Revisi 2: 3 Juni 2015
 
AJI SAKA: ANTARA CRITA LAN SENDRATARI
(TINTINGAN ANALISIS UNSUR LAN ALIH WAHANA)

Eka Febriana                12020114028
Sari Eka Diniati            12020114039
Ah. Syahrul Rahmat    12020114047

Kelas 2012 B
Prodi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, UNESA


A.    Purwaka
Sastra Jawa nduweni wujud lan jinis kang maneka warna. Salah sijine saiku sastra tulis. Sastra tulis uga nduweni jinis kang akeh. Upamane ing kasusastran Jawa modheren ana kang awujud cerkak, cerbung, novel, crita sejarah utawa babad, guritan, lan sapiturute. Kanggo ngerteni lan nikmati isine, kita kudu maca karya tulis iku.
Maca minangka sawijine katrampilan basa, ora kabeh wong gelem nglakoni. Umume akeh wong sing seneng ngrungokake utawa ndeleng tinimbang macane. Mula saka iki, karya sastra kang awuud tulis ora bisa dinikmati isine dening sapa wae. Mligi kanggo sastra Jawa kudu ana sawijine proses kreasi amrih kasusastran tulis kang adiluhung iku ora saya cures kahanane. Salah sijine yaiku kanthi cara ngowahi wujud crita iku menyang wujud liya nanging isen-isene tetep padha. Karya sastra kang dikreasi iku salah sijine yaiku crita Aji Saka kanthi cara alih wahana.
Panulis nindakake panliten ngenani alih wahana iki amarga panliten ngenani alih wahana isih jarang ditindakake. Panliten ngenani alih wahana bisa dadi wujud patuladhan kanggo nguri-uri sastra Jawa. Anane karya sastra kang awujud crita tulis banjur diowahi dadi lakon kethoprak, film, sendratari, lan sapanunggalane iku minangka sawijine upaya supaya sastra Jawa bisa tetep dinikmati dening masyarakat. Lumantar wahana kang beda, sastra Jawa bisa tetep lestari lan ora ilang kagerus jaman.
Crita Aji saka kang dipilih dening panulis iki adhedhasar crita kang ana ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939). Crita ing buku iki dipilih amarga taun terbite kang wis suwe. Dene wujud kreasi-ne yaiku sendratari kang dipentasake dening mahasiswa jurusan Sendratasik Universitas Negeri Semarang.
Adhedhasar andharan kasebut, panliten alih wahana bisa dadi sarana ngerteni karya sastra Jawa lan owah-owahane kang dumadi. Karya sastra   kang awujud  crita Aji Saka iki  bis tetep   dirasakake lumantar wahana kang beda, yaiku sendratari minangka wahana kang disenengi dening kawula mudha. Bab iku uga sesambungan karo owah-owahan pamikire masyarakat kang luwih seneng ndeleng visual lan ngrungokake tinimbang maca. Utawa bisa ditegesi minat macane masyarakat tansaya suda.
Alih wahan saka crita Aji Saka kang awujud tulis menyang sendratari nduweni topik kang padha nanging wahana kang digunakake beda. Mula panaliten iki nggunakake cara deskriptif kualitatif komparatif. Karya sastra kang awujud crita tulis lan sendratari kanthi lakon sing padha bakal diandharake struktur critane lan dibandhingake wujud lan isine. Alih wahana saka crita menyang sendratari uga mesthi ngalami owah-owahan, mula perlu dibandhingake   supaya  bisa ngerten kepriy struktur crita Aji Saka sadurunge dialihwahanakake lan  kepriye struktur critane sawise dialihwahanakake. Bab- bab iku bakal ditintingi lumantar teori saka para ahli, mligine teori struktural lan teori alih wahana. Panaliten iki diajab bisa migunani tumrape panulis lan bebrayan umume, mligine kang magepokan karo panaliten sastra bandhingan.

B.     Kajian Teori
Sadurunge ngandharake ngenani struktur lan alih wahanane crita Aji Saka iki bakal diandharake lelandhesan teorine luwih dhisik. Teori kang diandharake iki minangka sarana kanggo ngonceki struktur lan alih wahanane crita. Saka kono bisa diweruhi pambeda lan pepadhane antaranr rong jinis karya iki.

1.      Konsep Struktural
Faruk (2012:173) ngandharake menawa strukturalisme minangka paham kang nganggep kabeh ing donya iki nduweni struktur pamangun. Andharan iki isa ditrepake sajrone reriptan sastra. Reriptan sastra uga ngandhut struktur pamangun, yaiku unsur intrinsike. Endraswara (2011:51-52) ngandharake menawa panaliten struktural ditindakake kanthi obyektif, yaiku nengenake unsur intrinsik crita. Sesambngan antarane saben unsur kudune asipar estetis. Kanthi mangkono, perangan wujud lan isi kudu tetep ditengenake sajrone panaliten sastra.
Abram (sajrone Nurgiyantoro, 1995:36-35) ngandharake yen struktur crita minangka sesambungan antarane   unsur pambangune karya sastra siji lan unsur pambangune karyasastra liyane. Crita bisa dumadi yen ana unsur-unsur pambangune kayata, tema, alur, paraga, setting. Unsur-unsur iku mau kang nyusun crita kanthi utuh,  tegesesajrone crita  ora  bisa  sampurna  yen  salah sawijinunsur  iku  ditinggalake. Unsur-unsur pambangune carita yaiku:

a.      Tema
Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema. Miturut Stanton lan Kenny tema (theme) yaiku makna kang kinandhut dening sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2007:67). Tema ing sakabehing bab asipat mengikat ana lan orane lelakon-konflik-kahanan tartamtu, kalebu sakabehing unsur intrinsik liyane, amarga bab kasebut kudu nyengkuyung cetha apa orane tema kang bakal diandharake. Tema didadekake dhasar pangrembakaning sawutuhing cerita, mula ing kene tema asipat ngrasuk marang sawijining cerita. Mula, kanggo nemtokake tema sawijining karya fiksi, tema kudu didudut saka sakabehing cerita kanthi sawutuhe, dudu adhedhasar saperangan bab tartamtu saka cerita.
Kang kudu ditindakake nalika nggoleki tema yaiku kang kapisan digoleki gagasan utama ing saben-saben pada sajrone karya sastra. Gagasan utama kasebut kang diarani sub tema. Sabanjure, saka sub tema kasebut ditemtokake sawijining sub tema kang paling gedhe pangaribawane tumrap cerita. Sub tema kasebut kang bisa diarani tema utama utawa tema mayor kang ndayani sawijining cerita.

b.      Paraga
Paraga yaiku wong kang ana  sajroning karya fiksi kang dening pamaca digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika guneman utawa tumindak (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:165). Senajan paraga sajroning cerita mujudake paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara kang wajar kaya manungsa kang nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga manggoni panggonan kang mathuk minangka media kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening panulis. Sajrone karya fiksi, saliyane paraga uga kerep anggone ditemokake tembung pamaragan yaiku gegambaran kang cetha ngenani sawijining wong kang didhapuk sajroning cerita. Mula saka iku, tembung pamaragan tegese luwih rowa tinimbang paraga. Pamaragan ngandharake sapa paraga crita, kepriye wateke, lan kepriye gegambarane paraga kasebut sajrone cerita saengga bisa menehi gegambaran kang cetha tumrap pamaca. Pamaragan ing kene digunakake minangka sarana kanggo nggambarake sawijining paraga.

c.       Plot
Plot mujudake unsur fiksi kang wigati. Kenny ngandharake plot minangka lelakon-lelakon kang diwujudake sajrone cerita kang ora asipat apa anane, amarga pangripta nyusun lelakon-lelakon iku adhedhasar sebab-akibat (Nurgiyantoro, 2007:113).
Laras karo Kenny, Forster uga ngandharake yen plot iku lelakon-lelakon cerita kang nduweni sesambungan kausalitas (Nurgiyantoro, 2007:113). Abrams ngandharake yen plot sawijining karya sastra mujudake struktur lelakon-lelakon, yaiku lelakon iku nduweni piguna kanggo nuju sawijining efek emosional lan efek artistik tartamtu. Mula, senajan andharan ngenani plot saka pamawas siji lan sijine ana bedane, nanging sakabehe iku nduweni punjering pamawas kang padha, yaiku plot iku nduweni sesambungan karo lelakon-lelakon kang ana sajroning cerita. Wujuding lelakon kang amung adhedhasar urutan wektu durung bisa diarani plot. Supaya dadi plot, lelakon-lelakon iku kudu diolah lan disisati kanthi cara kreatif. Saengga asile bisa mujudake karya sastra kang apik lan narik kawigaten.
Adhedhasar urutan wektu, Nurgiyantoro (2007:153) merang plot utawa alur dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur balik (regresif). Sajrone alur lurus prakara-prakara kang dumadi digambarake kanthi runtut utawa kronologis, dene alur balik prakara kang dumadi digambarake kanthi ora runtut.
Anane plot ditemtokake dening telung unsur, yaiku lelakon, konflik lan klimaks. Semana uga ngenani kualitas lan drajading kawigaten sawijining karya fiksi. Cacahing cerita sajrone karya fiksi akeh banget, nanging durung mesthi yen ngandhut konflik. Cacahing konflik uga akeh, nanging amung konflik utama kang bisa diarani klimaks.

d.      Kelir/Setting
Latar utawa setting mujudake panggonan, wektu, lan sosial kedadeyan sajrone crita. Miturut Aminuddin (2011:67) kelir utawa latar yaiku papan panggonan dumadine sawijine kedadeyan ing karya fiksi, kang arupa papan panggonan, wektu, utawa prastawa, kang nduweni fungsi fisikal lan fungsi psikologis. Salaras karo pamawase Aminuddin, Stanton (2012:35) ngandharake yen latar yaiku lingkungan kang nyengkuyung salah sawijine kedadeyan ing crita, kang sesambungan karo kedadeyan-kedadeyan kang lagi ditindakake.
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan, wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha ngaribawani siji marang liyane.

2.      Sendratari
Sendratari minangka cekakan saka seni drama lan tari. Wujude yaiku drama kang dipentasake kanthi wujud tarian. Corrie Hartong sajrone Hidayat (2005:4) ngandharake tari minangka keteraturan bentuk obahe awak kang ritmis di dalam satu ruwang. Tari minangka ekspresi jiwa manungsa kang diungkapake lumantar gerak-gerak ritmis kang endah kanthi medhia awake amnungsa.
Jinise tari adhedhasar bentuk koreografine kaperang dadi loro, yaiku:
a.       Jinis tari drama, yaiku tari kang ditampilake kanthi nggunakake unsur-unsur drama, kayata gerak tari, vokal, uga pengadekane.
b.      Jinis tari dramatik, yaiku sawijine bentuk tari kang ngangkat kronologi sawijine crita (naratif), nanging punjere kawigaten saka penggarapane yaiku ngungkapake pangrasa batin saka saben-saben paraga tartamtu.

Sajrone sendratari ana kang diarani koreografi. Koreografi yaiku asil utawa reroncene gerak tari. Sing ngronce diarani koreografer. Koreografer sajrone seni tari miturut Suwandi (2005:85-89) diperang dadi sanga, yaiku:
a.       Obah sing katata
b.      Pola lantai, lakune obah
c.       Arah gerak
d.      Ritme. Aksen sing wis katata kanthi ajeg
e.       Desain dramatik. Alur utawa lakune isi tari
f.       Dinamka, jiwa emosional gerak
g.      Komposisi kelompok
h.      Tema. Sumber dhata.
i.        Perlengkapan. Piranti panyengkuyung.
Dene wujud visualisasi utawa wujud pamentasane tari ditata saka perangan-perangan sing beda kang manunggal. Wujude yaiku:
a.       Gerak
b.      Pola lantai
c.       Tata rias
d.      Tata busana
e.       Iringan
f.       Properti
g.      Tata panggung
h.      Tata lampu (Sutedjo, 1983:2).

3.   Konsep Alih Wahana
Alih  Wahana yaiku  malihe  salah  sawijine  jinis kesenian menyang jinis kesenian liyane. Kaya kang diandharake sadurunge karya sastra ora mung bisa diterjemahake,yaiku dialihaksaka  basa  siji  menyang basa liyane, nanging uga bisa dialihwahanakake, yaiku diubah dadi jinis kesenian liyane. Crita gancaran bisa diowahi dadi kesenian tari, drama, utawa film; dene guritan bisa owah dadi lagu lan lukisan. (Damono, 2005:96).
Mbandhing-mbandhingake wujud budaya kang dialihwahanakake iku minangka tumindak kang nduweni paedah kanggo mangerteni hakikat sastra luwih jero. Penelitian alih  wahana    bisa  mangupamikiran    yen karysastra bisa  diowah-owahi supaya bisa  trep  karo wahana kang anyar (Damono, 2005:96)
Adhedhasar andharane Damono ngenanialih wahana, bisa didudut yen tintingan alih wahana iku study kang nliti ngenani karya sastra lisan, tulis kang awujud gancaran lan puisi kang didadekake, video clip, lagu, tari, lukisan, drama, kethoprak, sinetron lan film. Kedadeyan suwalike bisa dumadi kaya karya sastra tulis kang dumadi saka film, tarian kang dumadi saka lukisan lan sapanunggalane

4.  Lelandhesan Teori
Teori kandianggo ing panliten iki  yaiku teor Alih   wahan kang   diandharake   dening Damono.  Konsep  kang  dianggo  ing  panliteiki yaiku konsep struktural miturut Nurgiyantoro, Konsep nilai kang digunakake yaiku miturut Supratno.


C.    Andharan
1.      Struktur Crita Aji Saka
Cerita Ajisaka versi buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939) nyritakaké Aji Saka saking Tanah Hindhustan anom kang teka menyang Tanah Jawa.Niatipun kepéngin mulang kawruh uga mencaraké ngèlmu ing Tanah Jawa. Aji Saka mangkat menyang Tanah Jawa karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Nanging ing tengah perjalananepun Dora lan Sambada didhawuhi tinggal wonten ing Pulo lan njaga keris pusakané. Didhawuhi boten pareng nyusul yen boten ditimbali lan boten angsal menehi keris wau marang sinten mawon kejaba Aji Saka piyambak.
Aji Saka nerusaken perjalananepun kaliyan Duga lan Prayoga. Sak dugine Aji Ska ing Negara Medang Kamulan kang di perintah kalian Prabu Dewata Cengkar Ingkang seneng mangan daging manungsa, tiyange arep dipangan Prabu Dewata Cengkar.Aji Saka purun nanging nyuwun syarat kaliyan Dewata Cengkar.Jebule syarat wau taktike Aji Saka kangge ngalahake Prabu Dewata Cengkar, banjur dipun ubah dados baya putih ing segara kidul.
Sawise ngalahake Prabu Dewata Cengkar, Aji Saka dipun angkat dados Ratu ing Negara Medang Kamulan. Ajisaka ngutus Duga lan Prayoga nusul Dora lan Sembada. Ing dalan, wong loro iku kepethuk Dora banjur ngomongake pesen saka Ajisaka. Dora banjur ngajak Sembada nusul Ajisaka.Sembada boten purun amargiboten ditimbali Ajisaka piyambak.Dora nyuwun kerise, nanging Sembada boten maringi, amargiboten Ajisaka piyambak kang mendhet.Akhire Dora lan Sembada padha perang. Loro-lorone padha kuwate banjur mati kabeh.Kaloroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu.
Aji Saka luput yen piyambake sakderenge ndawuhi Dora lan Sambada ingkang boten angsal menehaken keris marang sinten mawon kejaba deweke. Kangge mangeti kasetiaanepun abdi lorone sing nganti pati, meniko banjur Aji Saka nyiptakaké aksara Hanacaraka.
Unsur instrinsik sajrone crita Aji Saka:
a.      Tema
Miturut Hartoko lan Rahmanto (1986: 142) sajrone Nurgiyantoro (2007:68) tema minangka gagasan dhasar umum kang nopang, dadi dhasar lan dadi punjere sawijing karya sastra lan sing ngandut ing sajrone  teks minangka struktur semantis nggayutake padanan-padanan utawa pambeda-pambeda.Tema minor ing Crita Aji Saka kaya ing ngisor iki.
1)      Dadi abdi kuwi sing setya ana ing cuplikan ngisor iki.
“Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké. Dora sanalika mangkat.Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada.Kandha yèn mentas sowan gustiné.Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora.Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh.Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.”
Saka cuplikan kasebut  bisa dimangerteni yen abdine Aji Saka kuwi kaloro setya banget marang Aji Saka. Masiya beda pendapate nanging kaloro tetep setya. Masiya kuwi kesalahane tuwane sing lali marang dhawuhe dhewe. Naning abdi kaloro tetep ngugemi dhawuhe tuwane. Kamangka perkara keris wae bisa dijupuk, naning dhawuhe tuwane yen dudu dheweke dhewe sing jupuk abdine wegah menehake, saka dhawuhe kuwi Sembada padu karo Dora.

2)      Raja kang lali marang dhawuhe
“Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Raja tuwan kang paling disegani dening abdine.Dhawuhe mesthi dilakoni. Naning tuwan Aji Saka sing lali dhawuhe nggawe para abdine dadi padu lan salah paham saenggo saka dhawuhe sing dilalekne ndadekake para abdine mati.

3)      Raja Serakah
Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.
Ing kene kacarita raja Prabu Dewata Cengkar kang senengane dhahar daging manungsa, kuwi dudu watek manungsa naning wateke buta. Mula Raja iki serakah lan wis ora kena dingo panutan.

b.      Alur
Alur sajrone crita iki yaiku alur maju. Bisa didelok saka pengalurane yen crita saka tahap pangenalane paraga utama nganti dheweke kasil lan pungkasan. Urut-urutane critane kaya mangkene:
1)      Aji saka tumuju ing pulo Jawa karo papat abdine
2)      Sadurunge mampir ing Pulo Majethi kanggo ngaso, Dora lan Sembada diutus njaga Kerise lan menehi dhawuh marang Dora lan Sembada
3)      Aji Saka budhal karo Duga lan Prayoga menyang Pulo Jawa tumuju Negara Mendhang Kamolan negarane Dewatacengkar
4)      Aji Saka ngalahake Dewata Cengkar banjur dadi Raja ing Mendhang Kamolan
5)      Banjur Aji Saka ngutus abdine nyusul Dora lan Sembada
6)      Ing Pulo Majethi Dora kepengen nggoleki Aji Saka amarga ora bali niliki lan ngajak Sembada, nanging Sembada wegah
7)      Dora tumuju menyang Mendhang Kamolan
8)      Dora diutus nimbali Sembada kanggo menyang Medhang Kamolan naning Sembada wegah, akhire perang antara kekarone
9)      Bareng ora keprungu kabare abdi kelorone Aji Saka tumuju menyang Pulo Majethi
10)  Ing Pulo Majethi kekarone wis mati, banjur Aji Saka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.

c.       Paraga lan Pamragane
Paraga mujudake wong sing nglakoni adegan utawa wong sing dicritakake sajrone crita. miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2010:165) paraga mujudake pawongan kang ditampilake sajrone karya naratif, utawa drama, kang dening pamaca ditafsirake nduweni kuwalitas moral lan babagan tartamtu kang diekspresikake sajrone ucapan lan apa sing ditindakake sajrone tindakan. Miturut Stanton (2012:33) paraga mujudake indhividhu-indhividhu kang ana sajrone crita.
Pamaragan mujudake sipat lan watak kang diduweni dening paraga sajrone crita. Miturut Jones (sajrone Nurgiyantoro, 2010:165) pamaragan yaiku gegambaran kang jelas babagan pawongan kang ditampilake sajrone crita. Paraga lan pamaragan kang didudohake ing Sendratari Aji Saka iki ana patang paraga utama yaiku Aji Saka, Dora, Sembada, lan Dewata Cengkar. Andharan luwih jangkep ana ngisor iki.
1)      Aji Saka
Aji Saka minangka paraga utama sajrone crita Aji Saka.Aji Saka anake Ratu nangingdheweke kuwi pandhita kang sekti nduweni kawruh kang akeh. Aji saka nduweni sipat andhap asor, pinter, seneng tetolung, kendel, ngajeni lan ngurmati, gampang luput. Andhap asor lan pinter, senajan Aji Saka putranepun ratu nanging boten sombong malah pingin dados pandhita supados mulang kawruh ngilmu.Seneng tetulung, siswane Aji Saka padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.Kendel Aji Saka wani menehi syarat lan tantangan marang Dewata Cengkar.Saged ngajeni lan ngormati wong liyanAji Saka ndamel aksara jawa (hanacaraka) kagem ngurmati abdi lorone (Dora lan Sembada).Gampang luput. Gampang luput marang dawuhe piyambak dateng abdi lorone ingkang dipunparingi amanah njaga keris.
2)      Duga
Duga minangka salah sawiji abdine Aji Saka kang diajak menyang tanah Jawa. Abdi ingkang manut marang dawuhe Aji Saka, lansetia.Manut marang dawuhe Aji Saka lan ngancani Aji Saka menyang tanah Jawa.
3)      Prayoga
Prayoga minangka salah sawiji abdine Aji Saka kang diutus njaga keris ing . Abdi ingkang manut marang dawuhe Aji Saka, lan setia.Manut marang dawuhe Aji Saka lan ngancani Aji Saka menyang tanah Jawa.
4)      Dora
Dora minangka salah sawiji abdine Aji Saka kang dipunutus njaga keris ing Pulo Majethi. Abdi ingkang manut marang dawuhe Aji Saka, lan setia.Manut marang dawuhe Aji Saka dipun anjaga keris lan didawuh jemput Sambada.dheweke bakal nindakake apa wae kang diprentahake dening Aji Saka. Sendyan ing pungksane crita dheweke mati amarga nindakake amanat saka Aji Saka. Ing sendratari Aji Saka, Dora nduweni sipat patuh lan lila ngurbanake dhiri. Sipat kang diduweni iki bisa dingerteni saka tindakake kang patuh nindakake amanat saka Aji Saka, dheweke nindakake amanat saka Aji Saka supaya njupuk keris pusaka kang dijaga dening Sembada, nanging Sembada ora gelem nyerahake keris kasebut. Nganti pungkasane dheweke tilar donya bareng karo Sembada kang ngugemi amanate dhewe-dhewe.
5)      Sambada
Sembada minangka salah sawiji abdine Aji Saka kang diajak menyang tanah Jawa. Abdi ingkang manut marang dawuhe Aji Saka, lan setia.: abdi ingkang manut marang dawuh, setia, saged dipercaya utawi amanah.Amanah marang dawuhe Aji Saka ingkang anjaga keris lan boten purunpindah sakeng panggen sak derenge dipun dawuhi Aji Saka piyambak.Dheweke tilar donya ing tangane Dora kang uga ninadakake amanat saka Aji Saka.
6)       Dewata Cengkar
Déwata Cengkar kuwi Raja Negara Medhang Kamolan. Naning dhweke duweni sipat angkara murka, yaiku senengané dhahar dagingé wong. Rakyate dhewe dadi panganane dhewe saengga akeh pawongan kang wedi marang dheweke.

7)      Nyai Randha
Nyai Randha kuwi pawongan kang manggon ing Negara Mendhang Kamolan kang sae manahe, amarga gelem nulungi Aji Saka lan menehi panggonan kanggo Aji Saka. Tiyange purun nampung Aji Saka ing dhaleme lan dipun angkat anak.Lajeng Nyai Randha dadi siswane Aji Saka.

d.      Latar/Setting
Miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2010:216) ngandharake yen kelir diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake.Latar/settingkang digunakake ing Crita Aji Saka kababar ing ngisor iki.
1)         Papan panggonan:
a)        Pulo Majethi
Pulo kang disinggahi kawitane Aji Saka lan para abdine sadurunge menyang Pulo Jawa. Ing Pulo Majethi Aji Saka dhawuh menyang Dora lan Sembada supaya keloro njaga keris, yen dudu Aji Saka dhewe sing njupuk ora oleh diwenehake. Abdine nyaguhi. Kaya sing kacuplik ing cuplikan ngisor iki.
“Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.”

b)        Pulo Jawa, Negara Mendhang Kamolan
Pulo Jawa yaiku Pulo kang dadi tujuwane Aji Saka, Aji Saka lan abdi loro kang tumut nuju menyang Negara Medhang Kamolan. Ing kana ana perkara kang kudu ditumpas dening Aji Saka.Naning ing Mendhang KAmolan dheweke kasil suwe siswa akeh.Kaya ing cuplikan ngisor iki.
“Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa.Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.”

c)        Segara Kidul
Segara kidul yaiku panggonane Dewata Cengkar kecempung sawise kegeret sorbane Aji Saka. Kaya ing cuplikan ngisor iki.
“Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara.Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.”

2)        Suwasana
a)        Nyeremake amarga ana Prabu Dewata Cengkar seneng mangan daging manungsa. Kabeh rakyate kudu dadi dhaharane. Rakyate sadi keweden.
“Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.”
b)        Nyenengake amarga Prabu Dewata Cengkar wis kasil dibrantas dening Aji Saka. Wong-wong padha bungah amarga wis ora ana maneh sing mangan daginge manungsa.
“Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka.Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger.Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.”
c)        Kaget
Kajaba iku uga ana swasana kang sedhihkayata nalika Aji Saka kang nggetuni abdine loro yaiku Dora lan Sembada kang mati, amarga ngugemi amanat saka dheweke. Aji Saka ing wayah iku nangis keranta-ranta ora bisa nylamatake abdi lorone iku.Dheweke banjur nyiptakake aksara Jawa kanggo nglanggengake abdi loro kinasihe kasebut.Kaya ing cuplikan ing ngisor iki.
“Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi.Sanalika banjur mangkat.
“Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sambada ketemu wis padha mati kabèh.Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.”
“Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.”


2.      Struktur Sendratari Aji Saka
Sendratari Aji Saka nyritakake ing Mendhang Kamolan, ana sawijine pawongan kanthi jeneng Aji Saka kang nduweni sipat andhap asor lan seneng tetolung. Aji Saka nduweni abdi loro kang setya jenenge Dora lan Sembada. Rakyat Mendhang kamolan wedi amarga raja Dewata Cengkar kang nguwasani Mendhang kamolan seneng mangan daging manungsa. Aji Saka kang krungu babagan iku nekani Dewata Cengkar kanggo mateni Dewata Cengkar, saengga kedadeyan perang antara Aji Saka lan Dewata Cengkar. Dewata Cengkar banjur kalah karo sorban sektine Aji Saka.
Sawise kedadeyan iku ing panggonan liya Dora kang diamanatake Aji Saka njupuk keris pusaka dicegat dening Sembada. Amarga setyane Sembada kang sadurunge diamanatake kanggo njaga keris pusaka lan ora ngolehi sapa wae njupuk keris pusaka kasebut kajaba Aji Saka. Pungkasane Dora lan Sembada tarung nganti kalorone mati.
Saka sendratari iku isa dingerteni unsur pamangune critane kaya mangkene:
a.      Tema
Tema mujudake inti utawa pokok kang ana sajrone crita. Miturut Stanton (2012:39) tema yaiku makna kang kaandhut sajrone sawijining crita. Salaras karo pinemune Stanton, Nurgiyantoro (2010:25) uga ngandharake yen tema iku mujudake samubarang kang dadi punjere crira. Tema sajrone sendratari Aji Saka ana kang mujudake tema minor lan tema mayor. Sadurunge nemtokake tema mayor luwih dhisik nemtokake tema minor. Tema minor ing Sendratari Aji Saka kaya ing ngisor iki.
1)      Lila ngorbanake dhiri
Lila ngorbanake dhiri minangka babagan kang angel ditemokake ing kauripan masyarakat, amarga lila ngorbanake dhiri mujudake bab kang angel dilakoni dening pawongan. Sajrone sendratari Aji Saka uga ana bab lila ngorbanake dhiri, babagan kasebut bisa dibuktekake ing adegan pungkasan nalika Aji Saka ngamanatake Dora kanggo njupuk keris pusaka kang dijaga dening Sembada. Ing kene Dora lan Sembada lila ngorbanake dhirine dhewe kanggo nindakake amanat kang wis diamanatake. Nganti abdi loro kasebut tilar donya.
2)      Katresnan
Katresnan minangka rasa kang lumrah diduweni dening saben pawongan. Katresnan ana amarga anane rasa pangraasa marang samubarang. Rasa tresna didodohake dening pawongan kang ditresnani. Ing sendratari Aji Saka uga ana babagan katresnan kang dituduhake ing pungkasaning crita, nalika Aji Saka meruhi abdi lorone tilar donya, amarga nindakake amanat saka dheweke. Aji Saka kang tresna marang Dora lan Sembada banjur nyiptakake aksara Jawa kanggo nglanggengake abdi loro kinasih kasebut yaiku Ha, Na, Ca, Ra, Ka, Da, Ta, Sa, Wa, La, Pa, Dha, Ja, Ya, Nya, Ma, Ga, Ba, Tha, Nga.
Tema minor lila ngorbanake dhiri lan katresnan kang diandharake ing ndhuwur bisa kanggo ndudut tema mayor kang cocog tumrap Sendratari Aji Saka iki yaiku kasetyaan. Kasetyaan kang diduweni dening abdi loro Aji Saka lan Aji Saka dhewe mujudake kasetyaan kang ditindakake nganti pupute jaman. Kaya ing Sendratari kanthi lakon Aji Saka iki, Aji Saka kang nduweni abdi loro kang setya kudu nglilakake abdi lorone iku ninggalake dheweke nganti selawase, amarga nglakoni amanat kang diamanatake dening dheweke. Aji Saka kang nggetuni matine abdi loro kinasihe banjur nyipatakake aksara Jawa kanggo nglanggengake Dora lan Sembada.

b.      Paraga lan Pamaragan
Paraga mujudake wong sing nglakoni adegan utawa wong sing dicritakake sajrone crita. miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2010:165) paraga mujudake pawongan kang ditampilake sajrone karya naratif, utawa drama, kang dening pamaca ditafsirake nduweni kuwalitas moral lan babagan tartamtu kang diekspresikake sajrone ucapan lan apa sing ditindakake sajrone tindakan. Miturut Stanton (2012:33) paraga mujudake indhividhu-indhividhu kang ana sajrone crita.
Pamaragan mujudake sipat lan watak kang diduweni dening paraga sajrone crita. Miturut Jones (sajrone Nurgiyantoro, 2010:165) pamaragan yaiku gegambaran kang jelas babagan pawongan kang ditampilake sajrone crita. Paraga lan pamaragan kang didudohake ing Sendratari Aji Saka iki ana patang paraga utama yaiku Aji Saka, Dora, Sembada, lan Dewata Cengkar. Andharan luwih jangkep ana ngisor iki.
1)      Aji Saka
Aji Saka minangka paraga utama sajrone sendratari Aji Saka iki. Aji Saka minangka pandhita kang sekti lan nduweni kawruh kang akeh. Aji Saka nduweni sipat-sipat kang becik, kaya kang diandharake dening narrator ing sinopsis awal, Aji Saka nduweni sipat andhap asor lan seneng tetolung. Babagan kasebut bisa dibukatekake sajrone lakon kang ditindakake. Ing Sendratari iki Aji Saka minangka wong kang becik lan gelem aweh pitulungan marang sapadhane. Aji Saka gelem aweh pitulungan marang warga desa Mendhang Kamolan kang dikuwasani dening Dewata Cengkar sing seneng mangan daging manungsa.

2)      Dewata Cengkar
Dewata Cengkar mujudake pawongan kang nguwasani desa Mendhang Kamulan. Dheweke nduweni kakuwasaan kang gedhe lan prajurit kang patuh marang perintahe. Dewata Cengkar ing Sendratari Aji Saka nduweni sipat kang ala yaiku seneng mangan daging manungsa. Dheweke ndadekake warga desa Mendhang kamolan minangka panganan sabendinane.

3)      Dora
Dora minangka abdi setya saka Aji Saka, dheweke bakal nindakake apa wae kang diprentahake dening Aji Saka. Sendyan ing pungksane crita dheweke mati amarga nindakake amanat saka Aji Saka. Ing sendratari Aji Saka, Dora nduweni sipat patuh lan lila ngurbanake dhiri. Sipat kang diduweni iki bisa dingerteni saka tindakake kang patuh nindakake amanat saka Aji Saka, dheweke nindakake amanat saka Aji Saka supaya njupuk keris pusaka kang dijaga dening Sembada, nanging Sembada ora gelem nyerahake keris kasebut. Nganti pungkasane dheweke tilar donya bareng karo Sembada kang ngugemi amanate dhewe-dhewe.

4)      Sembada
Sembada uga abdi setya kang diduweni dening Aji Saka, dheweke gelem nindakake apa wae sing diprentahake dening Aji Saka. Ing sendratari Aji Saka iki, Sembada nduweni sipat kang padha kaya Dora yaiku patuh lan lila ngurbanake dhiri. Sembada gelem nindakake amanat saka Aji Saka supaya njaga keris pusaka, dheweke nganti tilar donya kanggo njaga keris kasebut. Dheweke tilar donya ing tangane Dora kang uga ninadakake amanat saka Aji Saka.

c.       Alur
Alur mujudake kadadeyan-kadadeyan kang adhedhasar urutan wektu. Miturut Stanton (sajrone Nurgiyantoro, 2010:113) alur yaiku crita kang isine urutan kadadeyan, ananging saben kadadeyan iku mung diubungake kanthi sebab-akibat, kadadeyan kang siji disebabake utawa nyebabake kedadeyan liyane. Kenny (sajrone Nurgiyantoro, 20010:113) jelasake alur minangka kadadeyan-kadadeyan kang ditampilake sajrone crita kang ora asipat sedherhana, amarga pangripta nyusun kadadeyan-kadadeyan iku adhedhasar kaitan sebab lan akibate.
Alur ing sendratari Aji Saka iki mujudake alur maju, saengga crita kasebut runtut wiwit awal nganti pungkasan. Wiwit saka pambuka yaiku Aji Saka ngamanatake keris pusaka dening Sembada banjur dheweke nekani Dewata Cengkar. Banjur konflike yaiku nalika Aji Saka lan Dewata Cengkar perang lan Aji Saka kasil mateni Dewata Cengkar, sawise iku Aji Saka ngongkon Dora njupuk keris pusaka kang dijaga dening Sembada. Nanging kanyatane Sembada ora gelem nyerahake keris kasebut, amarga dheweke wis oleh amanat supaya njaga keris kasebut saka sapa wae sing kepengin njupuk saliyane Aji Saka dhewe. Klimakse yaiku nalika Abdi loro, Dora lan Sembada  gelut kanggo ngugemi amanate dhewe-dhewe lan tilar donya. Panutupe yaiku Aji Saka kang getun banjur nyiptakake aksara Jawa kanggo nglanggengake abdi kalorone iku.

d.      Kelir
Kelir utawa latar utawa setting mujudake panggonan, wektu, lan sosial kedadeyan sajrone crita. Miturut Aminuddin (2011:67) kelir utawa latar yaiku papan panggonan dumadine sawijine kedadeyan ing karya fiksi, kang arupa papan panggonan, wektu, utawa prastawa, kang nduweni fungsi fisikal lan fungsi psikologis. Salaras karo pamawase Aminuddin, Stanton (2012:35) ngandharake yen latar yaiku lingkungan kang nyengkuyung salah sawijine kedadeyan ing crita, kang sesambungan karo kedadeyan-kedadeyan kang lagi ditindakake. Miturut Abrams (sajrone Nurgiyantoro, 2010:216) ngandharake yen kelir diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake.
Kelir utawa latar panggonan kang digunakake ing crita sendratari Aji Saka iki ditindakake ing padesan, babagan kasebut bisa diweruhi saka sinopsis ing awal pagelaran kang diandharake dening narrator. Desa kasebut yaiku desa Mendhang Kamolan. Kelir panggonan kang luwih rinci bisa dideleng saka background kang digunakake sajrone pagelaran. Background kasebut digawe trep karo lakon sing arep dimainake. Kayata background pendhapa, nalika Aji Saka nyerahake keris pusaka marang Sembada lan ing pungkasan nalika Dora lan Sembada gelut nganti tilar donya.
Kelir utawa latar nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone pagelaran iki kang diarani latar wektu. Ing crita sendratari Aji Saka iki ora pati diweruhi kapan dumadine sawijine kedadeyan. Biyasane ing crita sendratari kita bisa weruh wektune kanthi background utawa tata lampu kang digunakake nalika adegan tartamtu. Nanging ing crita sendratari Aji Saka iki kelir wektu ora pati dipentingake, amarga wiwit awal nganti pungkasan tata lampune tetep yaiku peteng.
Kelir utawa latar sosial ing crita sendratari Aji Saka iki arupa kahanan kang dialami dening paraga ing panggonan tartamtu. Latar sosial ing crita sendratari Aji Saka iki ana  swasana geger lan ora tentrem kayata nalika warga desa kang diserang dening pasukane Dewata Cengkar. Senadyan warga desa nyoba nglawan nanging warga desa tetep kalah lan digepuki dening pasukane Dewata Cengkar. Ing wektu iki warga desa padha wedi lan padha mlayu pontang-panting.
Kajaba iku uga ana swasana kang sedhih kayata nalika Aji Saka kang nggetuni abdine loro yaiku Dora lan Sembada kang mati, amarga ngugemi amanat saka dheweke. Aji Saka ing wayah iku nangis keranta-ranta ora bisa nylamatake abdi lorone iku. Dheweke banjur nyiptakake aksara Jawa kanggo nglanggengake abdi loro kinasihe kasebut.

e.         Pola Lantai lan Gerak
Pola lantai lan gerak mujudake komponen saka koreografi. Pola lantai mujudake kepriye penari  manggonake dheweke ing nduwur panggung ana sing simetri lan asimetri. Dene dudu mujudake gerak utawa obahe awak kaya bendinane, nanging gerak kang wis ditata kanthi apik selaras karo lagu lan temane. Gerak ing kene bisa diperang dadi loro yaiku gerak maknawi lan gerak murni. Gerak maknawi mujudake gerak kang ngandut makna kang jelas. Dene gerak murni mujudake gerak kang diciptakake kanthi artistik lan ora dimaksudake kanggo nggambarake samubarang.
Sendratari Aji Saka iki nduweni pola lantai kang simetri lan asimetri tegese ing sendratari iki penari nari manut pola lantai tartmtu, nanging uga ana adegan tari kang nggunakake pola lantai kang asimetri. Senadyan gawe rong pola lantai, nanging sadawane sendratari iki ora ditemoni blocking  saengga tari kang ditampilake bisa dideleng kanthi apik dening penonton. Sendratari Aji Saka iki akeh-akeh nggunakake gerak kang maknawi, tegese saben tari nduweni maksud tartamtu, saengga penonton kepenak anggone maknani saben adegan tari. Babagan kasebut dimaksudake supaya apa kang kepengin disampekake dening penari bisa ditampa kanthi apik dening penonton kanthi ora mbingungake penonton. Sendratari iki uga nampilake tarian kanthi gerakan kang lucu kang ditampilake dening Dora lan Sembadra, saengga penonton bisa ngguyu lan wigati marang tontonan iki. gerak kang ditampilake uga selaras karo peran lan lagu kang ditembangake. Senadyan akeh penari wedok kang perane dadi lanang. Nanging gerakan kang ditampilake tetep selaras karo perane.

f.         Tata Rias, Tata Kostum, lan Tata Panggung
Tata rias mujudake salah sawijine unsur kang nduweni sesambungan karo karakteristike paraga. Tata rias uga nduweni peran kang wigati saben pentas, amarga kanthi tata rias bisa mbentuk efek wajah kang dipenginake dening koreografer. Tata rias uga nduweni tujuwan kanggo nguwatake ekspresi lan nambah daya tarik penampilan. Tata busana utawa kostum mujdake sakabehe sandhangan lan perlengkapan kang digunakake sajrone pentas. Panggung uga mujudake salah sawijine unsur kang wigati sajrone pamentasan. Ing panggung kabeh kaya bentuk panggung, bentuk omah-omahan, lampu lan sapanunggalane dipikirake kanthi tliti supaya pementasan bisa ditampilake kanthi apik.
Sendratari Aji Saka iki nggunakake tata rias lan tata busana kang apik lan selaras karo peran lang gerakan kang ditampilake. Saben paraga nduweni karakteristik dhewe-dhewe, saengga penonton ora bingung mbedakake penari siji lan liyane. Tata rias kang digunakake selaras karo peran, dadi senadyan penarine wedok lan kudu meragakake wong lanang, penari kasebut ora kasusahan. Kajaba gerak kang apik, uga disengkuyung karo tata rias lan tata busana kang apik lan selaras karo perane dadi ora ngetarani yen penari kasebut wanita. Tata panggung ing sendratari iki uga lumayan apik lan selaras karo crita kang ditampilake. Nanging ing kene ora patio detail saengga background-ne ora pati akeh lan tata lampu kang digawe mung nuduhake nuansa kang peteng, saengga latar wektune ora diweruhi.

3.      Alih Wahana Crita Aji Saka menyang Sendratari
Alih wahana crita Aji Saka saka wujud karya tulis menyang sendratari mujudake sawijine proses kreatifitas kang gedhe. Dideleng saka struktur antarane kekarone nduweni unsur pamangun sing beda. Karya sastra tulis lan sendratari Aji Saka iki sacara intrinsike nduweni unsur sing padha. Nanging sajrone sendratari nduweni unsur pamangun liya yaiku anane visualisasi crita. Wujud visualisasi  iku yaiku gerak, tata rias, tata busana, tata panggung, tata lampu, lan properti. Mula koreografer sajrone ngowahi wujud crita tulis menyang sendratari iki mujudake asil olah pikir lan olah jiwa sing tumemen supaya isi lan visualisasi critane laras karo pamikire pangripta crita asale.
Alih wahana kang ditindakake dening koreografer crita Aji Saka iki ndadekake anane pambeda antarane Aji Saka crita tulis karo sendratari. Saliyane beda wujud visualisasi-ne, uga beda sacara alure. Nanging bedane iu ora ngowahi wujud critane. Upamane ing sendratari Aji Saka iku luwih akeh nggambarake kakejemane paraga Ratu Dewatacengkar tinimbang adegan liyane. Saliyane iku anggone nggambarake matine Dewatacengkar mung nganti nyemplung samodra wae, ora nganti dadi baya putih. Sacara umum, panggambaran crita kang dialihwahanakake lumantar sendratari iki diwawas dening panulis tetep nduweni unsur kasrakalan uga ngandhut nilai moral sing padha karo critane. Sacara umum, gegambaran alih wahana sajrone reriptan sastra iki yaiku:
NO
UNSUR INTRINSIK
CRITA AJI SAKA
SENDRATARI AJISAKA
1
Tema
Temane kaprawiran
Temane uga kaprawiran
2
Paraga lan pamaragan
Paragane yaiku Ajisaka, Dora, Sembada, Dewatacengkar, Duga, Prayoga, lan Nyi Randha
Paragane padha, nanging ana paraga liya minangka panyengkuyung. Kayata bocah wadon sing lagi umbah-umbah ing kali, sing dadi kurbane Dewatacengkar, lan paraga liyane minangka wong/warga desa.
3
Alur
Alur maju, digambarake sacara lengkap.
Alure uga padha maju, nanging ana perangan sing digambarake luwih suwe lan ana alur minangka adegan sing rada disuda. Kayata adegan Dewatacengkar dipateni dening Ajisaka sing mung digambarake diluk, dene adegan Dora lan Sembada rebutan pusakane Ajisaka digambarake luwih suwe.
4
Kelir/setting
Kelir wektu, panggon, lan swasana mung digambarake apa anane.
Kelir wektu, panggon, lan swasanane digambarake kanthi anane panyengkuyung saka tata panggung, lampu, poperty, rias, lan busanane. Saengga luwih katon nyata.
5
Tampilan
Awujud wacan tulis. Sacara tampilan mung awujud tulisan biyasa.
Digambarake awujud lakon/adegan-adegan gerak/pola lantai kang disengkuyung karo tata rias, tata busana, lan tata panggung kanggo mujudake totalitas lan imitasi alur lan tumindake paraga uga swasana kang nyata.
Tabel 3.1. Bedane lakon kang dialihwahanakake antara crita Ajisaka lan sendratari Ajisaka


D.    Panutup
Alih wahana crita Aji Saka saka wujud karya tulis menyang sendratari mujudake sawijine proses kreatifitas kang gedhe. Alih wahana kang ditindakake dening koreografer crita Aji Saka iki ndadekake anane pambeda antarane Aji Saka crita tulis karo sendratari. Saliyane beda wujud visualisasi-ne, uga beda sacara alure. Nanging bedane iu ora ngowahi wujud critane sacara umum. Alih wahana crita Aji Saka saka wacan menyang sendratari iki bisa ngleluri kabudayan Jawa mligine kasusastrane kang adiluhung. Jaman saiki akeh wong sing seneng ndeleng utawa ngrungokake visual tinimbang maca. Mula wujud visualisasi crita iki bisa njalari kabudayan kang awujud kasusastran iki bisa tetep lestari.


Kapustakan


Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.

Damono, Sapadi Djoko, 2005. Pegangan Penelitian Sastra Bandingan. Jakarta: Pusat Bahasa

Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps.

Faruk. 2012. Metode Penelitian Sastra: Sebuah Penjelajahan Awal. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Hidayat, Sobby. 2005. Wawasan Seni Tari.  Malang: Unit Pengembangan Profesi Tari

Hutomo, Suripan Sadi. 1993. Merambah Matahari: Sastra dalam Perbandingan. Jakarta: Pusat Bahasa.

Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.

Suwandi. 2005. Bekarya Untuk SMP 3.  Jakarta: Ganesa Exact

Soedarsono. 1976. Pengantar Pengetahuan Tari. Akademi Seni Tari Indonesia

Stanton, Robert. 2012. Teori Fiksi. Yogyakarta: Pustaka Pelajar Offset.

Teeuw, A. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya.

Wellek, Renne lan Austin Warren. 2014. Teori Kesusastraan. Kajarwakake dening Melani Budianta. Jakarta: PT. Gramedia.


Lampiran Carita Ajisaka


CERITA AJISAKA
Versi Buku Layang Hanacaraka Anggitan Darmabrata (1939)

Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa.Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa. Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa.Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané.Para siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.
Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.
Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani.Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé.Iketé Aji Saka dijèrèng.Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara.Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka.Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé.Si Sambada ditilapaké.Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Dora sanalika mangkat.Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada.Kandha yèn mentas sowan gustiné.Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora.Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.
Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi.Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sambada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.
ha na ca ra ka             da ta sa wa la
pa dha ja ya nya          ma ga ba tha nga