DONGENG: SARANA PANGGULAWENTHAH
AWUJUD CRITA LAN WACAN BOCAH
(TINTINGAN STRUKTURAL-ANALISIS UNSUR)

Kiana Arta Ade M.         (12020114030)
Agustina Sri Wilujeng     (12020114037)
Sari Eka Diniyati             (12020114039)
Ah. Syahrul Rahmat       (12020114047)
Anugrah Putri J.             (12020114051)
2012 B
Prodi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, UNESA

A.    Purwaka
Reriptan sastra sing dianggit kanggo bocah diarani wacan bocah. Salah sijine perangan saka wacan bocah kang ngemu nilai kautaman yaiku dongeng. Dongeng mujudake crita rekan kang ora ana nyata amarga asipat fiksi. Sajronie dongeng ngandhut unsur instrinsik kang ngliputi paraga, pamaragan, alur, latar, lan unsur ekstrinsik crita kang awujud pesen moral utawa amanat. Saliyane iku pamaca bisa nemokake bab-bab sing oral umrah, kayata tokoh ajaib lan kewan kang bisa ngomong kaya dene manungsa. Babagan kasebut kang mbedakake dongeng minangka wacan bocah karo reriptan sastra liyane. Mula dongeng nduweni daya tarik luwih-luwih tumrape bocah.
Dongeng karipta ora amung kanggo menehi panglipur, nanging sejatine kang luwih dominan sajrone dongeng kasebut kinandhut nilai-nilai becik kang migunani. Nilai-nilai kautaman kasebut bisa ditampa lan laras kanggo patuladhan tumrap bocah. Mula saka iku, prelu ditindakake panliten kang becik awit saka anane bab-bab sing narik kawigaten sajroning wacan bocah utawa sastra kanggo bocah, mligine dongeng. Babagan iku uga adhedhasar anane sastra kanggo bocah kang uga diwulangake sajrone pawiyatan ing sekolah.
Saka andharan ing ndhuwur, panliti rumangsa katarik nintingi wacan lan crita bocah kang awujud dongeng. Dongeng-dongeng iku bakal dionceki nilai-nilai morale banjur digayutake karo sarana panggula wentah tumrape bocah lumantar dongeng iku. Tintingan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku tintingan struktural, kang wose nintingi dongeng mau saka unsur-unsur pamangun caritane.
Metode sing digunakake sajrone panliten iki yaiku metode deskriptif kualitatif. Sumber data arupa dongeng basa Jawa saka internet cacahe patang dongeng. Dongeng papat iku yaiku Keong Mas, Wedhus lan Macan, Kancil lan merak, lan Pak Tani sing Beja. Dhata panliten iki awujud tembung, frasa utawa ukara saka patang dongeng iku. Instrumen panliten yaiku panliti dhewe. Tata cara pangumpulane dhata yaiku kanthi metodhe kapustakan. Tata cara ngolah dhata yaiku nggunakake metodhe analisis isi kanthi tintingan struktural.
Endraswara (2011:52) ngandharake menawa panaliten struktural mandheng reriptan sastra minangkawujud kang madeg dhewe, nyisihake unsur sanjabane reriptan sastra. Miturut Abrams, metode strukural yaiku upaya nganalisis sawijining karya sastra kanthi cara kang objektif lan uwal saka bab-bab sanjabane teks sawijining karya sastra. Sajroning analisis struktural, teks diwawas minangka sawutuhing makna kang madeg dhewe kanthi cara otonom kanthi koherensi intern (Nurgiyantoro, 2010:36).
Tata cara analisis data sing ditindakake sajrone panliten iki yaiku maca kanthi temenan kanggo mangerteni isi lan makna dhata kasebut. Sabanjure nliti maneh dhata kang wis dimangerteni, kegiyatan nliti dhata sing diselarasake kalawan teori struktural yaiku cundhuk lan orane tema, paraga, alur, lan amanat sing kabeh mau dikarepake minangka karakteristik saka dongeng, banjur milih lan milah sarta nglompokake dhata miturut perangane. Pangajabe, kanthi panaliten iki bisa diweruhi titikane dongeng lan katemokake nilai moral kang kinandhut sajrone dongeng minangka sarana panggulawenthah tumrape bocah.
Kanthi dhasar sing wis diandharake mau, undering panliten iki yaiku:
(1) Kepriye karakteristike dongeng minangka wacan lan crita bocah?
(2) Nilai apa wae kang kinandhut sajroning dongeng?
(3) Kepriye pangetrape dongeng minangka sarana panggulawenthah tumrape bocah?

B.       Landhesan Teori
Perangan iki njlentrehake lelandhesan teori kang digunakake kanggo ngonceki lan nganalisis dongeng minangka wacan lan crita bocah.
1.      Tintingan Struktural
Lumantar panliten struktural, panliti ora gumantung marang aspek liya sanjabane karya sastra (Endraswara, 2011:51). Tintingan Struktural ana minangka upaya kanggo njangkepi sawijining panliten sastra kang asipat ekspresivisme (pametune watak lan pangrasane pangripta) lan historis. Panliten sruktural diwawas luwih objektif (nengenake marang aspek intrinsik sawijining karya satra) amarga amung adhedhasar karya sastra iku dhewe, kanthi ora anane cawe-cawe saka unsur liya, sawijining karya sastra bakal disawang minangka sawijining asil cipta estetis.
Miturut Abrams, metode strukural yaiku upaya nganalisis sawijining karya sastra kanthi cara kang objektif lan uwal saka bab-bab sanjabane teks sawijining karya sastra. Sajroning analisis struktural, teks diwawas minangka sawutuhing makna kang madeg dhewe kanthi cara otonom kanthi koherensi intern (Nurgiyantoro, 2010:36).  Kahanan iki disebabake anane sesambungan kang salaras antarane bentuk lan isi (dikotomik). Analisis struktur sajrone dongeng kang dikumpulake panulis kapunjer ing babagan tema, paraga lan pamaragan, latar, lan nilai morale.

2.      Unsur Intrinsik
Unsur pamangun sawijining karya sastra diperang dadi loro, yaiku unsur intrinsik (intrinsic) lan unsur ekstrinsik (extrinsic). Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun sawijining karya sastra iku dhewe (Nurgiyantoro, 2010:23). Unsur kang mesthi bakal ditemokake nalika sawijining pawongan maca karya sastra. Wujude unsur intrinsik yaiku tema, paraga, plot utawa alur, kelir, lan sudut pandang. Ing ngisor iki bakal diandharake unsur-unsur intrinsik kang mangun karya sastra.
a.       Tema
Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema. Miturut Stanton lan Kenny tema (theme) yaiku makna kang kinandhut dening sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2010:67). Tema ing sakabehing bab asipat mengikat ana lan orane lelakon-konflik-kahanan tartamtu, kalebu sakabehing unsur intrinsik liyane, amarga bab kasebut kudu nyengkuyung cetha apa orane tema kang bakal diandharake. Tema didadekake dhasar pangrembakaning sawutuhing cerita, mula ing kene tema asipat ngrasuk marang sawijining cerita. Mula, kanggo nemtokake tema sawijining karya fiksi, tema kudu didudut saka sakabehing cerita kanthi sawutuhe, dudu adhedhasar saperangan bab tartamtu saka cerita. Tema minangka sesambungan antarane makna lan tujuwan panulisan prosa fiksi dening pengarang, mula pamaca kudu ngerteni perangan signifikan  kang mangun sawijine crita, ndudut makna sing kinandhut, lan bisa ngayutake karo tujuwan pangriptane reriptan sastra (Aminuddin, 2011:91).
Kang kudu ditindakake nalika nggoleki tema yaiku kang kapisan digoleki gagasan utama ing saben-saben pada sajrone karya sastra. Gagasan utama kasebut kang diarani sub tema. Sabanjure, saka sub tema kasebut ditemtokake sawijining sub tema kang paling gedhe pangaribawane tumrap cerita. Sub tema kasebut kang bisa diarani tema utama utawa tema mayor kang ndayani sawijining cerita.

b.       Paraga
Paraga yaiku wong kang ana  sajroning karya fiksi kang dening pamaca digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika guneman utawa tumindak (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2010:165). Senajan paraga sajroning cerita mujudake paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara kang wajar kaya manungsa kang nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga manggoni panggonan kang mathuk minangka media kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening panulis. Sajrone karya fiksi, saliyane paraga uga kerep anggone ditemokake tembung pamaragan yaiku gegambaran kang cetha ngenani sawijining wong kang didhapuk sajroning cerita. Mula saka iku, tembung pamaragan tegese luwih rowa tinimbang paraga. Pamaragan ngandharake sapa paraga crita, kepriye wateke, lan kepriye gegambarane paraga kasebut sajrone cerita saengga bisa menehi gegambaran kang cetha tumrap pamaca. Pamaragan ing kene digunakake minangka sarana kanggo nggambarake sawijining paraga.

c.        Plot
Plot mujudake unsur fiksi kang wigati. Kenny ngandharake plot minangka lelakon-lelakon kang diwujudake sajrone cerita kang ora asipat apa anane, amarga pangripta nyusun lelakon-lelakon iku adhedhasar sebab-akibat (Nurgiyantoro, 2010:113).
Laras karo Kenny, Forster uga ngandharake yen plot iku lelakon-lelakon cerita kang nduweni sesambungan kausalitas (Nurgiyantoro, 2010:113). Abrams ngandharake yen plot sawijining karya sastra mujudake struktur lelakon-lelakon, yaiku lelakon iku nduweni piguna kanggo nuju sawijining efek emosional lan efek artistik tartamtu. Mula, senajan andharan ngenani plot saka pamawas siji lan sijine ana bedane, nanging sakabehe iku nduweni punjering pamawas kang padha, yaiku plot iku nduweni sesambungan karo lelakon-lelakon kang ana sajroning cerita. Wujuding lelakon kang amung adhedhasar urutan wektu durung bisa diarani plot. Supaya dadi plot, lelakon-lelakon iku kudu diolah lan disisati kanthi cara kreatif. Saengga asile bisa mujudake karya sastra kang apik lan narik kawigaten.
Adhedhasar urutan wektu, Nurgiyantoro (2010:153) merang plot utawa alur dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur balik (regresif). Sajrone alur lurus prakara-prakara kang dumadi digambarake kanthi runtut utawa kronologis, dene alur balik prakara kang dumadi digambarake kanthi ora runtut.
Anane plot ditemtokake dening telung unsur, yaiku lelakon, konflik lan klimaks. Semana uga ngenani kualitas lan drajading kawigaten sawijining karya fiksi. Cacahing cerita sajrone karya fiksi akeh banget, nanging durung mesthi yen ngandhut konflik. Cacahing konflik uga akeh, nanging amung konflik utama kang bisa diarani klimaks. Unsur-unsur kasebut bakal diandharake ing ngisor iki.

  1.  Kelir
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan, wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha ngaribawani siji marang liyane.

3.      Amanat/Nilai Moral
Reriptan sastra saliyane ngandhut nilai estetis, uga ngandhut nilai etik lan saintik. Mula sajrone reriptan sastra ditemokake sawijine nilai moral kag diwedhar pangripta sajrone reriptan fiksi iku. Nilai moral sajrone reriptan fiksi umume minangka pandhangane pangripta ngeneni nilai-nilai kabecikan sajrone urip lan panguripane manungsa.
Nurgiyantoro (2010:321) ngandharake menawa reriptan sastra, fiksi, umume ngandhut nilai moral sing sesambungan karo budi luhur lan nilai uga norma kamanungsan. Sifat luhur iku asipat universal. Tegese diyakini lan dipercaya dening manungsa sajagad. Miturut pamawase Nurgiyantoro uga (2010:323-324), nilai moral sesambungan karo panguripane manungsa sing diperang dadi telu. Yaiku manungsa karo dhiri pribadhine, manungsa karo sapadha, lan manungsa karo pengerane. Jinise sesambungane manugsa iku isih bisa diperang maneh adhedhasar tumindak lan sikepe.

4.      Panggulawenthah tumrap Bocah
Panggulawenthah tumrap bocah umume gegayutan karo bab pendhidhikan moral. Pendhidhikan moral dibutuhake dibutuhake amarga ing jaman saiki kahanan moral utawa akhlak generasi mudha wis wiwit rusak. Pendhidhikan karakter yaiku sawijine upaya kanggo dhidhik bocah-bocah supaya bisa njupuk keputusan kanthi wicaksana lan ngetrapake sajrone panguripan sabendina, saengga dheweke bisa menehi pangaribawa kang becik marang lingkungane (Ratna Megawangi, sajrone Dharma Kesuma, dkk, 2012:5).
Ana telung telung idhe pikiran penting sajrone pendhidhikan karakter yaiku:
1.      Proses transformasi nilai-nilai
2.      Dingrembakake sajrone kepribadian
3.      Nyawiji sajrone tindak-tanduk


C.    Andharan
Perangan iki bakal ngandharake ngenani karekterinsike dongeng, nilai kang kinandhut, lan pangetrepane dongeng minangka sarana panggulawenthah.
1.      Karakteristike Dongeng Minangka Wacan Lan Crita Bocah
Sadurunge nggrembug ngenani karakteristik utawa titikane dongeng minangka wacan lan crita bocah, luwih dhisik bakal diangharake ngenani struktut intrinsik pamangune crita sajrone patang dongeng kang dadi panaliten iki. Dongeng papat iku yaiku Keong Mas, Wedhus lan Macan, Kancil lan merak, lan Pak Tani sing Beja.
a.      Keong Mas
            Crita keong mas iki nyritakake nalika kraton Daha nduwe Raja kang jenenge Raka Kertamarta. Raja Kertamarta nduwe putrid loro kang jenenge Putri Dewi Galuh lan Putri Candra Kirana. Putri Dewi Galuh nduwe rasa dhendham marang adhine, amarga Raden Inu Kertapati wong sing disenengi luwih milih Putri Candra Kirana tinimbang dheweke. Putri Dewi Galuh kang pegel nemoni dhukun sihir yaiku Mbok Mian supaya nyihir Putri Candra Kirana dadi keong emas banjur dibuwang ing segara. Putri Candra Kirana sing wis dadi keong emas ditemu Mbok Rini lan diingu, nanging tibake Keong Emas iku bisa rubah dadi putri lan masakne Mbok Rini. Mbok Rini sing dicritani apa sing wis dialami Putri Candra Kirana banjur nulung ngeterake menyang Kraton Daha nemoni kluwarga Kraton lan nemoni Raden Inu Kertapati supaya sihire bisa ilang. Sawise ketemu karo Raden Inu Kertapati sihir iku ilang. Dewi Galuh kang isin lan wedi kena ukuman mlayu ing alas lan ceblok ing jurang lan tilar donya.
1)      Tema: Iri ati
Putri Dewi Galuh lara ati, amarga ngrasa dheweke sing pantes rabi karo Raden Inu Kertapati. Mula saka iku, dheweke nduweni niat kanggo nyilakani adhine.
Putri Dewi Galuh kang ngrasa yen adhine wis ngrebut wong sing ditresnani banjur nduweni niat nyilakani adhine. Dheweke ngongkon dhukun supaya nyihir adhine dadi keong emas banjur dibuwang ing segara. Kabeh sing dilakokake dening Dewi Galuh kasebut, amarga dheweke iri ati marang adhine dhewe kang luwih dipilih dening Raden Inu Kertapati. Putri Dewi Galuh iri ati banjur fitnah adhine lan nyilakani adhine dhewe. Saka pethikan ing ndhuwur bisa dimangerteni yen tema kang trep ing dongeng iki yaiku iri ati.
2)      Paraga:
a)      Candra Kirana
b)      Dewi Galuh
c)      Raden Inu Kertapati
d)     Mbok Rini
e)      Mbok Mian
f)       Raja Kertamarta
g)      Mbah Lanang Sekti
3)      Pamaragan:
a)      Candra Kirana minangka wong sing santun, gelem mbales budi
 “Ngapunten Mbah, menawi kawontenan ndamel Mbah mboten seneng! Asma kula Putri Candra Kirana, putrid saking Kraton Daha ingkang disihir dados keong emas kaliyan dhukun wedok, kengkenanipun mbakyukula,” jawabe Putri Candra Kirana.
Pethikan ing ndhuwur dudohake yen Putri Candra Kirana nduweni sipat santun. Dheweke gelem nggunakake basa krama menyang wong kang drajate luwih ngisor tinimbang dheweke.
Kabagyan kasebut ora nggawe wong loro kasebut lali karo wong-wong kang nduweni jasa aweh pitulungan. Putri Candra Kirana lan Raden Inu Kertapati mboyong Mbok Rini lan Mbah Lanang sekti kang atine apik kasebut ing kraton.
Pethikan ing ndhuwur dudohake yen Putri Cnadra Kirana ora nglalekake wong-wong kang wis aweh pitulungan marang dheweke. Putri Candra Kirana mboyong Mbok Rini kang wis ngewangi dheweke menyang Kraton Daha.

b)      Dewi Galuh minangka wong sing pendendam, seneng fitnah,
Wiwit iku Putri Dewi Galuh dhendham lan iri marang adhine.
Pethikan ing ndhuwur dudohake yen Putri Dewi Galuh nduweni sipat dhendham marang adhine kang miturute wis ngrebut wong kang ditresnani. Ing pethikan iku pangripta nggambarake sipat Dewi Galuh kanthi langsung.
Pungkasane Putri Galuh fitnah adhine saengga diusir saka kraton.
Pethikan ing ndhuwur dudohake yen Dewi Galuh gelem fitnah adhine supaya rancangan kanggo nyilakani adhine lan ngrebut Raden Inu Kertapati kasil.
c)      Raden Inu Keertapati minangka wong sing seneng mbiyantu, gelem mbales budi
Tibake, wong lanang tuwa iku wong sekti kang wis ditulung dening Inu Kertapati ing dalan nalika sadurunge ketemu karo manuk gagak iku. Raden Inu Kertapati meruhi wong lanang tuwa iku nalika keluwen lan menehi panganan.
Pethikan ing ndhuwur dudohake yen Raden Inu Kertapati gelem mbiyantu wong kang lagi kesusahan. Dheweke gelem aweh pitulungan menyang sapa wae kalebu wong kang durung tau dipethuki.
Kabagyan kasebut ora nggawe wong loro kasebut lali karo wong-wong kang nduweni jasa aweh pitulungan. Putri Candra Kirana lan Raden Inu Kertapati mboyong Mbok Rini lan Mbah Lanang sekti kang atine apik kasebut ing kraton.
Padha karo Putri Candra Kirana, Raden Inu Kertapati uga gelem mbales budi menyang wong kang wis tau ngewangi dheweke. Pethikan ing ndhuwur dudohake yen Raden Inu Kertapati ora lali karo pitulungan saka Mbah Lanang Sekti kang wis aweh pitulungan nalika dheweke arep diserang karo Mbok Mian. Dheweke mboyong Mbah Lanang kasebut menyang Kraton.
d)     Mbok Rini minangka wong sing seneng weneh pitulungan
Kanggo iku, dheweke njaluk tulung menyang Mbok Rini nglebokake Putri Candra Kirana kang wis brubah dadi keong emas ing wadah cilik, banjur budhal menyang karton. Satekane ing karton, Mbok Rini nyerahake keong emas iku menyang Raja Kertamarta.
Pethikan iku dudohake yen Mbok Rini gelem aweh pitulungan marang Putri Candra Kirana. Mbok Rini gelem ngeterake Putri Candra Kirana menyang Kraton Daha supaya Putri Candra Kirana bebas saka sihir kang ndadekake dadi keong emas.
e)      Mbok Mian minangka wong sing penurut, ora nduwe welas asih
Krungu printah iku, Mbok Mian banjur ngrubah wujude dadi manuk gagak, banjur mabur menyang Kraton Kahuripan.
Pethikan ing ndhuwur dudohake yen Mbok Mian senadyan dadi dhukun, dheweke tetep nurut karo printahe Putri Dewi Galuh. Mbok Mian ora kakehan takon langsung ngleksanakake apa kang wis diprintahake.
Tanpa welas asih, Mbok Mian nyihir Putri Candra Kirana dadi keong mas.
Pethikan ing dhuwur dudohake yen Mbok Mian ora nduwe welas asih. Dheweke tetep nyihir Putri Candra Kirana dadi keong senadyan Putri Candra Kirana wis nyuwun supaya ora disihir.
f)       Raja Kertamarta minangka wong sing apik budine
Satekane ing karton, Mbok Rini nyerahake keong emas iku menyang Raja Kertamarta.
Raja Kertamarta iku apik budine, babagan kasebut bisa diweruhi saka dheweke kang gelem nrima tekane Mbok Rini ing Kraton Daha. Senadyan Mbok Rini iku wong cilik dheweke tetep gelem nyethuki lan ngrungokake apa sing arep diandharake dening Mbok Rini. Raja Kertamarta uga gelem njaluk sepura menyang Putri Candra Kirana kang wis diusir dheweke amarga fitnahe Putri Dewi Galuh.
g)      Mbah Lanang Sekti minangka wong sing seneng aweh pitulungan
Nalika dheweke arep nyihir Raden Inu Kertapati dadi watu, tanpa diduga mara-mara wong lanang tuwa ngantem sirahe nggawe tongkat nganti brubah dadi keluk.
Pethika ing nduwur dudohake yen Mbah lanang Seti gelem aweh pitulungan marang Raden Inu Kertapati kang tau aweh pitulungan menyang dheweke.

4)      Alur: maju
5)      Sudut pandang: wong katelu
6)      Setting:
a)      Kraton Daha
Tekane pangeran gantheng iku disambut apik dening Raja Kertamarta, permaisuri lan putrine.
Kraton Daha mujudake kraton kang dienggoni dening Raja Kertamarta, permaisuri, lan loro putrine. Raden Inu Kertapati mara menyang Kraton Daha kepengin nyunting salah siji putri Raja Kertamarta. Ing kraton kasebut Putri Dewi Galuh fitnah adhine yaiku Putri Candra Kirana lan ngakibatake Putri Candra Kirana diusir saka kraton.
b)      Segara lan pantai
Awit iku, Putri Candra Kirana urip ing segara minangka keong mas karo keong liyane. Sawijine dina, nalika nggolek pangan ing antarane watu karang ing sanding pantai,…
Pethikan ing ndhuwur dudohake panggonan sawise Putri Candra Kirana disihir dadi keong emas. Dheweke urip ing segara karo keong-keong liyane. Sawijine dina dheweke nyasang ing jaringe Mbok Rini banjur diingu dening Mbok Rini.
c)      Alas
Amarga isin lan wedi oleh ukuman saka ramane, Putri Dewi Galuh mlayu ing alas. Ing tengah alas dheweke kepleset lan ceblok ing jurang lan langsung tilar donya.
Pethikan ing ndhuwur dudohake panggonan nalika Putri Dewi Galuh mlayu sawise Putri Candra Kirana nyritakake apa kang wis dilakokake mbakyune marang dheweke. Putri Dewi Galuh kang isin lan wedi banjur mlayu ing alas lan ceblok ing jurang lan sanalika tiwas.
d)     Omahe Mbok Rini
Mbok Rini langsung mlebu ing omahe lan ngampiri putri ayu iku.
Omahe Mbok Rini iki ndudohake panggonan kang dipanggoni dening Mbok Rini, ing omah iki Putri Candra Kirana diingu lan kerep masak ing pawon omah.
e)      Dalan menyang Kraton Daha
Ing tengah dalan, dheweke ndelok Raden Inu Kertapati lagi mlaku menyang kraton Daha kanggo nemoni Raja Kertamarta lan ketemu karo Putri Candra Kirana.
Pethikan ing ndhuwur dudohake panggonan nalika Mbok Mian kang brubah dadi manuk gagk kepengin nyihir Raden Inu Kertapati dadi watu, nanging dheweke ora kasil, amarga ana Mbah Lanang Sekti kang aweh pitulungan marang Raden Inu Kertapati. Mbok Mian kang kena antem sirahe brubah dadi keluk.

b.      Wedhus lan Macan
Dongeng iki nggambarake yen okol iku isih kalah yen ditandhingake karo akal. Kaya kebo, jaran, banteng lan macan kang kalah karo kapinterane wedhus. jaran, kebo, bantheng mung nggunakake kakuwatan otote, mula kalah saka macan kang luwih kuwat. Dene wedhus, senajan awake cilik nanging amarga pinter, mula dheweke bisa ngalahake macan kang kondhang kuwat.
            Dongeng ing ndhuwur ngangkat tema kawicaksanan. Saka tema kang diangkat cetha yen akeh piwulang-piwulang kang bisa didudut saka dongeng ing ndhuwur. Dongeng iki nyeritakake kebo sing nduweni janji bakal menehi atine marang macan. Nanging nalika macan nagih janjine kebo, kebo malah mblenjani janji.
mangga, tapi syarate kowe kudu manut karo aku.” Saute macan. “amarga, sapa wae sing arep mangan suket neng kene iku mesti ngewenehi apa wae sing tak jaluk. Nah, aku pengen kowe sesuk ngewenehake atimu neng aku.”
Kebo mikir kanthi bingung, banjur semaur “ya wis, bakal dak wenehake atiku iki.”  Sidane kebo janji bakal ngewenehake atine marang macan.
kira-kira 3 wulanan sawise kebo mara ing papan subur kuwi, awake kebo wis ketara lemu. Ngerti yen kebo wis lemu, macan mara maneh nagih janji. Tapi kebo ora gelem ngewenehake atine
Saka cuplikan ing ndhuwur, cetha yen kebo arep mblenjani janjine marang macan. Kang kaya mangkono iku dudu sipat kang apik, yen pancen ora bisa netepi ya aja nganti kita gawe janji marang sapa wae, amarga janji kuwi utang. Yen utang mula kudu disaur kepriye wae carane.
            Kebo ora gelem netepi janjine, lan malah ngajak macan tarung, nanging kebo kalah, banjur mlayu golek pitulungan saka kewan-kewan kang kuwat, nanging ora ana kang bisa nulungi.
Pungkasane kebo lan macan gelut, anggone gelut iku suwi banget. Kebo wis ora kuwat nglawan macan sing kuwat iku.
Kebo lan kewan-kewan kang kuwat, mlayu amarga kalah nglawan macan. Banjur kewan-kewan kuwi malah dislametake dening wedhus, kewan kang cilik, ora kuwat lan sing disepelekake.
Ora kakean omong wedhus siap anggone arep ngewangi kewan 3 maeng. Nanging kewan-kewan kuwi ora percaya.
“Kowe arep ngewangi aku karo kewan-kewan iki? wis karuwan melua mlayu tinimbang kowe mengko dipangan macan. Macan kuwi kuwat, hla kowe mung wedhus kewan cilik sing ora nduwe kakuwatan apa-apa.” Omonge jaran sengit.
“iya, ora mungkin kowe bisa ngalahne macan sing kuwat.” Saute kebo.
Saka cuplikan ing ndhuwur nudhuhake yen kewan telu iku ora percaya karo wedhus, kewan telu iku mung nyawang samubarang mung saka njabane.
            Crita iki alure maju, runtut saka pengenalan parag-paraga tumuju konflik banjur penyelesaian. Sajrone alur crita uga digambarake watak-watak saka saben-saben paraga, kawitane saka macan kang digambarake kewan kang samena-mena. Iki dibuktekake saka cuplikan nalika kebo arep mangan suket ing dhaerah kakuwasaane macan.
nanging ora dikira ana macan sing ngedhang-ngedhangi. Banjur omong, “kowe ora bisa mangan neng kene sadurunge oleh ijin teka aku.”
Saka cuplikan ing ndhuwur, cetha yen macan iku kewan kang samena-mena, lan brangasan. Dene kebo kewan sing ora bisa netepi janjine. Jaran, lan bantheng digambarake dadi paraga sing kuwat nanging kemaki, iki bisa dibuktekake saka
“wis, kowe ora usah wedi. Saiki ndelika wae neng mburiku!” saute jaran kanthi sombong.
“ya, yen pancen macan pengin mateni kowe kabeh, ben macan mateni bantheng sing kuwat iki dhisik.” Ujare bantheng sing sombong. “ neng endi saiki macan kuwi?”
Dene wedhs minangka parag utama digambarake kewan sing ora kuwat, nanging akeh akale lan seneng tetulung marang liyan. Kaya cuplikan ing ngisor iki
Ora kakean omong wedhus siap anggone arep ngewangi kewan 3 maeng. Nanging kewan-kewan kuwi ora percaya.
Wedhus banjur oleh ide, dheweke mblodro woh kaktus meyang awake, nganti awake dadi abang.
            Dadi, saka dongeng ing ndhuwur bisa didudut akeh piwulang. Kaya ta kudu bisa netepi janji amarga yen ora ditetepi bisa nuwuhake perkara anyar, seneng tetulung marang sapadha-padha, ora kena sombong lan kemaki, banjur aja nyawang wong saka njabane wae, akal bisa ngalahake okol.

c.       Kancil lan Merak
Dongeng iki nyritakake kewan loro kang aran Merak lan Kancil. Merak lan Kancil iki bisa diarani sakanca cedhak. Ana ing donyane kewan, wong loro iki tamtu nduweni wujud kang beda. Sanadyan padha-padha nduwe wulu, ning wujude wulune rong kewan iki ora padha. Merak nduwe wulu kang endah lan edi, dene Kancil ora kaya mangkono. Saka kahanan iki, Kancil meri lan pengin kaya Merak. Merak ngandani yen panjaluke tamtu ora bisa kalakon, awit wewujudan awak kuwi wis ginaris saka Gusti. Anggone ngandhani Merak ora digatekake Kancil, lan dheweke panggah ngaya nduweni wulu kaya Merak. Saka gedhene panjaluke Kancil iki, mula Merak nuruti kanthi nggolek wulu saka awake uga saka kanca-kancane sing sejinis. Wulu-wulu mau dirakit dhewe-dhewe, yaiku wulu awak, wulu swiwi lan wulu buntut. Ora lali uga golek tlutuhe wit karet kanggo nemplekake wulu mau ana ing awake Kancil.
Wulu kang wis disiyapake banjur ditemplekake ana ing awake Kancil. Kancil seneng banget, lan ngrasa yen dheweke minangka kewan kang paling endah. Kancane, Merak ngandani yen wulu kuwi amung templekan, cetha yen bakal ngebot-eboti. Pamelinge Merak ora digagas. Kancil banjur mlaku-mlaku kanthi mamerake wulu anyare marang sato kewan liyane. Ora suwe, awake kaku ora bisa diobahake awit tlutuhe wit karet mau garing. Kancil bengok-bengok njaluk tulung. Krungu pambengoke Kancil, Merak mara lan nulungi. Wulu-wulu mau banjur dicopoti. Kancil kelara-lara, lan sadhar yen tumindake mau salah, yaiku ora nduwe rasa syokur marang pawenehe Gusti.
Jlentrehan ngenani unsur pamangun critane kaya mangkene
1) Tema
Dongeng iki nduweni tema “Kemaruk”. Kemaruke Kancil pengin nduwe wulu kaya wulune Merak.
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak.
“Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak wis ngandhani akeh-akeh, ning ora digagas dening Kancil.
2) Alur
Alur kang digunakake ana dongeng iki yaiku alur maju. Carita diwiwiti kanthi ngenalake tokoh, wiwit perkara, puncake konflik, lan dipungkasi kanthi penyelaesaian.
a)      Ngenalake tokoh :
“Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.
b)      Wiwit perkara :
“Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak.”
“Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
c)      Puncake konflik :
“Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.
d)     Pungkasane cerita :
“Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara.
3) Tokoh lan Penokohan
Dongeng iki ana 2 tokoh, yaiku Merak lan Kancil.
a) Merak, yaiku kewan kang endah, apik wateke, tansah syokur marang apa wae kang diwenehi Gusti, lan ora sombong.
“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.
b) Kancil, yaiku kewan kang nduweni sipat iri, ora nduwe rasa syokur marang apa kang diwenehi Gusti, uga sombong.
“Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”
“Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
“Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong.”
4) Latar utawa Setting
Latar panggonan kang digunakake sajrone crita yaiku ana ing omahe Merak, plataran omahe Merak, lan Hutan(alas).
“Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira”
“Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan”

d.      Pak Tani sing Beja
1)      Tema
            Tema sajrone dongeng “Pak Tani sing Beja” kasebut ngenani kejujuran lan kesabaran. Katiti saka cuplikan ing ngisor iki.
a)      Kejujuran
Amarga krasa ngelak, pak tani pengin banget ngombe banyu sing ana ing kendhi iku, nanging amarga sadhar yen dudu duweke, pungkasane pak tani mau mbatalake niyate, banjur nerusake lakune.
Pak tani ketarik pengin nduweni emas mau, nanging dheweke sadhar yen barang mau uga dudu duweke, diselehne maneh emas mau, banjur pak tani nerusake lakune maneh.
       Cuplikan ing ndhuwur nggambarake sipate pak tani sing jujur. Kapisan, senajan dheweke lagi nandang rasa ngelak, nanging ora gelem ngombe banyu sing ana ing kendhi sangisore wit jati amarga dheweke sadhar yen banyu mau dudu duweke. Kapindho, senajan dheweke ketarik karo emas prongkolan sing ditemoni ing dalan tumuju kebon jagunge, nanging dheweke uga ora gelem njupuk, awit dheweke sadhar yen barang mau ana sing nduweni lan iku dudu dheweke. Dadi ing kene digambarake yen pak tani iku wonge ora geleman marang samubarang sing dudu hake. Dheweke uga tetep teguh marang niyate sing wiwitane kepengin menyang kebon jagunge.
b)      Kesabaran
Ing alas jati sing godhonge padha gogrog, ana sawijine desa sing tandhus. Ing kono urip pak tani sing sabar banget anggone nglakoni urip.
Nganti sadurunge teka kebon jagung duweke, pak tani ndelok pang wit sing ngalangi lakune, kanthi susah dheweke mindhahake pang sing cukup gedhe mau menyang pinggir dalan.
            Cuplikan ing ndhuwur nggambarake sipate pak tani sing sabar. Kapisan, senajan urip ing desa kang tandhus lan ora ana udan, nanging dheweke tetep sabar, ora kaya tanggane sing pindhah menyang desa liya nalika desane ora nggawa kamukten. Kapindho, nalika menyang kebon jagunge, ing ndalan dheweke kalangan pang wit sing cukup gedhe, senajan anggone nyingkrihake kagolong susah, nanging dheweke uga tetep sabar nglakoni pakaryan mau.
2)      Alur
            Alur sajrone dongeng “Pak Tani sing Beja” kasebut yaiku alur maju. Katiti saka urutan utawa kronologis kedadeyane sing runtut, sistematis saka wiwitan nganti pungkasan. Buktine digambarake saka wiwitan ngenani kahanan desane pak tani sing tandhus nganti pungkasane dheweke panen jagung.
3)      Tokoh Dan Penokohan
Tokoh: Pak Tani lan Wit sing Ngrembuyung
Penokohan:
a)      Pak Tani: sabar, jujur, teguh marang niyate.
Bukti: (kaya sing wis digambarake ing tema)
b)      Wit sing Ngrembuyung: aweh pepujen, ngajeni tumindake Pak Tani, aweh piwales marang tumindake Pak Tani.
Bukti: “Hee, Pak Tani. Kowe jujur banget lan becik atimu. Aku ngajeni tumindakmu sing sabar lan ora njupuk sing dudu duwekmu. Saiki kowe oleh ngrasakke kabeh sing ana ing kebon jagungmu iki.”
Bukti awujud dialoge Wit sing Ngrembuyung marang Pak Tani iku wis nuduhake kepriye watake wit kasebut nanggepi tumindake Pak Tani. Ukara kapisan “Hee, Pak Tani. Kowe jujur banget lan becik atimu.” minangka watak aweh pepujen marang sipate Pak Tani sing jujur lan becik atine. Ukara kapindho “Aku ngajeni tumindakmu sing sabar lan ora njupuk sing dudu duwekmu.” minangka watak ngajeni tumindake Pak Tani sing sabar lan ora gelem njupuk barang sing dudu duweke. Ukara pungkasan “Saiki kowe oleh ngrasakke kabeh sing ana ing kebon jagungmu iki.” Minangka watak aweh piwales marang tumindake Pak Tani.
4)      Setting
a)      Setting panggonan
Ing alas jati sing godhonge padha gogrog, ana sawijine desa sing tandhus.
…., pak tani mau arep mara menyang kebon jagunge sing adohe puluhan kilometer saka omahe.
Ing ndalan dheweke ngerti wit jati sing katon garing.
Sangisore wit jati mau ana kendhi isi banyu.
…. pak tani pengin banget ngombe banyu sing ana ing kendhi iku,….
…. dheweke mindhahake pang sing cukup gedhe mau menyang pinggir dalan.
…. pak tani leren ing sangisore wit sing ngrembuyung godhonge.
…. sadurunge durung nate weruh wit kaya ngono iku ing dhaerah sing ngerak kaya sing nggoni iku.
Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen setting panggonan sajrone dongeng “Pak Tani sing Beja” yaiku ing alas jati sing padha gogrong godhonge, desa sing tandhus, kebon jagung, ing ndalan, sangisore win jati, ing kendhi, pinggir dalan, sangisore wit sing ngrembuyung godhonge, lan dhaerah sing ngerak.
b)      Setting wektu
Ing sawijine dina, pak tani mau arep mara menyang kebon jagunge….
Nganti sadurunge teka kebon jagung duweke,…
Satekane ing kebon jagung,…
Sawise dipanen, pungkasane pak tani mulih kanthi bungah nggawa asil panenane dina iki.
Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen setting wektu sajrone dongeng “Pak Tani sing Beja” yaiku ing sawijine dina, sadurunge teka kebon jagung, satekane kebon jagung, sawise dipanen, lan dina iki.
c)      Setting kahanan
…. kebon jagunge sing adohe puluhan kilometer saka omahe.
…. wit jati sing katon garing.
Amarga krasa ngelak, pak tani pengin banget ngombe banyu sing ana ing kendhi iku, nanging amarga sadhar yen dudu duweke,….
Sawise pirang-pirang kilo mlaku, pak tani mau nemokake prongkolan emas sing mengkilat saka kadohan.
…. pak tani kaget banget ngerti emas sing gedhe banget. Pak tani ketarik pengin nduweni emas mau,…
…. pak tani ndelok pang wit sing ngalangi lakune, kanthi susah dheweke mindhahake pang sing cukup gedhe mau menyang pinggir dalan.
…. pak tani leren ing sangisore wit sing ngrembuyung godhonge.
Dheweke nggumun amarga sadurunge durung nate weruh wit kaya ngono iku….
Pranyata jagunge sing biyen nguciwani, akeh sing garing lan bonggole cilik sarta akeh sing bosok, saiki malih apik banget uwohe.
Sawise dipanen, pungkasane pak tani mulih kanthi bungah nggawa asil panenane dina iki.
Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen setting kahanan sajrone dongeng “Pak Tani sing Beja” yaiku adohe puluhan kilometer, katon garing, krasa ngelak, pengin ngombe, sadhar, sawise pirang-pirang kilo mlaku, mengkilat, kaget, gedhe banget, ketarik pengin nduweni, susah, cukup gedhe, leren, ngrembuyung godhonge, nggumun, durung nate weruh, nguciwani, akeh sing garing, cilik, akeh sing bosok, apik banget, lan bungah.
5)      Sudhut Pandhang
            Sudhut pandhang sajrone dongeng “Pak Tani sing Beja” yaiku: sudhut pandhang wong katelu. Buktine kalungguhane pengarang sajrone cerkak kasebut minangka wong katelu sing nyritakake kahanane pawongan liya lumantar paraga Pak Tani kanthi nggunakake tembung sesulih “dheweke”.

Saka andharan ngenani struktur pamangune patang dongeng ing ndhuwur, bisa didudut ngenani titikane dongeng iku kaya mangkene:
1.      Tema sajrone sastra anak mung ana siji, mulane tema mau langsung gampang dingertani.
2.      Alur sajrone sastra anak biyasane mung saalur. Alur kasebut umume yaiku alur maju. Sesambungan karo perkara mesthi kisen kedadeyan-kedadeyan kang diurutake wektune.
3.      Paraga sajrone sastra anak umume cacahe ora akeh, paling ora loro. Wujude paraga kerep nggunakake kewan, samubarang (jeneng liya) ora akeh sing nggawe jeneng manungsa.
4.      Setting sajrone sastra anak biyasane nggunakake lingkungan alam lan kahanan sakiwa tengene.
5.      Sudhut pandhang sajrone sastra anak biyasane nggunakake sudhut pandhang wong katelu. Pangripta minangka paraga sajabane crita kang nyritakake kahanane paraga utama sajrone sastra kasebut.


2.      Nilai Kang Kinandhut Sajroning Dongeng
Nilai sing kinandhut sajrone dongeng minangka unsur ekstrinsike reriptan fiksi. Sajrone crita dongeng Keong Mas, Wedhus lan Macan, Kancil lan merak, lan Pak Tani sing Beja nduweni nilai moral kang kaandharake kaya mangkene.
a.      Keong Mas
Minangka manungsa kita ora oleh iri ati, drengki, lan seneng fitnah wong liya. Sipat-sipat kasebut kudu didohi, amarga sipat kasebut bisa nimbulake rasa pegel lan lara ati. Wong kang lara ati bakal nglakokake apa wae malah-malah gelem nyilakani wong liya. Kaya kang dilakokake Dewi Galuh dening adhine dhewe lan ngakibatake dheweke ceblok lan tiwas ing jurang. Sipat-sipat kasebut kudu didohi supaya ora ana ukum sebab-akibat, apa kang dilakokake bakal nemoni akibate.

b.      Wedhus lan Macan
Dadi, saka dongeng ing ndhuwur bisa didudut akeh piwulang. Kaya ta kudu bisa netepi janji amarga yen ora ditetepi bisa nuwuhake perkara anyar, seneng tetulung marang sapadha-padha, ora kena sombong lan kemaki, banjur aja nyawang wong saka njabane wae, akal bisa ngalahake okol.

c.       Kancil lan Merak
Kanggo dongeng antara Merak lan Kancil iki, bisa didudut amanat kang bisa dijupuk yaiku:
1)      Tansah syokur marang apa kang diwenehake Gusti marang kita
2)      Sadurunge tumindak apa wae, kudu dipikir dhisik kanthi tenanan
3)      Ora prelu sombong marang apa kang diduweni, awit kabeh bakal bali marang kang nguwenehi (Gusti)
Sajrone cerita Merak lan Kancil iki ana pirang-pirang unsure ekstrinsik, yaiku nile moral, nile agama, nile sosial lan nile kauripan saben dinane.
1)      Nile moral : Kancil kang ora bisa dadi awake dhewe, akibate dheweke cilaka.
2)      Nile agama : Merak nggambarake yen dheweke minangka kewan kang tansah syokur marang Gustine.
3)      Nile sosial : Minangka reriptan Gusti, kudu tansah tulung-tinulung.
4)      Nile kauripan : Tumindak apa wae mesthi ana resikone/ganjarane.

d.      Pak Tani sing Beja
            Amanat sajrone dongeng “Pak Tani sing Beja” yaiku:
1)      Sing sabar nglakoni urip kepriye wae kahanane.
2)      Ora njupuk samubarang sing dudu duweke.
3)      Teguh marang niyate.
4)      Kudu nduweni sipat sabar lan jujur supaya uripe tentrem kayadene paribasan “wong nandur mesthi ngundhuh” (nandur ala ngundhuh ala, nandur becik ngundhuh becik).

3.      Pangetrape Dongeng Minangka Sarana Panggulawenthah Tumrape Bocah
Nilai-nilai sing kinandhut sajroning dongeng yaiku kautaman utawa moral lan panggulawenthah utawa didaktis. Nilai-nilai kasebut menehi piwulang becik kanggo pamaca utamane bocah, kanthi nuduhake tumindak ala utawa becik lan salah utawa bener sajroning carita.
Piwulang kautaman kasebut diwedharake lumantar  pesen-pesen sing sinurat apadene sumirat sajroningdongeng. Kanthi pesen kautaman kasebut, diajab pamaca bisa ngetrapake sajrone urip saben dinane,kayata ngowahi sipat ala dadi luwih becik. Pesen-pesen kautaman ora winates cacahe, bisa gegayutan karosakabehe masalah ing urip bebrayan. Ing tintingan iki pesen kautaman dibedakake dadi telu, yaiku pesenkautaman sing gegayutan karo Pangeran, gegayutankaro bebrayan agung lan alam, sarta pesen kautamansing gegayutan karo diri pribadine manungsa iku dhewe.
Kapitayane manungsa marang Pangeranendadekake manungsa nduweni landhesan kanggo pamikirane, kanggo nemtokake patrap kang bener lan pener salaras karo norma agama. Manungsa singnduweni kautaman becik ora bakal wani nyimpangsaka paugeran sing wis ana ing batine, utamanemanungsa sing wiwit cilik wis mangerteni babagankasebut. Kautaman sing gegayutan karo Pangerankayata nindakake ibadah, percaya (iman) marangPangeran, pasrah, lan sukur.
Kautamane manungsa sing gegayutan karo bebrayan agung ndadekake manungsa bisa nindakakesesambungan sing becik kalawan manungsa liyane.Bab mau bisa dilakoni kayata ngormati lan ngajenisapadha-padha. Masalah-masalah sajroningsesambungan antarane manungsa siji lan sijine bisadiadhepi, kayata kekancan, kakulawargan, lankasetyan. Kautaman sing gegayutan karo lingkungansosial ora bisa ninggalake sesambungane manungsakaro alam. Kekarone kudu diduweni. Alam minangka papan panggonan manungsa kudu dijaga landilestarekake murih ora nganti ngrugekake manungsadhewe. Kautaman sing gegayutan karo bebrayan agunglan jagad gumelar kayata tetulung, tata krama, patrape pemimpin sing becik, tresna marang kewan, lannglestarekake alam.
Kautaman sing diduweni manungsa ndadekakemanungsa isin nglakoni tumindak sing kleru. Nilaikautaman sing gegayutan karo diri pribadi utawamanungsa iku dhewe akeh cacahe, bisa arupa sabar,dhendham, meri, wedi, isin, lan sapanunggalane.Kanthi anane kautaman mau manungsa bisa ngontrolawake dhewe kanthi tansah njaga pikiran lantumindake supaya selaras karo norma kang lumaku ingmasyarakat.


D.    Panutup
Saka andharan ing ndhuwur, nilai-nilai sing kinandhut sajroning dongeng yaiku kautaman utawa moral lan panggulawenthah utawa didaktis. Nilai-nilai kasebut menehi piwulang becik kanggo pamaca utamane bocah, kanthi nuduhake tumindak ala utawa becik lan salah utawa bener sajroning carita. Panggulawenthah tumrap bocah umume gegayutan karo bab pendhidhikan moral. Pendhidhikan moral dibutuhake dibutuhake amarga ing jaman saiki kahanan moral utawa akhlak generasi mudha wis wiwit rusak. Pendhidhikan karakter yaiku sawijine upaya kanggo dhidhik bocah-bocah supaya bisa njupuk keputusan kanthi wicaksana lan ngetrapake sajrone panguripan sabendina, saengga dheweke bisa menehi pangaribawa kang becik marang lingkungane



Kapustakan

Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.

Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps.

Kesuma, Dharma, at. al. 2012. Pendidikan Karakter. Bandung: Rosda Karya

Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.







0 Responses

Posting Komentar