KALUNGGUHANE PARAGA WANITA
SAJRONE NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANG
ANGGITANE SUPARTO BRATA
(Dening: Ah. Syahrul Rahmat/12020114047-2012 B)

A.      Purwaka
Adhedhasar pamikire masarakat mligine bebrayan Jawa, tembung ‘wanita’  asring ditegesi wani ditata lan wani nata.Wani ditata tegese wanita kudu manut apa kang diprentah dening sisihane. Lan wani nata tegese wanita kudu bisa paring pambiyantu lan dadi kawigaten pamikire sisihane, uga wani nata putra-putrine sajrone panguripan sakulawarga.
Miturut Krisna, (2013:9) ana sambung rapet antarane kalungguhane priya lan wanita minangka simbiosis mutualisme. Salaras karo anane warangka tumrape curiga, alu tumrape lesung, lingga tumrape yoni, lan gunung tumrape samodra. Rong unsur dha njangkepi siji marang liyane minangka keselarasan dinamis. Menawa rong unsur iku ora bisa nyawiji, dudu karaharjan sing ana, nanging bebaya sing gedhe sing bisa ngrusak tatanane urip.
Menawa adhedhasar teori ing ndhuwur kang nglungguhake wanita minangka perangan sing ana sambung rapete ing kaidah simbiosis mutualisme iku, pranyata pamikire bebrayan Jawa luwih maju. Wanita ora mung minangka ‘kanca ing wingking’, ‘isi-isine omah’, utawa ‘kanca turu’ wae. Nanging uga duweni kalungguhan sing ora kalah wigatine tinimbang priya ing bebrayan. Kaya ta minangka ratu, pangreh praja, pahlawan, tokoh masyarakat, mentri, kepala dinas, kepala bagian, sekertaris, lan sapanunggalane.
Sajrone karya sastra sing ngrembug ngenani kalungguhane wanita dirembug mligi ing teori feminisme. Menawa ngrembug babagan feminisme, ora bisa uwal saka emansipasi wanita mligine ing Indonesia sing digagas dening RA Kartini. Miturut Ratna (2003:258), saliyane duweni tujuwan kanggo merjuwangake hak-hake wanita, uga nuduhake tumindak sing sinambetan karo kapribadhene bangsa. Yaiku: 1) kesadharane sing kuwat nglindhungi sing cilik, 2) sadhar makarya bebarengan kanggo tujuwan sing padha, 3) sadhar ngilangi pambedane status sosial, 4) sadhar ngurangi kepentingan pribadhi, lan 5) sadhar majokake bangsa ing sekabehe bidhang. Emansipasi bisa ditindakake lumantar kesadharan kanggo ngilangi dominasi, distorsi, otoritas, lan sapanunggalane kang nyampingake wanita.
Andharan ngenani kalungguhane wanita ing ndhuwur kaya kang kagambarake dening Suparto Brata ing karya sastrane sajrone novel Para Pawestri Pejuwang. Suparto Brata nggambarake kepriye panguripane wanita kang nduweni pangaribawa gedhe minangka paraga ing sisihe priya. Kepriye perjuwangane wanita minangka wayahe mantan pejuwang kamardikan sing urip ing jaman saiki nerusake perjuwangane eyange kanggo raharjane bangsa. Mula, kanthi teori struktural lan feminisme, panliti rumangsa ketarik kanggo nintingi lan nganalisis isine novel mligine ngenani kalungguhane wanita sajrone novel kasebut.

B.       Andharan
1.      Gambaran Umum Novel lan Sinopsis Carita
Novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki kaperang dadi 34 bab kang nyritakake kedadean lelakone urip sawijining kulawarga pejuwang sasuwene patang dina lan telung taun sawise kedadean kuwi.
Novel anggitane Suparto Brata iki nyritakake kahanane uripe kulawarga pejuwang yaiku anak putune tilas tentara Mayjen Purnawirawan Sasrapambudi, Si Kancil Lasykar Kere sing siki urip ing jaman reformasi ing Jakarta.  Putrane Eyang Sasrapambudi, Budi Prabawa minangka paraga bapak sing dadi pejabat Ditjen Pajak kang kuwasa, Pembayun Ratri minangka paraga ibu sing digambarake lumpuh. Lan uga wayahe Sasrapambudi, Adreng Binathara, penentang KKN, Wara Pramesthi minangka tangan tengene boss gedhe saka Amerika kang nyekel Perusahaan Boneka Pretty Girl, lan Ngesthiratu minangka bocah SMA, pengisi swara cerita bersambung radhio Swara Kejawen, lan minangka pemerhati basa lan sastra Jawa.
Kacritakake ing sawijine dina Adreng, wayahe Eyang Sasra sing lanang lagi dhemo ing gedhung DPR nuntut bubare pejabat KKN. Kerana oa ana sing nanggepi, kelompok massa mau duweni rencana nginep amrih usahane digatekake pejabat ana kono. Nalika iku uga Ngesthiratu teka menyang panggone kangmase dhemo saperlu ‘sinau’ wawancara kerana lagi nganggur preian sekolah lan ing radhione lagi ora ana gawean. Dina iku uga ing panggonan sing beda, Wara Pramesthi lagi ketemu karo Jim Faraday saperlu ngrembug perusahaan Prety Girl. Wara minangka pegawai sing pinercaya dening Jim diutus ngurusi kabeh kebutuhane perusahaan, utamane ing seminggu sawise iku kerana Jim aep tindak luar negeri.
Dina sabanjure nalika sarapan esuk, Pak Budi Prabawa pamit arep tindak Singapur saperlu finising touch proyek sing dilakoni dening Ditjen Moneter. Nanging Ibu Pembayun menging menawa Sisihane tindakan merga ketemu Bathari Satiti, paraga mitra kerja Ditjen Moneter. Pembayun ngerti sapa kuwi Bathari Satiti. Nanging kerana wis direncanakake sadurung mulane Budi Prabawa tetep brangkat.
Sabanjure Wara ngajak Ngesthi menyang Surabaya saperlu nekani launching Poperty Mahkota Raya. Sadurune acara diwiwiti, esuke wong wadon kuwi survey lokasi bakal calon pabrik ing kawasan PIER Pasuruan. Nalika acara launching iku diwiwiti, Wara nyawang wong wedok sing disebut MC mirip kaya Dolly Parton sing jenenge Bathari Satiti. Wara njur kelingan critane ibune ngenani pribadhene Bathari Satiti. Nanging Wara ora crita marang adhine sapa wong wadon iku. Nalika Wara nemoni Bathari Satiti, Ngesthiratu ketemu karo kancane saka TVPS, Graita. Graita banjur ngajak Ngesthi nekani konferensi pers Poperty Mahkota Raya dalune.
Ing Jakarta, kulawargane Eyang Sasra kaget nalika Adreng dipenjara Polda Metro Jaya merga anggone dhemo anarkis. Sanalika iku Eyang Sasra langsung nekani menyang Polda karo ngendhelake menawa tilas tentara sing antuk penghargaan bintang gerilya. Andreg ora gelem metu menawa diakon nandhatangani pernyataan lan mbayar ganti rugi rong yuta. Eyang Sasra uga ngono, nganggep menawa dhendha rong yuta kuwi mung akal-akalane polisi thok. Kerana Eyang Sasra ora kasil nggawa putune bali mule, Pambayun banjur teka dhewe menyang Polda, nandhatagani lan nebus putrane amrih bisa metu saka pakunjaran. Adreng protes marang ibune, kok gelem-geleme mbayari polisi.
Bengine ing Surabaya, Ngesthiratu melu Graita nekani konferensi pers Poperty Mahkota Raya. Ngesthi kaget. Dheweke weruh bapake ngurusi kegiyatan iki bareng karo Bathari Satiti. Kamangka sadurung bapake pamite tindak menyang Singapur. Pikirane Ngesthi menyang endi-endi, nanging dheweke nyoba tetep kuwat kan nyimpen ora kandha sapa-sapa, apa maneh menyang kulawargane ngenani apa sing disawang bengi iku.
Dina-dina sabanjure, telung taun sawise kedadean iku, Eyang Sasra kaget nalika  maca koran. Staf Ditjen moneter Budi Prakasa, sing tau nylametake dhuwit negara ing perkara Darmagati, putra sing dibanggak-banggakna dening Eyang Sasra lan wayahe, Andreg, kuwi dilaporake korupsi dhuwit negara limang milyad. Saking kagete, penyakit jantunge kumat. Eyang Sasra ora ketolung nyawane nalika digawa menyang RSCM.
Wekasane carita, nalika Adreng mule saka Amerika karo nggawa ijazah kuliyahe dheweke kaget nalika dicritani ibune, Pembayun, menawa bapake saiki ana pakunjaran merga korupsi dhuwite negara. Adreng kaget, sedhih, nesu, lan kuciwa banget. Bapak sing dibanggak-banggakake, sing dipuja-puja, sing dadi patuladhan semangat juwange nyuwarakna mbrasta KKN jebule ya melu korupsi pisan. Nganti Adreng ora gelem mangan,ora adus, lan ora metu saka kamar pirang-pirang dina. Kabeh coba nglipur nanging ora bisa. Kerana saking mangkele marang tumindake kangmase sing kaya bocah cilik, Ngesthiratu banjur nesu-nesu lan nylatu mase. Lan pungkasane Adreng sadhar dhiri. 

2.      Paraga lan pamaragan
Paraga yaiku wong sajrone carita kang dening pamaca digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu sing kagambarake nalika guneman utawa tumindak (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:165). Senajan paraga sajroning cerita mujudake paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara sing wajar kaya manungsa kang nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga dipanggonake ing perangan kang mathuk minangka medhia kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening panulis. Paraga sajrone novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki ana 14. Nanging paraga utama lan sing dadi pirembugan ing kene yaiku kulawargane Eyang Sasrapambudi lan peraga wanita sing gedhe pangaribawane marang lumakune carita ing novel iki.
a.       Eyang Sasrapambudi
Kagambarake minangka tilas tentara sing antuk penghargaan Bintang Gerilya. Mayjen Purnawirawan Sasrapambudi, Si Kancil Lasykar Kere iki duweni watek teges, keras, dumeh tias tentara sing antuk panghargaan bintang gerilya, lan duweni semangat juwang.
…ya wis ben, kudu didemo ngono kuwi. Yen ora ngono ora bakal pejabat-pejabat KKN kae padha lengser. Kadidene kulawarga Pejuwang, aku seneng putuku melu demo ngrubah tatanan negara kang batil iki! (PPP, 2013:51)
Andhaan ing ndhuwur nggambarake menawa Eyang Sasra duweni watek kang teges lan seneng marang perjuwangan kerana dheweke tias pejuwang.kaya cuplikan ngisor iki.
“Wis. Aku dak sing ngurus mrana. Sakri, terna aku nyang Polda, marani putuku. Pulisi ki saiki ya ngawur wae. Wong berjuwang tenan kanggo ngapikake tatanan negara kok ya ditahan. Wong Polda kuwi ora ngerti apa, yen Adreng kuwi anak keturunane wong berjuwang, keluwarga pejuwang. Ora ngerti yen Adreng kuwi putune Mayjen Sasrapambudi, Si Kancil Lasykar Kere sing biyen mbebasake kutha Sala!.... (PPP, 2013:83)
Cecaturan ing ndhuwur nyritakake sikepe Eyang Sasra nalika dikandani kancane Adreng menawa Adreng ditahan neng Polda. Eyang Sasra ora sranta lan katon sikepe sing teges karo ngendelake sapa dheweke sing Purnawirawan tentara iku. Malah nalika wong saka Polda ora ngreken kahanane Eyang Sasra, banjur dheweke nantang arep njaluk tolung kancane mantan Polri. Suparto Brata malah nggambarake kahanane Eyang Sasra mau ing bab mligi sing judhule Mbah Sasra Panas Atine. Ya kerana saking mangkele dheweke marang polisi sing ora ngganggep dheweke.

b.      Budi Prabawa
Budi Prabawa minangka putrane Eyang Sasra kang kalungguhane minangka Staf Ditjen Moneter sing dianggep pejuwang dening Andreng lan Eyang Sasra kerana tau nylametake dhuwit negara ing perkara Dramagati. Suparto Brata nggambarake Budi Prabawa minangka paraga sing gampang nesu, ngapusi garwane, ning senajon ngono dheweke tau duwe jasa nylametake dhuwite negara. Gegambaran watak wantune kaya cuplikan ing ngisor iki:
“La njenengan nyebut jeneng Bathari Satiti ya lagi nalika dandan iki mau! Njenengan ki yen dilaruhi mesthi ora nggugu, kok.”
“La kowe ki genah aneh, kok kudu digugu! Proyek poperty iki mung kari saklangkah maneh rampung. Kowe iki kok mbregudul!” sentake Budi Prabawa muring. (PPP, 2013:22)
Cuplikan cecaturan langsug rong paraga ing ndhuwur nggambarake Budi Prabawa sing nesu marang garwane nalika garwane ngandhani sapa sejatine Bathari Satiti iku. Budi sanalika langsung nesu tanpa sebab sing jelas, ora njelasake marang garwane.
“…dhuwit negara didhaku warisan saka  bapake, manut surat-surate sah mangkono. Untung wae bapak sembada, ngerti tenan larah-larane lan polah wadine Pak Darmagati, mitrane kuwi.” (PPP, 2013:30)
Dene cuplikan ing ndhuwur nggambarake jasane Budi Prabawa sing nylametake dhuwite negara ing perkara Darmagati. Gegambaran iku digambarake kanthi panggambaran ora langsung yaiku lumantar paraga liya.

c.       Pembayun Ratri
Pembayun Ratri minangka garwane Budi Prabawa sing dening penulis digambarake lara lumpuh. Biyen dadi perawat ing rumah sakit bageyan ngurusi mesin rongten hibah saka Arab Saudi. Ning kerana saben dina kerep kenek sinar X, mula mangaribawani syaraf-syarafe saengga dheweke lumpuh. Saben dina uripe neng kursi rodha. Pembayun minangka paraga ibu sing wateke sabar, wicaksana, ngurmati pangrasane wong liya, lan lantip pamikire.
“Mas, Bathari kuwi kancaku sakelas, lo, Mas. Aku ngerti tenan sapa dheweke kuwi! Sing dipikirke mung bandha thok…. Kuwi wis watake ket biyen, dakkira ora bisa mari nganti seprene. Mula aja cedhak-cedhak dheweke. Panjenengan mengko bisa keglendheng mlebu ulegan uripe!” ujare pambayun. (PPP, 2013:21)
“… wong bapakmu nggon dhinese nggon dhuwit, dhuwit negara, posisine bapakmu saiki eksekutip…” (PPP, 2013:31)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake Pembayun sing landhep pangrasane marang kahanan kulawarga. Cecaturan iku nalika sisihane arep pamit budhal menyang Singapur nemoni Bathari Satiti. Pembayun menging kerana kuwatir menawa sisihane srawung karo Bathari. Awit tumindake Bathari sing kiurang becik lan kahanane sisihane minangka pangreh praja sing nguwatiri.
Wiwitana saka mbecikna awakmu dhewe. Becikna awakmu, pikiranmu, kahananmu. Terus kahanan keluargamu, sakelilingmu, sakupengmu… nanging yen kowe udreg wae karo awakmu, udreg karo keluwargamu, udreg tansah nyalahake politikus bangsamu, ya ora bakal kowe gawe tata raharjane kuthamu, negaramu. Ora bakal!” (PPP, 2013:141)
Menawa cuplikan ing ndhuwur nggambarake kawicaksanane Pembayun nuturi Adreng nalika bar metu saka pakunjaran Polda. Adreng ora trima ditokake saka pakunjaran sarana mbayar polisi. Nanging ibune njelasake lan nuturi putrane menawa kepengin ngrubah tatanan negara kudu diwiwiti saka ngrubak sikep individune dhisik.
“Bapak ora bisa mapag?”
“Ora. Isih ibut,” wangsulane ibune ayem. (PPP, 2013: 169)
Dene cuplikan sing pungkasan iki nggambarake kesabarane Pembayun lan anggone dheweke njaga pangrasane Andreng nalika lagi wae teka saka pasinaone saka Amerika. Pembayun ora kandha menawa bapake lagi dikunjara merga korupsi. Kanthi sabar lan wicaksanane Pembayun, dheweke ora ngomong lan mangsuli menawa bapake isih ibut. Gegambaran watek wantune ora digambarake panulis sacara langsung, nanging sumurat lumantar cecaturane paraga.

d.      Wara Pramesthi
Wara Pramesthi dening Suparto Brata digambarake minangka paraga anak mbarepe Pembayun Ratri lulusan Columbia University singsaiki mergawe dadi tangan tengene bos bule saka Amerika. Dheweke dipercaya ngurusi perusahaan boneka Pretty Girl ing Indonesia. Watek wantu singdigambarake panulis tumrape paraga iki yaiku mandhiri, ulet anggone mergawe, jembar pamikire, lan pedhuli marang wong liya. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
…para wadon kang bisa nyembadani uripe dhewe. Yen bapake wis dadi staf ing Ditjen Moneter isih gelem ngepel omahe dhewe, la Wara Pramesthi ya bisa ngopeni mobile dhewe. Dikumbah, diresiki, digilapake nganggo Kit. Ditambahi oline. Senajan wong wadon dheweke bisa nggoleki sebabe lan montiri BMW-ne kanthi tangane dhewe yen mesine rewel. (PPP, 213:17)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake Wara Pramesthi sing uripe mandhiri. Ora gumantung marang liyan. Pancen Pembayun ngulawenthah lan ngulinakake putra-putrine supara urip mandhiri, ora ngrepotake lan gampang gumantung marang wong liya.
“… sing dakpikirake, aku mengko usul ing pojok ngarep kene dibangun musholla, cedhak karo satpam. Marga liwat Bangil barang mau, urut dalan dak delok akeh masjide. Sing dakrekrut minangka tenaga pekerja dakangkah akeh wong saka sekitar kene, mesthi akeh wong Islame. Dadi perkara karyawan mengko anggone sholat ora perlu metu saka pekarangan pabrik.”
“Kok nganti tekan semono, sih, pikirane Mbak Wara?”
“Lo, tanggung jawab karaharjane karyawan iya dadi tanggunganku, lo. Wong aku sing dipasrahi ngrekut. Aku wong nomer loro ing proyek investasi anyar iki.” (PPP, 2013:104)
Cuplian ing ndhuwur nggambarake pamikire Wara sing jembar, ulet anggone mergawe, lan perdhuli marang nasibe calon pegawaine mbesuk.

e.       Adreng Binthara
Adreng Binthara digambarake dening Suparto Brata minangka paraga kang nuruni sifat eyange, minangka mahasiswa MPD (Mahasiswa Pemerjuang Demokrasi) sing demo mrotes kahanan negara lan pejabat KKN. Watak wantune niru eyange. Dheweke kepengin nerusake perjuwangane eyange. Egone dhukur, teges, lan gampang pasrah.
“Emoh, berita acara kuwi ora bener! Pangreh praja siki ora adil. Ora makmurake rakyat. Korup. Kudu dibrastha. Wong –wong DPR kae dudu wakile rakyat, nanging asli rekayasan kanca-kancane dhewek. Dibrastha sarana pranatan hukum ora bisa, ya kudu didemonstrasi ngana kae. Aku ora kapok! Emoh tandhatangan berita acaramu!” (PPP, 2013:107)
Andharan ing ndhuwur ngandharake sikepe Adreng sing teges lan egone gedhe. Dheweke ora gelem tandhatangan berita acara supaya dibebasna saka pakunjaran lan mbayar dhendha. Dheweke rumangsa ora kapok mbela nasibe rakyat lumantar dhemo. Lan emo mbayar dhendha mera ngganggep dhendha iku mung akal-akalane polisi nggolek dhuwit.
“Apa? Bapak ki korupsi? Aku biyen paling getol nggugat pejabat korupsi! Dakdemonstraseni, dakpisuh-pisuhi, dakhujat. Jebul sing dakhujat ya bapakku dhewe…. Jebul sing korupsi iku bapak sesembahanku! Adhuuh! Gek nyang endi dakseleh raiku!angur mati wae yen ngene iki. Aku jebule kok anake koruptor!”
Gedrang-gedrung si Adreng…. Muring-muring. Cuwa. Ngotot, terus nglimpreg tanpa daya. Sidane melbu kamar, terus tutupan. Ora gelem mangan. Nganti dina sesuke, emoh mangan, emoh adus. Emoh tangi. Emoh gemreyeh, leyeh-leyeh ana kasur wae. Njondhil banget atine. Larane njarem tekan pulung. Rasane wegah nutugake urip. (PPP, 2013:171)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake kuciwane Adreng nalika weruh menawa bapak sing dadi pathuladhan perjuwangane, bapak sing dadi idola lan pepujane jebul korupsi dhuwite negara. Adreng kuciwa banget lan rumangsa isin. Kamangka biyen dheweke asring dhemo lan nentang wong sing korupsi. Jebul saiki kulawargane dhewe sing korupsi.

f.       Ngesthiratu
Ngesthiratu minangka wayahe Eyang Sasra sing ragil. Menawa Suparto Brata nggambarake wayahe Eyang Sasra sing mbarep merjuangake nasibe para pegawai lan rakyat. Wayahe sing lanang merjuangake nasibe rakyat kanthi demo. Ing wayahe Eyang Sasre sing ragil iki panulis nggambarake perjuwangan ing bab basa lan sastra Jawa. Ngesthi minangka pamaca cerbung ing radio Swara Kejawen, pengisi telenovela basa Jawa ing TVPS, lan nerbitake buku novel. Watak wantune meh padha karo mbakyune, Wara. Ning Ngesthiratu luwih ceriwis lan jembar pikiran lan wawasane.
Eyang Sasra nyingkir menyang gadri mburi karo nyangking koran esuk. Ketoke wis wegah tenan ngrungokake ndremimile putu ragil…. (PPP, 2013:39)
Wara ngerti, yen adhike gelem ngomong pancen angel dikethok. Bocah ceriwis. Mula yen ora disigeg ngono, omonge bakal nrocos klaweran kaya tlalene gurita. Apa amaneh yen ngrembug prekara Radio Swara Kejawen. Adhike pancen aktivis ing kono. (PPP, 2013:48)
Andharan ing ndhuwur nggambarake Ngesthiratu sing criwis. Cuplikan sing sepisan nggambarake Eyang Sasra sing nyingkir nalika dibantah dening putu ragile. Lan sing kapindho yaiku Wara sin nyigeg omongane adhine sing saya akeh nalika mbahas ngenani kejawen.
“Wis ngerti. Ora durung dadi kebutuhane urip, nanging ora bakal dadi kebutuhan uripe bangsa kita. Mulane bangsa kita rata-rata bodho mbrengkelo sanajan wis dadi jutawan….” (PPP, 2013:35)
“La iya, kapan ta ya, insan pers Indonesia kuwi sadhar kaya insan pers Yogoslavia? Ing Bosnia kana ndhisike ya nganut pers bebas. Nanging bareng perang antar etnis ora bisa mendha, para wartawane banjur padha prabakti marang bangsa lan prikamanungsan…” (PPP, 2013:157)
Cuplikan sing iki nggambarake Ngesthi sing jembar pamawas lan pamikire ngenani samubarang apa wae. Wawasan sing jembar digandhengake karo watek sing ceriwis dadine malah saya dawa pamawase.

g.      Satiyem
Satiyem minangka pembantu sing bageyan masak lan resik-resik omah. Ning kerana basa Jawane sing alus, dheweke didhapuk dening Ngesthiratu kanggo mbantu ngisi swara ing telenovela basa Jawane. Watak wantune yaiku setya marang kulawarga Eyang Sasra lan kuwajibane.
Sing kerep tunggu omah ibune lan Satiyem, pembantune. Penggaweyane Satiyem sing baku reresik njero omah, karo ngrampungi mangsakan sing dipangan wong saomah, senajan tetep manut komandhone Bu Mbayun. (PPP, 2013:15)
Isuk-isuk Mbak Yem wis uthek nggawekake kopi-susu karo nyepaki roti bakar. Dhek wingi bengi wis dikontak dening Bu Pembayun. Prentah slenthing ngono bae dheweke wis tumanggap. (PPP, 2013:78)
Cupliikan ing ndhuwur nggambarake kuwajiban penggaweyane Satiyem ing omah lan nggambarake tanggap sasmitane dheweke ngladeni kulawargane Pembayun. Senajan kulawargane Pembayun akeh sing mandhiri, ora nganggep pembantu kaya babu, nanging Satiyem wis rumangsa kudu ngabdi satenane kerana iku wis dadi kuwajibane.



h.      Widyaningrum
Widyaningrum minangka manager radio Swara Kejawen panggone Ngesthiratu mergawe. Dening Suparto Brata, Widyaningrum digambarake minangka wanita sing aktif ngurusi jurnalistik Jawa. Dheweke ora mung marem bisa ngurusi Swara Kejawen wae, nanging uga ngurus acara telenovela basa Jawa sing bakal disiarake ing TVPS. Watak wantune sing ngugemi budayane lan gedhe kekarepane kanggo nguri-uri kabudaya Jawa.
“Iya, Nges. Iki penting banget tumrapku. Merga sing apep dakpasarake barang sing angel banget didol.”
“Barang menapa ta, Mbak?”
“Basa Jawa. Aku rak panggulawenthah bisnis basa Jawa. Akeh sutresnane, akeh sing nganggo, nanging racake mung padha judheg kepriye kok ora bisa ngedol basa Jawa.” (PPP, 2013:66)
Saka cecaturan ing ndhuwur, bisa didudut menawa Widyaningrum minangka wong sing kreatif lan jembar pamawase. Dheweke mikir kepriye supaya basa lan sastra Jawa didemeni ing masyarakat lumantar radhio lan progam-progame.

i.        Bathari Satiti
Bathari Satiti minangka wong wadon sing nggodha Budi Prabawa ing bisnis poperti. Saengga nganti Budi Prabawa korupsi dhuwite negara.
“Mas, Bathari kuwi kancaku sakelas, lo, Mas. Aku ngerti tenan sapa dheweke kuwi! Sing dipikirke mung bandha thok. (PPP, 2013:21)
Bener ibune, Bathari Satiti pancen tipe wadon kang lenjwh, nanging disanggari sifat intelek kang mumpuni. Omongane, eseme, pilihan rembuge tansah mranani ati, tansah kababar kanthi niyat mencutake wong sing dijak rembugan. Ora lidok yen wong lanang senajan pejabat agung gampang kebandhang marang dheweke. (PPP, 2013:129)
Cecaturan lan gegambaran ing ndhuwur nggambarake kepribadhene Bathari Satiti sing uripe nengenake bandha. Lan uga tingkah polahe anggone nguber banda kanthgi praupan lan pamawase sing amba. Dheweke ngendhelake praupane sing ayu lan kapinterane kanggo mangaribawani Budi Prakasa, bapake Wara saengga nganti Bapake ngapusi ibune, Pembayun, lan ya menawa dheweke uga sing nganti njalari bapake korupsi dhuwite negara.

3.      Kelir (Setting) lan Lumakune Carita (Alur)
Kanggo nintingi kalungguhane wanita sajrone novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki kudu nganalisis unsur struktural perangan kelir lan lumakune critane. Kepriye kahanan sosiale, panggonan, lan wektune sajrone lumakune careita. Saka kono bisa diweruhi paraga wanita ngalami apa wae sajrone novel mau.
Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan, wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha ngaribawani siji marang liyane.
Nurgiyantoro (2005 : 113) uga merang alur miturut susunan prastawane dai telu. Yaiku alur progresif/kronologis, regresif/flash back, lan campuran. Dene miturut Loban, dkk ing bukune Aminuddin (2011:85) merang alur dadi limang perangan. Yaiku eksposisi, komplikasi, klimaks, relevasi, lan denouement.
Kelir sing paling onjo lan ndadekake carita ing novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki katon urip yaiku kelir wektu sing karonce sederhana lan runtut,  kelir panggonan sing rena-rena ing wektu sing padha, lan kelir sosial sing trep karo kahanan obyek perjuwangan.
“Nges, kok melu-melu tekan kene?” aloke Andreg nyapa Ngesthi.
“Kepengin weruh obahe negaa!”
“Iki dudu panmu! Durung wayahe! Karo sapa, kowe?”
“Dhewe. Iki mau tase Mas teja kleleran neng studio, terus daktembung dakgawa metu etok-ethok mbebedhang pawarta. Pawarta sing paling aktual ya Gedhong DPR kene. Dadi aku mrene.” (PPP, 2013:7)

“Manut ing radio iki, ing Gedhong DPR ana demonstrasi sing macetake dalan. Muga-muga ora nganti lorop tekan tol.”
Slamet lan ceper melbu tol ing uningan, BMW abang gage nrayak mangulon, tumuju Bandara Sukarno-Hatta. (PPP, 2013:12)

Kelir wektu sing katon sederhana lan runtut lan uga kelir panggonan sing rena-rena ing wektu sing padha iki kaya sing wis kagambarake sajrone cuplikan ing ndhuwur. Wiwitane carita lan minangka pitepungane (eksposisi) crita yaiku sawijining dina Adreng demo ing gedhong DPR nuntut pejabat KKN. Ngesthi uga melu-melu. Ora melu demo, nanging sinau wawancara lapangan. Dina sing padha uga, Wara, mbakyune ketemu karo Jim Faraday ing pabrik boneka Pretty Girl ing Cikarang saperlu ngrembung perusahaane lan bakal calon perusahaane ing Pasuruan banjur nguntabake lungane Jim menyang Bandara Sukarno-Hatta. Dene kelir suwasana/sosiale yaiku padha. Merjuangake nasibe rakyat, nasibe bangsa. Adreng merjuangake lumantar demo, Ngesthi lumantar jurnalistik, lan Wara lumantar konsep pabrik anyar sing bakal ngrekut ewonan tenaga kerja sing bisa ngurangi pengangguran.
Dina sabanjure kaya kutipan ing ngisor iki.
“Lo, ngasta tas gedhe barang? Tindak luwar kota, ta, Pak?”
“Singapur, patang bebgi,” tanggepe Budi Prabawa Cekak aos. (PPP, 2013:23)
“Oh iya, yen kowe gelem melu nekani seminar More Preciate Than Gold karo aku ya mengko tekaa ing hotel Horizon Ancol, jam 12 awan.”
.... “Iya. Aku mengko melu. Ketemu ing Horizon Ancol, ya! Jam rolas!” (PPP, 2013:48)
“Nanging wingi Mas Adreng wis pamit nginep. Embuh piye klakone, dakkira Mas Adreng wis mikirake nginepe kuwi kepiye. Ora merga bentrok karo polisi.” (PPP, 2013:51)
Saka cuplikan ing ndhuwur, Budi Prabawa pamit tindak menyang Singapur saperlu finishing touch bisnis poperty. Dene Andreng dhewe durung mule anggone demo. Lan awane Ngesthi diajak Wara nekani seminar ing hotel Horizon Ancol. Telung awasana sing beda ing wektu sing meh padha. Perangan iki kelbu perangan komplikasi/konflik.
Dina sabanjure panggambaran kelir sing digawe dening Suparto Brata saya narik kawigaten. Kerana posisi klimaks sing wiwit kenceng ana ing dina iki. Dinane padha, suwasanane padha tegange ning panggonane beda.
Jam 8.15 esuk Wara lan Ngesthi wis ndharat ing Bandhara Juanda Surabaya. Langsung numpak taksi Prima, tumuju Hotel Shangri-La ing Lurung Mayjen Sungkono….. Jadwal soft opening luncheon Poperty Mahkota Raya jam 12.30, dadi ana cukup wektu ngaso utawa nglencer-nglencer ing kutha Surabaya.
“Kowe rak ora kesel? Yen kesel ya lerena ing hotel, yen ora dakjak menyang pasuruan gelem ora?” tarene Wara. (PPP, 2013:85)
….lan malah Wara ora arep carita marang ibune, yen dheweke wis ketemu karo Bathari Satiti, wong wadon liya pepujane bapake kejaba ibune ing keluargane… (PPP, 2013:127)
“Oo!” Ngesthi manthuk-manthuk…. Pikirane wis mused marang andhere bapake ing kono. Iki genah pratingkah kang ora beber. Slingkuh. Kandhane nneng Singapur, kok saiki neng Surabaya! (PPP, 2013:150)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake Ngesthi lan Wara sing wis budhal menyang Surabaya. Gegambaran sing digawe dening Suparto Brata sajrone ngrakit alur, konflik, lan kelire carita sing isa nyawiji. Saengga katon apik banget. Nalika teka kana, sadurunge melu acara Grand Opening Poperty Mahkota Raya kekarone menyang Pasuruan survey panggonan bakal calon pabrik bonekae. Nalika acara Grand opening awan ing Shangri-La Hotel iku kekarone ketemu Bathari Satiti sing dikandhakake ibune marang Wara sadurunge. Bengine ganti Ngesthi sing ngerti bapake ketemu karo Bathari Satiti naika konferensi pers ing Elmi Hotel. Dene gambaran sing padha ning kelir panggonane beda kaya cuplikan ing ngisor iki.
Durung nganti sepuluh menit saka budhale Wara lan Ngesthi ninggalake ngomah…. (PPP, 2013:80)
“… La, iya iku, mesthi wae. Wong Adreng ditahan neng Polda Metro Jaya. Aku mrene iki arep ngandhani wong tuwane.” (PPP, 2013:81)
“…. Wis. Aku dak sing ngurus mrana. Sakri, terna aku nyang Polda, marani putuku. Polisi saiki ya ngawur wae. Wong berjuwang tenan kanggo ngapiki tatanan negara kok ya ditahan..” (PPP, 30113:83)
“Kri. Kowe aja kesel, ya. Bubar mangan kuwi aku mengko terna niliki Mas Adreng. Aku uga ngajak Yem, ben sing nyurung kursiku.”
“Inggih, Bu. Sendika.” (PPP, 2013:120)
Ing Jakarta dhewe esuk-esuk saungkure Ngesthi lan Wara budlal, kancane Adreng teka ngabari menawa Adreng ditahan ing kantor polisi. Eyange nyoba marani ning ora kasil nggawa mulih, malah panas atine. Saengga wektu awane Pembayun dhewe sing teka mrana nebus putrane.
Dina-dina sabanjure sing minangka relevasi-ne crita sing digambarake dening panulis yaiku Eyang Sasra kaget nalika esuk-esuk maca koran ana berita menawa Budi Prabawa korupsi dhuwite negara limang milyar. Penyakit jantunge Eyang Sasra kumat lan ora bisa ketolung nyawane nalika ing dalan nuju rumah sakit.
“Mbayun, wacanen iki, Yun! Iki mesthi ora bener! Iki ngenani Budi! Genah banget. Jenenge ditulis jangkep! Dheweke sing diarani mbocorake dhuwit limang milyar ing perkara bisnis poperty! Oh, iki ora bener!”
…. Pembayun terus marani maratuwane, Sasrapambusi uga terus glayaran marani mantune, brug, wong tuwa kuwi ambruk ing pangkone Pembayun karo isih ngacungake korane. (PPP, 2013:153)
Tekan RSCM kahanane Sasrapambudi wis lemes, anyep. Tanpa ambegan….nalika wis kari ijen disarekake ing kamar papriksan darurat, Pembayun nyawang wandane maratuwane kanthi trenyuh. Katon ngegla gilang-gilang yen wong tuwa pejuwang kuwi keduwung banget ing pungkasan uripe. Putrane nylingkuhake dhuwite negara… pahlawan sing nampa Bintang Gerilya, wis ora bisa ngumpetake isine atine. Jantunge dhadhal. (PPP, 2013:154)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake Eyang sastra sing kaget ngerti putra kinasih sing dibanggak-banggakake dadi penerus pejuwang kulawarga jebul korupsi dhuwite negara. Saking kaget lan kuciwane, Eyang Sasrapambudi kumat penyakit jantune nganti tumekeng oncate nyawane.
Minangka pamungkase crita (denoument) yaiku telung taun sawise kedadean kuwi, Budi Prabawa dilebokake pakunjaran. Wara Pramesthi lunga menyang Brazil nerusake karire. Adreng wiwit bali saka pasinaone ing Amerika lan nalika ngerti bapake korupsi dheweke setres lan kuciwa banget.
“La Iya, lelakon kok cepet banget, ya, Mbak. Durung nganti patang puluh dina sedane eyang, saiki Mbak Wara ya oncat saka keluarga kita.…”
“Nges, Nges. Mobile parkiren rada rana wae ora papa. Flight-ku isih memgko jam loro. Kene isa rada tanek omong-omongan.”
“Jim ya pindhah nyang Brazil, Mbak? (PPP, 2013:167-168)

“Apa? Bapak ki korupsi? Aku biyen paling getol nggugat pejabat korupsi! Dakdemonstraseni, dakpisuh-pisuhi, dakhujat. Jebul sing dakhujat ya bapakku dhewe…. Jebul sing korupsi iku bapak sesembahanku! Adhuuh! Gek nyang endi dakseleh raiku!angur mati wae yen ngene iki. Aku jebule kok anake koruptor!”
Gedrang-gedrung si Adreng…. Muring-muring. Cuwa. Ngotot, terus nglimpreg tanpa daya. Sidane melbu kamar, terus tutupan. Ora gelem mangan. Nganti dina sesuke, emoh mangan, emoh adus. Emoh tangi. Emoh gemreyeh, leyeh-leyeh ana kasur wae. Njondhil banget atine. Larane njarem tekan pulung. Rasane wegah nutugake urip. (PPP, 2013:171)
Minangka pamungkase carita kaya cuplikan ing ndhuwur, Suparto mungkasi kanthi nggawe paraga Wara budhal menyang Brazil saperlu nutugake karir-e lan nerusake perjuwangan prikamanungsane neng kana. Dene Adreng digawe kuciwa nalika bali mulih saka pamulangane ing Amerika ngerti menawa bapake korupsi.

4.      Kalungguhane paraga wanita
Saka purwaka lan analisis struktural ngenani paraga lan pamaragan, kelir, lan lakune carita sing wis kaanalisis ing ndhuwur, kalungguhane wanita sajrone novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki bisa dianalisis miturut lelakon lan kahanan uripe. Paraga wanita sajrone novel iki sing minangka paraga utama yaiku Ngesthiratu lan Wara Pamesthi. Dene paraga wanita liyane yaiki Ibu Pembayun, slingkuhane bapake, Bathari Satiti, pimpinane Ngesthi, Widya, lan pembantune, Satiyem.
Bokmenawa wanita minangka ‘kanca ing wingking’ ing novel iki isih ana. Ananging Suparto Brata nggambarake ora mung saderma ‘kanca turu’ thok..  
Jim Faraday luwih dhisik metu saka peturon, lagek dietut Wara Pramesthi. Loro-lorone banjur padha nyandhak sandhangane dhewe-dhewe. … Wara banjur nggledhai tase, njupuk pil sangune, terus diombe, diglontor banyu isng gelas. After morning pil, pil kontrasepsi, ora kena lali, gage diombe sawise making love. (PPP, 2013:11)
…yakuwi supaya perusahaan Amerika kuwi mantep anggone nginvestasekake pawitane ing bumi Indonesia. Wara ucul asmara ora papa. Apa sing bisa disembadani tumrap kemakmurane rakyat Indonesia, Wara Pramesthi tansah wani nglakoni. Senajan kuran asmara. Wong dheweke kuwi pancen putu turune keluarga pejuwang. (PPP, 2013:13)
Wara Pamesthi minangka turunane pejuwag gelem kurban asmara saperlu luwih ngrumaketake sesambungane karo Jim, sang dhirektur supaya percaya marang dheweke lan gelem nginvestasekake pawitane ing Indonesia
Suparto Brata uga nggambarake paraga wanita utama ing novele minangka wong wadon sing mandiri. Ora nggantungake uripe marang liyan.
…para wadon kang bisa nyembadani uripe dhewe. Yen bapake wis dadi staf ing Ditjen Moneter isih gelem ngepel omahe dhewe, la Wara Pramesthi ya bisa ngopeni mobile dhewe. Dikumbah, diresiki, digilapake nganggo Kit. Ditambahi oline. Senajan wong wadon dheweke bisa nggoleki sebabe lan montiri BMW-ne kanthi tangane dhewe yen mesine rewel. (PPP, 213:17)
…mangka Wara Pramesthi kuwi wadon. Kok tingkahlakune tatag-teteg, lantip, nguwasani lan sajak kuwasa…. Lan mbakyune srawung miguakake tanpa kudu diawat-awati kaum priya. Nyang endi-endi katon aman, cak-cek, trengginas, sumringah, ayu ngresepake pandulu, resik, glamour lan d’elegance. (PPP, 2013:86)

Saka cuplikan iku, Wara kagambarake minangka paraga sing isa nglakoni penggawean kaya priya lan ora nggantungake marang liyan. Dheweke isih gelem ngumbah mobile senajan neng omah kono ana Sakri, pembantune. Dheweke uga bisa ngramut lan nyervis mobile dhewe kaya wong lanang. Saliyane ayu, Wara uga ora kalah karo priya babagan karier lan pangaribawane. Wara sing tatag-teteg lan lantip iku dai wong nomer loro ing perusahaan boneka Prety Girl Indonesia. Sing dipasrahi ngatur lan ngurusi pabrik, ewonan karyawan, lan strategi pengoperasiane. Wanita sing kaya mangkono iku sing bisa ngangkat drajate dhewe.
Saliyane paraga Wara, Paraga wanita utama sing kapindho yaiku Ngesthiratu. Suparto Brata nggambarake Ngesthiratu minangka paraga sing perjuwangane ing bab basa lan sastra Jawa. Ngesthi minangka pamaca cerbung ing radio Swara Kejawen, pengisi sulihan swara telenovela basa Jawa ing TVPS, lan nerbitake buku novel Jawa.
Apa amaneh yen ngrembug prekara Radio Swara Kejawen. Adhike pancen aktivis ing kono. (PPP, 2013:48)
“La iya, kapan ta ya, insan pers Indonesia kuwi sadhar kaya insan pers Yogoslavia? Ing Bosnia kana ndhisike ya nganut pers bebas. Nanging bareng perang antar etnis ora bisa mendha, para wartawane banjur padha prabakti marang bangsa lan prikamanungsan…” (PPP, 2013:157)
“… Arep dadi srikandhine bangsa, ya, melu-melu berjuwang ngrubah negara? Niru eyangmu, niru ramamu, niru kangmasmu? Nanging kuwi kabeh wong lanang, Ngesthi. Lumrah mbelani negara kanthi brangas kanuragan! Barang kowe ki cah wedok, gek isih mbeyes, durung pupak untumu….”
“Allah, Ibuk! Saben-saben ngono! Saben-saben ngono! Dupeh cah wedok ngene ora oleh, ngene ora oleh….” (PPP, 2013 19-20)
Pancen, Ngesthiratu ya wis tau mikir, yen satemene wong lanang karo wong wadon kuwi padha wae drajad lan pangaribawane… (PPP, 2013:86)
Suparto Brata nggambarake paraga Ngesthi minangka paraga sing ceriwis lan jembar wawasane. Bab watek iku menawa digayutake dening pengarang karo pribadhen Ngesthi sing pejuwang basa lan sastra. Ngesthi uga ora sarujuk menawa wong wadon kudune neng omah, nurut, lan dibedakake karo priya. Dheweke nganggep kalungguhan lan drajade priya lan wanita iku padha, amung jinise wae sing beda. Gegambaran sing digawe dening Suparto iki kaya kang dikandhakake Toril Moy, 1987, menawa wanita iku sacara sosiologis mung seks (female/male) sing ditentoakake kodrate dening Gusti, secara biologis. Suwalike, jinising wong (feminime/masculine) ditentokake sacara kultural, mnangka re-infrastruktur sosial. Mulane feministas minangka pangerten psikologis, konstruksi kultural. Manungsa ora dilairake minangka wanita, nanging dadi wanita. (Ratna, 2003:283)
Sacara kodrati, wanita umume luwih landhep pangrasane, alus budine, solah bawane, gampang owah pangrasane. Suparto Brata uga nggambarake kaanane wanita sing kaya ngono. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
“Wonge ayu, ta? Alaaa, ibu kok isih butarepan kaya ngono. Wis, ta, ora sah dipenggalih, bapak srawungan karo wong ayu-ayu. Ben sakersane, wong bapak isih mbutuhake sing kaya ngono. Bapak isih sehat, butuh kaya ngono, nanging ibu wis ora bisa ngladeni. Jare ibu wis nyadhari, saploke gerah nandhang lumpuh ngene ki. Jare ben wae bapak njajan neng njaba? Ya wis ben, ta, senajan njajane menyang singapur.”
“Ora, Ra. Ora. Yen perkara kuwi, aku ora sedhil. Wiwit lumpuh sepuluh taun kepungkur, aku wis eklas ngeculake bapakmu njajan wong wadon liya. Aku ora nesu…. Bathari ki sing sisenengi bandha. Wani kurban ayune kanggo nguras bandhane wong lanang. Sing dakkuwatirake ki rak kuwi…. Wong dhek jaman SMA wae Bethari kuwi wani ngrangkul-ngrangkul gulune kanca lanang disekseni kanca liya, waton kanca lanang kuwi gelem tuku arlojine sing jare weton Swiss. Marbagun, kanca lanang kuwi, sidane ya dhadhal dhompete!” (PPP, 2013:30-31)
Pembayun nyadhari kahanane sing lumpuh lan rumangsa ora bisa nglakoni kuwajibane minangka bojone Budi Prabawa. Mulane dheweke lila menawa sisihane ‘njajan’ neng njaba. Nanging minangka sing gedhe pangrasane, dheweke kuwatir menawa sisihane cedhak karo kanca SMA-ne biyen, Bathari Satiti, sing ala tumindake. Saka andharan ikubisa didudut menawa sacara kodrati wanita luwih nengenake rasa pangrasane tinimbang priya.
Kita asring krungu menawa sejatine priya utama iku suwalike ana wanita minangka panyemangate. Lan suwalike menawa wanita uga bisa ndadekake priya ala tumindake. Kaya cuplikan iki.
“Pancen saprene iki sing kokenggo kaca benggala sukses mung eyangmu lan bapakmu. Kowe mongkok karo jiwa pejuwangane. Pejuwangane bangsa, pejuwange keluwarga. Kowe ora tau noleh aku, marga mung kokanggep wong tuwa wadon kang lumpuh, ora ndayani. Kowe lali, yen ibumu iki iya urun lan udhu akeh karo majune keluwarga. Sing marsusi lan ngrasakake wudhuku dhestun mung anak-anaku wadon.” (PPP, 2013:145)

“Mas, Bathari kuwi kancaku sakelas, lo, Mas. Aku ngerti tenan sapa dheweke kuwi! Sing dipikirke mung bandha thok…. Kuwi wis watake ket biyen, dakkira ora bisa mari nganti seprene. Mula aja cedhak-cedhak dheweke. Panjenengan mengko bisa keglendheng mlebu ulegan uripe!” ujare pambayun. (PPP, 2013:21)
Bathari ki sing sisenengi bandha. Wani kurban ayune kanggo nguras bandhane wong lanang. Sing dakkuwatirake ki rak kuwi…. Wong dhek jaman SMA wae Bethari kuwi wani ngrangkul-ngrangkul gulune kanca lanang disekseni kanca liya, waton kanca lanang kuwi gelem tuku arlojine sing jare weton Swiss. Marbagun, kanca lanang kuwi, sidane ya dhadhal dhompete!” (PPP, 2013:30-31)
Cuplikan sing sepisanan nggambarake kalungguhane wanita, Pembayun, minangka ibu rumah tangga sing gedhe pangaribawane tumrap kulawarga. Yaiku minangka wong sing ngurusi omah nalika ditinggal sisihane, nyumbang pamikiran ing kulawara, nan ngurus utawa nggulawenthah putra-putrine. Dene cuplikan kepindo lan ketelu nggambarake kapribadhene Bathari Satiti minangka wanita sing ala lakune. Kasunyatane ana wanita sing ala kaya kang diibaratake dening Suparto kaya Bathari Satiti iku. Wanita sing ngendelake ayune kanggo golek bandha, kanggo ngapusi liyan, ngrayu wong lanang, lan sapanunggalane. Kerana salah sijine pengapesane wong lanang yaiku wanita, mula wanita duweni pangaribawa sing gedhe tumrape priya.

C.      Panutup
Pamikiran tradhisional nganggep menawa wanita mung minangka ‘kanca ing wingking’, ‘isi-isine omah’, utawa ‘kanca turu’. Saka kabeh andharan lan analisis ing ndhuwur, bisa didudut menawa kalungguhane wanita ing jaman modhern iki ora kalah wigatine tinimbang priya. Kaya Wara sajrone novel iki minangka wanita karier sing gedhe pangaribawane ngurusi perusahaan lan rekrutmen ewonan calon karyawane, utawa Ngesthi sing dadi wartawan, pamaca cerbung ing radhio, sesulih swara acara TV, lan pamarsusi kasusastran Jawa sing saiki ‘kurang payu’, utawa kaya Pembayun sing teges senajan dheweke lumpuh.
Saliyane duwe pangaribawa sing gedhe lan positif ing ndhuwur, wanita Sacara kodrati, wanita umume luwih landhep pangrasane, alus budine, solah bawane, lan gampang owah pangrasane. Wanita duweni pangrasa sing gedhe, mula dheweke gampang nangis, gampang trenyuh, gampang welas, lan sapanunggalane. Kaya paraga Pembayun sing kuwatir marang sisihane nalika pamit tindak Singapur, utawa Wara lan Ngesti sing nutupi wadine bapake kanggo kautuhane kulawarga.
Wekasane, novel Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata iki bisa manggonake wanita minangka paraga sing ora kalah karo priya. Suparto Brata nggambarake kepriye panguripane wanita kang nduweni pangaribawa gedhe minangka paraga ing sisihe priya. Kepriye perjuwangane wanita kanggo karaharjane wong liya. Menawa para wanita gelem sadhar dhiri sapa dheweke lan ora nganggep dheweke wong sing beda drajad lan kalungguhane, mangka wanita bisa mulya uripe lan bisa nindakake pakaryan kaya priya. Kaya dene Wara lan Ngesti sing senajan wanita nanging dheweke bisa dadi pejuwang kanggo dheweke dhewe, kulawargane, lan bangsane tanpa ninggal kesadaran kodrati sapa sejatine dheweke.


Dhaptar Singkatan:
PPP   :    Para Pawestri Pejuwang

Dhaptar rujukan:
Adji, Krisna Bayu. 2013. Ensiklopedi Istri-Istri Raja Jawa. Yogyakarta: Araska
Aminuddin. 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo
Brata, Suparto. 2013. Para Pawestri Pejuwang. Yogyakarta: Elmatera
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
Ratna, Nyoman Kutha. 2003. Paradigma Sosiologi Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar