku nggambarake panggon saben kedadeyan lakune critane. Kelir papan ana sesambungane karo wektu dumadine prakara saben perangan critane. Ing serat iki ora digambarake wektu sacara rinci, mung digambarake mangsa kedadeyan kang lumaku. Upamane setaun. Kaya pethilan ing ngisor iki.
Nyata wus jangkep sawarsi, Syeh Malaya tinilikan, pinanggih pitekur bae, Jeng Sunan Benang ngandika, Eh Jebeng luwarana, jenenge wali sireku, panutup panatagama. (II/5)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake wektu mangsane Syeh Malaya kang wis njangkepi tapane suwene setaun kaya kang wis didhawuhake gurune sadurunge. Dene kelir swasana kang agambarake ing serat iki yaiku senenge Syeh Malaya nalika wis kasembadan kabeh pangajabe. Swasana liyane yaiku ayem tentrem, yaiku nalika Syeh Malaya aneng jero badane Nabi Khidir. Kaya pethilan ing ngisor iki.
Yeng mekaten kula mboten mijil, sampun eca ning ngriki kewala, mboten wonten sengsarane, tan niyat mangan turu, mboten arip mboten angelih, mboten rasa kangelan, tan ngeres tan linu, amung nikmat lan munfangat, Nabi Khidir lingira iku tan keni, yen nora lan antaka. (VI/1)
Pethilan ing ndhuwur nggambarake Syeh Malaya kang ora gelem metu saka badane Nabi Khidir amarga wis rumangsa ayem tentrem manggon ing alam kono. Kabeh nikmat lan sangsarane ing alam donya kalah kabeh karo kahanan kang lagi dirasakake ing alam katentreman iku. Mula dheweke rumangsa ayem tentrem ora gelem metu saka kono.

4        Nilai kang Kinandhut sajrone Serat Suluk Linglung
Nilai kang  kinandhut sajrone Serat Suluk Linglung iki isa diperang dadi loro, yaiku nilai moral lan nilai filsafati. Jlentrehan luwih jangkepe kaya mangkene.
a.      Nilai Moral
Nilai moral kang kinandhut ing kene umume kaperang dadi telu yaiku bekti marang guru, nduwe gegayuhan kang dhuwur, lan semangat nggolek ilmu. Jlentrehan jangkepe kaua mangkene.
1)      Ngabekti marang guru
Minangka murid kudu bekti marang guru. Apa kang didhawuhake guru kang apik surasane kudu dilakoni. Guru minangka wong kang nuntun. Mula anggone nuntun mesthi ngarahake kang apik. Syeh Malaya minangka murid digambarake wong kang urmat lan ngajeni gurune. Pethilan lan jlentrehane kaya ing perangan tema ing ndhuwur.

2)      Gegayuhan luhur
Syeh Malaya digambarake nduweni gegayuhan kang luhur. Gegayuhan iku yaiku kepengin ngreti hakekate urip lan kepengin nduweni ilmune para nabi lan para wali. Gegayuhan kang kaya mangkono iku  njalari Syeh Malaya gelem nglakoni apa wae supaya kasembadan apa kang diseja. Pethilane uga wis kaandharake ing perangan ndhuwur.

3)      Semangat nggolek ilmu
Gegayuhan kang dhuwur kudu laras karo tumindak utawa usaha kang dilakoni. Syeh Malaya anggone nduweni gegayuhan luhur iku imbang karo apa kang dilakoni. Salah sijine yaiku semangat nggolek ilmu. Kaya pethilan ing ngisor iki.
Sang Pandita wus lajeng hing lampahira, mring Benang dhepok sepi, nyata kawuwusa, lampahe Syeh Malaya, kang arsa amunggah kaji, dhateng hing Mekah, lampahnya murang margi.
Nrajang wana munggah gunung mudhun jurang, iring-iring pan mlipir, jurang sengkan nrajang, wauta lampahira, prapteng pinggir pasisir, puter driya, pakewuh marga neki.
Ning pangkalan samodra langkung adohnya, angelangut kaeksi, dyan jetung kewala, aneng pinggir samodra, wonten ingkang winarni, sang Pajuningrat, praptane sang Kaswasih. (III/5-7)
Telung pethilan iku nggambarake Syeh Malaya kang lila nrajang alas munggah gunung lan ngliwati jurang-jurang. Saliyane iku dheweke nganti njegur aneng lumbane bebanyu yaiku ing samudra kanggo nuhoni dhawuhe gurune lunga menyang Mekah. Semangat kang kaya mangkono ndadekake pangajab lan gegayuhane Syeh Malaya kasembadan, yaiku nalika ing tengah samudra banjur ketemu Nabi Khidir lan diwejang maneka warna kawruh lan ilmu.

b.     Nilai Filsafat
Nilai filsafat ing Serat Suluk Linglung iki padha karo nilai filsafat kang ana ing crita Derwis lan crita Dewa Ruci. Bebrayan Jawa pancen nduweni filsafat kang adiluhung lan beda karo filsafat kang ana ing bangsa kulon. Miturut Ciptoprawiro (1986:74), filsafat bangsa kulon nggoleki dhasar wiwit anane samubarang ing jagad gumelar nggunakake pamikir, panalaran utawa rasio. Dene filsafat Jawa ancase ngudi kasampurnan kanthi cara nggunakake cipta, rasa, lan karsa sajrone nggoleki bebener utawa kasampurnan iku. Kang diudi sajrone filsafat Jawa sacara metafisika yaiku wisian anane Dat, wedharan wahanane Dat, lan gelaran kahanane Dat. Saliyane iku uga ngenani sangkan parane dumadi lan manunggale kawula Gusti.
Crita lelakone Syeh Malaya sajrone Serat Sulik Linglung ngandhut filosofi kang pada kayadene crita Dewaruci lan crita Derwis. Filsafat ing kene yaiku “filsafat mistika” kang isa dijipuk ora saka nalare pikir, nanging saka nggoleki sejani bebener lumantar cipta, rasa, lan karsa (inner experience) lumantar samadi, tafakkur (meditation). Cara kang kaya mangkono njalari titah oleh  kawruh batin utawa kawruh dhasar (experiential knowledge). Kawruh iki digambarake lumantar lelakone Syeh Malaya anggone nggolek ngelmu tapa suwe, munggah mdhun gunun lan mlebu metu alas, wekasane njegur samudra lan ketemu sang guru sejati, yaiku Nabi Khidir. Kagambar ing kenen sawijine proses transendental lan transendensi saka kasadharan ego utawa panca driya nuju kasadharan pribadi (Self conscionsness) lan wekasane tekan kasadharan ilahi utawa lam semesta (Driver or Cosmic consciousness). Utawa sacara sufistik yaiku saka sareat kang dilakoni lumantar tarekat, ndadekake nemu bebener sejati yaiku hakekat, saengga manjing makrifat, manunggal nyawiji karo Gusti.
Saliyane iku uga ana nilai filsafati liyane kang luwih katon kagabarake sajrone serat Suluk Linglung, yaiku:
1)      Manunggaling kawula Gusti
Konsep manunggaling kawula Gusti yaiku sawijine lelakon kang isa digayuh kanthi rong cara, yaiku wahsatus syuhud lan wahdatul wujud. Tegese kita bisa manunggal sacara paseksen utawa sacara wujud. Manunggale kawula lan Gusti ora bakal dialami menawa kawula mau ora gelem ngupaya kanthi tumemen. Manunggal kudu bersih lan suci jiwa ragane. Sacara sufistik, nuju pengeran dilakoni liwat sareat sing dilakoni lumantar tarekat. Kanthi tumemen sabanjure bakal nemu hakekat lan manjing makrifate. Menawa wis manjing makrifat, sawijine kawula bisa manunggal karo Gustine, tegese isa marisi lan nglakoni sipat-sipat ilahiyah, utawa mungguhe wong Jawa diarani berbudi bawa laksana.
Muryanto (2012:167) ngandharake menawa manunsa anggone nuju drajad makrifat bakal ngliwati dalan sing ora gampang. Tegese dalan munggah maqom sacara spiritual ora gampang lan dawa mangsane. Dalan iku yaiku dalan aksetis (tapa) sing tekun, ajeg, tumemen, lan ikhlas saengga badane sacara lair batin dadi suci. Sajrone Serat Suluk Linglung ana pethilan kaya mangkene.
Lahgita mara Syeh Melaya aglis, amanjinga guwa garbaning wang, Syeh Melaya kaget tyase, Dadya metu gumuyu, Pan angguguk turira aris, saking pundi marganya, kawula geng luhur, antawis mangsa sedhenga, saking pundhi marganing gen kula manjing, dening buntet kewala.
Nabi Khidir angandika ris, gedhe endhi sira lawan jagad, kabeh iki sak isine, alas samudra gunung, nora sesak ing garba mami, tan sesak lumebewa, ing jro garba ningsun, Syeh Melaya duk miarsa, langkung ajrih kumel sandika tur neki, ningleng ma’bitingrat.
Iki dalan talingan iki, Syeh Melaya manjing sigra-sigra, wus prapta jero garbane, andalu samudra gung, tanpa tepi nglangut lumaris, liyep adoh katingal, Nabi Khidir nguwuh, eh apa katon ing sira, dyan umatur Syeh Melaya inggih tebih, tan wonten kang katingal. (IV/3-5)
Syeh Malaya sadurunge saka kene diprentahake gurune Sunan Bonang supaya tapa njaga wit, tapa ing pinggir kal, lan tapa ngidang. Tapa-tapa iku minangka sarana nyucekake diri. Kudu bisa mati sajrone urip, nyembah manengkung menyang Gstine. Sawise iku budhal haji menyang mekah lan nyebrang segara. Perangan iki minangka perangan sareat tarekat. Sareate Syeh Malaya kudu bisa nglakoni dhawuhe gurune, lan tarekate lumantar tetapa lan mlaku nuju Mekah. Sawise iku dheweke ketemu Nabi Khidir kan didhawuhi mlebu menyang badane liwat talingan, kaya pethilan ing ndhuwur. Ing njero badane sawise nyawiji dheweke ngreti apa wae kalebu jagad gumelar kanthi pralambang arah lan werna (IV/3, 5, 8, 12-14).
Ketemu lan manunggale Syeh Malaya klawan Nabi Khidir minangka panggambaran hakekat lan makrifat. Syeh Malaya ngreti hakekate urip, sangkan parane dumadi. Saka ngendi asale urip, nalika urip kudu lapo, lan sawise mati menyang endi parane kanthi pralambang tegese alip (III/17, 21, 22; V/18-20). Ing kono sawise oleh wejangan lan ilmu sing maneka werna, Syeh Malaya isa nemokake urip sajrone mati. Yaiku nemokake katentreman sejati. Kaya pethilan ing ngisor iki.
Syeh Melaya trang tyasipun, miyarsa weling ngireki, ing guru Syeh Mahyuningrat, pan remen tan purun mijil, …. (V/67)
Rasa tentrem nalika nyawijine kawula lan Gusti iku njalari kawula krasan lan ayem. Kaya Syeh Malaya sing ora gelem metu saka badane Nabi Khidir. Dheweke emoh metu ing alam donya merga ing alam donya dheweke tansah susah ngadhepi kahanane donya. Panggambaran manunggale kawula lan Gusti ing serat iki uga kaya kang dialami dening Werkudara-Dewaruci, lan Derwis-kembarane.

2)      Mati sajrone urip, urip sajrone mati
Mati sajrone urip urip sajrone mati yaiku kudu isa mapanake awak. Miturut Hariwijaya (2013:107), unen-unen iku minangka piwulang  kanggo ngreteni lan maknani mati nalika urip, senajan badan wadag wis mati, ruhe manngsa isih urip langgeng ing alam kalanggengan. Gambaran unen-unen lan jarwane ing serat iki kaya mangkenen pethilane.
Sunan Benang ngandika ris, yen sira amrih wekasan, matenana ing ragane, sinauwa pejah sira, mumpung ta meksih gesang, anyepiya mring wanagung, aja nganti kamanungsan. (II/15)
Liring mati sajroning ngahurip, iya urip sajroning pejah, urip bae selawase, kang mati nepsu iku, badan dhohir ingkang nglakoni, katampan badan kang nyata, pamore sawujud, pagene ngrasa matiya, Syeh Melaya den padhang sira nampani, wahyu prapta nugraha. (VI/15)
Saka pethilan ing ndhuwur, Sunan Bonang negesi mati sajrone urip yaiku kanthi cara tetapa ing alas lan ngedohi manungsa. Tegese yaiku kanthi cara dzikir lan eling supaya tansah cedhak karo pengeran, ngedohi manungsa tegese ngedohi donya. Tegese tetapa samadi ing kene yaiku “Mangsah semadi maladi ening, sidakep saluku tunggal, nutupi babahan hawa sanga, mandeng pucuking grana, ngekes pancadriya. Sakawan kang arsa binengkas, sajuga kang sinidikara, kinarya nut laksitaning brata.”
 Dene Nabi Khidir ing pupuh VI njarwani mati sajrone urip yaiku kanthi nggurangi lan ngempet napsu pepenginan donya lan nafsu kang nganteni awak kang awujud hawa sanga, yaiku mripat loro, kuping loro, bolongan irung loro, lambe, lan bolongan ngisor loro. Cegah dhahar lawan guling, manembah manungkung marang pengeran.

3)      Urip kaya wayang
Manungsa urip ing donya minangka titahe Pengeran, padha karo wayang. Sang Maha Dhalange yaiku sing nanggap. Pralambang iku digambarake sajrone Serat Suluk Linglung dening Nabi Khidir kaya pethilan ing ngisor iki.
Aja kaya mengkono ngahurip, dipun kadi wayang, kiudang aneng enggone, blincongipun, ngibarate panggungireki, damare ditya wulan, kelir alam suwung, ingkang nengga cipta keboh bumi tetepe adege ringgit, sinangga maring nanggap.
Kang ananggap aneng dalem puri, datan den usik olah sakersa, Hyang Premana dhedhalange, wayang pengadekipun, ana ngalor ngidul tuwin, yeku ngulon lan wetan, sliring solahipun, pinolahaken ing dhalang, yen lumaku linakokken kabeh iki, linabehken hing dhalang.
Pangucape ngucapaken ugi, yen kumecap ilate, anutur-nuturake, sakarsa karsanipun, kang anonton tinoleh sami, tinonaken ing dhalang, kang ananggapiku, sajege mangsa weruha, tanpa rupa kang ananggap neng jro puri, tanpa werna Hyang Sukma.
Hyang premana denira angringgit, ngucapaken hing sarira nira, tanpa awas sesamane, wimbuh pan ora tumut, hing sarira upamaneki, kang miyak munggeng pohan, geni munggeng kayu, anderpi tan katedah, angelir pintaka ing kayu panggerit, landhesan sami wreksa. (VI/34-37)
Urip iku ing donya iku kayadenene pagelaran wayang. Kelire minangka panggambaran donya, blenconge minangka pralambang panuripan, debog minangka pralambang bumi, wayang minangka simbole manungsa, sing nanggap minangka pralambange pengeran. Urip ing donya gumantung kerane Pengeran, susah utawa seneng kudu lila lan legawa merga kabeh wis dadi pesthine pengeran.


C.    Dudutan
Reriptan sastra saliyane ngandhut nilai estetik, uga ngandhut nilai etik lan saintik. Serat Suluk Linglung iki kalebu sastra Jawa Pesisir. Isine ngenani lelakone Syeh Malaya (Sunan Kalijaga) sing meguru menyang Sunan Bonang lan Nabi Khidir. Crita sajrone serat iki kayadene Serat Dewaruci lan Ceita Derwis, yaiku ngenani wong sing kepengin antuk ilmu kasampurnan. Ing kono digambarake anane ilmu sangkan paran lan manunggale kawula Gusti.
Panliten iki isih durung sampurna, mula diajab ana sing bisa nyampurnakake mligine nyundhukake saben struktur pamangune. Muga panliten sing sarwa cekak lan winates iki bisa migunani tumrap kita kabeh mligine anggone nyinaoni lan ngleluri sastra Jawa. Kanggo para pamaos diajab bisa menehi panyaruwe kang asipat konstruktif kanggo luwih sampurnane panliten iki.


KAPUSTAKAN

Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.

Ciptoprawiro, Abdullah. 1986. Filsafat Jawa. Jakarta: Balai Pustaka.

Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps.

                                      . 2012. Filsafat Sastra: Hakikat, Metodologi, dan Teori. Yogyakarta: Layar Kata.

Hariwijaya, M. 2013. Semiotika Jawa: Kajian Makna Falsafah Tradisi. Yogyakarta: Paradigma

Hutomo, Suripan Sadi. 1975. Telaah Kesusastraan Jawa Modern. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Depdiknas.

Muryanto, Sri. 2012. Ajaran Manunggaling Kawula-Gusti. Yogyakarta: Kreasi Wacana.

Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.

Poerbatjaraka, 1957. Kapustakan Jawi. Jakarta: Djambatan

Purnama, Bambang, 2012. Kesusastaan Sastra Jawa pesisiran. Surabaya: Bintang.

Rahimsyah, MB (ed),         . Legenda dan Sejarah Lengkap Wali Songo. Surabaya: Amanah.

Suwarni. 2013. Sastra Jawa Pertengahan. Surabaya: Perwira Media Nusantara.

Staton, Robert, 2012. Teori Fiksi (diindonesiakake dening Sugihastuti lan Rossy Abi Al Irsyad). Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Teew, A. 2013. Sastra dan Ilmu Sastra. Bandung: Dunia Pustka Jaya

Wellek, Rene lan Warren, Austin. 2014. Teori Kesusastraan. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama



0 Responses

Posting Komentar